Anda di halaman 1dari 2

Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara satunggaling panutan pendhidhikan nasional ingkang lair


wonten ing Ngayogyakarta, 2 Mei 1889. Lair saking keluargi bangsawan
ngayogyakarta. Panjenenganipun kagungan asma asli Raden Mas Suwardi
Suryaningrat.
Minangka tiyang ingkang lair saking keluarga bangsawan, Ki Hajar Dewantara
kalebet sae nasibipun, awit saged dherek sekolah wekdal punika. Panjejenganipun
namataken sekolah dasar wonten ELS (Europeesche Lagere School), saha saged
nglajengaken pendhidhikan wonten sekolah kedokteran STOVIA (School tot
Opleiding van Indische Artsen) ananging mboten ngantos tamat, awit
panjenenganipun sakit.
Suwardi rikala tesih enom nyambut damel minangka juru tulis saha wartawan
mawarni-warni serat kabar. Minangka juru tulis, Suwardi dipun kenal awit tulisanipun
sanget tanggap kaliyan perkawis-perkawis sosial, terutami perkawis penjajahan
Walanda.
Saklebeting tahun 1913 pemerintah kolonial Hindia Walanda kagungan kersa
ngumpulaken sumbangan saking warga asli kangge mengeti dinten kamardikan
Wulanda saking Prancis. Kedadosan punika dados kritikan kathah saking para
kaum nasionalis, kalebet Suwardi. Panjenenganipun lajeng damel surat kanthi judul
“Als ik een Naderlander was” (umpami kula tiyang Wulanda) ingkang dipun serat
salebeting serat pawartos De Expreesingkang dipun pimpin Douwes Dekker.
Akibatipun saking pawartas punika, Suwardi dipun cepeng, lajeng dipun
singkiraken wonten Bangka. Keputusan pemerintah kolonial menika lajeng angsal
protes saking kalih rencangipun Suwardi inggih punika Douwes Dekker saha Tjipto
Mangoenkusuma. Akhiripun Suwardi saha kekalih rencangipun lajeng dipun kenal
Tiga Serangkai. Tiga Serangkai punika disingkiraken wonten negara Wulanda.
Sak kunduripun saking pakunjaran, wonten wulan September 1919 Suwardi
wekdal punika sampun yuswa 33 tahun. Suwardi mutusaken badhe ngicali gelar
kebangsawanan saking asmanipun, saha gantos asma dados Ki Hajar Dewantara.
Ki Hajar Dewantara mlebet wonten sekolah anak-anak pribumi. Ingkang mucal
inggih menika sedherek piyambak ingkang gadhah pengalaman ngajar. Tanggal 3
Juli 1922 Ki Hajar Dewantara lajeng damel pawiyatan luhur Taman Siswa wonten
Ngayogyakarta.
Dasar-dasar ajaranipun Ki Hajar Dewantara ingkang dados panutan wonten
ing Taman Siswa inggih punika:
1.      Ing ngarsa sung tuladha (menawi dados pemimpin maringi tuladha)
2.      Ing madya mangun karsa (wonten tengah damel semangat)
3.      Tut wuri handayani (wontwn wingking maringi dukungan)
Sak sampunipun kamardikan Indonesia, Ki Hajar Dewantara nate dados
Menteri Pendhidhikan, Pengajaran, saha Kebudayaan Indonesia. Wonten tahun
1957 panjenenganipun angsal gelar Doctor Honoris Causa saking Universitas Gajah
Mada. Kinten-kinten kalih taun saksampunipun nampi gelar wau, tanggal 28 April
1959 Ki Hajar Dewantara seda, lajeng dipun sarekaken wonten Ngayogyakarta.
            Ki Hajar Dewantara dipuntetapaken dados pahlawan nasional tanggal 28
November 1959 lumantar serat keputusan presiden Indonesia nomor 305 tahun.
Kangge ngormati jasa-jasa Ki Hajar Dewantara minangka bapak pendhidhikan
nasional, saben tanggal 2 Mei dipunpengeti minangka dinten pendhidhikan nasional.

Anda mungkin juga menyukai