PÉTANGAN JAWA
Bab Pranatamangsa lan liya – liyané
Dening : Setya Amrih Prasaja,S.S.
BAB I
A. TAUN JAWA
Wiwit Jaman biyèn nganti tumeka sapréné wong Jawa isih akèh kang ngugemi lan
nggunakaké titi kalamangsa taun Jawa, taun Jawa utawa jeneng latiné Anno Javanicus iki yasané
Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma. Biyèn – biyèné wong Jawa nggunakaké titimangsa
Saka saka Bangsa Hindu, gandèng ing tanah Jawa wis akèh wong sing ngrasuk agama Islam,
Sultan Agung banjur gawé owah – owahan titimangsa Saka Hindu digabung karo taun Hijriyah
Islam sing sakbanjuré diarani taun Jawa.
Owah – owahan iki dumadi rikala tanggal 8 Juli 1633 M. Utawa ngepasi taun Saka 1555,
lan taun 1043 Hijriyah. Sasi – sasi sajroning taun Jawa uga kajumbuhaké karo sasi – sasi ing taun
Hijriyah, mung baé ana sing béda sithik. Kayata :
SASI JAWA – HIJRIYAH, LAN NEPTUNÉ
NO SASI JAWA SASI HIJRIYAH NEPTU
1 SURA MUHARRAM 7
2 SAPAR SAFAR 2
3 MULUD RABIUL AWAL 3
4 BA’DA MULUD RABIUL AKHIR 5
5 JUMADIL AWAL JUMADIL AWAL 6
6 JUMADIL AKIR JUMADIL AKHIR 1
7 REJEB RAJAB 2
8 RUWAH SYA’BAN 4
9 PASA RAMADHAN 5
10 SAWAL / BADA SYAWAL 7
11 DULKANGIDAH DULKAIDAH 1
12 BESAR DULHIJAH 3
Kanggo nengeri lakuning saben wolung taun banjur diarani WINDU, windu kuwi ana
papat yaiku ;
1. WINDU SANGARA
2. WINDU SANCAYA
3. WINDU ADI
4. WINDU KUNTHARA
PASARAN / PANCAWARA
Sing diarani pasaran yaiku wujuding dina sing sakubengan ana limang dina, mula dina iki
uga diarani dina pancawara. Kagunan (gunané) kanggo métung dina pasaran. Jeneng dina lan
dina pasaran iki asli saka Jawa. Kayata :
NO DINA NEPTU
1 KLIWON 8
2 LEGI 5
3 PAING 9
4 PON 7
5 WAGÉ 4
PARINGKELAN / SADWARA
Sing diarani paringkelan yaiku wujuding dina sing sakubengan ana nem dina, mula dina iki uga
diarani sadwara. Kagunan (gunané) kanggo métung tetanèn lan sakpanunggalané. Wujudé dina
iki kayata :
PADINAN / SAPTAWARA
Sing diarani padinan yaiku wujuding dina sing sakubengan ana pitung dina, mula dina iki
uga diarani saptawara. Kagunané (gunané) minangka étungan saben dinané. Jeneng dina iki
kajumbuhaké karo dina kang ana taun Hijriyah kayata :
NO SAKA HIJRIYAH JAWA NEPTU
1 RADITÉ AHAD AKAD 5
2 SOMA ISNAIN SENÈN 4
3 ANGGARA TSALASA’ SELASA 3
4 BUDA ARBA’A REBO 7
5 WRESPATI KHOMSAH KEMIS 8
6 SUKRA SITTAH JEMUWAH 6
7 SANISCARA SABBAH SETU 9
PADÉWAN / ASTHAWARA
Sing diarani padéwan yaiku wujuding dina sing sakubengan ana pitung dina, mula dina
iki uga diarani asthawara. Kagunané (gunané) minangka étungan bangas padéwan,jaman biyèné
kanggo meruhi kahanan dina para Déwa. Dina iki wis arang lan ora kagunakaké manèh, kejaba
ana ing petungan Primbon.
NO PADÉWAN NO PADÉWAN
1 SRI 5 RUDRA
2 INDRA 6 BRAMA
3 GURU 7 KALA
4 YAMA 8 UMA
1. Kanggo nyumurupi (mangertèni) tibaning windu saben taun tanpa ndeleng tanggalan,
carané nganggo rumus kaya ngisor iki :
a. Windu Sangara yèn pétungané tiba ceples utawa 25 – 31.
b. Windu Sancaya yèn pétungané tiba 1 – 7.
c. Windu Adi yèn pétungané tiba 9 – 16.
d. Windu Kunthara yèn pétungané tiba 17 – 24.
Tuladha :
Yèn taun 1566 kuwi tiba windu apa ?
Cara nggarapé : 48 x 32 = 1536, 1566 – 1536 = 30 – 2 = 28, ketemu 28 banjur mirsani
rumus ndhuwur 28 tiba windu Sangara.
2. Kanggo nyumurupi (mangertèni) tibaning taun kang lagi lumampah tanpa ndeleng
tanggalan, carané nganggo rumus kaya ngisor iki :
a. Yèn tiba 0 kuwi mesti taun Ebé.
b. Yèn tiba 1 kuwi mesti taun Wawu.
c. Yèn tiba 2 kuwi mesti taun Jimakir.
d. Yèn tiba 3 kuwi mesti taun Alip.
e. Yèn tiba 4 kuwi mesti taun Ehé.
f. Yèn tiba 5 kuwi mesti taun Jimawal.
g. Yèn tiba 6 kuwi mesti taun Jé.
h. Yèn tiba 7 kuwi mesti taun Dal.
Tuladha :
Yèn taun 1566 kuwi tiba taun apa ?
Cara nggarapé : 195 x 8 = 1560, 1566 – 1560 = 6. Ketemu 6 banjur mirsani rumus
ndhuwur 6 mesti tiba taun Jé.
Ketemu pira banjur ngétunga wiwit Rebo, kamis,….. nganti ambal gunggunging
(jumlah) neptu mau, ketemu dina apa banjur kasuda sedina.
Tuladha :
• Arep nyumurupi tibaning tanggal 1 sasi sura 1943
1943 = tahun Dal, tahun Dal neptuné = 4
Sura neptuné = 7
4+7 = 11 banjur ngetunga wiwit Rebo ambal ping sewelas ;
R K J Se M Sn Sl R K J Se
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11
Ketemu dina Setu banjur kasuda sedina ketemu JEMUAH.
Dadi tanggal 1 sasi Sura tahun 1943 AJ tiba ing dina JEMUAH.
Ketemu pira banjur ngétunga wiwit Kliwon, Legi….. nganti ambal gunggunging
(jumlah) neptu mau, ketemu dina apa banjur kasuda sedina.
CATETAN :
Neptu taun lan sasi kanggo nggolèki pasaran béda karo neptu taun lan sasi sing lumrah,
nanging ngganggo pathokan kaya ngisor iki ;
NEPTU SASI :
SURA – SAPAR neptuné 5
MULUD – BA’DA MULUD neptuné 9
JUMADILAWAL – AKHIR neptuné 3
REJEB – RUWAH neptuné 2
PASA – SAWAL neptuné 1
Acuan Pustaka
Serat Suluk Tambangraras (Centhini jilid III)
Kitab Primbon Betaljemur Adammakna
Almanak Waspada tahun 1960