Anda di halaman 1dari 1

PERPISAHAN

Assalamualikum Wr.Wb
Alhamdulillahirabbil’alamin washholaatuwassalaamu’ala asysyrofilambiyaa iwalmursaliina
wa’ala aalihi washohbihi ajma’in
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bakteni
Bapak/ibu guru saha karyawan ingkang satuhu kinurmatan
Kanca-kanca ingkang kula tresnani

Ing dinten ingkang berbahagia niki mangga sesarengan ngaturaken puja lan puji syukur
dumateng Allah SWT ingkang sampun maringi nikmat lan hidayanipun kangge kita sedaya,
saengga kita saget makempal wonten ing meriki kanti sehat wal afiat. Sholawat lan salam mugi
katetepaken dhumateng nabi Muhammad SAW.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken nyuwun pamit dhumateng
panjenengan sedaya. Sadangunipun kirang langkung tigang tahun kula sakanca sampun ngudi
ilmu wonten sekolahan menika. Wonten pamulangan saben dintenpun kula sakanca asring damel
kalepatan awit menika, kula sakanca nyuwun pangapunten.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa
upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah
dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca
ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika. Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi
sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha
Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged
nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang
maremaken. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring
ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang
mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi
tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin. Wasana cekap semanten atur kula,
menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun
pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai