Anda di halaman 1dari 4

BAHASA JAWA KELAS XII PENGAMPU YUYUS TRIOWIBAWA

Kompetensi Dasar Indikator


3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan Peserta didik mampu menjelaskan penggunaan
menganalisis penggunaan bahasa lisan Unggah-ungguh basa.
dalam berbagai situasi sesuai tatakrama
4.1 Melakukan simulasi penggunaan bahasa Peserta didik mampu menulis dan
daerah dalam berbagai konteks sesuai mendramatisasikan teks percakapan.
dengan tatakrama.

Sawise sinau wulangan iki, para siswa kaajab bisa: njlentrehake bab unggah- ungguh basa,
nggoleki karakteristike, panganggone, sarta ngonceki isine sawenehe teks drama.
Sabanjure, para siswa uga kaajab bisa: nulis teks pacelathon kanthi kaidah kang trep,
maragakake teks pacelathon kaya satatane teks drama, lan menehi panyaruwe marang
tampilan teks pacelathon. Minangka asil karya kang karakit kanthi kebak rasa sengsem
marang basa lan budaya Jawa, teks pacelathon kang diparagakake bisa karekam apa dene
kasoting.

Miturut gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku: (Menurut gunanya,
bahasa dibagi menjadi tiga golongan, yaitu:)

GUNANE BASA
(kegunaan Bahasa)

BASA IBU BASA ILMU BASA BUDAYA

Katrangan:
Basa Jawa minangka basa ibu (jarwan bebas saka kamus basa Indonesia), jalaran
basa Jawa minangka basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair,
awit saka sesambungan kulawarga utawa masyarakat sakiwa tengene. Lumrahe
panganggone basa ibu kanthi lesan.
Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku basa digunakake kanggo medharake
sawenehe kawruh. Bisa awujud basa lesan lan basa tulis.
Basa Jawa minangka basa budaya, jalaran basa Jawa mujudake salah sijine asil
budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong Jawa apa dene wong-wong
manca negara.
Njlentrehake Karakteristik Unggah-Ungguh Basa (Menjelaskan Karakteristik Unggah-
Ungguh Basa)
Kanggo nyumurupi ragam basa Jawa, kita kudu weruh tatanan tembung-
tembung kang nduweni karakteristik kang beda-beda. Gatekna tabel ing ngisor iki!
(Untuk mengetahui ragam basa Jawa, kita harus tahu tatanan kata-kata yang
memiliki karakteristik yang berbeda-beda)
Basa Jawa iku duwe unggah-ungguh basa, yaiku sing mbedakake basa Jawa karo
basa liyane kang dianggo pasrawungan manungsa. Dene cak-cakane :
1. Umur (sing nom ngurmati sing tuwa)
2. Kulawarga
- Adhi ngurmati marang kangmas/mbakyu.
- Anak ngurmati bapa lan biyung
3. Drajad pangkat
- Murid ngurmati marang gurune.
- Pegawe ngurmati marang pangarsane.

Gatekna tabel ing ngisor iki! (Perhatikan tabel dibawah ini!)

UNGGAH-UNGGUH
BASA

BASA NGOKO BASA KRAMA

NGOKO LUGU NGOKO ALUS KRAMA LUGU KRAMA ALUS

1. Ngoko Lugu
a. Paugeran ngoko lugu
Basa ngoko lugu iku ukarane dumadi saka tembung ngoko kabeh. Dene
gunane kanggo nelakake rasa rumaket jalaran sing rembugan wis padha
dene kulina, mula ora kanthi kurmat kinurmatan.
b. Panganggone basa ngoko lugu
1. Kanggo rerembugan bocah karo bocah.
2. Kanggo rerembugan wong tuwa kang wis akrab banget.
3. Pangandikane wong tuwa marang bocah.
4. Kanggo ngudarasa/grenengan dhewe.
c. Tuladha panganggone basa ngoko lugu ing rembugan bocah karo bocah.
Udin : Ki, kowe gelem melu aku apa ora?
Riski : Ana apa ta?
Udin : Aku arep nonton pertujukan wayang neng Taman Budaya.
Riski : Iya melu, mengko budhale jam pira?
Udin : Kira-kira jam 07.00 wae.
Riski : oke tak enteni neng omah.

2. Ngoko Alus
a. Paugeran ngoko alus
Basa ngoko alu iku basa kang ukarane dumadi saka tembung ngoko
campuran krama inggil utawa krama andhap. Tembung ngoko nelakake rasa
rumaket, dene krama inggil nelakake rasa ngajeni. Mula basa ngoko alus
bisa nggambarake kahanan pasrawungan kang rumaket, nanging isih tetep
ngajeni.
b. Panganggone basa ngoko alus
1. Kanggo rerembugan wong tuwa karo wong tuwa kang wis padha kulina
nanging isih ngajeni.
2. Kanggo rerembugan wong tuwa marang wong kang luwih nom nanging
ngajeni.
3. Kanggo rerembugan wong nom karo wong nom kang padha dene
ngajeni.
4. Karnggo rerembugan anak marang wong tuwa (Saperangan, ing jaman
saiki).
c. Tuladha ukara-ukara nganggo basa ngoko alus
Ibu : Rin sinaumu wis rampung?
Rina : Sampun, Buk.
Ibu : Kok isik umeg, nyapo kowe?
Rina : Punika ringkes-ringkes, Buk.
Ibu : Aja kesusu turu.
Rina : Inggih, Buk.

Anda mungkin juga menyukai