Anda di halaman 1dari 11

UKBM

UNIT KEGIATAN BELAJAR MANDIRI

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
b. Semester : 2 (Dua)
c. Kompetensi Dasar :

1.4 Mensyukuri anugerah Tuhan akan keberadaan bahasa daerah dan


menggunakannya sebagai sarana komunikasi dalam mengolah,
menalar, dan menyajikan informasi lisan dan tulis.
2.1 Menunjukkan sikap tanggungjawab, peduli, responsif, dan santun
menggunakan bahasa daerah dalam teks sastra dan non sastra,
wacana beraksara Jawa/carakan Madhurâ, dengan tema bahasa,
sastra dan budaya daerah.
3.6 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis puisi tradisional
atau modern sesuai dengan karakteristik.
4.6 Membaca, mencipta, dan mempublikasikan puisi tradisional atau
modern.

D. Indikator dan Pencapaian Kompetensi

Setelah kegiatan pembelajaran, siswa dapat:


1.4.1 Menggunakan bahasa daerah-Jawa dalam berdiskusi dengan tepat.
1.4.2 Memberi salam menggunakan bahasa daerah-Jawa.
2.1.1 Mengerjakan tugas tepat waktu.
2.1.2 Tidak menjadi plagiator dalam berkarya.
3.6.1 Mengidentifikasi karakteristik puisi tradisional atau modern.
3.6.2 Memahami karakteristik puisi tradisional atau modern.
3.6.3 Menganalisis karakteristik puisi tradisional atau modern.
4.6.1 Membaca puisi tradisional atau modern.
4.6.2 Mencipta puisi tradisional atau modern.
4.6.3 Mempublikasikan puisi tradisional atau modern.
e. Materi Pokok : Puisi Tradisional dan Modern
f. Alokasi Waktu : 8JP (4x pertemuan)
g. Tujuan Pembelajaran :

\\\\
Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi, dan analisis, peserta didik
dapat menulis puisi tradisional dan moderen yang sesuai dengan kaidah
penulisan masing-masing teks, sehingga peserta didik dapat menghayati dan
mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli,
dan bertanggung jawab, serta dapat mengembangkan kemampuan berpikir
kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C).

h. Materi pembelajaran
Dheleng lan maos ing Buku Teks Pelajaran (BTP): Wiyata Basa kanggo
SMA/SMK/MA kelas X. 2013. Surabaya: Duta. Halaman 78-84

2. Peta Konsep

Pangerten

PUISI

Jinise

Karakteristik

Tuladha
3. Kegiatan Pembelajaran
a. Pendahuluan
Gatekna tembang ing ngisor iki!

Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nglanglag jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine dungo tetulak
Sandang kelawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narimo

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang paitis!

1. Miturut tuladha kasebut, apa kang diarani tembang macapat?


2. Apa kang dadi karakteristik tembang macapat?
3. Tembang macapat ing duwur kelebu tembang macapat?
4. Apa wae paugerane tembang macapat ing duwur?

b. Kegiatan Inti
1).Petunjuk Umum UKB
1. Wacanen lan mangerteni materi ing Buku Teks Pelajaran. Lihat dan baca
pada Buku Teks Pelajaran (BTP): Wiyata Basa kanggo SMA/SMK/MA kelas X.
2013. Surabaya: Duta. Halaman 78-84
2. Sakwise mahami isi materi ing wacanan. Ngelatih mikir kritis liwat UKB iki.
Bisa dikerjakna dewa utawa kelompok.
3. Kerjakna UKB iki ing buku bahasa jawa
4. Murid-murid bisa sinau bertahap lan berlanjut liwat kegiatan ayo latihan,
Yen murid rumangsa bisa lan paham ngerampungna tugas ing kegiatan belajar
materi puisi tradisional lan puisi modern, murid-murid bisa melu tes formatif
supaya bisa sinau UKB sakwise.
2). Kegiatan Belajar
Ayo……sinau kanthi sabar lankonsentrasi !!!

Kagiyatan Pasinaonan 1
Mbangun Konteks lan Pemodelan
Puisi Tradisional

Ing kagiyatan iki, para siswa nyinaoni bab puisi tradisional lan puisi modern,
khususe babagan tembang macapat. Sadurunge, kanggo nggampangake anggonne
nyinaoni bab iki, Ayo bebarengan diwaca uraian materi lan tuladha ing ngisor iki!
Tembang Macapat

Macapat yaiku tembang utawa puisi gagrag lawas ingkang duweni paugeran-
paugeran tartamtu. Paugeran-paugeran tembang macapat yaiku guru gatra, guru
wilangan, lan guru lagu.

 Guru gatra yaiku cacahe larik ing saben pada


 Guru wilangan yaiku cacahe wanda (suku kata) ing saben gatra
 Guru lagu yaiku tibane swara ing pungkasane saben gatra

Tambung macapat duweni macam-macam jinise. Ing ngisor iki dijlentrehna jinise lan
paugerane

Gladhen 1

Gatekna tembung macapat ing ngisor iki banjur wangsulana pitakone!.

Dhuh anak mas sira wajib angurmati


Marang yayah rena
Aja pisan kumawani
Anyenyamah gawe susah

1. Miturut jinise, tembung macapat ing dhuwur kelebu jinis macapat sing endi?
2. Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu ing tembang macapat duwur iku!
3. Golekana makna kang sebenere saka tembung macapat ing dhuwur!
4. Pesen apa sing bisa didhudut saka tembung macapat ing dhuwur?
5. Tulisen tembang macapat ing dhuwur miturut bahasamu dhewe!
Kagiyatan Pasinaonan 2
Puisi Modern

Ing kegiatan iki, para siswa nyinaoni babagan Puisi Modern. Kanggo mangerteni
puisi modern utawa geguritan, gatekna uraian babagan geguritan ing ngisor iki!.

Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugerahan
tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa
kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora
migunakake purwakhanti. Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirunngokake
luwih kepenak(luwih nges). Geguritan iku duwèni nilai- nilai utawa amanat kang bisa
kapethik kanthi diparafrasakake dhisik. marafrasakake geguritan iku ateges nganalisis
utawa ngudari ukara- ukara geguritan iku supaya maksudé bisa katangkep. Geguritan
iku kawujud saka téma, pamilihane tembung uga nganggo sarana rétorika lan majas.
Sarana rétorika lan majas paédahé kanggo gawé geguritan iku éndah lan enak kawaca.
- Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
- Menthes yaiku tembungé duwé makna kang jero.
- É ndah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
- Tembungane pilihan
-
Paugerane geguritan:
1. Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
2. Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
3. Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
4. Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan
sapanunggalane.

Unsur Intrinsik Geguritan


1. Tema yaiku pokok masalah sing diandarna pangurit ing geguritan
2. Tipografi yaiku wujud fisik geguritan kayata gatra lan larik
3. Pesen utawa piweling yaiku pesen sing arep disampekna pangurit saka geguritan
iku. Pemaos bisa jupuk hikmah saka puisi kasebut.
4. Busananing Basa yaiku basa sing nyebabake ukara ing geguritan dadi endah.
Gladhen 2

Gatekna geguritan ing ngisor iki!


IBU
Dening Fajar Fitriatmoko

Ibu
anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki

Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu

Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu rak bakal nyerah bu

Kanggo nyekel lintang ana langit


Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wis ora bisa weruh
Nanging anakmu iki janji ibu

Didhudut saka http://kampoengilmu.com/geguritan-bahasa-jawa/geguritan-tema-ibu/

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!

1. Miturut bentuke, geguritan “Ibu” duweni pira .....................bait lan ........................larik


2. Tema geguritan ing dhuwur yaiku.......
3. Piweling apa sing arep disampekna pangurit ing geguritan ing dhuwur?
4. Critakna geguritan ing dhuwur nganggo basamu dewe!
5. Identifikasi geguritan ing dhuwur apa ana basa rinengga?. Terangna alasanmu!
Kagiyatan Pasinaonan 3
Mbandingake Puisi Tradisional lan Puisi Modern

Ing kagiyatan iki, para siswa bisa magerteni bedane puisi tradisional
(macapat) lan puisi modern (geguritan). Gatekna tuladha teks ing ngisor iki!.

Puisi 1

SINOM

Mumpung anom marsudiya


Lelandhesan budi suci
Denya manembah Hyang Suksma
Yekti yawana sakalir
Asih tresna sasami
Pan iku dadya wotipun
Adoh marang kanisthan
Ing janji tan mbalenjani
Tatag tangguh saguh ing samubarang karya

Puisi 2

JAMAN KOMPUTER
Dening: Yusuf Susilo Hartono

Jamane wis sarwa komputer


Akeh wong padha keblinger
Roda becakmu tetep munyer
Sarapan sega pecel
Jamane wis sarwa mal plaza
Uripmu panggah nguler kambang
Gethuk tela pendhak rina
Jamane wis sarwa supermarket
Ing desamu pasar pendhak kliwon
Dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon
Golek bathi sarepis adus kringet
Jamane wis sarwa satelit
Pacul arit panggah nggegurit
Nggo ngrabuki jagad alit
Jamane wis sarwa edan
Lanang ilang jalere
Wadon ilang wanitane
(Kapethik saka Kalawarti Parikesit No.03, Maret 2004)
Gladhen 3

Ayo belajar mbandingake puisi, isinen format ing ngisor iki supaya luwih gampang
ngerjakna!

No Aspek Puisi 1 Puisi 2


1. Jinise

2. Wujude

3. Gatra

4. Tema

5. Amanat/piweling

6. Basa Rinengga

7. Majas

Kagiyatan Pasinaonan 4
Nulis Puisi Tradisional lan Puisi Modern

Ing kagiyatan iki, para siswa bisa nulis tembang macapat manut paugeran lan
nulis geguritan. Sakdurunge, kanggo nggampangna anggon nulis, ayo bebarengan
diwaca uraian materi ing ngisor iki.

 Cara nulis tembang macapat


1. Nemtoake tema sing arep ditulis ing tembang macapat.
2. Nemtoake jinis tembang macapat sing arep ditulis.
3. Nemtoake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
4. Golek tembung sing tiba swarane pada karo guru lagune.
5. Gawe ukara kalihan ngitung guru wilangane.
6. Gunakna busana basa supaya tembang macapat sing kok tulis luwih apik.

 Carane ngarang puisi Jawa modern


Pepeling
- Endhing geguritan dumunung ing:
- Pilihane tetembung sing mantes, trep, lan mantesi;
- Nggunakake wirama utawa lagune;
- Busanane basa kang maneka warna.

Pituduh
Gawe geguritan iku sejatine ora beda karo gawe karangan prosa. Bedane,
tembung kang digunakake ing geguritan iku ora rowa kaya ing prosa. Mulane penggurit
kudu pinter anggone milih tembung (diksi). Wirama utawa lagune sarta prenesane basa
kudu diudi. Sing ora kalah wigati yaiku tetembung kebak makna kias yaiku makna kang
ora salugune.
Yen arep ngarang geguritan, bab-bab sing kudu ditindakake, yaiku:
- Pilihen objek lan topik sing arep kokcritakake;
- Luwih apik yen topic mau rupa pengalaman kang ngresepake;
- Critakna pangalaman mau nganggo basa kang endah;
- Kowe bisa nyritakake ana sajrone bait luwih saka siji;
- Wacanen bola-bali, yen ana tembung kang kurang trep owahana.
Kanggo miwiti nulis geguritan lan sastra jinis liyane kudu duwe kuwanen
medharake ide, gagasan, lan rasa kang ngganjel ing ati. Rasa wani nulis mau yen
dibiyasakake bakal dadi trampil lan sansaya gampang ngarang utawa nulis. Prinsipe:
tulisen apa wae sing pingin koktulis. Perkara wujud mengkone bakal sumrinthil dhewe.

Gladhen 4

Gatekna printah ing ngisor iki kanggo ngasilake tembung macapat ingkang sae!

1. Nulisa tembang macapat Asmaradana sing nggambarake riwayat uripmu wiwit


jeneng lengkapmu, tanggal lahirmu, panggon lairmu, asma bapa lan ibu!
2. Nulisa tembang macapat pangkur sing nggambarake riwayat sekolahmu!

Gladhen 5

Gatekna printah ing ngisor iki kanggo ngasilake geguritan ingkang sae!

1. Nulisa geguritan tema “Sosial”


2. Milih objek sing arep kokcritakna babagan tema sosial
3. Andarna migunakake ukara
4. Milih tembung sing duweni teges ora saklugune
c. Penutup
Sawise diskusi, latihan, lan nglaksanakake kagiyatan sajroning pembelajaran,
coba saiki renungna maneh apa kang wis dikuasai lan sing durung dikuasai. Andharna
apa kang dadi kesan sawise sinau babagan puisi tradisional lan puisi modern kanthi
menehi tandha centhang (√) ing tabel ngisor iki!

No
Pernyataan Ya Tdk
.
1. Aku wis bisa mangerti materi puisi tradisional lan modern
2. Aku wis bisa ngidentifikasi karakteristik keloro puisi kasebut
3. Aku wis bisa ngelompokna jinise puisi tradisional
4. Aku wis bisa mbandingna puisi tradisional lan puisi modern.
5. Aku wis bisa nulis puisi tradisional
6. Aku wis bisa nulis puisi modern.

Yen wangsuli “Ora” ing salah sawijine pernyataan ing duwur, sinauo maneh materi
kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) lan sinau maneh kagiyatan 1,2,3,4 kalian
bimbingan guru lan konco. Ojo nyerah kanggo mbaleni maneh. Yen jawab “YA” ing
saben pitakon, marekno UKB materi sakmarine.

Ing endi posisimu?


Ukuren kemampuanmu mangerteni materi puisi tradisional lan puisi modern ing
rentang biji, tulisen ing jero kotak sing ana ing ngisor!

Kotak Nilai Paraf Guru

DAFTAR RUJUKAN
Santosa, Rahmad., dkk. 2015. Sastri Basa kanggo SMA/SMA/MA/MAK kelas X. Surabaya:
Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

Sukendro, Dhita Puspitasari dan Susanti, Triana Wahyu. 2014. Wiyata Basa kanggo
SMA/SMK/MA kelas X. Surabaya: Duta.

Anda mungkin juga menyukai