Anda di halaman 1dari 2

“RORO JONGGRANG”

BB : Wahaii Gusti Putri sing Ayu kaya Dewi Shinta, Kaparing Asma Sopo?
RJ : Kula Putri Kedhaton Ing Tlatah Prambanan iki, Kaparing Asma Roro Jonggrang
BB : Tibake iki to Gusti Putri Roro Jonggrang kui, esemmu
ngalihaken donya ku.
RJ : ahhh .. empun kathah – kathah mengke kula mumbul lo kang mas
BB : Ehh.. ngerti opo ora bedhane cahyane Badra karo cahyane soco mu?
RJ : Mboten, nopo kang mas?
BB : Cahyane Badra iku nyejukake bawana nanging yen cahyamu Nyengkuyung
Atiku
RJ : loh.. sak temene njenengan niku sinten nggeh..
BB : Aku Panglima Kedhaton Pengging, Bandung Bondo Woso
RJ : Nopo mboten klentu kang mas? Njenengan Bandung Bondowoso niku?
BB : Inggih Putri
RJ : Leres, njengan ingkan mejahi Bopo kawula?
BB : Leres Sanget, Nangging aku kepekso
RJ : Kepekso?
BB : Injih, Kepekso amargi kesatria ing palagan kui mik nduweni 2 pilihan,
mateni apa mati
RJ : Sampean Tego
BB : Dudu aku sing tego, tapi iki aturan kang kudu dianut
RJ : kanggoku, sampean tetep uwong sing njalari Bopoku Ninggalake aku
BB : Wistalah Jonggrang, Negara ku lan Negaramu pancen kudu perang, Bopomu
pancen wis sedha nanging ayo dheweke bukak lembaran anyar mik enek aku lan
awakmu
RJ : Kenangan ku karo Bopoku ora bakal tiwas tak lalekake
BB : iyo..iyo jonggrang, sing uwis ya uwis ora usah di iling-iling
RJ : Enak wae opo maksudmu?
BB : Kalem…. Kalem… pangertenono jonggrang aku tresno marang sliramu, aku
uga wis ditunjuk Sinuhun Pengging Prabu Pengging dadi Raja Ing Prambanan
ini.
RJ : Dadi awkmu njaluk opo? Kurang opo Kangmas Bandung?
BB : Kangge kui kabeh aku niat dadek ake awkmu garwaku, dadi prameswariku.
RJ : ogah
BB : Jonggrang yen sliramu mbaturi aku seumur urepku aku bakal nuruti opo
Penjalukanmu
RJ : Tapi aku nyuwun syarat sak durunge sampean dadekake aku dadi garwamu,
Tresna mboten saking kerlap kerlip’e tahta, nanging saka tresna saka ati sing paling
jeru, ora adoh saka kui aku mik nyuwun dibangunake candi ing sewengi. Wiwit saka
bengi iki
Bandung       : Halah, meng candi. Inggih Roro tak turuti panjalukmu.
RJ : Dayang mreneo !
Dayang : Wonten dawuh gusti?
RJ : Jam piro saiki?
Dayang : Jam 3 Gusti
RJ : Aku yakin! Bandung Bandowoso ora iso nggawe sumur ing sewengi.
Bandung          : Patih, undangke jin-jin kanggo ngrewangi aku nggawe sumur.
Patih                : Nggih raja.
Patih                : Wahai JIN! Mreneo! ewangono Bandung Bandowoso.Aku arep njaluk tulung!
Jin 1                 : Ono opo iki ngundang awakedewe?
Jin 2                 :Ono opo? Pokoke nek njaluk-njaluk, meng peng pisan. Nek uwes pisan yo kudu
uwes!
Patih                : Tulung jin! Rewangi Bandung Bandowoso nggawe sewu candi!
Jin 1                 : Hahahaah! Gampang. Seng penting ora sampek metune srengenge to?
Jin 2                 : Nah! Nek srengengene wes muncul, pokoke dewe kudu wes mbalik neng kerajaan
jin!
Patih                : Iyo jin! Saiki cepet gawe sewu candi ing kene!
Jin 1                 : Siap!
RJ : Wah nek ngene yo Bandung Bandowoso mesti le iso nggawe sewu candine.
Dayang             : Yo, dewe kudu mandekke para jin sing ngerewangi Bandung Bandowoso.
RJ : Yo kepiye carane?
Dayang              : Para jin iku kelemahane yen ono srengenge.
RJ : Terus?
Dayang             : Mending deweke nutuki lesung ben dikira srengengene wes meh njedul ratu lan
ngebong damen ben ketara luwih nyata.
RJ : Wahh apik kui idene!
Dayang              : Siji meneh, karo deweke nirokake suara pitik!
RJ : Yowes ayooo!!!!
Jin 2                 : Waduh! Ono suara pitik! Ono suara lesung barang! Srengenge wes meh njedul!!!
Jin 1                 : Dewe kudu mbalik!
Bandung          : Jin!! Mbalik meneh! Iki candinee kurang siji!!! Mbalik jin!!!
Bandung          : Roro! Aku wes nggawe sewu candi!!
RJ : Opo iyo kui wes ono sewu?
Bandung          : Itungen Roro !
RJ : Siji, Loro, Telu, Papat, Limo.............. 999!!!
RJ : Geneya meng ono 999 candi Bandung! Koe gagal Bandung!
Bandung          : Neng aku wes usaha Roro!
RJ : Neng candine kurang siji!
Bandung          : Jane aku wis paham yen sliramu sing gagalake Kowe wes nggawe aku Ra sabar
Roro! Kowe tak dadekke candi seng ke-sewu kanggo nggenepi candi sewu iki!!!!

Anda mungkin juga menyukai