Anda di halaman 1dari 75

ATUR SAKLIMAH

Sampun kawuningan bilih nyinau basa Jawi punika kalebet awrat tinimbang basa
manca, kamangka ingkang sinau (siswa) kathahipun tiyang Jawi piyambak, ateges nyinau
basanipun piyambak dipunraosaken ewet. Kaprihatosan sanesipun, kathah para mudha lan
lare samenika mboten saged ngginakaken basa Jawi kanthi laras lan leres, sauger matur
ceplas-ceplos mboten nggatekaken unggah-ungguh lan undha-usuking basa. Budi pekerti,
saget ngginakaken basa Jawi, nyurasa lan nguri-uri budaya, dados kawigatosan wonten ing
pasinaon Basa Jawi.
Kawiwitan tahun 2005, adhedhasar SK Gubernur Propinsi Jawa Tengah, babagan
Kurikulum Basa Jawi dados pelajaran baku (wajib) wonten ing sekolah SD, SMP, lan SMA/
SMK saged minangka cara mangsulaken jati dhiri tiyang Jawi supados hanjawani.
Modul punika namung seratan prasaja kangge ngawikani miwah nggampilaken
piwulangan basa tuwin sastra Jawi murih gangsar lan gancaring para siswa lan dwija
anggenipun sesarengan memetri basa Jawi ing madyaning pamulangan. Seratan menika
sampun kajumbuhaken kaliyan Kurikulum Enggal ingkang dipunadani dening Kanwil
Pendidikan dan Kebudayaan Propinsi Jawa Tengah. Kanthi nyinaoni modul menika,
dipunajab saged hanambahi kepinteran limang babagan aspek basa, antawisipun;
mirengaken, micara, maos, nyerat, lan nyurasa sastra budaya Jawi.Satemah saged
handadosaken tambahing guna wonten ing pagesangan masyarakat.
Awit saking cubluk lan kekiranganipun panyerat nggenya ngronce modul menika,
panyaruwe para mitra dwija sanget kaajeng-ajeng murih langkung sampurna lan saenipun.

Sugeng hanyinaoni!
Mugi rahayu ingkang samya ngudi pakerti.
Nuwun

Temanggung, Juli 2016

Panyerat
TIM PENYUSUN SERDHEN
MGMP BASA JAWA SMK
KABUPATEN TEMANGGUNG

Ketua
Tri Kusumawati, S. Pd
Hedi Santoso, S. Pd

Sekretaris
Nugroho Imam Saputra, S. Pd
Sida Sari Agustin, S. Pd

Bendahara
Rayon Suciati, S.S
Laeli Maftukhah, S. Pd

Anggota
Dra. Sri Wahyuni Eko Niken Rini, S. Pd
Niko Dewi, S. Pd Arifatul Amiroh, S. Pd
Sumarjo, S. Pd Whafik Muhammad, S. Pd
Eti Listiyaningsih, S. Pd Susi Kristanti, S. Pd
Impin Suniyah, S. Pd Maylina Dewi N F, S. Pd
Jathu Akbar A, S. Pd Sudarwanto, S. Pd
Zaenal Iksan, S. Pd Sodiq Handayani, S. Pd
Ahmad Arifin S. Pd Fidiyati, S. Pd
Tri Ari Hardiyanti, S. Pd Dwi Astuti, S. Pd
Agus Budiyanto, S. Pd Mursilah, S. Pd
WULANGAN I
TEMBANG KINANTHI
A. Kompetensi Inti
KI-1: Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya.
KI-2: Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli
(gotong royong, kerjasama, toleran, damai), santun, responsif dan proaktif dan
menunjukkan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan dalam
berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam serta dalam
menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia.
KI-3: Memahami, menerapkan dan menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab fenomena
dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang
spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.
KI-4: Mengolah, menalar, dan menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri, bertindak
secara efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metoda sesuai kaidah
keilmuan.

B. Kompetensi Dasar dan Indikator Pencapaian Kompetensi


1.1 Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan berupa
bahasa Jawa dalam bentuk teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi.
2.1 Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong,
kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam menggunakan
bahasa Jawa melalui teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi.
3.1 Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Kinanthi.
Indikator:
1. Membaca contoh teks Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi
2. Memahami struktur dan isi teks Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi.
3. Mempertanyakan unsur-unsur pembangun Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi.
4. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks Serat Wedhatama Pupuh
Kinanthi.
5. Menemukan nilai-nilai yang terkandung di dalam Serat Wedhatama Pupuh
Kinanthi.
4.1 Menanggapi isi Serat Wedhatama pupuh Kinanthi dan menulis, serta menyajikan
syair tembang Kinanthi dengan bahasa sendiri.
Indikator:
1. Menulis tembang Kinanthi.
2. Menyunting kesalahan syair tembang Kinanthi tulisan teman.
3. Menganalisis unsur-unsur pembangun.
4. Mendiskusikan relevansi nilai-nilai yang terdapat pada Serat Wedhatama Pupuh
Kinanthi dengan kondisi masyarakat saat ini.
5. Menyajikan secara lisan atau tulisan tembang Kinanthi yang ditulis.
6. Memberi tanggapan isi Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi.
Seserepan

Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Saben pada (bait) tembang macapat
nduweni baris ukara sing diarani gatra, saben gatra nduweni sawetara wanda (suku kata)
tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni aksara sing diarani lagu. Biasane macapat dimaknai
minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang gatra. Ana kang nafsirke tembang
macapat yaiku reriptan kanthi paugeran tartamtu, kang pamacane kudu dilagokake lan bisa
diiringi wirama gendhing. Tuladha karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat
kalebu Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, lan Serat Kalatidha.

Jinising tembang macapat


Tembang macapat uga sinebut puisi tradhisional. Jinise ana 3 perangan, yaiku ;
a. Tembang macapat (tembang cilik)
b. Tembang tengahan (tembang dhagelan)
Sing kalebu tembang tengahan, yaiku Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c. Tembang gedhe (kawi)
sing kalebu tembang gedhe yaiku, Kusumastuti, Pamularsih

Filosofi tembang macapat, yaiku :


No Tembang Filosofi
Nggambarake alam kandungan utawa sadurunge lair. Sejatine
1. Maskumambang
manungsa iku wis diparingi ruh nalika 4 sasi ana kandungan.
Nggambarake wektu laire anak. Manungsa tinitah ing alam donya saka
2. Mijil
guwa garbaning ibu.
Nggambarake wektu nom-noman, mundhak dina, mundhak sasi, taun,
3. Sinom sang bayi saya gedhe dadi remaja putra/ putri. Wektune ngangsu
kawruh, nggolek pengalaman. Mbutuhake dhidhikan kang prayoga.
Nggambarake sawise manungsa akil baligh, manungsa ora langsung
dewasa, ananging ana wektu nalika manungsa butuh pituduh utawa
4. Kinanthi wejangan sadurunge dewasa. Tembang kinanthi iku nggambarake
manungsa kang lagi madosi jati dhiri. Kinanthi saka tembung “diwanti-
wanti”.
Nggambarake wektu enom kang wis wiwit kepranan sarta gandrung
5. Asmaradana marang nom-noman liyane. Tembang asmaradana saka tembung
“asmara” utawa nggambarake manungsa kang lagi kasmaran.
Nggambarake kadewasane jiwa, wis bisa manunggalake cipta, rasa,
6. Gambuh karsa saha karya. Wis bisa njumbuhake kabutuhan lair lan batin.
nggambarake wektu mbangun bale griya utawa omah-omah
Nggambarake umur kang wis diwasa, wis kudu nata kabutuhan urip,
seneng makarya bebarengan sarta mbiyantu bebrayan. Watake
7. Dhandhanggula tembang iki luwes, manis, nyenengake, jalaran wong kang wis diwasa
kang diudi bisa njumbuhake kabutuhan kulawarga sarta bebrayan
(masarakat).
Nalika wis kagungan putra/ putri gedhe, wong tuwa lagi butuh akeh
biaya. Biasane uga mbarengi tiyang sepuh kang wis ora bisa makarya.
8. Durma Pramila kudu biayai anak lan tiyang sepuh. Tembung durma iku
nggambarake nalika wong lagi “derma” utawa menehi marang wong
liya.
9. Pangkur Nggambarake wektu kang wus lalu yuswa (lansia) kang wis
nungkurake marang kadonyan. Watake tembang giyak, prawira,
amarga wong kang gelem memper hawa nepsu (kamurkan) kudu
temen, tumemen lan temenan.
Nggambarake wektu puput yuswa / mati, pisahe nyawa lan raga.
10
Megatruh Watake tembang iki susah, nelangsa, prihatin, kuciwa, jalaran yen
.
wong mati, kulawarga padha prihatin, kuciwa.
Kang nggambarake layon dipocong, watake tembang iki sembrana
11
Pocung utawa sakepenakake, amarga wong mati patrape sakepenake dhewe
.
gumantung kulawarga kang isih urip anggone ngupakara.

Watak lan sasmitane tembang


No Tembang Watak sasmitane
1. Maskumambang Susah, nelangsa, prihatin kambang (kumambang)
Trenyuh, gandrung, Mijil,miyos, medhal
2. Mijil
prihatin
3. Sinom Grapyak, seneng, gembira Nom, taruna. mudha
4. Kinanthi Seneng, asih, tresna Kanthi, gandheng, kanthet
5. Asmaradana Sengsem, prihatin, sedhih Asmara, kasmaran, kingkin
Lugas, blaka, tanpa ragu- Murweng gambuh, wus gambuh
6. Gambuh
ragu
7. Dhandhanggula Manis, luwes, sengsem Dhandhang, manis, legi
8. Durma Galak, sereng, nepsu Dur, mundur ing prang
9. Pangkur Gagah, greget, sereng Kapungkur, mingkuring ing angkara
Susah, sedhih, keranta- Pegat, pedhot, nduduk
10. Megatruh
ranta
11. Pocung Saksekecanipun Uncung, anak merak, kluwak

Gunane tembang macapat kanggo :


a. Kasusastran jaman saiki
b. Bawa utawa nggerongi gendhing
c. Ngarang kapustakan Jawi
d. Lagu kethoprak lan wayang wong
e. Parikan lan dhagelan
Paugerane tembang macapat, yaiku;
a. Guru gatra : tibaning swara vocal ming pungkasan gatra
b. Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra
c. Guru lagu : cacahe gatra saben sapada
Pangertene Tembang Kinanthi
Miturut maknane, tembang Kinanthi iku nggambarake mangsa nalika wis omah-omah
utawa kulawarga, urip rukun lan tentrem. Watake sarwa seneng, asih, gumolong. Iki
nandhakake gegambarane wong kang lagi miwiti anggone jejodhowan/ nikah, mesthi isih
kebaking rasa tresna lan asih.

Paugerane Tembang Kinanthi


KINANTHI

Guru Guru lagu Guru gatra


wilangan

8 u

8 i

8 a
6
8 i

8 a

8 i

Watak Tembang Kinanthi


Watake tembang Kinanthi iku seneng, tresna asih. Cocok kanggo lantaran ngandharake
pitutur, ngetokake rasa tresna asih, lan sapiturute.

Makna Tembang Kinanthi


Kinanthi iku maksude serta utawa sarta. Karangane Kanjeng Sunan Erucakra. Nduwe
makna nggambarake mangsa nalika wis omah-omah utawa kulawarga, urip rukun lan
tentrem.

Wos kang kamot ing Tembang Kinanthi (Wedhatama)


1. Serat Wedhatama mulang supaya sakabehe tindak tanduk becike mung walaka / apa
anane wae, menehi pangapura marang kaluputaning liyan (den ngaksama kasisipaning
sesami), ngedohi tindak nistha lan angkara murka (sumimpanga ing laku duri).
2. Serat Wedhatama ngajarake supaya nindakake pitutur-pitutur ing tembang iki,
manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. Semono uga kudu sabar, tawakal,
ikhlas, lila, lan narima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang
pungkasaning urip iki.
3. Saliyane iku ing kene uga diwulang lamun nalika guneman iku kudu nganggo
paugeran, aja waton guneman nanging guneman nganggo waton, sanajan kang
guneman iku wis tuwa yuswane, supaya tansah kajen ing sangarape pawongan liya
(nanging ta paksa tutur, rehning tuwa tuwase mung catur, bok lumuntur lantarane ring
utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming kaprabon).
4. Serat Wedhatama ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Saking kepengine
ngajak manungsa ora nalisir saka garising Gusti, diajarake manembah mring Gusti kang
kondhang sembah catur yaiku sembah raga, cipta, jiwa, lan rasa. (agama ageming aji).
5. Sembah raga yaiku manembah mring Gusti kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake
prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata. Pakulinan nindakake samubarang tindak
ing ngalam bebrayan iki kang sesambungan karo bebrayan agung.
6. Sembah cipta (kalbu) yaiku ngresiki batin kanthi waspada laneling. Bab iki bisa
kaleksanan lamun ngulinakake tansah syukur mring Gusti Kang Maha Agung kanthi
njaga raga, rasa, lan batin supaya adoh saka batin culika lan nistha.
7. Sembah rasa iku bisa dirasake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh
marang kekuwasaane Gusti Kang Akarya Jagad.

Cakepan Tembang Kinanthi


5 6 i i i i i6 i2
Pa dha gu la ngen ing kal bu
i 6 5 5 56 532 12 16
Ing sas mi ta a mrih lan tip
i 2 2 2 i i i2 i65
A ja pi jer ma ngan nen dra
5 5 5 56 2 1 6 2
Ka pra wi ran den ka es thi
2 3 5 6 6i 532 12 165
Pe su nen sa ri ra ni ra
5 6 1 1 1 1 16 2165
Ce gah dha har la wan gu ling

GLADHEN 1
Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi patitis!
1. Sebutna watake tembang Kinanthi!
2. Kepiye guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang Kinanthi ing dhuwur?
3. Apa wae nilai-nilai kang kinandhut ana tembang Kinanthi ing dhuwur?
4. Pitutur luhur apa kang bisa kotemokake ing tembang Kinanthi ing dhuwur?
5. Pitutur luhur kang kotemokake ing tembang Kinanthi kang kowaca apa isih jumbuh yen
dicakake/ diterapake ing jaman saiki?

GLADHEN 2
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha (X) a, b, c, d, utawa e
tumrap wangsulan kang kokanggep bener!
1. Serat Wedhatama iku anggitane….
a. KGPAA Pakualam
b. KGPAA Suryamentaram
c. KGPAA Mangkunegara IV
d. KGPAA Hamengkubuwana IX
e. KGPAA Mangkubumi/ KGPAA Pakubuwono
2. Marma den taberi kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak-panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supadya dadya utami
Pratelan kang ngandharake kahanan tembang kasebut yaiku….
a. dumadi saka 1 pada, 6 gatra
b. dumadi saka 1 gatra, 6 pada
c. dumadi saka 1 wanda, 6 gatra
d. dumadi saka 1 gatra, 6 wanda
e. dumadi saka 1 pada, 6 wanda
3. Surasane tembang ing dhuwur yaiku….
a. aweh pitutur marang wong apik
b. bocah-bocah padha sinau seka awan tekan bengi
c. pitutur bener sanadyan saka wong asor drajade becik ditindakake
d. pitutur bener iku ditindakake menawa diwulangake dening wong luhur drajade
e. bocah-bocah kudu sregep sinau awan bengi supaya dadi manungsa kang utama
4. Watake tembang kang seneng, tresna asih. Cocok kanggo lantaran ngandharake pitutur,
ngetokake rasa tresna asih, yaiku….
a. Mijil
b. Sinom
c. Kinanthi
d. Maskumambang
e. Dhandhanggula
5. Pathokane tembang Kinanthi yaiku….
a. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
b. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
c. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
d. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
e. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8a, 7a, 8i, 12a
6. Ing ngisor iki sing ora kalebu gunane tembang macapat yaiku….
a. parikan lan dhagelan
b. ngarang kapustakan Jawi
c. lagu kethoprak lan wayang wong
d. nggawe sengsara wong kang maca
e. bawa utawa nggerongi gendhing
7. Unen-unen utawa tetembungan sing dienggo ing tembang diarani….
a. laras
b. pelog
c. cengkok
d. pathet
e. cakepan
8. Ing ngisor iki sing kalebu tembang macapat yaiku….
a. pocung, gambuh, girisa, kinanthi
b. maskumambang, durma, mijil, pangkur
c. gambuh, megatruh, dhandhanggula, juru demung
d. sinom, durma, wirangrong, kinanthi
e. asmaradana, sinom, mijil, balabak
9. “Bengkas kahardaning driya”
Pethilan tembang ing dhuwur tegese tembung “driya” yaiku….
a. ati
b. rasa
c. dhadha
d. penggalih
e. thuthuk
10. Sing kalebu tembang tengahan yaiku….
a. durma
b. dhandhanggula
c. wirangrong
d. megatruh
e. maskumambang

Tugas Portofolio
Gawea cakepan tembang Kinanthi kanthi paugeran ing ngisor iki nganggo basamu dhewe!
Guru
Guru Gatra Guru Lagu Ukara
Wilangan
1 8 u

2 8 i

3 8 a

4 8 i

5 8 a

6 8 i
Tugas Praktik
Coba tembangna ing ngarep kelas tembang Kinanthi iku!

Paraf Wong
Biji
Tuwa
WULANGAN 2
GEGURITAN

A. Kompetensi Inti (KI)


KI 1 : Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya.
KI 2 : Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli
(gotong royong, kerjasama, toleran, damai). Santun responsif, dan proaktif dan
menunjukkan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan
dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam, serta
dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia.
KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, tekhnologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang
kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan
masalah.
KI 4 : Mengolah, menalar, menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri,
bertindak secara efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metode sesuai
kaidah keilmuan.

B. Kompetensi Dasar (KD) dan Indikator Pencapaian Kompetensi


KD 1.2 : Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan
berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks geguritan.
KD 2.2 : Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong,
kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam
menggunakan bahasa Jawa dalam bentuk teks geguritan.
KD 3.2 : Menelaah teks geguritan
Indikator
1. Membaca teks geguritan
2. Mencermati struktur dan kaidah geguritan tradisional dan modern
3. Mempertanyakan kaidah penulisan geguritan tradisional
4. Mempertanyakan unsur-unsur pembangun geguritan
5. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks geguritan
6. Menemukan unsur-unsur pembangun geguritan
7. Mendiskusikan unsur-unsur pembangun geguritan
8. Mengidentifikasi nilai-nilai yang terdapat dalam geguritan
9. Mendiskusikan dan menyimpulkan nilai-nilai yang terkandung di dalam
geguritan dan relevansinya dengan kondisi masyarakat saat ini
KD 4.2 : Menulis geguritan dan membacanya.
Indikator
1. Memarafrasekan geguritan
2. Menulis geguritan
3. Menyajikan parafrase geguritan tradisional
4. Membaca indah geguritan
Seserepan

Geguritan iku kalebu puisi Jawa modheren, amarga ora kaiket ing aturan kayadene
tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudake
karya kang sipate pribadhi, mula geguritan panganggit siji lan sijine beda-beda. Angen-angen
kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kang dikarepake
penganggit. Kanthi mangkono, geguritan iku basane katon endah, bisa migunakake
purwakanthi, dwipurwa, seselan, lan liya-liyane. Geguritan iku nduweni nilai-nilai utawa
amanat kang bisa kapethik kanthi diparafrasekake dhisik. Marafrasekake geguritan iku ateges
nganalisis utawa ngudari ukara-ukara geguritan supaya maksude bisa katangkep. Geguritan
iku kawujud saka tema, pamilihaning tembung uga nganggo sarana retorika lan majas. Sarana
retorika lan majas paedahe kanggo gawe geguritan endah lan enak kawaca. Ana saperangan
bab kang njalari geguritan iku dadi endah, antarane yaiku;
a. cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
b. menthes yaiku tembunge duwe makna kang jero
c. endah ngemu purwakanthi swara, sastra, utawa basa
d. tembunge pilihan

Jinis Geguritan
a. Puisi Jawa gagrag lawas
yaiku puisi Jawa kang migunakake basa Jawa kuna lan kaperang ana ing pupuh-pupuh
tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan.
Paugerane puisi Jawa gagrag lawas yaiku;
 Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
 Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
 Dhong-dhing utawa guru lagune ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi
guru swara.
 Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit.
 Puisi Jawa gagrag lawas lumrahe isi piwulang : Upamane bab tata karma

Tuladha puisi Jawa gagrag lawas

Sun Gegurit

Kaanan jaman saiki


Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wasanane tibeng papa

b. Puisi Jawa gagrag anyar


Puisi Jawa gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo Puisi Jawa
gagrag lawas. Puisi Jawa gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya
paugerane puisi Jawa gagrag lawas. Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas
ing kasusastran Indonesia, mula puisi Jawa gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”.
Ananging owah-owahan saka Puisi Jawa gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku
dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis puisi Jawa gagrag anyar iku R.
Intoyo kanthi irah-irahan Dayaning Sastra. Mula yen dititi kanthi premati geguritan
gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni titikan:
a. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
b. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
c. Sajak pungkasan mardika/bebas
d. Isine mentes.
e. Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa .

Tuladha puisi Jawa gagrag anyar


Lumunturing Budaya
Dening: Ki Andanawarih
Tumetesing waspa dumlewer ing pangrasaku
Nglentrihing pandulu ginambar ing netraku
Ancluming praupan kawistara ing pasuryanku
Legeg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman saiki
Tumraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak anggeranggering budaya
Lali ing tata krama, mbuwang sakabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanajan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinipta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dhewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kadaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda-pemudi jaman saiki unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah ibu bapak?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amarga pokale kita dhewe

Unsur-unsur kang Ambangun Geguritan


1. Geguritan iku awujud karya sastra, mula ing sajrone ana unsur-unsur pandhapuke. Unsur-
unsur geguritan kasebut kabedakake dadi unsur intrinsik (unsur ing njero) lan unsur
ekstrinsik (unsur ing njaba).
- Unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun saka sajrone geguritan. Kang
mangaribawani
dianggite sawijining geguritan saka unsur intrinsik iku antarane yaiku;
a. Tema yaiku pokok masalah kang diangkat ing sajroning geguritan.
b. Amanat yaiku nasihat, falsafah, nilai-nilai kang arep diandharake pengarang marang
pamaos.
c. Nada lan rasa yaiku pangraose pengarang kang digambarake ing sajroning
geguritan.
d. Diksi yaiku pamilihing tembung-tembung endah ing sajroning geguritan.
e. Rima yaiku pangraose swara-swara basa kanggo mujudake kaendahan.
f. Ritma yaiku dawa cendhak, dhuwur cendhek, lan jeda nalika geguritan dilisanake.
- Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun geguritan saka sanjabane geguritan
(pengarang lan
lingkungane). Kang mangaribawani dianggite sawijining geguritan saka unsur
ekstrinsik iku
antarane yaiku;
a. Agama
b. Politik
c. Ekonomi
d. Sosial budaya
e. Pendhidhikan
f. Jenis kelamin
g. Adat istiadat, Lsp
2. Pitutur Luhur sing Kakandhut lan Relefansine karo Kahanan Masarakat Jaman Saiki
Teks geguritan iku bisa awujud reriptan apa wae, manawa reriptan iku diwaca lugu
iku diarani maca lugu, yen diwaca anthi lelewa iku geguritan, yen diwaca kanthi cara
dilagokake iku diarani tembang.
3. Cara Mamarafrasekake Geguritan
Parafrase yaiku istilah lingusitik (kebahasaan) kang ateges nyritakake/nuturake
maneh sawijining teks/konsep kanthi cara liya sajroning basa kang padha, nanging tanpa
ngowahi maknane.
Tata-cara nggancarake utawa parafrasis geguritan kaya ngisor iki:
- Para pamaca mangerteni luwih dhisik makna geguritan kang bakal digancarake, carane
kanthi maca bola-bali (maca hermeneutik)
- Nggoleki lan nemokake tembung-tembung kang ngemu teges ora wantah, pasemon,
pepindhan, simbolik, utawa sabangsane, banjur negesi tembung-tembung mau
- Nulis maneh tembung-tembung kang sengaja "diilangake" dening panganggit.
Tembung-tembung iki ilang lumrahe supaya tuwuh basa endah ing geguritan. Nanging
sanajan tembung-tembung mau ilang, ora ngowahi teges
- Ngronce tetembungan ing geguritan dumadi gancaran (prosa) jangkep, dumadi saka
ukara-ukara minimal Jejer-Wasesa (Subjek-Predikat).

GLADHEN 1
1. Gawea kelompok, saben kelompok bisa 4-5 siswa!
2. Golekka unsur intrinsik puisi Jawa gagrag lawas “Sun Gegurit” lan puisi Jawa gagrag
anyar “Lumunturing Budaya”!
3. Rembugan bebarengan, nilai-nilai apa wae kang kinandhut ana ing puisi Jawa gagrag
lawas “Sun Gegurit” lan puisi Jawa gagrag anyar “Lumunturing Budaya”!
4. Tulisen pitutur luhur ing sajroning puisi Jawa gagrag lawas “Sun Gegurit” lan puisi Jawa
gagrag anyar “Lumunturing Budaya” karo kahanan masarakat jaman saiki!
5. Parafrasekna puisi Jawa gagrag lawas “Sun Gegurit” lan puisi Jawa gagrag anyar
“Lumunturing Budaya” nganggo basamu dhewe!
6. Andharana garapan mau ing ngarep kelas!

GLADHEN 2
Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d, lan e kang koanggep bener!

Piwelinge Ibu
(Dening : Trie Yuna)

Ndhuk, anakku
Urip iku mung mampir ngombe
Ngombeya banyu segara
Senajan rekasa
Aja gampang sulaya
Pasuryane sumunar
Kawicaksanan sumebar
Kumenyar wibawaning rawi
Nduk, anakku
Mlakua mangetan
Susulen srengenge
Krubuhan gunung iku wis sakmesthine
Cegahen sambat sebut
Tetep madhep mantep anggonmu jumangkah
Yen wis tekan papan kang sinedya
Larasen tembang Kinanthi
Dakrangkul anggane
Sakala bantala horeg
Sumimpen rapet
Dhimpet
Aneng pulung ati iki

1. Puisi Jawa ing dhuwur kalebu puisi Jawa gagrag….


a. lawas
b. anyar
c. tradhisional
d. kuna
e. klasik
2. Geguritan ing dhuwur dianggit dening….
a. Yono Hs
b. Maryono Sh
c. Trie Yuna
d. Galuh Setiawan
e. Pustaka Candra
3. Tema geguritan ing dhuwur yaiku….
a. politik
b. pendhidhikan
c. ekonomi
d. budaya
e. kauripan
4. Sakala bantala horeg.
Tembung bantala iku tegese….
a. bumi
b. angin
c. banyu
d. manungsa
e. sengrenge
5. Kang diarani geguritan bebas yaiku….
a. geguritan modheren
b. geguritan tradhisional
c. tembang tengahan
d. kidung
e. macapat
6. Pengarang lan lingkungane iku kalebu unsur … geguritan.
a. baku
b. primer
c. intrinsik
d. ekstrinsik
e. pokok
7. Pamilihaning tembung-tembung endah ing sajroning geguritan diarani….
a. tema
b. amanat
c. diksi
d. rima
e. ritma
8. Kang ora kalebu perangan ing babagan nulis geguritan yaiku….
a. tema
b. rima
c. diksi
d. skenario
e. pilihan tembung
9. Ekspresi, patrap/ sikap, lan obahing awak nalika maca geguritan diarani….
a. wicara
b. wiraga
c. wirasa
d. wirama
e. wirunggan
10. Ing ngisor iki kang ora kalebu titikane geguritan anyar yaiku….
a. Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan
b. Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung
c.  Sajak pungkasan mardika/bebas
d.  Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa  sun anggurit
e.  Ana kalane nganggo lelewaning basa /gaya bahasa

GLADHEN 3
1. Apa sing diarani geguritan?
2. Puisi gagrag lawas nduweni ciri apa wae?
3. Sajroning geguritan uga ana istilah parafrase, apa tegese parafrase iku?
4. Sajroning geguritan lafal iku duwe teges apa?
5. Apa sing dimaksud wiraga sajrnoning maca geguritan iku?

Tugas Portofolio
Gawea geguritan kanthi tema bebas!

Tugas Praktik
Geguritan sing kok gawe iku wacakna ing ngarep kelas!
Paraf Wong
Biji
Tuwa

WULANGAN 3
Teks Deskripsi tentang Pakaian Adat Jawa

C. Kompetensi Inti (KI)


KI 1 : Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya.
KI 2 : Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli
(gotong royong, kerjasama, toleran, damai). Santun responsif, dan proaktif dan
menunjukkan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan
dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam, serta
dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia.
KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, tekhnologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang
kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan
masalah.
KI 4 : Mengolah, menalar, menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri,
bertindak secara efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metode sesuai
kaidah keilmuan.

D. Kompetensi Dasar (KD) dan Indikator Pencapaian Kompetensi


KD 1.2 : Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan
berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa.
KD 2.2 : Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong,
kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam
menggunakan bahasa Jawa dalam bentuk teks deskripsi tentang pakaian adat
Jawa.
KD 3.2 : Memahami teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa.
Indikator
1. Membaca contoh teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa.
2. Mencermati uraian yang berkaitan dengan pokok-pokok isi teks deskripsi
tentang pakaian adat Jawa.
3. Mempertanyakan pokok-pokok isi teks deskripsi tentang pakaian adat
Jawa.
4. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan isi teks deskripsi tentang
pakaian adat Jawa.
5. Mempertanyakan penggunaan kawruh kagunan basa misalnya paribasan,
isbat, sanepa, atau lelewa basa
6. Menemukan pokok-pokok isi teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa.
KD 4.2 : Memahami isi teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa.
Indikator
1. Mendiskusikan relevansi nilai-nilai yang terkandung di dalamnya dengan
kondisi masyarakat saat ini
2. Memberi tanggapan terhadap isi teks deskripsi tentang pakaian adat
Jawa.
3. Menulis teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa menggunakan ragam
bahasa sesuai konteks dan norma berbahasa
5. Menyunting teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa
6. Mempublikasikan teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa
7. Menanggapi publikasi teks deskripsi tentang pakaian adat Jawa
Seserepan

Busana Adat Jawa


Rasukan adat Jawa utawa busana adat Jawa umum/kaprah diarani rasukan kejawen iku
ana warna-warna jinise kayata: Atela, Beskap, Sikepan, Surjan, Takwa. Lan kalengkapan
liyane.
Busana adat Jawa diarani busana kejawen nduweni pralambang tartamtu tumrap bangsa
Jawa. Busana Jawa kebak ing piwulang kang sinandhi. Sajroning busana Jawa iki sumimpen
piwulang kanggo nindakake sakabehing tumindak ing alam donya iki, kang satimbang
sambung rapete karo tumindak saben-dinane, ya pasrawungan marang sapadha-padhaning
manungsa, dhiri pribadi uga konjuk Gusti Kang Maha kuwasa kang nyipta jagad saisine.

 Seni Busana Jawa miturut seni busana kraton dibedake dadi loro yaiku :
1. Busana kakung
2. Busan putri
 Seni Busana penganten Jawa miturut gagrake (corake) busana ana loro yaiku :
1. Gagrak Surakarta
2. Gagrak Ngayogyakarta

Busana Kakung
1. Dhestar / Blangkon / kuluk

Dhestar iku digawe saka iket. Iket iku tali kang digunakake kanggo tutup sirah, lan
anggone nganggo ditaleke kanthi kenceng. iket tegese wong yen duwe pamikiran utawa
penggalih kudu kenceng ora gampang kena ombang ambinge kahanan utawa bujuking
wong liya. Lan ditimbang timbang kanthi mateng.
2. Beskap / atela / surjan

Beskap iku kalebut rasukan pramila minangka dados tiyang jawa kedah ngrasuk agami
manembah ing ngarsane gusti ingkang Maha Agung kanthi tansah nindakake punapa
dhawuh dhawuhe lan ninggal kabeh larangane.
3. Stagen / lonthong

Stagen / lonthong iku anggone nganggo diubedake ana ing weteng dadi tegese manungsa
iku kudu ubed (temen) anggone golek rejeki kanggo nyukupi kabutuhane.
4. Epek timang

Epek tumrap wong jawa nduweni teges yen pengin dhuweni pagaweyan sing apik kudu
epek (apek, golek, luru) seserepan (ilmu) kang migunani. Sajroning golek ilmu kudu
tekun, teliti, cermat supaya bisa kanggo sangu golek pagaweyan sing kepenak.
Timang ngemu pralambang yen ilmu kang disinauni mau dipahami nganti cetha lan
gamblang, ora bakal nduweni rasa samang samang (kwatir).
5. Nyamping / jarik

Sinjang utawa jarik iku awujud mori dawa kanggo nutupi awak sadawane sikil. Jarik
nduweni surasa aja gampang serik, tegese aja gampang meri (iri) marang wong liya. Yen
ta ngadhepi perkara kudu ngati – ati, ora grusa - grusa lan gampang nesu (emosional).
6. Wangkingan / keris / dhuwung
Keris uga disebut curiga, wadah keris disebut warangka. Keris dianggo ana ing buri awak,
keris lan warangkane iku duweni lambang manunggaling kawula Gusti, ya antarane
manungsa kang dadi ciptaane lan Gusti kang nyiptakake.amarga keris manggone ana ing
buri mula duweni teges yen manungsa manembah ing ngarsaning gusti kudu bisa
ngungkurke godhaning setan kang nggridu manungsa yen tumindak becik.
7. Canela / selop

Canela kerata basane yaiku canthelna jroning nala, canela padha tegese karo cripu, selop.
Canela iku dianggo ana sikil, tegese anggone manembah ana ngarsaning Gusti iku saka
lair nganti tekan batin sujud ana ngarsaning Gusti ingkan Maha Agung, jroning ati mung
sumeleh, pasrah marang panguasaning Gusti.

Busana Putri
1. Ukel utawi sanggul
2. Kebayak
3. Semekan
4. Stagen
5. Jamuran dan slepe (kaya epek timang)
6. Nyamping / sinjang
7. Canela

Busana Penganten
Busana penganten wonten pinten-pinten jinis, kadosta;
1. Busana penganten basahan (gerbong kandem), dumadi saking;
a. kuluk warni klawu
b. sumping sekar mlathicacah kalih iji
c. kalung ulur (kalung panjang)
d. dodot panjang sekawan setengah meter
e. dhuwung mawi oncen sekar
f. epek lan timang
g. ukup cacah tigang iji
h. buntal
i. lancingan (clana) cindhe abrit
j. selop
2. Busana penganten basahan putri, dumadi saking;
a. cundhuk mentul cacah pitung iji
b. penetep
c. centhung cacah kalih
d. suweng (giwang)
e. kalung cekak
f. roncen sekar (gajah ngoling)
g. cundhuk jungkat
h. dodot panjang sekawan setengah meter
i.nyamping cindhe abrit
j.slepe
k. gelang
l.buntal
m. selop
3. Busana penganten sikepan (kanigaran), dumadi saking;
a. kuluk kanigara (warni cemeng mawi seret jene)
b. sumping sekar mlathi cacah kalih iji
c. rasukan pethak (hem) ngagem dhasi kupon
d. sikep (jas)
e. kalung ulur (kalung panjang)
f. sabuk bara cindhe abrit
g. epek timang
h. dhuwung
i. nyamping
j. selop
4. Busana penganten sikepan putri, dumadi saking;
a. cundhuk mentul cacah pitung iji
b. penetep
c. centhung cacah kalih
d. suweng (giwang)
e. kalung cekak
f. roncen sekar (gajah ngoling)
g. kebaya border panjang
h. gelang
i. nyamping
j. selop
5. Busana penganten kasatriyan, dumadi saking;
a. blangkon
b. sumping sekar mlathi cacah kalih iji
c. beskap/ atela
d. kalung ulur (kalung panjang)
e. sabuk bara indhe abrit
f. epek lan timang
g. dhuwung mawi ronce sekar
h. nyamping
i. selop
Busana penganten putri sami kalihan busana penganten sikepan putri, naming kebaya
dipun angkah sami kalihan beskap penganten kakung.
6. Busana penganten langenharjan, dumadi saking;
a. kuluk kanigara cemeng mawi seret jene/ blangkon
b. rasukan pethak (hem) mawi dasi kupon
c. rompi cemeng
d. beskap langenharjan
e. kalung ulur
f. sabuk bara abrit
g. epek lan timang
h. nyamping
i. selop
Busana penganten putri sami kalihan busana sikepan putri.

Wacana Deskripsi
1. Nyritakake maneh isine wacan
Wacan diwaca ancase supaya bisa mangerteni informasi apa kang kaandhut ing
wacan kasebut. Sawise mangerteni biasane bakal nularake marang wong liya, bisa
lumantar lesan uga bisa lumantar tulisan. Carane nyritakake isine wacan iku nganggo
basane dhewe-dhewe, sing penting informasi kang kaandhut sajroning wacan mau bisa
ditampa wong liya kanthi bener lan pener. Langkah-langkah nyritakake isine wacan
marang wong liya, yaiku ;
a. maca teks kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni supaya paham tenan
b. nemokake isi saben paragraf ing wacan kasebut
c. gathukake isine paragraf siji tumeka paragraf pungkasan
d. nyritakake isine wacan nganggo basane dhewe, nanging informasi kang kaandhut ora
owah
2. Nulis Teks Deskripsi Busana Adat Jawa
Wacan deskripsi yaiku wacan kang nggambarake prastawa, kedadeyan, apa dene
gegambaraning samubarang prakara kanthi cetha lan rinci. Dene ancase wacan deskripsi
iku kanggo menehi katrangan utawa informasi marang pamaca babagan sawijining bab
supaya pamaca bisa nduwe gambaran kaya-kaya pamaca ngerteni dhewe apa sing
diandharake ing wacan kasebut. Mula, nalika nggawe karangan deskripsi iku awake dhewe
bisaa nggambarake kanthi cetha lan rinci supaya ora nuwuhake bab-bab kang multitafsir
apa dene ora bisa ditampa dening para pamaca.
Carane nulis teks deskripsi yaiku ;
a. nemtokake tema (ing piwulangan iki temane yaiku busana adat Jawa)
b. ngumpulake informasi kang magepokan karo tema sing dip[ilih
c. gawe cengkorongan tulisan
d. ngembangake cengkorongan dadi tulisan kang endah

Kawruh Kagunan Basa


 Paribasan
yaiku unen-unen kang ajeg papan utawa panggonane lan tegese lugu, wantah dudu
pepindhan, apa anane.
Kayata;
1) anak polah bapa kepradah, tegese wong tuwa dadi repot amarga tumindake anake
2) emban cindhe emban siladan, tegese tumindake ora adil
3) jer basuki mawa beya, tegese sakabehe gegayuhan mbutuhake tukon
4) gajah alingan suket teki, tegese lair karo bathine beda banget, mesthi bakal ketara
5) kebo ilang tombok kandhang, tegese wis kelangan malah kudu ngetokake wragat
maneh, lsp
 Isbat
Saka tembung basa Arab sing tegese ibarat; Ibarat iku uga tembung Arab, tegese meh
padha karo Saloka, nanging isine bab ngelmu gaib, ngelmu kasampurnan, ngelmu
kebatinan.
Tuladha;
1) ngangsu pikulan warih
2) kodhok ngemuli lenge
3) golekka susuhing angin
4) tapakke kontul nglayang
5) golekka balunge kangkung
 Sanepa
yaiku unen-unen kang ngemu teges kosok balen lan mbagetake. Umpamane;
1) abang dluwang : pucet banget
2) abot kapuk : entheng banget
3) anteng kitiran : usil banget
4) bening leri : buthek banget
5) legi bratawali : pait banget, lsp
 Lelewaning Basa
Cara-carane migunakake basa, amrih gampang ditampa, endah lan kepenak dirungu.
- Lelewa basa Metafora yaiku ukara mawa unen-unen pepindhan
Tuladha: Raden Gathutkaca otot kawat balung wesi.
- Lelewa basa Alegori: metafora sing ditulis nganggo ukara dawa banget.
Tuladha: Uripe manungsa iku manuk upamane, diobang-ambingake alun samodra,
katempuh ing sindhung aliwara, yen kurang waspada bisa kerem nrejang padhang
karang.
- Lelewa basa Personifikasi: yaiku pepindhan jalma
Tuladha: Sumpahe diseksi bumi langit.
Pangaji-aji kang Kinandhut ana Sajroning Busana Adat Jawa lan Sambungrapete karo
Kahanan Masarakat ing Jaman Saiki
 Makna sinandhi busana Jawi
Piwulang Sinandhi Busana Jawa, manut sawijining panemu. Mula saka kuwi manawa ana
kang duwe panemu sing beda utawa seje, iku sajatine ya kudu dianggep lumrah bae.

GLADHEN 1

Ageman Tradhisional Adat Jawa

Ageman tradhisional adat Jawa utawa kang diarani busana kejawen kanggone masarakat
Jawa nduweni pralambang lan piwulang sinandhi kaya dene ajaran supaya nyembah marang
Gusti kang Murbeng Dumadi lan sapiturute. Wiwit saka sing dienggo ing sirah nganti sikil
iku nduweni makna filosofi dhewe-dhewe.
Kanggo tutupe sirah, masarakat Jawa nduweni busana adat kang diarani Blangkon.
Blangkon iku kagawe saka kain bathik lan dienggo dening para priya minangka kalengkapan
busana tradhisional. Saben wilayah biyasane uga nduweni modhel blangkon kang beda-beda.
Umpamane blangkon ing wilayah Surakarta nduweni ciri khas bageyan mburine rata, dene
blangkon saka Ngayogyakarta njendhol.
ciri khas kasebut adhedhasar adat lan tradhisine masarakat ing jaman ndhisik. Blangkon
Ngayogyakarta nduweni bentuk njendhol ing bageyan mburine amarga nalika semono para
kakung nduweni pakulinan ndawakake rambut, banjur ditaleni mandhuwur. Rambut kang
ditaleni mau banjur digelung lan dibungkus, mula dadi jendholan kaya dene blangkon
Ngayogyakarta iku. Dene blangkon Surakarta nduweni bentuk rata ing bageyan mburine
amarga nalika semono masarakate nduweni pakulinan ngethok rambute amarga saka
pengaruh tradhisi Walanda.
Yen ditonton saka makna filosofine, blangkon modhel Surakarata kang ora ana jendholane
iku nduweni makna, loro kalimat syahadat iku tumrape masarakat Jawa mligine ing
Surakarata digunakake kanggo nyawijekake kekarepan lan pikiran. Sing nomer loro,
blangkon kang dienggo kanggo panutup sirah pralambang katemune jagad cilik lan jagad
gedhe.
Tekane bangsa Walanda ing Indonesia pancen menehi pengaruh kang gedhe tumrap
kabudayan Jawa. Amarga pengaruhe bangsa Walanda iku uga banjur masarakat Jawa kenal
busana jas kang diarani beskap. Beskap iku asale saka tembung Walanda “beschaafd” sing
artine kabudayan.
Beskap kang dijangkepi benik ing sisih kiwa lan tengen iku minangka tandha menawa
wong Jawa iku nalika nindakake apa wae mesthi dinik-nik utawa dipikirake kanthi pratitis.
Apa wae sing ditindakake aja nganti mitunani tumraping liyan.
Saliyane beskap, jarik utawa sinjang iku uga kalebu ageman tradhisional adat Jawa kang
nduweni ciri khas. Jarik dinggo kanggo nutupi awak saka bangkekan nganti polok. Jarik iku
nduweni makna filosofis menawa dadi manungsa iku aja gampang serik karo liyan.
Panganggone jarik tumrape masarakat Jawa iku biyasane nggunakake wiru. Cacahe wiron
iku biyasane ganjil, bisa telu utawa lima. Cacahe wiron kang ganjil iki nduweni karep
menawa wong urip iku sejatine during jangkep. Isih ana sing kudu digoleki, yaiku amal
ibadah marang Gusti kang Maha Agung. Jarik kang dikantheni wiru iku dikarepake supaya
manungsa tansah eling nalika nindakake samubarang aja nganti kleru.
Saliyane kang wis disebutake ing dhuwur mau, ing Jawa uga nduweni canela. Canela
utawa sandhal selop iku diothak-athik gathuk saka tembung canthelna jroning nala (ati).
Canela kang dinggo ing sikil iki maknane supaya manungsa nalika sujud manembah marang
Gusti kang Murbeng Jagad, kudu diniati lahir bathin. Ing atine mung pasrah lan semeleh
tumrap kuwasane Gusti.

1. Tulisna pokok-pokok isi teks “Ageman Tradhisional Adat Jawa”!


2. Sebutna nilai-nilai kang kinandhut ing teks “Ageman Tradhisional Adat Jawa”!
3. Apa bedane blangkon Ngayogyakarta lan Surakarta?
4. Apa pengaruh tekane bangsa Walanda ing Indonesia?
5. Jarik iku kalebu ageman tradhisional adat Jawa. Apa filosofine Jarik iku?

GLADHEN 2

Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d, lan e kang koanggep bener!
1. Blangkon iku busana adat Jawa kang dienggo ana ing….
a. sirah
b. awak
c. lengen
d. geger
e. sikil
2. Beskap iku asale saka tembung beschaafd kang tegese….
a. klambi
b. ageman
c. busana
d. kabudayan
e. kaendahan
3. Busana adat Jawa sing biyasane dienggo dening bocah wadon diarani….
a. beskap
b. kebaya
c. sarung
d. bathik
e. rok
4. Namung trahing ngaluhur ingkang kepareng ngagem bathik. Tembung trah nunggal teges
karo tembung….
a. pamomong
b. abdi
c. keturunan
d. sentana
e. punggawa
5. Basa kanthi unggah-ungguh sing bener tumrap wong kang luwih tuwa kuwi mujudake
kabudayan kang adiluhung. Tembung adiluhung nunggal teges karo tembung….
a. adicara
b. kuwasa
c. luhur
d. jumbuh
e. gedhe
6. Jarik iku uga sinebut….
a. canela
b. sinjang
c. beskap
d. kebaya
e. wiru
7. Canela kerata basane yaiku canthelna jroning nala. Tegese nala yaiku….
a. sirah
b. rambut
c. tangan
d. sikil
e. ati
8. Corak bathik ing sisih kiwa iku jenenge corak….
a. sido asih
b. sido mukti
c. sido luhur
d. sido drajat
e. sido mulya
9. Bagus kae awake kuru semangka tegese….
a. gering banget
b. lemu banget
c. mangane akeh
d. entheng banget
e. bunder banget
10. Lambe satumang kari samerang. Paribasan iku tegese…
a. wis kepenak malah golek rekasa
b. seneng umuk nanging ora sembada
c. dituturi bola-bali meksa ora digugu
d. wong sing sarwa kecukupan
e. rumangsa ngapusi, nanging sejatine malah diapusi

Tugas Portofolio

Gawea teks deskripsi babagan pakaian adat Jawa!

Paraf Wong
Biji
Tuwa
WULANGAN 4
Teks Eksposisi tentang Gamelan

E. Kompetensi Inti (KI)


KI 1 : Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya.
KI 2 : Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli
(gotong royong, kerjasama, toleran, damai). Santun responsif, dan proaktif dan
menunjukkan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan
dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam, serta
dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia.
KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, tekhnologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang
kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan
masalah.
KI 4 : Mengolah, menalar, menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri,
bertindak secara efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metode sesuai
kaidah keilmuan.
F. Kompetensi Dasar (KD) dan Indikator Pencapaian Kompetensi
KD 1.2 : Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan
berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks eksposisi tentang gamelan.
KD 2.2 : Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong,
kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam
menggunakan bahasa Jawa dalam bentuk teks eksposisi tentang gamelan.
KD 3.2 : Memahami teks eksposisi tentang gamelan.
Indikator
1. Membaca contoh teks eksposisi tentang gamelan.
2. Mencermati struktur dan kaidah teks eksposisi tentang gamelan.
3. Mempertanyakan struktur dan kaidah teks eksposisi tentang gamelan.
4. Membuat pertanyaan yang berhubungan dengan teks eksposisi tentang
gamelan.
5. Mengidentifikasi struktur dan kaidah teks
6. Menemukan pokok-pokok isi teks eksposisi tentang gamelan.
7. Mengidentifikasi nilai-nilai luhur pada teks
KD 4.2 : Menelaah teks eksposisi tentang gamelan.
Indikator
1. Menulis teks eksposisi tentang gamelan.
2. Menyunting kesalahan teks eksposisi tentang gamelan.
3. Menganalisis pilihan kata dalam teks eksposisi tentang gamelan.
4. Mendiskusikan penggunaan kawruh kagunan basa, misalnya
purwakanthi, parikan, wangsalan, atau basa rinengga.
5. Menyajikan teks eksposisi tentang gamelan sesuai lisan atau tertulis.
Seserepan
1. Struktur lan Kaidah
a. Karawitan
Karawitan asal saka tembung rawita, ditambah ater-ater 'ka' lan panambang 'an'.
Rawita tegese ngandhut rawit. Rawit tegese alus, endah, remit. Dadi sacara
etimologi Karawitan tegese kumpulan sawernaning bab sing alus, endah lan remit.
Adhedhasar pangrembakaning kahanan Karawitan nduweni teges:
- Karawitan teges rowa ateges Seni swara utawa musik
- Karawitan teges mligi ateges seni swara sing migunakake gamelan laras Slendro
lan Pelog
b. Gamelan
Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional asli Jawa. Tembung
gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh".
Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa
ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan.
2. Gamelan
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo
musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon.
3. Pitutur Luhur kang ana Sajroning Gamelan
Pepeling: Saben perangan gamelan iku nduweni filosofi dhewe-dhewe, saben perangan
gamelan nduweni ayahan dhewe-dhewe.
Ayahan saben perangan gamelan iku ing antarane:
- Minangka pamurba irama
- Minangka pamangku irama
- Minangka pamurba lagu
- Nulis wacana eksposisi Tentang Gamelan
- Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan kayata wayang
kulit lan kethoprak. Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa. Penyanyi
kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Seni
gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan kontemporèr.
- Laras
Laras yaiku urut-urutaning swara, wiwit saka sing endhek nganti sing dhuwur sarta
runtut swarane. Jinise laras Laras Slendro, Laras Pelog
4. Cara Nyunting
- Pathet
Pathet tegese nuduhake dhuwur endheke nadha-nadha sawijining lagu (gendhing
utawa tembang). Jinise Pathet yaiku Laras Slendro lan Laras Pelog
- Panganggone Pathet
Panganggone pathet kajumbuhake wektu nalika nabuh gamelan, supaya rasa
kaendahane jumbuh karo swasana.

Teks Eksposisi
Paragraf eksposisi yaiku salah sawijining wacana, kang tujuane/ ancase kanggo njabarake/
maparake wawasan, kanthi njlentrehake, menehi pangerten, nerangake sawijining bab, utawa
ngaturake informasi kanggo sing maca, supaya bisa nampa utawa narima isine wacan.
Wacana eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pangerten,
cak-cakan sawijining kegiyatan, metodhe, cara, lan proses dumadi sawijining kedadeyan
utawa bab. Sipate paragraph eksposisi yaiku ilmiah/ nonfiksi. Sumbere paragraph eksposisi
kasebut bisa saka kasil pengamatan, panaliten, utawa pengalaman.

 ciri-ciri paragraf eksposisi yaiku ;


a. arupa wacan informasi
b. ana gambar, grafik utawa tabel sing magepokan karo isine wacan
c. wawasaning wacan ana penjelasan

 Langkah panulisan teks eksposisi, yaiku;


a. nemtokake topik
b. nemtokake tema
c. nemtokake tujuan
d. ngumpulake informasi/ data kang bisa nyengkuyung karangan
e. nyusun kerangka karangan
f. ngembangke kerangka karangan
g. nemtokake judul/ irah-irahan
h. nyunting karangan
Kawruh Kagunan Basa
1. Purwakanthi
yaiku ukara kang ngemu tembung-tembung runtut (runtut swarane utawa runtut
sastrane). Purwakanthi iku kaperang dadi telu yaiku;
1) Purwakanthi Guru Swara
Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swara vokale.
Tuladhane;
a) ana awan, ana pangan
b) inggah-inggih, nanging ora kepanggih
c) witing tresna, jalaran saka kulina
2) Purwakanthi Guru Sastra
Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut swara konsonane.
Tuladhane;
a) bobot, bibit, bebet
b) sluman, slumun, slamet
c) kala kula kelas kalih kula kulak kolang-kaling kalih kilo kalihan kalung kilong-
kilong
3) Purwakanthi Guru Basa (Lumaksita)
Purwakanthi lumaksita yaiku unen-unen sing tembunge ing ukara sadurunge
dibaleni maneh ing ukara candhake.
Tuladha;
a) asung bekti, bektine kawula marang Gusti
b) mangan ati, atine sing kelara-lara
c) lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik
2. Parikan
yaiku unen-unen kang nganggo purwakanthi swara. wujude ana werna loro;
1. Parikan kang wujude rong ukara. Ukara kapisan ora ana tegese (mung minangka
pancadan utawa sampiran), sebab tegese kamot ing ukara kapindho.
Tuladha;
a) jemek-jemek, gula jawa
aja ngenyek karo kanca
b) godhong kecipir, mrambat kawat
najan ra mampir, nanging liwat
2. Parikan kang awujud patang ukara. Ukara kapisan lan kapindho minangka pancadan
utawa sampiran. Dene ukara katelu lan kapat minangka tebusane.
Tuladha; kulon kali, wetan kali
arep nyabrang ra ana wote
kulon gati, wetan gati
yen dipikir padha abote
3. Wangsalan
yaiku unen-unen kang awujud cangkriman dikantheni batangane/ jawabane pisan,
sanajan batangane mung nyrempet wae.
Tuladhane;
a) njenang gula lho, aja lali
(jenang gula : glali)
b) jangan gori, nganti judheg anggonku mikir
(jangan gori : gudheg)
c) roning mlinjo, sampn sayah nyuwun ngaso
(roning mlinjo : so)
d) njanur gunung, kadingaren dolan mrene
(janur gunung : aren)
e) ngrokok cendhak, aja sok neges-neges
(rokok cendhak : tegesan)
4. Basa Rinengga
Basa rinengga yaiku basa kang dipacak murih katon becik, basa ingkang endah. Padatan,
basa kang dienggo kabe karma inggil.
tuladhane;
a) anggone memitran katon sayuk rukun, prasasat ora tau benggang sanyari.
anggone kekancan katon rukun banget, kaya-kaya ora kena dipisahake.

GLADHEN 1
Gamelan

Gamelan utawi gangsa mujudaken satunggaling kagunan (seni) tumrap tiyang Jawi.
Gamelan dumadi saking pinten-pinten rericikan pentatonis ingkang awujud wilahan, pencon,
kebukan, saha ingkang mawa kawat. Menawi sampun dipuntabuh nengsemaken sanget.
Saged kawastanan, gamelan punika musik orkestranipun tiyang Jawi. Ricikan gamelan
ingkang semanten kathahipun menawi dipuntabuh kanthi leres saged nuwuhake laras ingkang
sekeca dipunmirengaken. Gamelan punika salah satunggaling instrumen ingkang adiluhung.
Buktinipun inggih punika, gamelan taksih tetep lestari ing jaman kina ngantos sakmenika.
Gamelan ugi saged ngiringi manekawarni pagelaran kadosta ringgit, kethoprak, ludruk, tari,
lan sanes-sanesipun. Mandar sakpunika gamelan kangge kolaborasi kalihan musik diatonik
kados keyboard, organ, band, lan campursari.
Wiwit saking raja dumugi sakpunika sami remen dhateng gamelan. Malah ugi kathah
tiyang mancanagari saking Swiss, Jepang, Amerika, Jerman, Prancis, Spanyol, Australia, lan
sapanunggalipun ingkang kesengsem saha gumun dhateng kaelokaning gamelan. Ing
saperangan nagari kasebut ugi wonten sekolah nggamel (nggangsa) mandar dados mata
kuliah tumrap para mahasiswa. Emanipun saha kosok wangsulipun, tumrap tiyang Jawi
(mliginipun para kaneman utawa generasi mudha) kirang remen dhateng gamelan, mandar
kepincut, kapikut kalihan musik mancanagari. Punika wolak-waliking jaman, tiyang manca
remen dhateng kagunan Jawi, tiyang Jawi remen dhateng musik manca. Pramila eman sanget
menawi tiyang Jawi ngantos kecalan lacak, kecalan kagunan gamelan. Punapa boten
sungsang buwana balik menawi benjang tiyang Jawi kawon pinter nabuh gamelan tinimbang
tiyang manca, tiyang Jawi kedhah sinau nggangsa dhateng mancanagari?

(Kapethik saka: Serat Wedhatama anggitanipun KGPH Mangkunegara IV)

1. Serataken pokok-pokok surasanipun teks “Gamelan”!


2. Sebataken nilai-nilai ingkang kinandhut ing teks “Gamelan”!
3. Gamelan punika dumadi saking ricikan punapa kemawon?
4. Punapa sebabipun gamelan saged kawastanan musik orchestranipun tiyang Jawi?
5. Piwulang punapa ingkang saged dipunpendhet saking wacan ing nginggil?
GLADHEN 2
Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d, lan e kang koanggep bener!
1. Gamelan saka tembung gamel kang tegese….
a. nyanyi
b. nuthuk
c. nggesek
d. nabuh
e. namplek
2. Tukang nabuh gamelan diarani….
a. niyaga
b. sindhen
c. waranggana
d. dhalang
e. punggawa
3. Kang duweni 5 titilaras diarani….
a. pelog
b. slendro
c. pathet
d. wiraga
e. wirama
4. Bedane laras slendro lan laras pelog ana ing….
a. laras
b. wirama
c. titilaras
d. jinising pathet
e. cacahing wilahan
5. Murih bisa dirasakake kanthi kepenak, gendhing iku kudu nggatekake….
a. laras
b. wirama
c. titilaras
d. titiswara
e. titisastra
6. Gambar ing sisih kiwa iku diarani...
a. saron
b. demung
c. bonang
d. rebab
e. kenong
7. Piranti gamelan kang anggone nggunekake dikeplak yaiku….
a. saron
b. bonang
c. kempyang
d. rebab
e. kendhang
8. Ana bungah, ana susah iku wis lumrah. Iku kalebu purwakanthi….
a. swara
b. sastra
c. lumaksita
d. basa
e. saloka
9. Esuk nembang sore nembang,
tembangane asmaradana,
esuk ngadhang sore ngadhang,
sing diadhang ra teka-teka.

Tuladha ing dhuwur iku kalebu….


a. purwakanthi
b. parikan
c. wangsalan
d. basa rinengga
e. paribasan
10. Nyaron bumbung, nganti cengklungan olehku ngenteni. Nyaron bumbung batangane….
a. dandang
b. janggel
c. dangu
d. angklung
e. golekan

Tugas Portofolio
Gawea teks eksposisi babagan gamelan.

Paraf Wong
Biji
Tuwa

WULANGAN 5
AKSARA JAWA

G. Kompetensi Inti (KI)


KI 1 : Menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya.
KI 2 : Menghayati dan mengamalkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli
(gotong royong, kerjasama, toleran, damai). Santun responsif, dan proaktif dan
menunjukkan sikap sebagai bagian dari solusi atas berbagai permasalahan
dalam berinteraksi secara efektif dengan lingkungan sosial dan alam, serta
dalam menempatkan diri sebagai cerminan bangsa dalam pergaulan dunia.
KI 3 : Memahami, menerapkan, menganalisis pengetahuan faktual, konseptual,
prosedural dan metakognitif berdasarkan rasa ingin tahunya tentang ilmu
pengetahuan, tekhnologi, seni, budaya, dan humaniora dengan wawasan
kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan peradaban terkait penyebab
fenomena dan kejadian, serta menerapkan pengetahuan prosedural pada bidang
kajian yang spesifik sesuai dengan bakat dan minatnya untuk memecahkan
masalah.
KI 4 : Mengolah, menalar, menyaji dalam ranah konkret dan ranah abstrak terkait
dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah secara mandiri,
bertindak secara efektif dan kreatif, serta mampu menggunakan metode sesuai
kaidah keilmuan.

H. Kompetensi Dasar (KD) dan Indikator Pencapaian Kompetensi


KD 1.2 : Menerima, mensyukuri, menghayati, dan mengamalkan anugerah Tuhan
berupa bahasa Jawa dalam bentuk teks lima paragraf aksara Jawa.
KD 2.2 : Menunjukkan perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli (gotong royong,
kerjasama, toleran, damai), santun, responsif, dan proaktif dalam
menggunakan bahasa Jawa dalam bentuk teks lima paragraf aksara Jawa.
KD 3.2 : Mengidentifikasi kaidah penulisan teks 5 (lima) paragraph berhuruf Jawa
menggunakan aksara swara.
Indikator
10. Membaca 5 paragraf aksara Jawa
11. Mencermati titi sastra, titi wacana, titi ukara, titi tembung, lan titi swara
aksara Jawa.
12. Mempertanyakan titi sastra, titi wacana, titi ukara, titi tembung, lan titi
swara dengan bahasa dan sikap yang santun.
13. Menanyakan pokok-pokok isi.
14. Menemukan pokok-pokok isi yang terkandung di dalam teks aksara Jawa.
KD 4.2 : Menulis dan menyajikan teks berhuruf Jawa lima paragraph yang
menggunakan aksara swara.
Indikator
1. Menulis lima paragraf aksara Jawa yang mengintegrasikan aksara Jawa,
lisan atau tulisan.
2. Membetulkan kesalahan tulisan teman
3. Menganalisis titi wacana, titi ukara, titi tembung, lan titi swara
4. Menganalisis penggunaan aksara swara
5. Memberi tanggapan relevansi isi dengan realitas masyarakat saat ini.
6. Menyajikan tulisan aksara Jawa lima paragraph yang mengintegrasikan
aksara swara.
Seserepan

Maca aksara Jawa iku kudu sabar lan tliti. Maca aksara Jawa, mligine sing awujud
paragraf-paragraf, kudu ngatekakae pamedhoting tembung sajroning ukara, lan pamedhoting
ukara sajroning paragraf. Panulisane aksara Jawa iku ora ana let (spasine). Mula, kowe kudu nduwe
kawruh tembung lan basa kang akeh supaya anggonmu medhot tembung utawa ukara nalika maca
aksara Jawa ora njalari owahing makna. Katrampilan maca lan nulis aksara Jawa bisa digladhi sithik
mbaka sithik.

A. Aksara Legena (nglegena)


a n c r k
ha na ca ra ka
f t s w l
da ta sa wa la
p d j y v
pa dha ja ya nya
m g b q z
ma ga ba tha nga

B. Sandhangan
Sandhangan aksara Jawa iku ana 2, yaiku sndhangan swara lan sandhangan panyigeg.
Sandhangan swara cacahe ana 5, dene sandhangan panyigeg ana 4.
1. Sandhangan Swara
a. Wulu ( i ) minangka tandha swara “ i ”
Tuladha : siti = siti
b. Taling ( [ ) minangka tandha swara “ e “
Tuladha : kere = [k[r
c. Taling tarung ( […o ) minangka tandha swara “ o “
Tuladha : toko = [to[ko
d. Suku ( u ) minagka tandha swara “ u “
Tuladha : buku = buku
e. Pepet ( e) minangka tandha swara “ e “
Tuladha : setu = setu
Cathetan :
Aksara “ra” lan “la” ora kena dipepet, “ra” pepet diganti “pa” ceret, yaiku x, dene
“la” pepet kudu diganti “nga” lelet, yaiku X
2. Sandhangan Panyigeg (paten)
a. Layar ( / ) minangka tandha aksara “…r” (mati “r’)
Tuladha : semar = sem/
b. Wigyan ( h ) minangka tandha aksara “…h” (mati “h”)
Tuladha : gajah = gjh
c. Cecak ( = ) minangka tandha aksara “…ng” (mati “ng”)
Tuladha : gelang = gel=
d. Pangkon ( \ ) minangka tandha aksara sing mati ing pungkasaning tembung utawi
ukara, saliyane “ra”, “ha”, lan “nga”
Tuladha : jaran = jrn\
C. Aksara Mandaswara
1. Cakra “ra” ( ] ) kanggo aksara sing karangkep aksara “ra”
Tuladha : krakal = k]kl\, krungu = k]uzu, kripik = k]ipik\
Catehetan :
Aksara sing oleh sandhangan pepet ugi oleh cakra, kudu owah dadi “cakra keret”,
yaiku }
Tuladha : kreteg = k}teg\, precil = p}cil\
2. Cakra “la” ( L ) kanggo aksara kang karangkep aksara “la”
Tuladha : blaka = bLk, klilip = kLilip\, klewer = [kL[w/
3. Cakra “wa” ( W ) kanggo aksara sing karangkep aksara “wa”
Tuladha : swara = sWr, kwali = kWli, kwaci = kWci
4. Pengkal ( - ) kanggo aksara kang karangkep aksara “ya”
Tuladha : grapyak = g]p-k\, krupyuk = k]up-uk\, krepyak = k}p-k\
D. Angka Jawa

1 =1 6 =6
2 =2 7 =7
3 =3 8 =8
4 =4 9 =9
5 =5 10 = 10
Tuladha :
1. 2012 : 2012
2. 2013 : 2013
3. 1945 : 1945
4. Taun 2014 aku bali : taun\:2014:akubli
E. Aksara Murda
Aksara
No Pasangan Latin
Murda
.........®.....
1. ! Na
.

2. @ .........¯..... Ka

3. # .........°...... Ta

4. $ ........±...... Sa

5. % .........² Pa

6. ^ ........³..... Nya

7. & ........´..... Ga

8. * .......µ...... Ba

F. Aksara Swara
A I U E O
a i u e o
Gunane aksara swara;
1. Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangake vocal bebas. Ing sajroning Basa
Jawa, aksara swara iku ana 5 (lima) yaiku a, i, u, e, lan o. Aksara swara ora bisa dadi
pasangan, menawa dumunung ana ing saburine wanda sigeg, aksara sesigege wanda
kudu dipangku.
2. Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake, kayata;
Agustus, Ibrahim, Oktober, Usman, Inggris, Indonesia, lsp
3. Aksara swara ora kena dadi pasangan. Menawa dumunung ing saburine wanda sigeg,
aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku.
4. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara.
5. Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang wis rumasuk
basa Jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung manca, lumrahe katulis tanpa
aksara swara. Tuladhane kayata tembung Sansekerta “aksara” lumrahe mung katulis.
Tuladha;
a. Erika : Erika
b. Anit : Anita
c. ssiO[kTobe/ : Sasi Oktober
d. wuln\Ap]il\ : Wulan April
e. jene=[zInFhk/tiksri : Jenenge Indah Kartikasari

Gladhen 1
Wacanen teks aksara Jawa ing ngisor iki kanthi premati!

?[folneMv=AmBrw.
?ssiAgusT|sWizik=[gozisiwekT|
[l=ogrswi[saulznSe[msTe/,aku[folnMev=simBhai=AmBrw,ai=AmBrwakuzinepSemi=gusu[
w[n,si=fkSene=ginlikai=knyaikuaw[nk=ademLnSWsnk=g[watiayem\,akumesQibeth[folnHi=
kn.
?
ai=AmBrwsimBhs[aomhk[rop[kDkuk=asM[np[kDE/w[nTo,g/w[np[kDE/w[nToasM[nbu[dUt
mi,p[kDE/w[nTokguznPut][lo[ro,si=amBxpHsM[nms\AkB/lnSi=[nome/
[lo[roasM[nmBk\InFi,ms\AkB/aikukuliyhai=Unip+/sits\E/l=gai=$urby,
[f[nmBk\InFiaisihkelsTeluse[kolhmenezhatsPdk[roaku.sbenSbenHkulnSefulu/sefulu/kupdku
mPulMesQi[aomhffir[mkyps/av/am/gpdge[go[jgGn\.
?nlikakuai=fX[mMsimBh,nFillhms\AkB/auglgiw[a[konF|/sk$urby,ms\AkB/
[konF|/mev=AmBrwsp}luzb/rimr=keluw/g[nmnwssiO[kTobe/
[ssu[kK,ms\AkB/bklHujiynPenFd/rn\,mulkuwims\AkB/vuwu[nFozp[zsT|mr=bpkHibu[n.
?
ms\AkB/aikupinTe/,bukTi[nwiwitSe[kolhmesQiX=gnnFfijuwrkels\,mlhmlhnlikkuliyhaikims\
AkB/aug[anT|[kBysisWskUnip+/sitsHm/g[p]sTsi[n.
?
finkemisHkufij[kFni=mBk\InFi[folnMev=rwpeni=,rwpeni=[ynSkfX[msimBhylumynH[foh,a
nTr[ntelu=puluhmeni[tYnN|mP[kMo[t/o,
ai=rwpeni=mBk\InFic]itmr=akumulbuk[nkuqAmBrw,fumfi[nkuqAmBrwaikuangegyutT[nN
k[roc]itbrukLinQi=,AmBrwaikufumfisk[r=otemB|
=yaikuamBlnRw,skc]it[nmBk\InFiakuffize/tisejrh.
?[aork]swisSemi=gua=[gonK|[folnHi=fX[mMsimBh,rs[naisihbethlnF|ru=kepizinM|
lih,anzi=$e[n[nS[kolh,akukufuviypH[kpirnTipir
nTik=[gose[kolhku,ms\AkB/augwisTinFkMe[nhmev=$urby,akubvJ|/pmitMr=simBh,p[kD,bu
[ds/tmBk\InFi,simBhmeli=akusupysu[kY[nP]ai[folnM[nhmev=AmBrw.
Saka wacan ing dhuwur, wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?
2. Kapan anggone aku dolan menyang Ambarawa?
3. Sapa asmane putra-putrine Pakdhe Erwanto?
4. Apa prelune Akbar mulih menyang Ambarawa?
5. Crita apa kang ana gegayutane karo legenda dumadine kutha Ambarawa?

Gladhen 2
Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, d, lan e kang koanggep bener!
1. Anita lair ing kutha Sala sasi Oktober.
Ukara ing dhuwur menawa ditulis kanthi aksara Jawa dadi….
a. ?Anitlai/ai=kuq$lssiO[kTobe/.
b. ?Initlai/ai=kuq$lssiO[kTobe/.
c. ?Unitlai/ai=kuq$lssiO[kTobe/.
d. ?Enitlai/ai=kuq$lssiO[kTobe/.
e. ?Onitlai/ai=kuq$lssiO[kTobe/.
2. ?*mB=IrwnHikuput][nr[fn\A/jun.
Ukara ing dhuwur diwaca….
a. Bambang Gunawan iku putrane Raden Arjuna
b. Bambang Irawan ksatriya saka Alengka
c. Bambang Irawan ksatriya saka Astina
d. Bambang Susanto iku putrane Raden Jana
e. Bambang Irawan iku putrane Raden Arjuna
3. Ibu kaliyan bapak saweg tindak dhateng Ambarawa.
Menawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi….
a. ?aibukliynBpkTinFkDte=ImBrw.
b. ?aibukliynBpkTinFkDte=AmBrw.
c. ?aibukliynBpkTinFkDte=OmBrw.
d. ?aibukliynBpkTinFkDte=UmBrw.
e. ?aibukliynBpkTinFkDte=EmBrw.
4. ?aibugurumunD|tB|kukliy[nBo[lPnHi=[kopersiAfijy.
Ukara ing dhuwur menawa diowahi dadi basa ngoko yaiku….
a. Ibu Guru tumbas buku lan bolpen ing Koperasi Andi Jaya
b. Ibu Guru tuku buku lan bolpen ing Koperasi Edi Jaya
c. Ibu Guru tuku buku lan bolpen ing Koperasi Adi Jaya
d. Ibu Guru tumbas buku lan bolpen ing Koperasi Adi Jaya
e. Ibu Guru tumbas buku lan bolpen ing Koperasi Edi Jaya
5. Kalawingi bapak nembe kemawon …. dhateng Semarang.
Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur menawa ditulis ing aksara Jawa
yaiku….
a. rwh
b. [konF|/
c. munD|t\
d. tinFk\
e. luz
6. Aksara Jawa swara iku minangka njumbuhake aksara….
a. Bali
b. Dewanagari
c. Pallawa
d. Manca
e. Sansekerta
7. Salah sijining wujud pada kanggo aweh tandha manawa pamacane kudu mandheg
sawatara iku diarani….
a. pada lingsa
b. pada lungsi
c. pada pangkat
d. pada adeg-adeg
e. pada guru
8. Pada kang dumunung ana ing wiwitan ukara utawa bab anyar iku diarani….
a. pada lingsa
b. pada lungsi
c. pada pangkat
d. pada adeg-adeg
e. pada guru
9. Mangga, kula aturi dhahar.
“Matur nuwun, kula sampun….”
Tembung kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku…
a. maem
b. mangan
c. nedhi
d. dhahar
e. makan
10. Pak Darno : Kowe kok ngerti ta Le?
Yono : “Inggih, kula ngertos amargi rumiyin Ibu….“
Tembung kang trep kanggo njangkepi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku….
a. matur
b. omong
c. celathu
d. ngendika
e. ngendikan

Gladhen 3
Wacan ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa!
Raden Arjuna
Raden arjuna iku putra nomer telu saka Prabu Pandhudewanata saka nagara
Astinapura. Raden Arjuna uga diarani Raden Janaka, Raden Arjuna iku saliyane bagus
rupane uga alus tindak tanduke, jujur, welas asih, sekti mandraguna, lan setya ing janji.
Gamane Raden Arjuna iku ana akeh, antarane panah pusopati, panah sarotama, keris
pulanggeni, lan aji sepi angin. Raden Arjuna kagarwa Dewi Sembadra peputra Raden
Abimanyu, dene saka garwa Dewi Ulupi peputra Bambang Irawan.

Tugas Proyek
Gawea kelompok 4-5 siswa, banjur tulisen limang paragraf nganggo aksara Jawa kang
nggunakake aksara swara!

Paraf Wong
Biji
Tuwa
UJI KOMPETENSI SEMESTER GASAL

1. Kinanthi
Pinggir sendhang ana gadhung
Rumambat ing klapa gadhing
Pinencokan manuk podhang
Sajodho tan ana tandhing
Jroning gedhong ana endhang
Sang Sumbadra lan………
Tembang kang trep kanggo ngganepi gatra 6 yaiku….
a. Sinta
b. Kunthi
c. Madrim
d. Drupadi
e. Sri Kandhi
2. Tembang Kinanthi iku kalebu serat….
a. Wulangreh
b. Wedhatama
c. Tripama
d. Kalitidha
e. Sansekerta
3. Kusumastuti lan Pamularsih iku kalebu tembang….
a. cilik
b. gedhe
c. tengahan
d. kawi
e. macapat
4. Nggambarake wektu laire anak. Manungsa tinitah ing alam donya saka guwa garbaning
ibu. Kalebu filosofine tembang….
a. Maskumambang
b. Mijil
c. Sinom
d. Kinanthi
e. Asmaradana
5. Gunane tembang macapat yaiku….
a. Ngarang kapustakan Jawi
b. kanggo nggiringi lagu dolanan
c. aweh pitutur marang liyan
d. nggawe sengsara wong kang maca
e. kanggo dhagelan
6. Pathokaning tembang Kinanthi yaiku….
a. 10i,6o,10e,10i,6i,6u
b. 7u,10u,12i,8u,8o
c. 12a,7i,6a,7a,8i,5a,7i
d. 8u,8i,8a,8i,8a,8i
e. 8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i
7. Wos kang kamot ing Serat Wedhatama iku ngajarake supaya padha sembah raga, sembah
cipta, sembah rasa. Apa kang dimaksud sembah raga ing Serat Wedhatama iku ….
a. bisa dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang
kekuwasaane Gusti kang Akarya Jagad
b. manembah mring Gusti kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah
ing agama kanthi kasad mata
c. ngresiki batin kanthi waspada lan eling
d. agama minangka cagaking urip
e. sakabehe tindak tanduk becike mung apa anane wae
8. Kumpulan tembang sawarna kang kedadeyan saka pirang-pirang pada lan kang
surasaning cakepan siji lan sijine ana gegayutane iku diarani….
a. pupuh
b. pada
c. guru gatra
d. guru lagu
e. guru wilangan
9. Paugeran cacahing larik ana ing tembang saben sapadane diarani….
a. tembang
b. guru gatra
c. cakepan
d. irama
e. cengkok
10. Tetembungan utawa unen-unen kang ana ing sajroning tembang diarani….
a. cengkok
b. irama
c. titi laras
d. gendhing
e. cakepan
11. Tembang Kinanthi iku anggitane….
a. Sunan Geseng
b. Sunan Giri
c. Sunan Gunung Jati
d. Sunan Erucakra
e. Sunan Bonang
12. Sing diarani geguritan ing basa Indonesia yaiku….
a. puisi
b. cerpen
c. novel
d. roman
e. cerkak
13. Bedane geguritan lan gancaran iku manggon ing babagan….
a. basa
b. isi
c. ancas
d. wujud
e. pangripta
14. Unsur grguritan yaiku
a. tema
b. paraga
c. isi
d. basa
e. latar
15. Aja dumeh

Manungsa
Padha ngertia
Menawa urip ana ngalam donya
Mung sedhela
Ora suwe kaya sing kok kira
Mula,
Manungsa
Padha eling lan waspada
Aja dumeh
Sugih bandha
Sugih donya
Kuwi ra guna
Menawa ora duwe duga

Piweling ingkang saged dipunpendhet saking geguritan “Aja dumeh” inggih punika….

a. Urip ning ngalam donya mung sedhela


b. Urip iki mung sedhela, mula aja gelem rekasa
c. Wong urip kuwi kudu duwe duga lan waspada
d. Urip kuwi kudu sugih bandha, supaya mulya ing donya
e. Manungsa kudu eling lan waspada bilih urip ing donya kuwi namung mampir
ngombe, mula aja gumedhe
16. Tema geguritan ing dhuwur yaiku….
a. politik
b. pendhidhikan
c. kauripan
d. sosial
e. budaya
17. Tembung “ Aja dumeh” tegese….
a. umuk
b. gumedhe
c. aja sombong
d. kemaki
e. nggaya
18. ……………………..
Delengen githokmu dhewe
Ngiloa ing kaca gede kang rada suwe
Banjur
Rungokna
Ana sawara tanpa sangka
Nuli
Waspadakna
Ana tandha tanpa irama
Kepriye Alam sawegung Wis ngelingake
………………………..
Isi saka geguritan ing dhuwur yaiku….
a. Tandha-tandha alam wis rusak
b. Alam wis ngelingke tanpa tandha
c. Kon waspada yen alam wis ngelingake
d. Kon padha intropeksi dhiri alam wis ngelingake
e. Kon ngrunggokake alam sing wis ngekei tandha-tandha
19. Pamilihaning tembung-tembung endah ing sajroning geguritan diarani….
a. tema
b. amanat
c. diksi
d. nada
e. rima
20. Bapak tindak Semarang kalawau enjang.
Tembung tindak iku kalebu….
a. jejer
b. wasesa
c. lesan
d. katrangan wektu
e. katrangan papan
21. Adik dolanan layangan ing lapangan.
Tembung ing lapangan kalebu….
a. jejer
b. wasesa
c. lesan
d. katrangan wektu
e. katrangan papan
22. Wacana kang nggambarake prastawa, kedadeyan, apa dene gegambaraning samubarang
prakara kanthi cetha lan rinci diarani….
a. narasi
b. deskripsi
c. argumentasi
d. eksposisi
e. persuasi
23. Busana adat Jawa iku kudu nggatekake….
a. jinising busana
b. kaanan
c. prastawa
d. padatan
e. priasan
24. Busana adat Jawa tumrap priyayi kakung diarani….
a. keris
b. beskap
c. blangkon
d. nyamping
e. kebayak
25. Tumrap priyayi putri, busana adat Jawa iku diarani….
a. beskap
b. klambi
c. kebayak
d. ukel
e. stagen
26. Wong Yen duwe pamikiran utawa penggalih kudu kenceng ora gampang kena ombang-
ambinge kahanan utawa bujuking wong liya tegese….
a. blangkon
b. beskap
c. epek timang
d. nyamping
e. canela
27. Gambar ing sisih kiwa iku jenenge….
a. nyamping
b. jarik
c. epek
d. timang
e. stagen
28. Unen-unen “adigang, adigung, adiguna” iku kalebu tuladha….
a. parikan
b. paribasan
c. sanepa
d. isbat
e. wangsalan
29. Isbat iku arupa unen-unen kang isine ngelmu….
a. sihir
b. ghaib
c. santhet
d. alam
e. jiwa
30. Ngangsu pikulan warih.
Unen-unen ing dhuwur iku kalebu….
a. Paribasan
b. sanepa
c. parikan
d. isbat
e. wangsalan
31. Anteng kitiran tegese polah (obah terus).
Unen-unen ing dhuwur iku kalebu….
a. isbat
b. bebasan
c. paribasan
d. parikan
e. sanepa
32. Tatune arang kranjang tegese….
a. tatune akeh banget
b. tatune ora ana
c. tatune arang-arang
d. tatune sethithik
e. tatune kaya kranjang
33. Urut-urataning swara wiwit saka sing endhek nganti sing dhuwur sarta runtut swarane
diarani….
a. gamelan
b. cakepan
c. laras
d. pathet
e. bawa
34. Titi laras slendro yaiku….
a. 1234567
b. 12345671
c. 12345
d. 13571
e. 12356
35. Pathet iku mertandakake ….
a. dina
b. sasi
c. mangsa
d. wayah
e. titilaras
36. Salah sawijining wacana kang tujuane kanggo njabarake wawasan, kanthi njlrentrehake,
menehi pangerten, nerangake sawijining bab, utawa ngaturake informasi kanggo sing
maca, supaya bisa nampa utawa narima isine wacan diarani wacana….
a. narasi
b. deskripsi
c. argumentasi
d. eksposisi
e. persuasi
37. Sipate paragraf eksposisi yaiku….
a. fiksi
b. nonfiksi
c. digawe-gawe
d. runtut
e. menehi lelipur
38. Pagelaran jathilan kawiwitan kanthi jogedan dening para paraganipun kanthi alon – alon,
namung gerakanipun langkung dangu langkung cepet, ndherek ritme tabuh suwanten
gamelan. Perangan gamelan arupi kendhang, kenong, gong, lan slompret. Jathilan ugi
dipuniringi kanthi tembang – tembang ingkang surasanipun supados manungsa tansah
tumindak becik.
Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf….
a. narasi
b. persuasi
c. deskripsi
d. eksposisi
e. argumentasi
39. Ukara kang ngemu tembung-tembung runtut (runtut swarane utawa runtut sastrane)
diarani….
a. parikan
b. wangsalan
c. sanepa
d. purwakanthi
e. isbat
40. Kala kula kelas kalih kula kolak kolang kaling kalih kilo kalihan kalung kilong-kilong.
Ukara iku kalebu tuladha purwakanthi….
a. swara
b. sastra
c. basa
d. lumaksita
e. guru
41. *egwnHbiysapeput]%nF| diwaca….
a. Bima apeputra Pandu
b. Arjuna apeputra Pandu
c. Begawan apeputra Pandu
d. Hermawan apeputra Pandu
e. Werkudara apeputra Pandu
42. Pada lungsi wujude….
a. .
b. ,
c. \
d. /
e. [
43. Gunane pada pangkat yaiku….
a. Kanga tandha koma
b. Kanggo tandha titik
c. Tandha awal kalimat
d. Kanggo pambuka layang
e. Kanggo ngapit angka Jawa
44. A/junaikupnezai=pnDw
Aksara kang migunakake aksara swara yaiku….
a. A
b. I
c. U
d. E
e. O
45. Indonesia Negara kang gemah ripah loh jinawi.
Ukara ing dhuwur yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku….
a. mnu=skufuwisR|m=s
b. an[kPolhbpkep]dh
c. gituture=gurukufufigugulnFitiru
d. sefulu/kucchtelu,si=pmBxpLnPne=gkLn=
e. Ii[nFonesiynegrk=gemhriph[lohjinwi
46. !biAnmHiku!binpi=pisn\
Tembung ing dhuwur kang migunakake aksara swara ana ing tembung….
a. !bi
b. Hiku
c. kpi=
d. Afm\
e. pisn\
47. Wujud pada adeg-adeg yaiku....
a. n/
b. h
c. j
d. ?
e. l
48. Bis kae bobote 653 ton.
Yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi….
a. bisK[a[bo[bo[t:642:[ton]
b. bisK[a[bo[bo[t:653:[ton]
c. bisK[a[bo[bo[t:652:[ton]
d. bisK[a[bo[bo[t:643:[ton]
e. bisK[a[bo[bo[t:645:[ton]
49. UnÒ|=wisM|lihse[kolh
Aksara swara kang ana ing ukara kasebut yaiku....
a. A
b. I
c. U
d. E
e. O
50. Ida tumbas buku ing warung sisih wetan.
Ukara ing dhuwur yen ditulis kanthi aksara Jawa yaiku....
a. IftumBsB|kuai=wru=sisih[wtn\
b. AftumBsB|kuai=wru=sisih[wtn\
c. UftumBsB|kuai=wru=sisih[wtn\
d. EftumBsB|kuai=wru=sisih[wtn\
e. OftumBsB|kuai=wru=sisih[wtn\
Kapustakan

Sudi Yatmana, dkk.2015. Kabeh Bisa Basa Jawa 3. Yudhistira


Sri Widiyani, dkk. 2015. Trampil Basa.Surakarta: Mediatama
Nuraini. Pepak Basa Jawa. Lingkar Media

Anda mungkin juga menyukai