Anda di halaman 1dari 49

LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER I

KD 3.1/4.1

1. Materi Serat Wedhatama Pupuh Pocung


 Pethikan Serat Wedhatama Pupuh Pocung

01

• Ilmu iku, kelakone kanthi laku. Lekase lawan kas. Tegese kas nyantosani. Setya
budya pangekesing dur angkara.

• Gancaran: Ngelmu menika dipunlampahi kanthi niyat ingkang tulus lan setya, saking
tumindak menika saged nyantosani lan nyingkiraken pikiran napsu angkara.

02

• Angkara gung, neng angga anggung gumulung, Gegolonganira. Triloka lekere kongsi.
Yen den umbar ambabar dadi rubeda.

• Gancaran: Napsu angkara ingkang agung tansah mrangguli marang dhiri lan mbujuk
rayu ngantos andadosaken tiyang sanes kabujuk marang napsu menika kadosta kepengin
nguwasani tigang jagad, menawi boten dipunleremaken andadosaken bebaya.

03

• Beda lamun kang wis sengsem reh ngasamun. Semune ngaksama, sesamane bangsa
sisip. Sarwa sareh saking mardi martatama.

• Gancaran: Benten kaliyan ingkang sampun remen marang laku kautaman, tansah
paring pangapura lan sabar budidaya tumindak ingkang becik.

 Paugeran Tembang Pocung


Tembang macapat Pocung saged ugi kawastanan tembang alit, inggih menika tembang
ingkang anggadhahi paugeran kadosta ing ngandhap menika.
• Guru gatra, inggih menika cacahing larik/gatra saben satunggal pada

• Guru wilangan, inggih menika cacahing wanda saben satunggal gatra

• Guru lagu, inggih menika dhong-dhinging swanten saben pungkasaning gatra


Paugeranipun tembang Macapat Pocung:

• Guru Gatra :4

• Guru Lagu : 12, 6, 8, 12

• Guru Wilangan : u, a, i, a

 Tatacara Damel Tembang Macapat Pocung

• Nemtokaken tema

• Nemtokaken pamilihing tembung

• Dipuntaliti saben gatra sami kaliyan paugeran tembang punapa boten,

 Tatacara Ngoreksi Tembang Macapat


 Maos tembang
 Ngoreksi paugeranipun
 Ngoreksi diksinipun
 Ngoreksi wosipun
 Paring panyaruwe

2. Penilaian

A. Sikap spiritual
B. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat
pembelajaran
berlangsung
C. Penilaian Pengetahuan :

Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Isian

Lembar kerja
a. Dipunjangkepi Serat Wedhatama Pupuh Pocung wonten ing ngandhap iki
kanthi nengenaken paugeran tembang macapat Pocung.
a. Angkara gung, neng angga anggung gumulung,
Gegolonganira.
....
....

b. ...,
Semune ngaksama,
sesamane bangsa sisip.
....

Pedoman Penskoran
Setiap gatra memiliki skor 5, maka dalam penentuan skor maksimal dirumuskan;
5 × 4 ×5
Maka Skor Maksimal 100.

D. Penilaian Keterampilan :

1. Teknik penilaian : Tes Praktik

2. Bentuk instrumen : Tes Menulis dan Membaca Nyaring

Lembar Kerja:
1. Para siswa damel cakepan tembang macapat Pocung kanthi tema mardika lan
nengenaken paugeran tembang Pocung ingkang sampun dipunrembag sesarengan mawi
basa Jawa ragam Ngoko.
2. Sawuse para siswa damel cakepan, saged dipuntembangaken cakepan kalawau
kanthi nengenaken tuladha video tembang, dipunkintun kanthi wujud video.
Pedoman Penskoran
Kriteria penilaian untuk tes menulis ada diksi dan ejaan juga tes membaca nyaring
dengan kriteria artikulasi, intonasi, dan sikap dan masing-masing terdiri rentang skor 1-
50, maka dalam penentuan skor maksimal dirumuskan;
50 ×2=100
LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER I

KD 3.3/4.3

1. Materi Novel
 Novel lan tegese
Novel inggih menika wujud sastra ingkang wujudipun rerangken gancaran (prosa)
ingkang panjang ngandhut rerangken carita bab panguripan sawijining paraga lan paraga ing
sakupengipun kanthi medalaken watak lan sipatipun saben paraga. (Kamus Besar Bahasa
Indonesia)

 Titikane Novel
1. Dipuncariyosaken sepisan boten rampung lajeng dipundamel pinten-pinten
bab
2. Watak dipungambaraken kanthi princi
3. Konflik utawi cecongkrahan boten ngantos ngewahi laku kauripan
tokoh/paraga
4. Sawijining cecongkrahan dipunlampahi paraga naratif/urut ingkang kathah.

 Unsur Intrinsik
a. Tema inggih menika ide pokok utawi babagan ingkang wigati lan andhasari
carita novel.
b. Setting minangka unsur ingkang mbiyantu gegambaraning laku carita, setting
kaperang dados wekdal, papan/panggenan, lan swasana.
c. Punjering Crita kaperang dados 3.
Sesulih tiyang Kapisan, Pengarang migunaaken sudut pandang paraga lan tembung
sesulih tiyang kapisan (Kata ganti orang pertama), nyariosaken punapa ingkang
dipunlampahi, lan medalaken pangraosipun piyambak kanthi tembung-tembung piyambak.
Sesulih tiyang Katelu, Pengarang migunaaken sudut pandang paraga bawahan,
pengarang langkung kathah ningali saking sanjawining carita, Pengarang padatanipun
migunaaken tembung sesulih tiyang katelu (Kata ganti orang ketiga)
Sudut Pandang impersonal, Pengarang sajatosipun dumunung wonten ing sanjawining
crita, ananging sarwi mirsani, ningali, lan mangertosi, Pengarang saged mirsani paraga
ngantos tekan salebeting pikiran lan manahipun.
d. Alur/plot, rerangkening prastawa/kedadeyan ing Novel, alur kaperang dados;
 Maju (Progresif)
 Mundur (Regresif)
 Campuran
e. Penokohan, nggambaraken karakter kangge paraga. Paraga saged
dipunmangertosi karakteripun saking tumindakipun, ciri fisik, lan lingkungan.
f. Cakrik/Gaya Basa, inggih menika gaya ingkang dipunginakaken wonten ing
novel kasebat.
g. Amanat, Pesen / Piweling ingkang badhe dipunaturaken pengarang marang
pamaos Novel.

 Unsur Ekstrinsik
a. Gandheng ceneng, salah satunggaling novel kedah wonten gandheng
cenengipun marang prastawa utawi babagan wigatos ingkang dumadi wonten ing masyarakat.

Sinopsis
 Sinopsis inggih menika ringkesan salah satunggaling carita. Ringkesan inggih
menika salah satunggaling wujud nyekakaken carita kanthi tetep nengenaken unsur-unsur
intrinsic carita kasebat. Padatanipun sinopsis kirang saking 300 tembung.
 Tatacara damel sinopsis :
1. Maos naskah aslin, ngangge madosi gagasan utama
2. Nyathet gagasan utama ingkang wigati
3. Ngrantam (nyusun) malih gagasan utama dados paragraf
4. Dialog lan monolog cekap dipunserat wosipun kemawon
5. Sinopsis boten kenging ewah saking lelampahanipun carita asli.
2. Penilaian
A. Sikap Spiritual
B. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat
pembelajaran
berlangsung

C. Penilaian Pengetahuan :

Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Uraian

Lembar Kerja

Tuladha Pethilan Novel “Singkar” dening Siti Aminah.


Gerimis, jare para ahli mono iki wis dudu mangsane. Ketiga wis anguk – anguk teka.
Najan semono, Yogya lan kutha – kutha ing pesisir kidul isih asring katekan udan kang jare
para ahli merga penyimpangan cuaca. Udan kang dikira nandhakake mangsa rendheng bakal
dawa. Mula saperangan para tani durung nyiapi bakal tekane ketiga.
Jam sewelas kurang limang menit. Nani mbenakake kemule. Nginger awake, ngungkuri
Inten kang mapan ing sandhinge. Mung sedhela. Banjur minger maneh madhep gegere Inten.
Kenya iku katon yen ora njenjem. Mripate dilekake. Nyawang jam kang dhetikane ora ana
enteke. Unjal ambegan. Banjur tangi, lungguhan sendhen ing ndhas – ndhasan dhipan.
Tangane kemlawe ngranggeh HP kang diseleh ing meja sacedhake. Wis pirang – pirang dina
telepon seluler iku ora diaktifake. Ora suwe sawise tombol kapencet, sapirang – irang SMS
mbrudhul tekane. Nomere Nusa sing paling akeh ditemokake.
Nusa, nom – noman gondrong iku banjur katon kledhang – kledhang ing angen –
angene. Wong lanang kang tansah kanthil ing atine, nanging ora dikarepake dening ibune.
Mbokmenawa yen kandhane Inten bener, dudu ora dikarepake, nanging durung dipercaya
dening ibune. Digagas ya pancen tinemu nalar. Wong tuwa endi wae, umume kepengin
ngeculake anake urip bebrayan karo wong kang wis cetha tembe burine. Kanthi mengkono
wong tuwa ora sumelang anake bakal urip kapiran. Sanajan bab kuwi ya dudu jaminan.
Nyatane akeh kang miwiti urip bebrayan mung kanthi modal katresnan sidane ya bisa
nyukupi kebutuhane.
Hhh.. Nani unjal ambegan. Ngeling – eling pengalamane sedulur – sedulure, tangga
teparone nalika nembe miwiti bebrayan. Maneka rupa, pancen wong mono siji lan sijine
beda, mula anggone golek dalan urip lan ngecaki panguripan uga ora padha. Nah! Iki sing
ibune ora nglegewa. Nani rumangsa entuk insight. Yen ibu bisa mikir tekan semono, mbok
menawa Nani bisa entuk dalan kanggo mbacutake sesambungane karo Nusa. Perkarane, sapa
sing suwe pengaruh tumrap pemikirane ibune.? Hahh Nani bali nglokro. Bapakne cetha ora
bisa. Kepriye yen simbah?
Nani bali nunul – nunul HPne. Ora suwe keprungu swarane, “Hei, halo, Sa…” durung
nganti bacutake anggone celathu Nusa wis nrambul.
“Hei! Neng ngendi kowe. Adhimu mrene, bingung nggoleki. Lunga ora pamit, HPne
dipateni..”
“Oke, iya, aku ngaku luput,” bali kandheg anggone omong merga kaselak ditrambul
maneh dening Nusa.
“Ana prekara ki dirembug, dirampungake, ora kabur ngono kuwi. Jare wong organisasi,
yen ngono carane bisa dithuthuki.”
“Aja kok seneni wae ta!” Nani wiwit mangkel. “Merga kepengin ngudhari perkara iki,
mula aku ngubungi kowe. Dadi aja ngunek –ngunekake wae. Aku kepengin ketemu kowe.”
Inten kang isih nggletak ing sisihe Nani mbuka mripate angop. Kethap – kethip
nyawang kancane kang nembe teleponan sinambi mecucu lan kala – kala uga ngguyu. Mesthi
nembe telpon pacare Inten mbedhek
Nani isih rembugan “Rada esuk ya?”
“Wong tangine wae awan,” wangsulane Nusa.
“Yawis esuk ukuranmu!”
“Omahe ngendi? Aku ora kelingan.”
“Alah wis tau dakajak mara masak ora kelingan. Penen. Penen!
“Ancer – ancere”
“Pancen kowe ki ora gatekan!” Nani katon mecucu, banjur mbacutake, “Prapatan
Denggung nengen.”
“Sing ana tamane cilik kae ta? Cedhak lapangan?”
“La iya, sing yen ngiwa tekan kabupatenan. Terus mengko ana prapatan pisanan bablas,
prapatan kapindho menggok nengen. Nemu gapura kiwa dalan, mlebu, mlipir desa mentok,
banjur menggok ngiwa. Wis tekan kono takon, mengko rak tekan.”
“Yah”
“Tenan ya?”
“Iya iya. Enteni wae, yen esuk ora ana teka ya awan, yen awan ora teka ya..”
“Ah wong organisasi kok ora duwe sikap!”
“Oke oke. Dak usahake tangi esuk. Selak kangen ya?” Nusa gumuyu sajak ngece.
“Ora! Kowe ta sing kangen?” Nani rada sengol.
Nusa saya ngguyu. Dheweke wis apal marang pakulinane Nani. Yen bab rasa, endi
gelem dheweke ngakoni. Mesthi gengsi. “Wong kepepet kok isih gengsi. Ya wis yen kangen
sesuk tak tambani.”
“Mbuh! Wis, sesuk dak enteni. Nuwun ya,” Nani nutup rembuge. Noleh Inten kang
nyawang dheweke, mesem.
“Ah, sing arep diparani bungah,” celathune inten karo ngolet
“Lha iya kaya durung tau ngrasakake,” Nani nyeleh Hp ne ing papan sakawit. Banjur
bali nglekar ing sandhinge Inten. Menerake kemule. “Heh.. adheme.”
Let sedhela kahanan bali sepi. Nani ngungkuri Inten, semono uga Inten uga ngungkuri
Nani. Kekarone padha denen merem. Nanging jebul mung ubeg dening pikirane dhewe –
dhewe.
“In,” ora betah sidane Nani celathu, “Kowe wis turu?”
Inten wangsulan tanpa nginger awake, “Durung.”
“Aku kok dadi rangu – rangu.”
“Ngapa?” kekarone panggah ungkur – ungkuran.
“Aku ki wis bener durung ya milih Nusa?”
Inten mesem. “Lha mbuh, sing milih kowe dhewe.” Nani mlumah. “Biyen pisanan
rasane ya kaya kedanan. Ning suwe – suwe mung biasa. Yen ora merga Kurniawan ngoyak –
oyak aku, mbok menawa wis daktinggal.”
“Dadi Nusa mung kanggo tameng?” Inten nusul mlumah.
Angluh, “Embuh ya.”
Kekarone meneng. Ing njaba, gerimis uga wis lerem. Mung kari keprungu swara
jagkrik ing longkang, dhetikan jam, lan wong loro padha ambegan.
“Padatan yen wis dadi pacare ya ngono kuwi, Nan,” sidane Inten celathu, ngambyarake
lamunan. “Biyen pas ngoyak ki rasane apa wae bakal dilakoni ta? Bareng wis kecekel ya wis.
Wis udhar semangate, ora ana tantangane. Nembe menawa tininggal, kelangan. Yen kadhep
ora krasa butuhe.
“Iya ya? Nani ngguyu alon. Kelingan menawa kepethuk Nusa pegaweyane mung padu
wae. Nanging yen sautara ora patemon, rasane kok ya kelangan . “Ning kayane Nusa ki duwe
pandangan ngenani sesambungan. Kuwi lho sing marai ngganjel neng atiku.”
“Piye pandangane?”
Nani unjal ambegan. “yen diajak mbayangake kepriye bakale sesambungan iki,
dheweke mesthi ngendhani.”
“Merga durung siap wae. Dheweke durung cekel gawe, kowe dhewe durung lulus
kuliahmu.”
“Ora , dakkira dudu kuwi.”
“Terus?” Inten noleh marang kancane kang nglethak ing sandhinge.
Nani kang disawang malah bali unjal ambegan. Nyawang mendhuwur, menyang langit
– langit kamar kang ing kana – kene dithukuli sawang. “Sajake ki Nusa ora karep omah –
omah.”
“La piye?”
Nani ngranggeh guling ing sandhinge banjur ditumpaki, mengkurep, raine kaadhepake
marang Inten. “Karepe ki mung pacaran thok. Le seneng ki ya kayane ya seneng, nanging
wegah gawe komitmen. Dheweke wegah urip ing sajroning ikatan formal ngono lho In.”
Inten mikir sedhela.”Apa ora merga rumangsa durung mapan? Utawa rumangsa terlalu
awal kanggo mikirake bab omah – omah.
Nani gedheg alon.” Ora, In. aku pancen durung tau ndhedhes kepriye karepe. Nanging
saka omongane wis katon.” Nani ngeremake mripate kang krasa panas. Unjal ambegan.
Bebarengan karo metune saka irunge, mili banyu bening saka mripate. “Sesuk aku ketemu
dheweke, aku ora ngerti apa kuwi bisa ngenthengake panyanggahku utawa malah sawalike.
Aku ora bisa njagakake dheweke kanggo mbiyantu ngudhari perkaraku karo ibuku.
Nani nyelehake awake ing dhipan, panggah ngekep guling sinambi sesrenggukan.
Sasuwene iki, dheweke nyoba nglelipur atine menawa panjangka kang beda antarane
dheweke lan Nusa bakal ketemu ing sawijining wektu. Awit Nani percaya menawa tresna
mono kuwawa nyawijikake dalan kang beda. Nanging saiki, wengi iki, nalika Nani rumangsa
mbutuhake Nusa kanggo mbiyantu nguwalake dheweke saka burenging pikir, kang teka
malah rasa rangu – rangu. Apa Nusa saguh mbiyantu? Aja – aja malah dheweke malah
mlayu, ninggalake Nani lan ruwet rentenge pikirane. Merga ora kepengin kajiret sajroning
lembaga kang formal.
Wengi terus lumaku. Gerimis wis ora keprungu. Mung kari dhetikan jam saut sautan
karo swarane Nani kang sesrenggukan. Inten panggah meneng. Ora ngerti kang bakal
digunem. Kaya – kaya luwih becik ngumbarake kancane sajroning tangis awit kanggone,
tangis mono bisa ngenthengake batin saka panyanggane.

Pitedah Pakaryan

a. Para siswa madosi wosing cariyos wonten ing pethilan novel menika kanthi
ngisi kolom wonten ing ngandhap.

No Wosing Novel
.

b. Sumangga para siswa madosi unsur intrinsik saking pethilan novel menika
kanthi jangkep.

Pedoman Penskoran
Untuk Soal A, hanya mengacu kriteria pemilihan diksi, tata tulis, dan korelasi petikan
teks novel, masing-masing memiliki skor 10. Maka dalam menentukan skor soal A
dirumuskan;
10 ×3=30
Untuk soal B, unsur intrinsik terdiri dari 7 unsur. Jika jawaban benar maka setiap unsur
rentang skornya 1-10, maka dalam menentukan skor soal B dirumuskan;
10 ×7=70
Sehingga skor maksimal hanya dijumlahkan dari soal A dan B menjadi 100.
D. Penilaian Keterampilan :

1. Teknik penilaian : Tes Praktik

2. Bentuk instrumen : Tes Menulis

Lembar Kerja:
a. Saking novel ingkang dipunwaos, sumangga para siswa damel sinopsis
pethilan teks novel kasebat kanthi nengenaken paugeran diksi, korelasi kaliyan wosing
crita, lan tata tulis.

Pedoman Penskoran

Untuk Soal A, hanya mengacu kriteria pemilihan diksi, tata tulis, dan korelasi petikan
teks novel, masing-masing memiliki skor 30. Maka dalam menentukan skor maksimal
dirumuskan;
30× 10
=100
3
LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER I

KD 3.4/4.4

1. Materi Teks Sesorah


 Sesorah lan Tegese
Sesorah inggih menika wedharan gagasan ingkang dipunbiyawaraaken dhateng
sangajengipun tiyang kathah.

 Ancasipun Sesorah

a.      Kagem ngaturaken kawruh marang tiyang kathah.

b.      Kagem ngaturaken kabar utawi informasi marang tiyang kathah.

c.      Aweh panglipur.

d.      Mbujuk supados ndherekaken punapa ingkang dipunandharaken pamicara.

 Metode Sesorah
a. Metode naskah, inggih menika metode ingkang dipunginakaken kagem
sesorah resmi ingkang dipunwaos kanthi langsung.
b. Metode apalan, inggih menika naskah ingkang sampun dipunrancang
saderengipun boten kagem dipunwaos ananging dipunapalaken.
c. Metode Impromtu, inggih menika metode ingkang dipuntindakaken dadakan
tanpa damel naskah rumiyin.
d. Metode Ekstemporan, inggih menika sesorah kanthi migunaaken cathetan alit
ingkang wosipun bab-bab ingkang dipunanggep wigati kagem menawi badhe sesorah.

 Bab Wigati Nalika Sesorah

a.      Basa, nalika sesorah pamilihing basa ingkang dipuntuju audience/tiyang kathah


menika mawi basa Jawa ragam Krama, ananging menawi badhe ngaturaken kagem dhiri
pribadhi mawi basa Ngoko Alus.

b.      Pocapan, nalika sesorah kedah mocapaken (artikulasi) kanthi cetha supados tiyang
asanes miyarsaaken saged nampi wosing sesorah.

c.      Wiramaning swara, nalika sesorah kedah mawi wiramaning swara (intonasi)


supados saged kepenak dipunmiyarsaaken.
d. Solah bawa / sikap, nalika sesorah badanipun jejeg lajeng asta ngapurancang (asta
ingkang tengen nggegem asta ingkang kiwa) lajeng boten tegang ananging prasaja kemawon.

e.      Busana, nalika sesorah ngagem busana kanthi nengenaken kawontenan adicara,
menawi mahargya temanten mawi busana bebetan/jawi, menawi adicara resmi sanesipun
mawi klambi kerahan lan sapiturutipun.

 Perangan sesorah
a. Pambuka, Suraosipun ngandharaken salam, mbagegaken ingkang sami rawuh,
lan ngaturaken puji syukur marang sahandhap pepadaning Gusti.
b. Surasa, perangan menika ngemot andharan wigatining sesorah.
c. Wasana, wonten ing babagan menika dipunandharaken wos wigatinipun
sesorah lan dudutanipun. Salajengipun ngaturaken pangajak marang kabecikan, lajeng
dipunpungkasi ngaturaken kaluputan anggenipun ngandharaken sesorah llan salam panutup.

2. Penilaian
A. Sikap spiritual
B. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat
pembelajaran
berlangsung

C. Penilaian Pengetahuan :
Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Isian

Lembar kerja
 Tuladha teks sesorah
Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh
Katentreman, kawilujengan, kabahagyan, mugi kajiwa kasarira wonten ....

ngarsa panjenegan sadaya, waradin sagung dumadi.


Nuwun, wonten ngarsanipun para pinisepuh sesepuh ingkang tansah
pinundhi-pundhi, para alim, para ulama, para kyai sarta rohaniawan ingkang
sanget dipunmulyakaken dening Gusti ingkang murbengrat, saha Para Tamu
....
kakung putri ingkang bagya mulya, mligi panjenenganipun Bapak/Ibu Ardi
Wiyono sak brayat saking Sewon, Bantul, Ngayogyakarta ingkang sanget
kinurmatan.
Sakderengipun kula matur, mangga sami ngunjukaken puji Syukur wonten
sahandhap pepadanipun Gusti Hyang Murbeng Jagad, ingkang sampun paring
kanugrahan kasarasan lan kawilujengan, katitik ing siang menika kula ....

panjenengan sadaya makempal kanthi kebak raos katentreman, kawilujengan


mboten wonten alangan satunggal punapa.
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati. Kula atas nami pamengku gati Bapak
Slamet Sundoro sekaliyan garwa, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan.
Sepisan, panjenganipun Bapak saha Ibu Slamet Sundoro ngaturaken pambagya ....

wilujeng mliginipun dhumateng Bapak saha Ibu Ardi Wiyono wonten ing dalem
ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Ingkang kaping kalih ngaturi wuninga bilih ing wedal menika Bp Slamet
Sundoro sekaliyan ngaturi rawuh wontening acara midodareni ingkang saperlu
nyuwun donga pangestu panjenengan, mugi-mugi badhe dhaupipun calon
....
pinanganten pun nimas ayu Retna Pawukir lan bagus Arjuna Pinayungan benjang-
enjang manggiha gesang bagya mulya, tentrem ayem lan pinaringan kanugrahan
saking Hyang Nasa.
Kaping tiganipun, Bp Slamet Sundoro sekaliyan, nglenggana/ngrumaosi
bilih anggenipun nampi rawuh panjenengan kathah kelepatan saha
kekiranganipun, pramila kula nyuwunaken pangapunten. Salajengipun Bp Slamet
....
Sundoro sekaliyan ngaturaken panuwun dhumateng sedaya Bapak Ibu Panitia,
tangga tepalih, sanak kadang pawong mitra ingkang sampun sabiyantu bot-
repotipun Bapak Slamet Sundoro sekaliyan anggenipun kagungan kersa mantu ing
kalenggahan menika.
Pungkasaning atur, kula ingkang kadhawuhan makili panjenenganipun Bp
Slamet Sundoro sekaliyan,temtu kathah kekirangan saha lepatipun, ingkang
....
menika kula nyuwun agunging pangaksama.
Nuwun.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh 

Pitedahing Pakaryan
a. Sumangga para siswa ngidentifikasi struktur punapa kemawon
ingkang wonten ing teks sesorah menika kanthi njangkepi cecek-cecek wonten ing
nyamping teks menika.

Pedoman Penskoran

Jika setiap paragraf menjawab benar dengan masing-masing skor 10, maka
skor maksimal ditentukan dengan rumus;

7 0 ×10
=100
7

D. Penilaian Keterampilan :

1. Teknik penilaian : Tes Praktik

2. Bentuk instrumen : Tes Menulis dan Membaca Nyaring

Lembar Kerja:
a. Para siswa damel teks sesorah babagan pambagyaharja nalika rapat
wulanan RT mawi basa Jawa Krama kanthi nengenaken paugeran nyerat teks sesorah
ingkang sampun dipunrembag sareng-sareng.
b. Sasampunipun damel, para siswa maosaken teks sesorahipun kanthi
nengenaken bab wigati nalika sesorah. Dipunkintun mawi video.
Pedoman Penskoran
Kriteria penilaian untuk tes menulis ada diksi dan ejaan juga tes membaca nyaring
dengan kriteria artikulasi, intonasi, dan sikap dan masing-masing terdiri rentang skor 1-
50, maka dalam penentuan skor maksimal dirumuskan;
50 ×2=100
LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER I

KD 3.4/4.4

1. Materi Teks Eksposisi tentang Adat Mantu


 Teks Eksposisi lan Tegesipun
Teks Eksposisi inggih menika teks ingkang njlentrehaken utawa medharaken salah
satunggaling bab kagem pamaos supaya saged mangertosi informasi ingkang genep babagan
salah satunggaling objek. Wujud saking teks eksposisi kala wau saged ngenani data faktual
ingkang prastawa menika kasunyatan lan anggadhahi sipat historis, lajeng satunggaling
wedharan tapsir obyektifipun panyerat.

 Perangan Teks Eksposisi


Teks eksposisi menika ngemot perangan kadosta;
a. Wedharan panemu, kapitayan, lan gagasan saking panyerat.
b. Fakta ingkang dados pangiyat ingkang dipunjlentrehaken mawi wedharan
ukara, grafik, angka, lan sasanes-sanesipun.
c. Analisis lan kasil oncekan saking fakta ingkang dipunkemapalaken.
d. Sumber ide gagasan saking pengalaman, kapitayan, pengamatan, lan
sapiturutipun.

 Jinising Teks Eksposisi


a. Teks Eksposisi kaprang dados 6, inggih menika eksposisi definisi, eksposisi
proses, eksposisi perbandingan, eksposisi laporan, eksposisi klasifikasi, lan eksposisi
ilustrasi.
b. Lajeng kagem wujud teks eksposisi ingkang ngenani babagan tradhisi adat
mantu menika teks wedharan candra saking panatacara utawi pamedhar sabda salebetipun
tradhisi adat mantu ingkang kalebet teks eksposisi ilustrasi, ananging ingkang dipunsinaoni
mangke kanthi wujud gancaranipun kemawon.

 Adat Mantu

Wondene tradhisi adat mantu ingkang dipunkajengaken wonten ing pasinaon punika
tradhisi adat mantu ingkang ngrembaka wonten ing sadengah papan wonten ing Jawa,
ananging menika kawatesan kagem tradhisi adat mantu gagrag Surakarta Hadiningrat
kemawon.
Tradhisi adat mantu gagrag Surakarta Hadiningrat anggadhahi reroncening upacara adat
lan ubarampe ingkang dipunsamaptaaken nalika upacara adat mantu. Upacara adat mantu
ingkang dipunwontenaken ing gagrag Surakarta inggih menika;

a. Lamaran/Ndhodhog lawang
b. Siraman
c. Midodareni/Srah Tinampi Kembar Mayang
d. Panggih

 Tatacara Nyerat Teks Eksposisi

Miturut Kosasih (2014: 36) tatacara anggenipun nyerat teks eksposisi menika.

1. Nemtoaken topik, inggih menika babagan ingkang dipunrembag.


2. Ngempalaken bahan lan data saking manekawarna sumber, saking buku,
internet, pengalaman, lan ujaran masyarakat.
3. Damel cengkorongan saking data ingkang sampun dipunkempalaken dados
wujud saben struktur teks eksposisi, kadosta : tesis, argumen, dan penegasan ulang.
4. Ngembangaken cengkorongan ingkang dipundamel dados paragraf ingkang
sae kanthi paugeran/kaidah kadosta migunaaken konjungsi lan tembung ingkang mawi
panyaruwe/mengomentari.

2. Penilaian
A. Sikap spiritual
B. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat
pembelajaran
berlangsung
C. Penilaian Pengetahuan :

Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Isian

Lembar kerja

Tuladha Teks Eksposisi Adat Mantu

Pasang Bleketepe

Pasang Bleketepe iku salah sawijining upacara salebeting upacara adat siraman, ancas
saka upacara iku mratandhani kanggo tangga teparo menawane tiyang sepuh saka temanten
kakung lan putri arep miwiti upacara mantu putra putrine. Upacara pasang bleketepe
dianakake ana ing regol ngarep omah, wujude kaya gapura kang mawa teges nalika tiyang
sepuh temanten kekalih duwe gawe mantu, tamu kang rawuh lan kang duwe gawe padha
ngunggulake rasa pangapura. Uga pasang bleketepe minangka pralambang menawane
pahargyan mantu kang kalampahan bisa ngayomi dhumateng para tamu, lire ora kepanasen
lan kodanan. Sawuse masang bleketepe kang manggone ana ing dhuwur gapura, banjur
tiyang sepuh temanten kakung utawa putri masang tetuwuhan kayata pari saktekem lan
cengkir gadhing sajodho, lan ing kono wis kapasang tetuwuhan kayata, gedhang raja
sauntute, tebu wulung, ron alang-alang, ron kluwih, ron kemuning, ron waringin, ron girang,
ron kara, lan sapiturute.

Tetuwuhan iku uga duweni teges kayata gedhang raja iku dadya pandonga mugya
tematen kekalih digegadhang besuk nalika mangun bale wisma dadya raja kang berbudi bawa
laksana, saged tinulad tinuladha dening bebrayan sanes. Dene tebu dadya wujud donga
supaya temanten kekalih anggone bale wisma kudu manteb ing kalbu, ora oleh miyar miyur.
Banjur cengkir dadya donga supaya padha kencenging pikir anggone temanten kekalih
anggone ngadhepi samubarang. Dene pari mertandhani menawa temanten kekalih kudu duwe
watak kang susila anuraga, lembah manah, andhap asor, lan ngedohake saka rasa umuk,
dengki, lan srei.

Banjur ron alang-alang kang dadya donga supaya temanten ing tembe besuke mangun
bale wisma tan ana alangan sawiji apa, wondene ron waringin anggone memuji muga-muga
temanten kekarone kinayoman dening Gusti ingkang Maha Welas Asih. Ron kara dadya
wujud dedonga muga-muga tematen anggone ngancik dina pahargyan tan ana sakara-kara.
Banjur ron girang dadya wujud mugya tiyang sepuh temanten kekarone tansah girang
gumuyu anggone duwe gawe mantu putra lan putrine, ron kemuning kang duweni ganda kang
arum, muga-muga temanten kakung lan putri jenenge tansah ngambar arum lan miguna
tumrap bangsa lan nagara, jangkepan kang pungkasan yaiku ron kluwih, mugi-mugi temanten
kekalih tansah diparingi kaluwihan. Sawise iku tiyang sepuh temanten jumujug ing kamar
temanten bacutake upacara sungkeman utawa ngabekten.

Pitedahing Pakaryan
a. Saking teks kasebat, cobi wedharaken pitutur luhur ingkang wonten ing teks
Eksposisi wonten ing inggil (kagem gancaran). Dipunisi wonten ing “Google Classroom”
perangan “Pertanyaan” ingkang sampun dipunsamaptaaken.

Pedoman Penskoran
Untuk Soal A, hanya mengacu kriteria pemilihan diksi, tata tulis, dan korelasi teks
eksposisi, masing-masing memiliki skor 30. Maka dalam menentukan skor maksimal
dirumuskan;
30× 10
=100
3
D. Penilaian Keterampilan :

1. Teknik penilaian : Tes Praktik

2. Bentuk instrumen : Tes Menulis

Lembar Kerja
Tatacara Nyeratipun Teks Eksposisi Tradhisi Adat Mantu
I
NGEMPALAKEN DATA
• Topik: Kembar Mayang
• Data:
A. Kembar mayang menika ubarampe menawi badhe anglampahi upacara Nebus
Kembar Mayang
B. Upacara Nebus Kembar Mayang minangka salebeting reroncening Adicara
Adat Midodareni
C. Tiyang ingkang nglampahi menika tiyang ingkang dipunpitaya tiyang sepuh
temanten dados dhapukan anggenipun nebus kembar mayang
D. Dhapukan ingkang masrahi kembar mayang menika sesepuh ingkang
dipunpitaya saking tiyang sepuh temanten.

E. Princening kembar mayang;


1. Oyot Bayu Bajra
2. Wit Purwa Sejati
3. Pang Kiblat Papat
4. Ron Pradapa mega rumembe
5. Sekar Dewandaru Jayandaru
6. Woh Daru lan Kilat
F. Oyot Bayu Bajra: tiyang omah-omah menika kedah kuwat kados tumanceping
oyod dhateng bumi. Pramila kedah linambaran iman kaliyan taqwa.
G. Wit Purwa Sejati: tiyang omah-omah kedah manunggal cipta, rasa, lan karsane
calon temanten kakung lan putri supados golong gilig nyawiji.
H. Pang Kiblat Papat: menawi benjang temanten pados sandhang pangan utawi
boga wastra. Menawi ngidul boten wonten dipadosi ngaler. Yen ngaler boten wonten
dipunpadosi ngilen. Yen ngilen boten nglokro lan tansah mbudidaya ingkang estu-estu.
I.Ron Pradapa Mega Rumembe gambaraken langit ingkang kebak mendhung tegesipun
mendhung menika bibiting jawah. Jawah menika tegese toya. Mugi-mugi sri penganten
sekaliyan tansah kaluberan rejeki temah gesangipun bagya mulya.
J. Dewandaru Jayandaru. Maknanipun sekar menika ibaratipun tiyang putri,
tiyang putri menika kados dene kembang. Dipunsawang nyenengaken/ ngresepaken,
dipunganda arum. Mila tiyang putri kedah saged mranata dhiri, macak, masak sing enak
supados garwanipun betah ana ngomah mboten kesah-kesah.
K. Woh daru lan kilat: menawi benjang kagungan putra mugi-mugi saged
ngungkulitiyang sepuhipun tegese atmaja ngungkuli sudarma.
L. Ubarampe Kembar Mayang minangka pratandha pitutur lan pandonga kagem
temanten kakung lan putri supados saged memangun bale wisma ing benjangipun.

II
DAMEL CENGKORONGAN TEKS
• Tesis
 Kembar mayang menika ubarampe menawi badhe anglampahi upacara nebus
Kembar Mayang.
 Upacara Nebus Kembar Mayang minangka salebeting reroncening Adicara
Adat Midodareni
 Tiyang ingkang nglampahi menika tiyang ingkang dipunpitaya tiyang sepuh
temanten dados dhapukan anggenipun nebus kembar mayang
 Dhapukan ingkang masrahi kembar mayang menika sesepuh ingkang
dipunpitaya saking tiyang sepuh temanten.
• Argumentasi I
 Oyot Bayu Bajra: tiyang omah-omah menika kedah kuwat kados tumanceping
oyod dhateng bumi. Pramila kedah linambaran iman kaliyan taqwa.
 Wit Purwa Sejati: tiyang omah-omah kedah manunggal cipta, rasa, lan karsane
calon temanten kakung lan putri supados golong gilig nyawiji.
 Pang Kiblat Papat: menawi benjang temanten pados sandhang pangan utawi
boga wastra. Menawi ngidul boten wonten dipadosi ngaler. Yen ngaler boten wonten
dipunpadosi ngilen. Yen ngilen boten nglokro lan tansah mbudidaya ingkang estu-estu.
• Argumentasi II
 Ron Pradapa Mega Rumembe gambaraken langit ingkang kebak mendhung
tegesipun mendhung menika bibiting jawah. Jawah menika tegese toya. Mugi-mugi sri
penganten sekaliyan tansah kaluberan rejeki temah gesangipun bagya mulya.
 Dewandaru Jayandaru. Maknanipun sekar menika ibaratipun tiyang putri,
tiyang putri menika kados dene kembang. Dipunsawang nyenengaken/ ngresepaken,
dipunganda arum. Mila tiyang putri kedah saged mranata dhiri, macak, masak sing enak
supados garwanipun betah ana ngomah mboten kesah-kesah.
 Woh daru lan kilat: menawi benjang kagungan putra mugi-mugi saged
ngungkulitiyang sepuhipun tegese atmaja ngungkuli sudarma.
• Penegasan Ulang
 Ubarampe Kembar Mayang minangka pratandha pitutur lan pandonga kagem
temanten kakung lan putri supados saged memangun bale wisma ing benjangipun.

III
NGEMBANGAKEN CENGKORONGAN DADOS PARAGRAF EKSPOSISI

GLADEN
• Dipunkembangaken cengkorongan teks eksposisi wonten ing nginggil dados paragraf
teks eksposisi ingkang trep mawi basa Jawa ragam Krama.

Pedoman Penskoran
Untuk Soal A, hanya mengacu kriteria pemilihan diksi, tata tulis, dan korelasi data,
masing-masing memiliki skor 30. Maka dalam menentukan skor maksimal dirumuskan;
30× 10
=100
3
LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER I

KD 3.5/4.5

1. Materi Aksara Rekan


 Aksara Rekan

k+ kha g+ gha
f+ dza j+ za
p+ fa/va
Aksara rekan menika dipunginaaken kangge nyerat tembung manca ingkang
dipuncethakaken, langkung-langkung kadosta tembung-tembung Arab. Menawi nyeratipun
boten dipuncethakaken (ora dicethakke), prayogi ngangge aksara ingkang limrah kemawon.
Tuladha:
Tembung khatib: k+tib\ boten dipuncethakaken ktib\ (katib)

Tembung dzikir: f+ki/ boten dipuncethakaken fki/ (dikir)


Salebeting nyerat aksara Jawi tartamtu wonten wewaton utawi paugeranipun.
Semanten ugi nyerat aksara rekan ugi wonten wewaton utawi paugeranipun. Ingkang kedah
dipunwigatosaken menika wonten kalih prekawis, inggih menika:

 Sesambungan kalawan sandhangan pepet


Menawi aksara rekan sesandhingan kaliyan sandhangan pepet ing setunggal aksara,
cecakipun tiga dipunpapanaken wonten salebetipun sandhangan pepet. Sanesipun menawi
sesandhingan kaliyan sandhangan wulu, layar, utawi cecak ing setunggal aksara, cecakipun
tiga dipunpapanaken ing sisih kiwa sandhangan wulu, layar, utawi cecak.
Tuladha
j+ub[afh
 Aksara rekan menawi madeg dados pasangan
Aksara rekan boten dipunkeparengaken madeg dados pasangan. Kajawi aksara rekan
p+ ingkang ujudipun pasangan P+. Menawi aksara rekan kasebat mapan wonten ing
sawingkingipun wanda sigeg, sesigeging wanda kasebat kedah dipunpangku.
Tuladha
j+ktP+it]h
2. Penilaian
A. Sikap spiritual
B. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat pembelajaran
berlangsung

C. Penilaian Pengetahuan dan Keterampilan:

Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Tertulis

Lembar kerja
Para siswa ngewahi teks aksara latin wonten ing ngandhap dados teks kanthi aksara
Jawa, kanthi paugeran ingkang trep.
.

Jatining Kakangku
Aku duwe kakang sing jenenge Mas Khohar Malik Dzulfikar. Panjenengane saiki
kuliyah ana ing Kutha Semarang. Kuliyahe ana ing Jurusan Teknik Pembangunan.
Kangmasku Khohar sasuwene kuliyah bali menyang desa mesthi melu kegiyatan
olahraga voli, jarene kanggo jaga kasarasan badan ing mangsa kang lagi usum lelara.
Mas Khohar uga duwe kanca kuliyah jenenge yaiku Mas Zulfa Za Vulhak. Mas Zulfa
iku kanca voline kakangku. Panjenengane kuliah ing jurusan Teknik Sipil. Nalika
sesrawungan Mas Zulfa priyayine grapyak, seneng srawung lan senengane gawe guyu liyan,
mula panjenengane duwe kanca akeh.
Kaprigelane Mas Khohar lan Mas Zulfa ngenani olahraga voli ora gur dadi kasenengan,
nanging ngasilake juara voli nganti tingkat internasional. Mula kakangku karo Mas Zulfa
kerep lunga menyang luar negeri kayata negara Finlandia. Mangka saka iku aku pengin kaya
Kakangku Mas Khohar lan Mas Zulfa.

Pedoman Penskoran
Kata yang mengandung aksara Jawa rekan pada paragraf tersebut ada 25, maka dalam
menentukan skor akhir bisa diwujudkan dalam rumus.
25 × 4=100

LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER II

KD 3.1/4.1

1. Materi Serat Wedhatama Pupuh Gambuh


 Pethikan Serat Wedhatama Pupuh Gambuh

01

• Samengko ingsun tutur. Sembah catur supaya lumuntur. Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa,
kaki. Ing kono lamun tinemu, tandha nugrahaning Manon.

• Gancaran: Samenika kula kang ngaturaken sekawan laku sembah supados


dipunugemi. Sepisan sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, sembah rasa. Menawane
saged kasembadan anggenipun nggayuh kanugrahan Hyang Murbengrat.

02
• Sembah raga punika, pakartine wong amagang laku. Sesucine asarana saking warih,
Kang wus lumrah limang wektu, Wantu wataking weweton.

• Gancaran: Sembah raga menika laku menawi tiyang badhe nglampahi laku prihatin.
Sesucine kanthi ngagem sarana toya lan ingkang wajibipun dipunlampahi kanthi wekdal
ingkang cacahipun gangsal lan sipatipun nengenaken paugeran.

03

• Inguni uni durung, sinarawung wulang kang sinerung. Lagi iki bangsa kas ngetokken
anggit. Mintokken kawignyanipun, sarengate elok-elok.

• Gancaran: Jaman rumiyin dereng dipuntepangaken kaliyan ngelmu ingkang sinandhi.


Nembe samenika kawula wonten ingkang gumregah ningalaken pangangen-angenipun lan
kadigdayanipun kanthi tata cara ingkang nganeh-anehi.

 Paugeran Tembang Gambuh


Tembang macapat Gambuh saged ugi kawastanan tembang alit, inggih menika tembang
ingkang anggadhahi paugeran kadosta ing ngandhap menika.
• Guru gatra, inggih menika cacahing larik/gatra saben satunggal pada

• Guru wilangan, inggih menika cacahing wanda saben satunggal gatra

• Guru lagu, inggih menika dhong-dhinging swanten saben pungkasaning gatra

Paugeranipun tembang Macapat Gambuh:

• Guru Gatra :5

• Guru Lagu : 7, 10, 12, 8, 8.

• Guru Wilangan : u, u, i, u, o.

 Tatacara Damel Tembang Macapat Gambuh

• Nemtokaken tema

• Nemtokaken pamilihing tembung

• Dipuntaliti saben gatra sami kaliyan paugeran tembang punapa boten,


 Tatacara Ngoreksi Tembang Macapat
 Maos tembang
 Ngoreksi paugeranipun
 Ngoreksi diksinipun
 Ngoreksi wosipun
 Paring panyaruwe

2. Penilaian

E. Sikap spiritual
F. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat
pembelajaran
berlangsung

G. Penilaian Pengetahuan :

Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Isian

Lembar kerja
b. Dipunjangkepi Serat Wedhatama Pupuh Gambuh wonten ing ngandhap
iki kanthi nengenaken paugeran tembang macapat Gambuh.
a. Samengko ingsun tutur.
...,
....,
Ing kono lamun tinemu,
....

b. ...,
...,
Sesucine asarana saking warih,
...,
Wantu wataking weweton.

Pedoman Penskoran
Setiap gatra memiliki skor 5, maka dalam penentuan skor maksimal dirumuskan;
5 × 4 ×5
Maka Skor Maksimal 100.

H. Penilaian Keterampilan :

1. Teknik penilaian : Tes Praktik

2. Bentuk instrumen : Tes Menulis dan Membaca Nyaring

Lembar Kerja:
2. Para siswa damel cakepan tembang macapat Gambuh kanthi tema mardika lan
nengenaken paugeran tembang Gambuh ingkang sampun dipunrembag sesarengan mawi
basa Jawa ragam Ngoko.
3. Sawuse para siswa damel cakepan, saged dipuntembangaken cakepan kalawau
kanthi nengenaken tuladha video tembang, dipunkintun kanthi wujud video.

Pedoman Penskoran
Kriteria penilaian untuk tes menulis ada diksi dan ejaan juga tes membaca nyaring
dengan kriteria artikulasi, intonasi, dan sikap dan masing-masing terdiri rentang skor 1-
50, maka dalam penentuan skor maksimal dirumuskan;
50 ×2=100
LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER II

KD 3.1/4.1

1. Materi Cerita Rakyat


 Teks Crita Rakyat lan Tegese
Cerita rakyat limrahipun saben papan panggenan, wonten ing desa, kutha, wana, segara
mesthi anggadhahi crita rakyat, wondene crita rakyat menika wujudipun kaperang dadi 2
(kalih), inggih menika;
a. Crita Fiksi/Dongeng (carita ingkang ngayawara lan dipundamel kanthi
rekadayaning pangripta lan anggenipun nyebar kanthi lesan turun temurun)
Dongeng dipunperang dados 3, inggih menika;
 Mite, dongeng ingkang wonten sambung rapetipun kaliyan alam gaib.
Tuladhanipun; Nyi Rara Kidul, Thuyul, Buta Ijo, Genderwo.
 Fabel, dongeng ingkang wonten sambung rapetipun kaliyan sato kewan.
Tuladhanipun; Kancil Nyolong Timun, Manuk Platuk Bawang, Kancil Karo Asu.
 Legenda, dongeng ingkang wonten sambung rapetipun kaliyan mula
bukanipun (asal – usul) dumadining salah satunggaling papan utawi panggenan.
Tuladhanipun; dumadiné Candi Prambanan, Rawa Pening, Lsp.
b. Crita Non Fiksi (carita ingkang boten ngayawara lan samudana, dipunserat
kanthi kedadeyan asli utawi dipunpendhet saking prastawa nyata)
Crita Non Fiksi dipunperang dados 4, inggih menika;
 Hikayat, cariyos ingkang wosipun banjaran/biografi salah sawijining paraga.
Tuladhanipun; Hikayat Hang Tuah, Hikayat Bayan Budiman, Hikayat (serat)
Panji, Hikayat Rama.
 Babad, cariyos ngenani bab kedadeyan, dumadosing papan lan paraganipun.
Tuladhanipun; Babad Tanah Jawi, Babad Ngayogyakarta, Babad Dipanegara, Babad
Giyanti.
 Sejarah, cariyos ingkang nyata lan wonten buktinipun.
Tuladhanipun: sejarah Mataram, sejarah Sriwijaya, sejarah Majapahit.
 Roman, cariyos rekan ingkang nyariosaken kawontenan batin paraga lan
lampahan katresnan. Tuladhanipun; Roman Salah Asuhan, Roman Siti Nurbaya.

Sinopsis
 Sinopsis inggih menika ringkesan salah satunggaling carita. Ringkesan inggih
menika salah satunggaling wujud nyekakaken carita kanthi tetep nengenaken unsur-unsur
intrinsic carita kasebat. Padatanipun sinopsis kirang saking 300 tembung.
 Tatacara damel sinopsis :
1. Maos naskah aslin, ngangge madosi gagasan utama
2. Nyathet gagasan utama ingkang wigati
3. Ngrantam (nyusun) malih gagasan utama dados paragraf
4. Dialog lan monolog cekap dipunserat wosipun kemawon
5. Sinopsis boten kenging ewah saking lelampahanipun carita asli.

2. Penilaian

A. Sikap spiritual
B. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat
pembelajaran
berlangsung

C. Penilaian Pengetahuan :
Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Isian

Lembar Kerja
Tuladha Teks Crita Rakyat

Dumadine Semarang

Nalika jaman rumuhun, wonten Pangeran ingkang asma Raden Made Pandan saking
Karaton Kasultanan Demak. Raden Made Pandan kondangipun dados ahli agama utawi
ulama ingkang dipunkurmati dening sedaya para kawula. Raden Made Pandan kagungan
putera ingkang asma Raden Panda Arang. Raden Panda Arang menika atmaja ingkang becik
tindak tandukipun, grapyak, sopan lan santun, sarta tansah ngurmati dhumateng tiyang sepuh.
Sawijining dinten, Raden Panda Arang saha abdi dipunutus dening Raden Made
Pandan tindak saking dherah Kasultanan Demak.

“Puteraku, ngger. Punapa sliramu kersa ndherek ngulandara karo pun Rama?
Kamangka sesuk esuk kudu ninggalake Karaton Demak kene bareng-bareng kairing dening
abdi keraton,” pitakon Raden Made Pandan dhateng puteranipun.

“Badhe ngulandara dhateng pundi, Kangjeng Rama?” pitakenipun Raden Pandan Arang
penasaran.

“Pun rama arsa tindak nuju sisih kulon. Aneng kono Kangjeng Rama arep nyebarake
agama Islam. Dhek biyen mula, aku krungu menawa bumi ana ing sisih kulon Kasultanan
Demak iku subur banget. Layak dadi sarana nyebarake agama Islam. Mula enggal siyagakna
awakmu ngger, Puteraku.” ngendikanipun Raden Made Pandan sinambi ngelus pundhakipun
keng putra.

“Inggih, Kangjeng Rama.”

Lajeng Pangeran Made Pandan saha putra tindak dhateng dherah sakulonipun
Kasultanan Demak. Ngantos ing sawijining dinten, dugi wonten sawijining dherah ingkang
subur. Lajeng sedaya rombongan mlebet wana lan damel gubug wonten dherah nika.

“Dhewe mandheg pasanggrahan ana kene wae. Enggal para abdi supaya nebangi wit-
wit alas iki, banjur digawe pesanggrahan kanggo eyup-eyupe aku lan sira kabeh.”
prentahipun Raden Made Pandan kanthi teges.

Lajeng Raden Made Pandan nyebaraken agama Islam wonten papan ngriku kanthi
wangunaken pesanggrahan pondok pesantren. Wiwitanipun, namung pangiring ugi para abdi
ingkang dados santrinipun. Nanging, saya dangu saya kathah tiyang ingkang dados
muridipun ugi damel griya lan gubuk wonten dherah ngriku. Sawijining dinten, cantrik
pesantren sowan madhep Raden Made Pandan.

“Gusti, wonten jawi kathah para kawula ingkang rawuh. Sadayanipun kersa sinau
babagan agama wonten pondok pesantren ngriki. Menika kados pundi, Gusti?”
“Dimanggakna mlebu aneng pondok pesantren kene, Cantrik. Aku bakal nampa para
kawula kang karaya-raya mrene dadi santriku lan awake dhewe kabeh bakal nyinaoni
ajaraning agama bareng-bareng,” ngendikanipun Raden Made Pandan.

Raden Made Pandan kagungan pangajab menawi ing sawijining dinten mangke,
putranipun saged nggantosaken panjenenganipun dados Kyai wonten dherah ngriku. Raden
Made nilaraken wasiat dhateng puteranipun, Raden Pandan Arang.

“Puteraku ngger, menawa Kangjeng Rama kapundhut dening Gusti, mila terusna
perjuwangane Kangjeng Rama kanggo nyebaraken agama Islam ana dherah kene. Tuntunen
para kawula supaya ngolahaken tetanen. Uga ngarahna supaya ora ninggalake saka dherah
kene uga tansah nindakake kawruhe Para Wali. Muga-muga wae uripmu bakal rahayu ing
donya lan jagad besuke.”

“Sendika dhawuh, Kangjeng Rama,” wangsulanipun Raden Pandan Arang kanthi raos
kurmat.

Raden Panda Arang tansah emut dhawuhing tiyang sepuhipun. Sabibaripun Raden
Made Pandan seda, Raden Panda Arang nerasaken mucalaken agama Islam dhateng kawula
uga njagi papan panggonan niku kanthi sae. Saya dangu dherah ngriku saya subur, lan sadaya
tanduran saged tuwuh ing dherah ngriku.

Kathah kawula saking njawi sami dugi lan mesanggrah lajeng netepaken dados kawula
wonten dherah ngriku. Santri ingkang ndherek Raden Panda Arang ugi sansaya kathah.

Sawijining dinten, mirsani sawijing babagan ingkang boten kados padatanipun.


Antawisipun wit-witan ingkang subur, wonten wit asem ingkang tuwuh kanthi let ingkang
tetebihan.

“Kenangapa wit-wit asem iku tuwuh lete arang-arang, kamangka lemah dherah kene
subure ora ilok” pitakonipun Raden Pandanarang.

“Leres, Raden …!” sumawure para cantrik lan abdi pesantren.


“Pancene kedadeyan kang arang-arang dumasi. Yen kaya mangkono besuk nganti
rejaning jaman, dherah kene sun wenehi tetenger “Semarang”. Asale saka tembung asem
kang arang-arang lete mau.”

Lelampahan pangarsa sepisanan lan mula bukaning dherah Semarang, lajeng Raden
Panda Arang dipunwisuda dados Pangarsa kanthi gelar Ki Ageng Pandanarang Kaping
Sepisan.

Wasana Cariyos “Dumadine Semarang”, ingkang samenika dados ibu kota Propinsi
Jawa Tengah.

Pitedahing Pakaryan

a. Para siswa madosi wosing cariyos ingkang wonten ing teks Crita Rakyat
“Dumadine Semarang” menika.

Pedoman Penskoran

Untuk Soal A, hanya mengacu kriteria pemilihan diksi, tata tulis, dan korelasi teks
eksposisi, masing-masing memiliki skor 30. Maka dalam menentukan skor maksimal
dirumuskan;
30× 10
=100
3
D. Penilaian Keterampilan :

Teknik penilaian : Tes Praktik

Bentuk instrumen : Tes Tertulis


Lembar kerja
b. Salajengipun para siswa damel teks crita rakyat ingkang sampun
dipunrembag lan sinaoni babagan wosipun. Anggenipun nyerat kanthi nengenaken diksi,
korelasi wosing cariyos, lan tata seratan.

Pedoman Penskoran

Untuk Soal B, hanya mengacu kriteria pemilihan diksi, tata tulis, dan korelasi teks crita
rakyat, masing-masing memiliki skor 30. Maka dalam menentukan skor maksimal
dirumuskan;

30× 10
=100
3

LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER II

KD 3.3/4.3

1. Materi Iklan Berbahasa Jawa.


 Pariwara/iklan lan tegese
Pariwara/iklan iku salah satunggaling pesen babagan barang/jasa (produk) ingkang
dipundamel dening produsen utawi kabar wigati ingkang dipunandharaken lumantar media
(cetak, audio, elektronik) utawi papan panggenan umum ingkang dipuntujokaken marang
bebrayan agung. Ancasipun pariwara menika supados masarakat kesengsem purun tumbas
utawa ngginakaken barang utawi jasa kasebut.
 Bab Ingkang Dipungatekaken nalika Damel Pariwara
a. Ukarane cekak lan aos (singkat jelas)
b. Basa kang digunakake isa dingerteni utawa ora mbingungake (komunikatif)
c. Tulisan lan gambare narik kawigaten
 Jinising Iklan
a. Pariwara Tinulis
b. Pariwara Radhiyo
c. Pariwara TV

2. Penilaian
A. Sikap spiritual
B. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat
pembelajaran
berlangsung

C. Penilaian Pengetahuan :

Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Isian

Lembar Kerja

Tuladha Iklan

a.

b.
c.

Pitedahing Pakaryan

a. Para siswa madosi wosing tuladha pariwara kala wau kanthi ngisi kolom
wonten ing ngandhap.

No Wosing Pariwara
.
1
2
3

b. Para siswa madosi lepatipun seratan wonten ing nginggil menika kanthi
nengenaken paugeran tata serat lan diksi.

No Kalepatan Seratan
.
1
2
3

Pedoman Penskoran

Untuk soal A dan B dijadikan satu dengan masing-masing poin memiliki skor 10
dan jumlah skor benar 60, maka dalam menentukan skor maksimal ditentukan dengan
penghitungan;

60× 10
=100
6

D. Penilaian Keterampilan :

Teknik penilaian : Tes Praktik

Bentuk instrumen : Tes Tertulis

Lembar kerja
c. Salajengipun para siswa damel teks pariwara kanthi tema pendhidhikan
lan nengenaken pugeran diksi, tampilan gambar, lan tata seratan.

Pedoman Penskoran

Untuk Soal C, hanya mengacu kriteria pemilihan diksi, tata tulis, dan estetika tampilan
iklan, masing-masing memiliki skor 30. Maka dalam menentukan skor maksimal
dirumuskan;

30× 10
=100
3
LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER II

KD 3.4/4.4

1. Materi Teks Eksposisi Seni Pertunjukan Jawa.


 Teks Eksposisi lan Tegesipun
Teks Eksposisi inggih menika teks ingkang njlentrehaken utawa medharaken salah
satunggaling bab kagem pamaos supaya saged mangertosi informasi ingkang genep babagan
salah satunggaling objek. Wujud saking teks eksposisi kala wau saged ngenani data faktual
ingkang prastawa menika kasunyatan lan anggadhahi sipat historis, lajeng satunggaling
wedharan tapsir obyektifipun panyerat.

 Perangan Teks Eksposisi


Teks eksposisi menika ngemot perangan kadosta;
a. Wedharan panemu, kapitayan, lan gagasan saking panyerat.
b. Fakta ingkang dados pangiyat ingkang dipunjlentrehaken mawi wedharan
ukara, grafik, angka, lan sasanes-sanesipun.
c. Analisis lan kasil oncekan saking fakta ingkang dipunkemapalaken.
d. Sumber ide gagasan saking pengalaman, kapitayan, pengamatan, lan
sapiturutipun.

 Jinising Teks Eksposisi


 Teks Eksposisi kaprang dados 6, inggih menika eksposisi definisi, eksposisi proses,
eksposisi perbandingan, eksposisi laporan, eksposisi klasifikasi, lan eksposisi ilustrasi.
 Lajeng kagem wujud teks eksposisi ingkang ngenani babagan seni pagelaran Jawa
menika teks eksposisi ilustrasi.

 Seni Pagelaran Jawa


 Kathah sanget seni kabudayan Jawa ingkang wonten lan dipungulang ngantos
samenika, saking maneka warna unsur seni kadosta; seni tari, seni teater, seni rupa, seni
musik, lan maneka warna ingkang kasebar lan dipunurip-uripaken. Wonten ing kabudayan
Jawa dipunperang mituhu kabudayan dherahipun, inggih menika; seni tari, musik

2. Penilaian
A. Sikap spiritual
B. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat
pembelajaran
berlangsung

C. Penilaian Pengetahuan :

Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Isian


Lembar Kerja:

Wayang Wong

Wayang wong utawa Wayang wong yaiku salah sawijining jinis teater tradhisional
Jawa. Wayang Wong iku gabungan ing antarane seni drama kang ngrembaka ing negri kilen
(Eropa) karo seni pagelaran wayang kang ngrembaka ing pulo Jawa. Lakon wayang kang
digelar saka crita-crita wayang purwa. Wayang wong biyen akeh-akehe dileluri/diuri-uripake
ing kraton lan golongan priyayi sentana dalem/krabat dalem. Miturut jeneng wayang kasebut,
wayang wong uga ora digelarake dening wayang kayata wayang kulit, ananging manungsa-
manungsa kang ngganteni wayang kasebut. Wong kang main wayang iki uga nganggo
kostum kang padha karo busana kang dianggo parana ana ing wayang kulit. Praupan para
pemain wayang wong iki uga dirias supaya mirip karo aslinipun.
Miturut Dinas Pariwisata Kota Surakarta, wayang wong lair ing abad XVIII, kang
ngripta yaiku KGPAA. Mangkunegara I kang biyene njupuk unsur saka seni drama kang
ngrembaka ing negri benua Eropa lan Amerika. Wiwitane wayang wong digelar ing Karaton
Pura Mangkunegaran Surakarta, banjur digelar ing tlatah Ngayogyakarta. Nalika sasi April
taun 1868. Nalikane KGPAA. Mangkunegara IV nganaake khitanan putranipun kang nama
Pangeran Adipati Harya Prabu Prangwadana kang besuke dadi KGPAA. Mangkunegara V,
wayang wong dipunsempurnakake utamane bab klambi/kostum lan pirantine. Ing taun 1899,
Pakubuwana X mbangun taman Sriwedari. Ana ing adicara peresmiane nganaake pagelaran
kesenian. Salah sawijine yaiku wayang wong. 
Wiwitane wayang wong iku seni tradhisional Jawa kang ekslusif, mung dipungelar ana
ing keraton. Ing taun 1902 wayang wong ngrembaka urip ana ing masyarakat, kanthi
ngedolake karcis. Wayang wong komersial ngrembaka lan puncake nalika wonten
pakempalan Wayang Wing "Ngesti Pandowo" kang dipangarsani dening Sastrosabdo.
Miturut Winter lan Sastramiruda, wayang wong iku wiwitane digelar ing abad XVIII (±1760
M.), kang dikersaake dening KGPAA. Mangkunegara I. Wektu iku kang digelar mung lakon-
lakon wayang purwa. Sawise iku pagelaran wayang wong wiwit arang-arang digelar,
ananging ana ing tlatah Karaton Kasultanan Yogyakarta pagelaran wayang wong tetep
digelar nganti taun 1881. Kanthi pambiyantunipun Mangkunegara V, wayang wong
ngrembaka meneh nanging jek winates ana ing tlatah negara gung antarane Yogyakarta lan
Surakarta wae.
Pranyata kesenian wayang wong entuk sambutan kang becuk dening masyarakat,
banjur thukul akeh pakempalan wayang wong. Wiwitane jek katon amatir, sansaya suwe dadi
mumpuni lan disenengi wong akeh. Pakempalan wayang wong kang moncér, kayata Wayang
Wong Sriwedari saka Surakarta lan Ngesti Pandawa saka Semarang, Barata saka Jakarta.
Pakempalan mau duweni lelabuhan kang gedhe, yaiky melu nguri-uri lan ngurip-urip
kabudayan bangsa, kayata seni wayang wong, seni tari, seni busana, lan seni karawitan.
Wiwitane biyen uga klambi/kostum para penari wayang wong katon prasaja, ora beda kaya
ageman abdi keraton kang dienggo ing saben dinane. Nembene ing jaman Mangkunegara VI
(1881-1896), penari wayang wong nganggo irah-irahan kang digawe saka kulit kang ditatah
kanthi becik. Ana ing pagelaran wayang wong, sandiwara kang diselingi tetembangan jawa,
dipagelarake lan diiringi gamelan. Tema carita ana ing pagelaran wayang wong iku biasane
ngandhut saka cerita Ramayana, Mahabarata, Madya, lan Gedhog.

Pitedahing Pakaryan

a. Para siswa madosi wosing gati saking teks eksposisi menika kanthi ngisi
form wonten ing ngandhap punika.

Pedoman Penskoran
Untuk Soal A, hanya mengacu kriteria pemilihan diksi, tata tulis, dan korelasi teks
eksposisi, masing-masing memiliki skor 30. Maka dalam menentukan skor maksimal
dirumuskan;
30× 10
=100
3

D. Penilaian Keterampilan :

Teknik penilaian : Tes Praktik

Bentuk instrumen : Tes Tertulis

Lembar kerja
b. Salajengipun para siswa damel teks eksposisi kanthi tema Seni Pagelaran
lan nengenaken pugeran diksi, tampilan gambar, lan tata seratan.
Pedoman Penskoran

Untuk Soal B, hanya mengacu kriteria pemilihan diksi, tata tulis, dan estetika tampilan
iklan, masing-masing memiliki skor 30. Maka dalam menentukan skor maksimal
dirumuskan;

30× 10
=100
3

LAMPIRAN RPP KELAS XI SEMESTER II

KD 3.4/4.4

1. Materi Aksara Jawa Murda.


 Aksara Murda lan Tegese

Aksara murda inggih menika tegesipun saking tembung Murda = sirah, ingkang
ugi dipunsebat aksara sirah/sesirah (menawi aksara latin menika hurup kapital). Aksara
mursa menika satemenipun boten wonten. Wondene ingkang limrahipun kawastanan
aksara murda menika sejatosipun Aksara Mahaprana, inggih menika aksara ingkang
panci kedah dipunucapaken mawi abab; kosok wangsulipun aksara alpaprana ingkang
dipunucapaken prasaja (ababipun sethithik).

 Perangan aksara murda


Cacahipun aksara murda wonten wolu, inggih menika;

! Na ® $ Sa ° & Ga ´
@ Ka ¯ % Pa ² * Ba µ
# Ta ± ^ Nya ³

 Ancasing Aksara Murda


Aksara Murda amung dipunagem ing tata prunggu, tegesipun dipunagem
pakurmatan. Aksara murda boten kenging dipundadosaken sesigeging wanda. Ing jaman
rumiyin, ingkang limrah dipunserat mawi aksara murda menika asmanipun para leluhur,
jejulukipun lan panggenanipun, minangka pakurmatan, kadosta;

$inuwun=¯j=e$]i$u$uaun®n²@u*uwnai=$ur@/#afi!
i=z]t\,
(Kangjeng Susuhunan Pakubuwana ing Surakarta Hadiningrat)

Samenika jaman mardika lan demokrasi. Prayoginipun sedaya nama tiyang lan
titah kang tata caranipun gesang kadya manungsa, kadosta raseksa, wanara, dewa, lan
sanes-sanesipun kadosta wonten ing carita pewayangan kaserat mawi aksara murda.
Cekap ngagem setunggal aksara murda kemawon; menawi ing ngajengipun boten
wonten murdanipun, saged aksara wingkingipun; menawi ing wingking ugi boten
wonten, saged wingkingipun malih.

Tuladha
fi%p]wir Dipaprawira rseksi$/pkenk Raseksi Sarpakenaka
buguru!iy Bu Guru Nia r[fnHje=@/tini Raden Ajeng Kartini

2. Penilaian
A. Sikap spiritual
B. Sikap sosial
Teknik penilaian sikap yang dilakukan guru dengan jurnal sikap

Metode Bentuk Instrumen Waktu


Observasi Catatan jurnal Saat pembelajaran
berlangsung

A. Penilaian Pengetahuan :

Teknik penilaian : Tes Objektif

Bentuk instrumen : Tes Uraian

Lembar Kerja:

Bapak Ganjar Pranawa

Bapak Ganjar Pranawa miyos ing Kabupaten Karanganyar, Jawa Tengah, seket


loro taun biyen. Panjenenganipun menika Gubernur Propinsi Jawa Tengah kang njabat
kawit pitung taun rumuhun. Bapak Ganjar Pranawa iku minangka gubernur kang biyene
kuliyah ana Universitas Gajahmada kasebut bisa duweni karir politik kang kondhang
rikalane jaman dadi anggota Dewan Perwakilan Rakyat nalika taun 2004 nganti 2013.
Panjenengane uga sadurunge nyemplung ana ing jagad politik uga tau melu Gerakan
Mahasiswa Nasional Indonesia.

Bapak Ganjar Pranawa njabat dadi gubernur nalika periode sepisan taun 2013
kaliyan Bapak Heru Sujatmika. Banjur dibacutake nalika taun 2018 kaliyan Bapak Taj
Yasin Maimun. Nalika taun 2013, program kang unggul saka panjenengane inggih
menika program Kertu Tani, program Kredit Bunga Rendhah, nganti ngadhegake
sekolahan ingkang aran Sekolah Menengah Kejuruan Negeri Jawa Tengah ana ing telung
panggonan, yaiku Kabupaten Purbalingga, Kabupaten Pati, lan Kutha Semarang.

Nalika kahanan pandemi korona iki, panjenengane damel pakumpulan satuwan


tugas kang ngendhaleni rodha lakuning kauripan para warga supaya ora kena dampak
anane pandemi lan uga krisis ekonomine. Satuwan tugas jaga tangga iku dadi wadhah
kawula nganti tekan tangga teparo kanggo ngembangake kiprah kawula satengahing
pandemi korona iku. Uga kanthi satuwa tugas kasebut bisa ngendhaleni penyebaran virus
kang bebayani iku.

Laku gesang gubernur nyentrik iki katon prasaja kawit jaman cilik, merga wis
didhidhik keng ramane kang biyene dadi pulisi kang jaman semana sarwa prasaja.
Panjenengane anggadhahi garwa ingkang nama Siti Atikoh Supriyanti. Panjenenganipun
ugi anggadhahi putra ontang-anting ingkang nama Muhammad Zinedine Alam Ganjar.

Pitedahing Pakaryan

a. Para siswa nedahaken tembung punapa kemawon ingkang migunaaken aksara


murda

Pedoman Penskoran
Untuk soal A, kata yang menggunakan aksara Jawa Murda di teks tersebut
sejumlah 60, maka jika jawaban semua benar dapat digunakan penghitungan skor
maksimal.
60× 10
=100
6

B. Penilaian Pengetahuan :

Teknik penilaian : Tes Praktik

Bentuk instrumen : Tes Menulis

Lembar Kerja:
b. Para siswa nyerat saking teks mawi aksara latin wonten ing inggil
dipundadosaken teks mawi aksara murda kanthi nengenaken paugeran seratan
aksara murda

Pedoman Penskoran

Untuk soal B, kata yang menggunakan aksara Jawa Murda di teks tersebut
sejumlah 60, maka jika jawaban semua benar dapat digunakan penghitungan skor
maksimal.

60× 10
=100
6

Anda mungkin juga menyukai