Anda di halaman 1dari 1

Pembelajaran Daring Ing Mangsa COVID-19

Pembelajaran daring(dalam jaringan) yaiku pembelajaran sing lewat internet/online.


Pembelajaran iki dugunakke pemerintah amerga ana pandemi COVID-19 sing lagi
mendunia. Pemerintah wes nerepke sistem pembelajaran iki pas dino Senin tanggal 16
Maret 2020. Pembelajaran daring perlu gae peralatan koyok HP, laptop, komputer, lan
internet.

Rumangsaku pembelajaran daring utawa online iki kurang efektif. Ora mek muride
angel memahami pelajaran sekolah, pembelajaran iki yo ngetokke duit pisan dingge
kuota internet. Permasalahan kui seng paling dikeluhne para siswa siswi. Urung
maneh lak sinyal internet neng daerahe angel. Hal iki seng jelas mumetake wong seng
kurang mampu, amerga butuh tuku kuota dingge belajar. Lan ning mangsa pandemi iki
ekonomi rakyat angel. Solusine yaiku dengan cara nggratiske sementara kuota
internet dinggo siswa siswi belajar.

Tapi ing wektu saiki pembelajaran jarak adoh utawa daring pancen solusi sing pas.
Amerga COVID-19 ing Indonesia isih parah. Ing mangsa iki guru, murid, wali murid,
lan pihak sekolah kudu kerjasama dinggo olehe pembelajaran daring sing luwih
efektif. Sing mesti pembelajaran tatap muka utawa langsung, sing paling efektif ing
negara iki. Muga muga COVID-19 ndang ilang saka dunia iki, Aminn.

Anda mungkin juga menyukai