B. Tembung rangkep
Tembung rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwacautawa ditulis rangkep utawa kaping
pindho, bisa sakabehing tembung utawa mung sawanda wae.
Tembung rangkep kaperang dadi 3 yaiku dwi purwa, dwilingga lan dwiwasana.
1. Tembung rangkep dwipurwa (dwi=loro, purwa=ngarep/wiwitan)
Tembung rangkep dwipurwa yaiku tembung kang dumadi saka pangrangkeping purwaing
tembung utawa pangrangkepe wanda kawitan/wanda ngarep.
Tuladhane:
Luhur = lu+luhur = luluhur leluhur
Tamba = ta+tamba = tatamba tetamaba
Jamu = ja+jamu = jajamu jejamu
Tuku = tu+tuku = tutuku tetuku
Peteng = pe+peteng = pepeteng pepeteng
Dwilingga semu
Dwilingga semu tembung kang wujude kaya dwi lingga ananging ora nan linggane.
Tuladha:
ali-ali, alun-alun, ager-ager, ugel-ugel, golang-galing
Yen wandane kang kapindho sandhangan cakra utawa keret, yen diseselake cakra lan
kerete ilang
Tuladha:
Jegreg = je-greg-greg jegegreg
Cekruk = ce-kruk-kruk cekukruk
C. Tembung entar
Tembung entar yaiku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegese dadi
beda saka asal-usule. Tembung entar tegese ora kaya teges salugune (kata kiasan)
utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahe bae.
Tuladha
Adus kringet : nyambut gawe mempeng banget
Dawa tangane : seneng njupik ( colong jupuk) dheweke wong liya
Ngangsu kawuruh : sinau, maguru
Udan tangis : akeh wong sing nangis
Bahu tengen : wong sing dipercaya
D. Tembung Sarojo
Tembung saroja yaiku tembung loro utawa luwih kang padha utawa meh padha tegese
dienggo bebarengan nduweni teges mbangetake.
Tuladha :
1. Muga-muga sliramu tansah pinaringan bagas waras
Tembung bagas padha tegese karo tembung waras, yaiku sehat utawa sehat temenan.
2. Cilik gedhe, enom tuwa padha jejel riyel ngebaki dalan.
Tembung jejel padha tegese karo tembung riyel, yaiku ngesuk utawa suk-sukan.
E. Purwakanthi
Purwakanthi utawa aliterasi yaiku unèn-unèn utawa ukara kang runtut basa utawa sastrané.
Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka utawa tembang.
1. Purwakanthi swara
Purwakanthi swara yaiku unèn-unèn kang runtut swarané (vokal).
Tuladha:
Wong urip iku kudu gemi, setiti, ngati-ati.
Desa mawa cara negara mawa tata
2. Purwakanthi sastra
Purwakanthi sastra yaiku unèn-unèn kang runtut sastrané (konsonan) Tuladha :
Tata titi Tatas titis
Cecer cicir cewet
3. Purwakanthi basa/lumaksita
Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unèn-unèn kang kadhapuk saka rong gatra.
Pungkasané gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho.
Tuladha :
Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
Bayem arda, ardane ngrusak busana
Gladhen
Ukara-ukara ing ngisor iki aranana kalebu gaya basa apa!
1. Bumine ngamuk, muncratake banjir bandhang.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………
2. Garwa punika sigaraning nyawa.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………
3. Tresnaku kakubur kayadene kereme Titanic.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………
4. Getihe muncrat gawe tlaga ing sakupenge.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………
5. We …lha sregep tenan, jam 8 wus tangi.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………
6. Swarane lembut kaya kapas.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………
7. Ora trima lara, mati daklabuhi kanggo mbuktekake yen aku pancen bener.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………
8. Apa maneh satus ewu, selawe rupiah wae aku ora nduwe.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………
9. Gedhe cilik, enom tuwa padha seneng dolanan wayang.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………
10. Priyayi gedhe dhuwur iku pancen bagus nanging ala. Tegese bagus rupane ala tumindake.
Wangsulan : …………………………………………………………………………………