Anda di halaman 1dari 1

ASAL USUL DESA KERTANEGARA

Saking pinten-pinyen suber (para sesepuh Desa Kertanegara) bab niki taksih perlu dipun
kaji kanti cara akademis cariyosipun, inggih punika ing kirang langkung abad 16 SM sampun
wonten pemerintah teng Desa Kertanegara, (saniki sampun dados kecamatan piambek teng
purbalingga) teng pundi wilayah niki merupakan bagian saking kerajaan pajang teng ngandap
pimpinan Sultan Hadiwijaya (Joko Tingkir) ingkang ngutus ing taun 1549 SM.

Wonten pinten-pinten pendapat tentang silsilah name Kertanegara, teng ngandap


naming wonten kalih, inggih punika:

1. Pendapat ingkang pertami maturaken name kertanegara niku asalipun saking bahasa
sansakerta yaiku saking tembung KARTA lan NEGARA. KARTA artosipun
sejahtera, slamet, aman, makmur lan NEGARA artosipun lemah, papan, kawasan
utara pemerintah. Saking kalih tembung punika ( KERTANEGARA ) saged dipun
tegesaken papan, subur lan rakyatipun sejahtera. Bab niki sampun kapasten amargi
Desa Kertanegara niku papaniupun teng lembah kali Tambra ingkang subur lan
mboten kekirangan toya.
2. Pendapat kaping kalih maturaken name Kertanegara niku dipun pende saking arane
pemimpin ingkang sanged dipun kagumi amarga kewibawaanipun, jasa lan
kebijaksanaanipun beliau, saengga kangge kangge ngabadikaken asma
pemimpin/imam meniko ugi dipun dadosaken name desa. Pemimpin kasebut inggih
puniko Raja Singosari (abad 13), Kerajaan Singosari dipun serang dening Raja Kediri
yaiku Raja Jaya Katwang, teras tentara Kerajaan Singosari kalah, pramila Putra
Menantu Prabu Kertanegara yaiku Raden Wijaya utawi panglima tentara Kerajaan
Singosari kapeksa kudu mundur kalian prajurite, wonten ingkang mlayu marang
ngilen ngantos teng daerah Gunung Slamet (wilayah banyumas, purbalingga), lan
wonten ugi ingkang mlayu ngantos teng lembah Kali Tambra yaiku daerah ingkang
dipun anggep aman lan subur. Teng daaerah mriki mula damel lan mbangun desa
ingkang dipun paring name KERTANEGARA.

Anda mungkin juga menyukai