(1)
Fajar Mukti
Draft 1
Act 1
1. INT. KOSAN – RUANG TAMU – SIANG
Bapak kos dan anak baru duduk di ruang tamu
KEN
kuliah nde ndi kon?
ANAK BARU
UM pak
KEN
(melihat tampilan anak baru)
arek mblitar a?
ANAK BARU
peh, mboten pak.
kulo tulungagung
KEN
Maba?
ANAK BARU
Nggeh pak
KEN
ngerti teko ndi kos-kosan ndek kene?
ANAK BARU
kan teng ngajeng enten tulisan e pak
INSERT:
KEN
o iyo. Tak kiro teko situs papikos.com
pas kon, kamare siso siji. Kamarmu nde sebelah kono.
kamar lain wes bek. diisi arek loro, padahal perasaanku wes
murah. Sek urunan ae koyo karang taruna muharto.
URSULA
pak (senyum, lalu lewat)
KEN
(ke anak baru) uwes! Jo kaceren raimu!
iku arek kos pisan. kosan iki campur.
aku ngerti iki menimbulkan resiko kehamilan dan timbul janin
makane ono uwong sing tak pasrahi gae ngrumat kosan karo njogo
kalian.Vira
VIRA
duh, opo o ya?
VIRA
fresh, fresha. Iki opo o ya kok gak iso?
FRESHA
lapo mbak vir?
VIRA
iki lho, te nggaekno kopi pak ken.
duh, yoopo iki?
FRESHA
duh, ngono ae gak iso mbak
yo dicetekno(mencetek gak nyala). lhoh?
VIRA
aduh… yoopo iki fresh?
dipecat aku ngko.. (menggoyang tubuh fresha)
FRESHA
(melihat ujung selang gas)
wahahha, jancok.
yo jelas gak iso mbak. (memegang ujung regulator)
Act 2
3. INT. KOSAN – KAMAR – SIANG
ESA
wah, suangar samid.
Nggarap skripsi sampek keturon ngono
ESA
(melihat hp) duh, telat iki
ESA
mid. Mid!
gak bimbingan a umak?
mid..mid!! tak Tarik lo kaosmu!
SAMID
jancok! Menengo cangkemmu!
ESA
gak bimbingan a umak?
SAMID
iyo cuk!
ESA
nah, ayo ndang raup
SAMID
disek o!
ESA
sopo ndek njero?
FRESHA
aku cuk!
ESA
wih, fresha..
sueneng aku lek lugas ngene tutur kata e.
tenang fresh, sing santai. Aku sabar menanti.
FRESHA
asu!!
ESA
aku selalu ada untukmu..
BAHAK
duh, iyo lali
Bahak meninggalkan parkiran, balik lagi ke tempat parkir sama.
Sudah pake celana
BAHAK
(berdiri di pintu) spada..
eh pak ken
KEN
lapo kon?
BAHAK
biasa pak.
fresha
KEN
(sudah berdiri)potonganmu koyo’ linggis kambang!
Kok fresha gelem karo raimu?
(ke anak baru) yowes,
tak jupuk kwitansi sek ndek omah.
kon delok o kamarmu, sekalian ndeleh barang
BAHAK
(memperhatikan) arek mblitar a kon?
ANAK BARU
peh, mboten mas
Act 3
URSULA
mba vir
VIRA
(mengusap wajahnya) eh Ursula
URSULA
mba vira menangis kah?
VIRA
enggak, ini tadi keculek iber-iber
URSULA
hah?
VIRA
hewan terbang
URSULA
oh (mengintip hp vira)
ih, nonton drakor dia, drama koramil
VIRA
korea!
udah sana pasang LPG
URSULA
(memasang LPG)
baiklah
VIRA
emang kamu gak suka nonton drakor-drakor gitu sul?
URSULA
eh, tidak mbak vir. mending saya nonton india saja
menurut saya itu drakor lebay.. wajah mirip-mirip
menye-menye, cinta-cintaan terus. Tidak ada hal lain apa?
CUT TO:
SAMID
e jancok
ANAK BARU
mas, kulo saking tulungagung mas
sanes mblitar
SAMID
gak takon cuk!
(ke bahak) aku lapo ndek kene?
BAHAK
yo mbuh
FRESHA
wes ket maeng a? (ke bahak)
BAHAK
sek tas
ANAK BARU
(ke fresha)mbak..
FRESHA
sopo kon?
ANAK BARU
joni mbak, anak baru
sampean mbak vira ya?
FRESHA
cuk, ngawur cangkemmu
wah, iki fatal iki. junior nglamak
FRESHA
maba a kon?
ANAK BARU
nggeh mba
FRESHA
kon paling nom ndek kosan iki
ANAK BARU
nggeh mba
FRESHA
ndek kos iki ono peraturan, kon kudu moco
ANAK BARU
nggeh mba
FRESHA
kon iso njawab selain nggeh a?
ANAK BARU
nggeh mba
FRESHA
loh cuk, kon kudu ngajeni senior kabeh ndek kene.
ono arek 4, cewek 2 bedo kampus, lanang 2 kampuse podo.
kene angkatan pertama kosan iki. Milih kos ndek kene goro-goro
alasan siji, murah! O iyo. Iso nunggak. Tak terangno sopo ae.
pertama ono samid sing cangkemme rusak pol, bedo koyo aku
BAHAK
beb, ayo
FRESHA
menengo sek cangkemu jancok!
trus ono Ursula.
arek timur sing iso sembarang kalir,
iso masang lpg, menek plavon, ngangkat gallon,
ngganti jendelo. wes sembarang kalir.
kon kudu ati-ati, ojo nggarai de’e mangkel.
tegoan soale. Timbang kon dipateni.
Trus ono maneh…
BAHAK
bebz, ayo! Sido ta gak iki?
FRESHA
sek ta lah, sabar jancok
BAHAK
aku wes kadung janjian karo wong perpus soale
FRESHA
yo budalo dewe cuk. Aku yo gak njaluk dijak
BAHAK
sungkan aku karo wonge
FRESHA
he hak! raimu!
aku iki yo mek diluk,
lek pengen wat wet pacarono karo bu risma!
BAHAK
tak disek ae aku ya
FRESHA
o ngono kon!?
temenan gak sabar raimu?
ANAK BARU
mas, mba. Aku tak ndelok kamar sek ya
FRESHA
sek, menengo nde kene kon!
BAHAK
(ke anak baru) goro-goro kon iki ncene!
ANAK BARU
loh kok aku mas?
FRESHA
gak usah nyalahno arek liyo!
BAHAK
yowes ayo budal
FRESHA
Picek a matamu!!
9. INT. KOSAN – DEPAN DAPUR – SIANG
VIRA (O.S)
trus mayatnya ditaruh mana?
URSULA (O.S)
Ya, tempat yang kiranya tidak orang tau
e tapi, tadi potongan kakinya tertinggal di kamar mandi
INSERT:
Vira dan Ursula menonton drakor berdua
VIRA
tapi menurut kamu dia emang pantas mati ya sul?
URSULA
kalau itu yang harus dilakukan? Kenapa tidak?
CUT BACK TO:
Anak baru nguping dan ndredeg. Terngiang suara Fresha
FRESHA (V.O)
tegoan soale. Timbang kon dipateni.
Timbang kon dipateni.
Timbang kon dipateni.
Wajah anak baru makin takut
BAHAK
maap a beb. Maap yo?
ANAK BARU
pak, kulo mboten sios ngekos. Ampun pak (lari)
KEN
loh he. Loh he
TAMAT