Anda di halaman 1dari 1

NASKAH SESORAH

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh!


Ingkang dahat kinurmatan, Ibu Kepala Sekolah SD Payang 02
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu guru saha karyawan SD Payang 02
Ugi adhik-adhik kelas lan rencang-rencang sedaya ingkang kula tresnani
.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Asih, awit wekdal menika kita sedaya
teseh pinaringan nikmat lan kewarasan, saengga saged makempal wonten ing acara perpisahan
sak menika.

Kula, minangka sesulih saking rencang-rencang kelas 6, ngaturaken agunging panuwun


dhumateng Bapak/Ibu guru amargi sampun kersa nggulawentah kula sakanca, saengga kita saged
ngrampungaken kewajiban ngangsu kawruh wonten ing SD Payang 02 niki.

Kula sakanca naming saged dedonga kagem Bapak/Ibu guru supados amal lan kesaenanipun
pikantuk piwelasan saking Gusti Allah SWT. Mugi-mugi Bapak/Ibu guru tansah pinaringan
kesarasan lan kawilujengan, saengga saged nggulawentah adhik-adhik kelas ngantos dumugi
lulus.

Mboten kesupen, kula sakanca ugi nyuwun pangapura ingkang kathah, awit solah bawa kula
sakanca asring ndamel kuciwa lan mboten mranani ing penggalihipun Bapak/Ibu guru sedaya.

Sepisan malih, kula ndedonga supados Bapak/Ibu guru, karyawan, rencang-rencang, saha adhik-
adhik kelas sedaya, mugi-mugi tansah pinaringan rahmat lan kaberkahaning Gusti Allah SWT.

Cekap semanten atur kula,


Kuah kupat digebyur santen, menawi lepat kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh!

Anda mungkin juga menyukai