Anda di halaman 1dari 16

TATA CARA SEMBAHYANGAN ROSARIO

CECALA, UJUB-UJUB

KIDUNG PAMBUKA

TANDA PAMETHANGAN

P : Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, Tuwin
Hyang Roh Suci.
U : Amin
P : Gusti manunggala
U : Kalian kula sedaya

SEMBAHYANG PAMBUKA ( SPONTAN )


Utawi ( conto )

P : Allah ingkang maha mirah, lantaran Ibu Maria Paduka sampun


ngutus Gusti Yesus dados Juru Wilujeng kawula. Mugi kawula
saget ngraosaken donga lan pangayomanipun Ibu Maria , awit
panjenenganipun ingkang miosaken Gusti Yesus ingkang paring
gesang lan kawilujengan, jumeneng lantaran kawula sapunika
tuwin ing salami-laminipun.
U : Amin

Utawi
P : Rama ingkang maha kuwasa, kanthi suka rina ing manah, kawula
memule Ibu Maria, lan kawula pitados bilih Ibu Maria tansah
ndongakaken kawula. Mugi-mugi kanthi pandonganipun, Paduka
maringaken ingkang sae kangge sedaya. Lantaran Sang Kristus
Gusti kawula.

U : Amin
1
WAOSAN KITAB SUCI ( FAKULTATIF )
RENUNGAN, SHARING ( FAKULTATIF )

SEMBAHYANGAN ROSARIO

KAWULA PITADOS

Kawula pitados ing Allah,


Rama Sang Maha kuwasa
Ingkang nitahaken bumi langit
Saha ing Gusti Yesus Kristus Putra Dalem ontang anting
Pangeran kawula
Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria
Kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci
Ingkang nandang sangsara
Nalika jamanipun Ponsius Pilatus
Saha kapenthang, seda sarta kasarekaken
Tigang dintenipun wungu saking seda
Mekrad dhateng swarga
Pinarak ing satengen Dalem Allah Rama Sang Mahakuwasa
Saking ngriku badhe rawuh
Ngadili para tiyang gesang utawi pejah
Kawula pitados ing Hyang Roh Suci
Pasamuan Katolik ingkang suci
Lang panunggiling para suci
Pangapuntening dosa
Tanginipun badan
Saha gesang langgeng. Amin

MUGI LINUHURNA
Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra tuwin Hyang Roh Suci.
Kados mulabuka, sapunika sarta ing saklami-laminipun.

2
PINUJIA
Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Ibu Maria tuwin Santo Yusuf.
Sapunika sarta langgeng.

RAMA KAWULA
Rama kawula ing swarga,
Asma Dalem kaluhurna
Kraton Dalem mugi rawuha
Karsa Dalem kalampahana wonten ing donya kados ing swarga
Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika
Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem
Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dating sesame
Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha
Saha linuwarna saking piawon.
Amin

Sembah bekti katur ing Putra-putri Dalem Sang Hyang Rama

SEMBAH BEKTI
Sembah bekti kawula, Dewi Maria, kekasihing Allah.
Pangeran nunggil ing Panjenengan Dalem
Sami-sami wanita Sang Dewi Pinuji piyambak
Saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus
Dewi Maria ibuning Allah
Kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu Dalem,
Samangke tuwin mbenjing dumugining pejah.
Amin

Sembah bekti katur ing Ibu Dalem Sang Hyang Putra


Sembah Bekti…….

Sembah bekti katur ing Prameswari Dalem Sang Hyang Roh Suci
Sembah bekti….
Mugi Linuhurna…….
Pinujia………
3
Prakara – prakara kang diangen-angen sajroning sembahyangan
Rosario ( lampiran )

Rama kawula…..

Sembah Bekti ……. 10 X

Mugi Linuhurna……

Pinujia……

Duh Sri Yesus…


Mugi karsaa ngapunten dosa-dosa kawula, tinebihna kawula saking
latuning naraka. Mugi sukma-sukma ing latu pangresikan krana sih
kawelasan Dalem manggiha katentreman langgeng.

SEMBAHYANG PANUTUP ( SPONTAN )

UTAWI ( CONTO )

P : Suwawi sami munjuk


Allah Rama ing kang Maha Kuwasa, kawula sami bingah
wontening pangayomanipun Ibu Maria. Kaliwarno saking
sawernining piawon, lan pantes nampi kabegjan langgeng lantaran
Sang Kristus Gusti Kawula.
U : Amin

Utawi

P : Suwawi sami munjuk


Allah Rama ingkang Maha Tresna, Paduka sampun ngutus Gusti
Yesus Sang pepadhang ing Jagat, ingkang madhangi sedaya umat
Dalem, ugi Ibu Maria kados dene lintang ingkang nyinaraken
pepadhang saking Sang Kristus. Mugi Ibu Maria tansah

4
nyengkuyung panyuwunan kawula ing ngarsa Dalem lantaran
Sang Kristus Gusti Kawula.
U : Amin

KIDUNG PENUTUP

Prakara – prakara kang diangen-angen sajroning sembahyangan


Rosario

A. KABINGAHAN DALEM
1. Malaekat Gabriel nglantaraken dhawuh marang Ibu Maria
“ Bejaa, kowe kang kinasihan, pangeran tansah nganthi marang
kowe, ojo wedi Maria, awit kowe oleh sih kanugrahan ana ing
ngarsane Pangeran, kowe bakal ngandeg lan bakal mbabar
putra kakung, iku asmana Yesus “ ( Luk 1:28b.30b-31)
Sirep Sedhela………………
Dhuh Gusti sadaya sabda Dalembadhe kalampahaken. Nyuwun
berkah Dalem mugi kawula saget nglampahi sabda-sabda Dalem
wonten ing pagesangan sedinten-dinten.

2. Ibu Maria tuwi Santa Elisabeth


Elisabeth celathu “ Kowe iku binerkahan ana ing antarane wong
wadon kabeh, apa maneh binerkahan wohing kandhutanmu.
Sopo to aku iki, dene nganti karawuhan
ibune Gustiku “ ( Luk. 1:42-43 )
Sirep Sedhela……………..
Dhuh Gusti, Rama kawula, mugi kawula saget nuladha Ibu Maria
ingkang paring kawigatosan dumateng sedulur ingkang
mbetahaen pitulungan.

3. Sang Kristus miyos ing Bethlehem


Maryam nuli mbabar putra kakung, putra pembarep. Putra mau
nuli digedhong, banjur disèlèhaké ana ing wadhah pakan kéwan,
5
jalaran Yusuf lan Maryam padha ora olèh panggonan ana ing
omah penginepan.
(Luk 2:7)
Sirep Sedhela……………..
Dhuh Gusti , Rama ing swarga, matur sembah nuwun dene karsa
ngutus Putra Dalem tumurun ing donya jumeneng juru wilujeng
umat Dalem .

4. Sang Kristus dicaosake ana ing padaleman suci


Siméon nuli mberkahi Yusuf, Maryam lan Sang Bayi mau, lan
kandha marang Maryam: "Bocah iki dikersakaké déning
Pangéran, dadi jalarané tiba lan tanginé wong akèh ing Israèl,
lan dadi pratandha saka Pangéran, sing bakal dibantah déning
wong akèh………………..
Srana mengkono bakal kabukak wewadi-wewadi sing sumimpen
ana ing atiné wong akèh. Kowé dhéwé bakal ngrasakaké sedhih,
nganti atimu kaya tinuwek déning pedhang sing landhep."
Sirep Sedhela
Dhuh Gusti mugi kawula nuhani dhawuhing agami kados Ibu
Maria. Kawula masrahaken jiwa raga wonten ing ngarsa dalem.
Mugi KAwula ugi dados sarana kawilujenganipun sesami.

5. Sang Kristus kapanggih ana ing padaleman suci


"Kénging menapa rama lan ibu madosi kula? Menapa mboten
pirsa, bilih kula kedah wonten ing dalemipun Rama kula?" Rama
lan ibuné ora nyandhak tegesé wangsulané Gusti Yésus ( Luk
2:49-50)
Sirep Sedhela…………….
Dhuh Gusti, Sang Kristus langkung neguraken anggenipun kedah
mulyakaken Paduka. Mugi kersa ugi langkung neguhaken
dhawuh-dhawuh Dalem lan tansah memuji lan ngluhuraken asma
Dalem.

B. KASANGSARAN DALEM
1. Gusti Yesus sungkawa ana ing taman Jaitun
6
Gusti Yésus tindak ora adoh saka ing kono, nuli sujud sarta
ndedonga: "Dhuh Rama Kawula, menawi kepareng, tuwung
kasangsaran menika mugi kasingkirna saking Kawula! Nanging
sampun pikajeng Kawula, namunga kersa Paduka kémawon
ingkang kelampahan."
( Mat 26:39)
Sirep Sedhela……………….
Dhuh Gusti Rama ing Swarga, menawi kawula nembe nampi
pacoban mugi kawula naming ngestokaken dhauh Dalem.

2. Gusti Yesus disapu


Sawisé kuwi para prejurit nuli awèh pakurmatan marang Gusti
Yésus, karo muni: "Saos bekti, ratunipun tiyang Yahudi!"
Mestakané Gusti Yésus banjur dithuthuk nganggo kayu lan
Panjenengané banjur diidoni, sarta padha sujud ana ing
ngarsané.
( Mrk 15:18-19 )
Sirep Sedhela…………………
Dhuh Rama, Sang Kristus nandhang sangsara mergi nebus dosa-
dosa kawula. Mugi kawula ugi wanton ngurbanaken diri kangge
kawilujenganipun sesami.

3. Gusti Yesus diagemi makutha eri


Gusti Yesus nuli diagemi jubah ungu. Wong-wong mau banjur
nganam makhuta eri diagemake ing mustakane. ( Mrk 15 : 17 )
Sirep Sedhela………………
Dhuh Rama, Gusti Yesus kaina kanthi dipun agemi makutha eri,
nanging Gusti tetep sabar. Mugi kawula ugi saget sabar lan
ngapunten sesami ingkang damel piawon dhumateng kawula.

4. Gusti Yesus manggul pamethangan


Gusti Yesus banjur kalawan manggul salibe lan tindak menyang
panggonan kanga ran pacumplungan, ing basa ibrani Golgota.
( Yoh. 19:17 )
Sirep Sedhela………………
7
Rama kawula ing swarga nyuwun kekiyatan murih kawula kiyat
nyanggi salib ing gesang kawula kanthi iman ingkang teguh lan
tanpa ngresula.

5. Gusti Yesus seda ana ing pamethangan


Gusti Yésus nuli nguwuh klawan swara sora: "Dhuh Rama!
Kawula masrahaken nyawa kawula ing asta Paduka!" Sawisé
matur mengkono Gusti Yésus nuli séda.
( Luk 23:46)
Sirep Sedhela…………………
Dhuh Sang Kristus ingkang seda ing kayu salib, mugi kersa
rawuh ing pungkasan gesang kawula, lan paring pangayoman
saking panggoda ing wanci dumugining ajal kawula.

C. KAMULYAN DALEM

1. Gusti Yesus Wungu Saka Seda


Malaékat mau nuli ngandika marang para wong wadon sing
padha niliki pesaréan mau mengkéné: "Aja padha wedi! Aku
ngerti yèn kowé padha nggolèki Yésus sing mentas disalib.
Panjenengané ora ana ing kéné, wis wungu, cocog karo sing
dingandikakaké dhèk biyèn. Coba delengen panggonan tilasé.
(Mat 28:5-6)
Sirep Sedhela…………..
Dhuh Rama, kawula pitados bilih sang Kristus ingkang nandang
sangsara lan seda saestu sampun wungu, kakiyatna iman kawula
supados wonten martosaken kabar kabingahan dhumateng
kaluarga lan sasami.

2. Gusti Yesus mekrad menyang Swarga


Sawise ngandikani para murid, Panjenengane nuli kasengkakake,
sineksen dening para rasul, banjur wis ora katingal, amarga
kaling-alingan mega. Banjur ana malaekating pangeran kang
ngandika : heh wong-wong Galilea, Gusti Yesus kang sumengka
marang ing swarga, bakal rawuh maneh kanthi hatrap kaya kang
8
pada kok deleng nalika Panjenengane munggah menyang swarga
( Kis : 10 : 11 )
Sirep Sedhela……………
Dhuh Rama kakiyatna iman , pangajeng-ajeng lan katresnan
kawula, murih sasampunipun ngayahi tugas ing alam donya, ing
benjing kepareng Derek mulya manunggal, kaliyan Sang Kristus
ing Swarga.

3. Hyang Roh Suci Tedhak


dumadakan ana swara saka ing langit, kaya gumrubuging angin
gedhé. Swara mau ngebaki omah sing dienggo kumpulan. Wong-
wong mau nuli padha weruh rerupan kaya urubing geni ilat-
ilatan, méncok ing saben wong sing ana ing kono. Wong kabèh
mau nuli padha kapenuhan ing Roh Suci, sarta banjur padha
wiwit guneman nganggo basa sing béda-béda, manut apa sing
dikersakaké déning Sang Roh Suci ( Kis 2:2-4)
Sirep Sedhela……………….
Dhuh Rama mugi kawula ugi kapadhangana mawi Roh Suci,
murih sedaya pakaryan kawula tindakaken kanthi wicaksana
nilaraken piawon, tansah ngestokaken karsa Dalem.

4. Ibu Maria Kapundhut Menyang Swarga


Yen kita percaya , menawa Gusti Yesus wus seda lan wus
kawungokake, kita uga percaya yen wong wong kang wis ngajal
ana ing Gusti Yesus iku bakal padha dikumpulake dening Gusti
Allah bebarengan karo Panjenengane. Kita kang isih urip, kang
isih keri, bakal padha kapulung bareng karo kang mentas tangi
mau ana ing mega, methukake Gusti ana ing awing-awang.
Mangkono sabanjure kita bakal nunggal kalawan Gusti ing
salawase.
Sirep sedela………
Dhuh Rama kakiyatna iman kawula supados ageng kapitadosan
kawula dumateng tanginipun badan lan gesang langgeng.

5. Ibu Maria Tampa Makutha ana ing swarga


9
Ing Langit tumuli katon tengeran gedhe. Ana wanita kang
sinandhangan srengenge, lan rembulan ana ing sangisoring
tlapakane sarta nganggo makuthae lintang rolas ana ing sirahe.
Sirep sedela……….
Dhuh Rama, Ibu Maria sampun tampi makutha ing swarga,
ingkang kinarsa andum sih dumateng kawula. Mugi Gusti karsa
nampi atur kawula ingkang kawula unjukaken ing ngarsa Dalem
lantaran Ibu Maria.

D. PEPADHANG DALEM

1. Gusti Yesus Kababtis Ing Kali Yordan


Sawise kababtis Gusti Yesus banjur mentas saka ing banyu, lan
ing kono langit tumuli piyak lan panjenengane misa Rohing
Allah tumedhak pindha manuk dara, anedhaki Panjenengane.
Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika : iki
Putraning Sun, kekasihing Sun, kang dadekake renaming
penggalih Sun.
Sirep Sedela………….
Dhuh Rama, paduka sampun misuda Sang Kristus jumeneng
Penebus krana babtis. Mugi kawula ingkang sampun nampi
sakramen Babtis kepareng nderek nglajengaken pakaryan Dalem
Gusti Yesus minangka penebus lan juru wilujeng.

2. Gusti Yesus Ngatingalake Jati diri Ing Pahargyan Temanten


Kana
Banyu kamalihake dadi anggur. Prakara mau katindakake Gusti
Yesus ing Kana tanah Galilea, dadi wiwitaning mukjijat-
mukjijat, lan srana mangkono Panjenengane wus mbabarake
kaluhurane. Para sakabat tumuli padha percaya marang
Panjenengane.
Sirep Sedela………….
Dhuh Rama, kawula pitados bilih Gusti Yesus Punika saestu
Allah ingkang nggadahi panguwaos. Mugi kawula naming pasrah

10
dhumateng Paduka lantaran Gusti Yesus menawi maju nempuh
pacobaning gesang ingkang awrat kawula sanggi.

3. Gusti Yesus Martakake Kratoning Allah lan Pamartobat


Gusti Yesus nggelarake piwulang, pangandikane : “ Padha
martobato, amarga kratoning swarga wus cedhak :” Gusti uga
memulang lan martakake Injil, nyarasake sarupane lelara kang
tinemu ing satengahing bangsa kana. ( Mat 4:17.23)
Sirep sedela…………..
Dhuh Rama, mugi kersaa paring berkah lan semangat dhumateng
sadaya ingkang sami nyambut damel wonten ing kebun anggur
Dalem, murih kathah tiyang dosa ingkang sami martobat lan
sadaya sami manggih kawilujengan badan lan sukmanipun.

4. Gusti Yesus Ngatingalake Kamulyan Dalem


Gusti Yesus minggah gunung miyambak, Gusti banjur santun
cahaya ana ing ngarepe para sakabat, pasuryane mencorong
kaya srengenge, sarta pangagemme putih sumarat kaya
pepadhang. Banjur keprungu sabdaning Allah : Iki Putraning
Sun, Kekasihing Sun, kang gawe renaming penggalihing Sun, Iku
Sira rungokna. ( Mat 17:1-2,5)
Sirep Sedela…………..
Dhuh Rama Paduka ngersakaken supados kawula kedah
midhangetaken sabda dalem Gusti Yesus. Mugi Roh Suci tansah
nuntun gesang kawula supados mboten ngginga kajeng kawula
piyambak, ananging tansah nindakaken sedaya pangandika
Dalem Gusti Yesus.

5. Gusti Yesus yasa Sakramen Ekaristi


Ana ing pakaryan Paskah Yahudi Gusti mendhet roti, diberkati,
dicuwil-cuwil banjur diparingake marang para sakabate
pangandikane : Padha tampanana lan panganen, awit iki
saliraKu. Nuli mundhut tuwung, caos syukur banjur diparingake
11
marang para sakabat pangandikane : padha ngombea , sebab iki
getihKu , getihing prejanjian kang kawutahake kanggo wong
akeh , minangka pratandha pangapuraning dosa ( Mat 26:26-
28)
Sirep sedela…………………
Dhuh Rama mugi karsaa paring pangapunten dhumateng sedaya
kalepatan lan dosa-dosa kawula, saderengipun nampi salira lan
rah Dalem. Murih saben kawula nampi salira Dalem ndadosna
sarana manggih karahayuning gesang langgeng.

KATERANGAN

I Prakara kang direnungake / dilelimbang


1. Mangsa adven : Kabingahan Dalem
2. Mangsa Natal : Kabingahan Dalem
3. Mangsa Pra Paskah : Kasangsaran Dalem
4. Mangsa Paskah : Kamulyan Dalem
5. Mangsa Lumrah / Biasa :
Senin, Sabtu : Kabingahan Dalem
Selasa, Jumat : Kasangsaran Dalem
Rabu, Minggu : Kamulyan Dalem
Kamis : Pepadhang Dalem

II Waosan saben prakara bias diganti renungan singkat


- Sembahyangan bias secara spontan
- Kidung cukup pambuka karo panutup
- Menawa sadurunge prakara ana kidung dijumbuhake karo
prakara kang direnungake / dilelimbang.

12
Kidung –kidung

Kula Angabekti ( KA 433 )

Kula angabekti
Kenya linangkung
Retuning swarga
Tunggil Hyang Agung
Ave-ave, ave-ave Maria

Panyuwun kawula Mugi midhangetna


Ibu kang asih Pasambat kula
Enget mring pra putra Nyuwun ndherek mulya
Oka wlas asih Wonten ing swarga
Ave-ave, ave-ave Maria Ave-ave, ave-ave Maria

Dhuh Sang Sekar ( KA 434)

Dhuh sang sekar kang murni


Mariyah sru endah
Keparenga memuji
Sowan caos sembah
Yen Ibu tan miyosa
Kenya tanpa ciri
Kula kalap ing dosa
Putra pasrah sami
Mawar tuwuh tanpari Dyah murni pindha bakung
Wungu bang sumringah Dyah retuning jagad
Sekar mekar ing margi Nyunar edi linuhung
Putra nyuwun bingah Retuning Malaekat
Ibu kang tresna asih Kang pating sih mring putra
Tuwin merak ati Tansah angayomi
Paring lube ring sih Mangga manah kawula
Putra pasrah sami Putra pasrah sami

13
Wanodya Minulya ( KA 436)

Wanodya minulya tuwin kinawasa Ibu Kenya murni lan pinurba suci
Ratu putrining kraton Swargi Ingkang penuh kamulyaning swarga
Pra bangsa sadaya memuji Paduka Duk wonten ing donya anggennya rekasa
Samya atur sembah pangabekti Sengga rempak rempu jiwa nira
Mugi karsa amriksani amba Ulun tiyang dosa wegah sangsara
Lan dadosa lantaran kawula O karyanen datan jrih rekasa
Supados ugi binerkahana Murih saget mulya lir paduka

Ibu kang nglabeti para putra sami


Sangsara wit putra lan sliranya
Sumangga kartura manah gesang kula
Jiwa raga tuwin sadayanya
Wiwit samangke kemba tansah badhe
Ngaub ing Sang Dewi kanthi bingah
Suka tuwin rila prapteng pejah.

Jrih Tresna Kawula ( KA 438)

Jrih tresna kawula katur Jeng Yen mbatan kuwawi lumawan


Ibu Wit Paduka Kenya Ibuninmg Widi Ing prang karsaa maringi kiyat lan kwagang
Dhuh Ibuning swarga putranta nedya Dhuh Ibuning swarga putranta nedya
Nimbangi tresnanta ing salaminya Nimbangi tresnanta ing salaminya

Yen sukma ngoncati raga kawula


Paduka timbale sowan mring Rama
Dhuh Ibuning swarga putranta nedya
Nimbangi tresnanta ing salaminya

O Kawula Punika ( KA 439 )

O Kawula punika palwa upaminya Sang sektining sinekti mugi anjagiya


Alit tur tan prakosa, ngambah ing samodra Tuwin tansah ngayomi kula pun baita
Dipun tempuh prahara lan aluning Kasirepna prahara lan aluning samodra
samodra Dhuh Dewi Mariyah pangayoman
Dhuh Dewi Mariyah pangayoman amba amba
14
Keparenga kawula mlebet dhateng kraton
Ingkang sumunar mulya wonten redi Siyon
Daleming pra malaikat mulya
Penuh ing nikmat
Dhuh Dewi Mariyah pangayoman amba

Nderek Dewi Mariyah ( KA 440 )

Nderek Dewi Mariyah Temtu Gengkang manah


Boten yen kuwatosa Ibu njangkung tansah
Kanjeng Ratu ing Swarga amba sumarah samnya

Nadyan manah geteradipun godha setan


Nanginmg batos engetnya wonten pitulungan
Wit sang Putri Mariyah mangsa tega anilar

Menggah saking apesnya ngantos kelu setan


Boten yen to ngantosa klantur babar pisan
Ugeripun nyenyuwun ibu tansah tetulung

Sang Dewi, Sang Dewi mangestonana


Sang Dewi, Sang Dewi mangestonana

Ing Guwa Lurdhes ( KA 442 )

Ing gua Lurdhes sg Kenya maroyah


Wus karsa ngatingal mring Bernadheta

Sang Dewi nimbali sarta ngandika


Ayo sembahyang tasbeh minulya

Bernadhet tumuli anyuwun pirsa


Sinten ta paduka o Putri Swarga

Aku sg Pinurba resik ing dosa

15
Ibuning Hy Putra kang wus manjalma

Pra putra ing donya enggal mareka


Nyenyuwun sg Dewi ing lurdhes gua

Kang nandhang sangsara enggal nyuwuna


Wit Sg ibu tamtu paring nugraha

Ave ave ave Mariyah


Ave ave ave Mariyah

Ratu Rosario ( KA 443)

Ratu Rosario Ratu sinuci


Dhuh Kenya Ibu ratu ning pra nabi
Pra putra ing donya sowan ing ngarsanta
Sowan ngabekti mring ibu
Sowan ngabekti mring ibu

Ratu Rosario tuking pamirma


Mriksanana kawula para putra
Ngorong ing katresnan ngorong kauwanan
Mugi paring pangestu
Mugi paring pangestu

Ratu Rosario Ratu pangayoman


Mugi paring berkah pitulungan
Tinebihna dosa sangsara ing nraka
Benjing mulya tunggil nJeng Ibu
Benjing mulya tunggil nJeng Ibu

16

Anda mungkin juga menyukai