Anda di halaman 1dari 1

Bahasa jawa kelas 3

GEGURITAN
Tulis di buku catatan kalian

Sadurunge nganakake sarasehan minangka kanggo nambah kawruhmu bab geguritan


wacanen dhisik andharan ing ngisor iki!
Sing diarani geguritan yaiku wohing kasusastran Jawa anyar kang awujud syair kang
tanpa nganggo paugeran/ pathokan tartamtu kaya ing tembang.
Titikane (ciri-cirine) geguritan yaiku:
a. Ora kawengku ing pathokan/paugeran.
b. Dudu basa padinan, nanging basa endah.
c. Migunakake tembung-tembung kang pinilih.
d. Cacahe larikan ora katemtokake.
e. Isine mentes lan padhet.
f. Arang-arang nggunakake tembung-tembung pangiket.

Supaya bisa njelasake isine geguritan bab-bab kang perlu dilakoni yaiku:
a. Maca geguritan kanthi setiti.
b. Nerangake tegese tembung-tembung kang utama.
c. Njelasake (menafsirkan makna) pralambang jroning geguritan.
d. Ngrakit (merangkaikan) ukara-ukara dadi sawijining gancaran.

Carane nulis geguritan yaiku:


a. Nemtokake tema.
b. Milih tetembungan kang mentes, endah, lan padhet.
c. Menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan.
Supaya bisa maca geguritan kanthi becik bab-bab sing kudu digatekake yaiku:
a. wirama ( irama/ lagu)
b. wirasa ( rasaning swasana ati)
c. wiraga (obahing awak)
d. wicara (pocapan)

Anda mungkin juga menyukai