Anda di halaman 1dari 1

Nama : Akhmad Faozan

Kelas : XI TKRO 2
Absen : 2

Gumuk
Nang daerahe aku, desa pecabean. Ana tempat sing didarani Gumuk, gumuk
kwe gundukan lemah sing sebenere umahe rayap. nang daerahku Gumuk kwe
di ceritakna ana penunggune, namane Nyai Maryam. Jare Nyai Maryam kwe wis
ana nang kono awit mbiyen nmn.

Gumuk kwe anggone ana nang pojok sawah, saben sawah kwe digarap mesti
gundukan kwe ora wani diapak-apakna, dang sawahe lagi dipacul ya gundukan
kwe tetep ora dipacul, dang lagi di traktor ya gundukan kwe tetep ora wani
sisan ditraktor. Jarene watir mbokan ana apa apa.

Ana keluarga sing esih nganggo kepercayaane wong mbiyen, kepercayaan


sing esih kecampur ajaran hindu budha, dadine saben keluarga kwe ngadakna
acara, mesti nggawe sajen nggo didalah nang gumuk. dang nggawe umah
ndalah sajen, dang ana acara niikahan utawa acara liyane juga nggawe sajen.

Tapi aku tetep ora percaya mitos mitos Nyai Maryam, aku tetep nganggep
gumuk kwe kur gundukan lemah, umahe rayap sing gedhe.

Anda mungkin juga menyukai