Anda di halaman 1dari 11

WULANGAN 7

SESORAH

KI : 3. Memahami, menerapkan, menganalisis dan mengevaluasi pengetahuan


faktual, konseptual, prosedural, dan metakognitif berdasarkan rasa ingin
tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya, dan
humaniora dengan wawasan kemanusiaan, kebangsaan, kenegaraan, dan
peradaban terkait penyebab fenomena dan kejadian, serta menerapkan
pengetahuan prosedural pada bidang kajian yang spesifik sesuai dengan
bakat dan minatnya untuk memecahkan masalah.
4. Mengolah, menalar, menyaji, dan mencipta dalam ranah konkret dan ranah
abstrak terkait dengan pengembangan dari yang dipelajarinya di sekolah
secara mandiri serta bertindak secara efektif dan kreatif, dan mampu
menggunakan metoda sesuai kaidah keilmuan
KD : 3.7 Memahami sesorah dalam berbagai kegiatan Sekolah.
4.7 Simulasi sesorah dalam berbagai kegiatan Sekolah.
IPK : 3.7.1 Mendefinisikan pengertian sesorah
3.7.2 Menginterpretasi struktur sesorah
3.7.3 Menginterpretasi jinising sesorah
3.7.4 Menyebutkan sipat-sipating sesorah menurut ancas/ tujuan
3.7.5 Menyebutkan sipat-sipating sesorah menurut isi lan basa
3.7.6 Mengamati contoh sesorah
3.7.7 Menyusun kerangka seorah dengan tema sesuai dengan kelompoknya
3.7.8 Mengembangkan kerangka sesorah menjadi teks sesorah
4.7.1 Mempraktikkan teks sesorah dengan unggah-ungguh yang benar
4.7.2 Menanggapi isi dari teks sesorah yang telah dibacakan (olah swara,
basa lan sastra, raga, busana)

Sumber:
 Damarjati, Triwik dkk. 2020. WIBAWA Kelas X. Yogyakarta: Dinas Pemuda dan
Olahraga DIY.
 Rahmawati, Arpeni dkk. 2017. Wursita Basa Kelas X. Yogyakarta: MGMP SMK
DIY.
 Nurdiana, Kingkin Winanti. 2019. Sarita Kelas X. Yogyakarta: CV.Sinar
Pengetahuan.
SESORAH

Sesorah utawa tanggap wacana inggih punika ngandharaken gagasan utawi penggalihan
kanthi tetembungan ingkang dipunucapaken dhateng tiyang kathah. Bab-bab ingkang saged
nuwuhaken saé lan remenipun tiyang ingkang midhangetaken punapa ingkang nembé
kaandharaken nalika sesorah kedah kagatosaken kanthi saèstu.
SANGU SESORAH:
1. Wicara/basa
Basa kedah dipunpilih ingkang cocog kaliyan tiyang ingkang dipunadhepi, jinising acara, sarta
suwasana. Basa ingkang dipunpilih ingkang gampil dipuntampi tiyang sanès. Prayogi
ngginakaken tembung-tembung lan ukara ingkang prasaja. Basa ingkang boten dakik-dakik,
nanging tetep nuhoni paugeran, satemah mujudaken basa ingkang laras sarta leres.
Wicaranipun utawi pangucapipun kedah cetha. Umpaminipun anggènipun ngucap a, i, u, è,
ê, é, o lan saged mbédakaken pangucap antawisipun ta lan tha, da lan dha.
2. Wirasa
Wirasa tegesipun kedah saged nyurasa sarta mangertosi kanthi saèstu punapa ingkang
dipunngendikakaken utawi dipunandharaken nalika sesorah. Boten ngemungaken apalan
tanpa mangertosi tegesipun. Kanthi mangertosi saèstu punapa ingkang dipunandharaken
badhé mahanani wedaling wicara saged lancar lan kapireng prasaja.
3. Wirama
Wirama tegesipun kedah saged ngatur wiramaning swanten, inggih punika lirih soranipun,
alon cepetipun, andhap inggilipun utawi intonasi-nipun swanten. Nalika sesorah kedah
mbudidaya sampun ngantos kados tiyang maos utawi apalan.
4. Wiraga
Wiraga tegesipun kedah saged nyocogaken ébahipun sarira kaliyan punapa ingkang nembé
dipunwedharaken. Nalika sesorah prayoginipun manteb, teteg, mirsani dhateng sedaya tamu,
asta ngapurancang, nanging tetep luwes lan boten kaku.
5. Busana
Busana tegesipun ageman ingkang dipunagem kedah jumbuh kaliyan swasana sarta acara
ingkang nembé lumampah.

Wonten pamanggih sanès ingkang mratèlakaken babagan sangunipun tiyang ingkang


badhé sesorah. Tumrapipun tiyang ingkang badhé sesorah prayogi manawi nindakaken ingkang
kawastanan SAPTAMA, inggih punika:
1. Magatra.
Nggladhi dhateng bleger; wewujudan, anggènipun ngadi busana lan ngadi sarira trep, pantes
lan jangkep.
2. Malaksana
Nggladhi cara-caranipun anggènipun tindak. Tindakipun saben sapecak sajangkah kedaha
tinata runtut, luwes, mrabawa, boten ingah-ingih.
3. Mawastha
Nggladhi anggènipun jumeneng. Anggènipun jumeneng kedah jejeg, boten pareng dhoyong
mangiwa punapa déné manengen. Antawisipun suku kanan lan kéring boten pareng keciyuten
utawi kewiyaren.
4. Maraga
Anteng, boten gumeter. Ébah éwahing pasemon lan sarira kedah jumbuh kaliyan isining
sesorah.
5. Malagawa
Trampil lan trengginas. Boten ngleler ugi boten kesesa-sesa.
6. Matanggap
Tanggap dhateng sadaya swasana.
7. Mawwat
Tatag tangguh tanggon tanggung jawab praptèng ngendhon. Tanggel jawab dhateng sadaya
ingkang sampun kangendikakaken.

Tiyang ingkang badhé sesorah prayogi sanget manawi ngginakaken cecepengan ingkang
kacekak TOP, inggih punika:
T  Titèn ( saben wonten adicara/upacara, purun nggatosaken). Boten remen
tampikan, lajeng purun mbiji punika saélan botenipun)
O  Opènmanawi ningali sesorah lajeng dipuncathet, manawi manggihaken tembung-
tembung ingkang karaosaken menjila.
Panèn dipuntata dados ukara lan cecawis ingkang prasaja nanging tetep
P 
murakabi.

 Ingkang kedah dipunsingkiri sampun ngantos gadhah raos:


1. Rikuh, isinan, manawi dipundhawuhi lajeng plenthot-plenthot, pawadanboten gadhah
klambi, dedegipun kirang pas, malah nawakaken tiyang sanès.
2. Kéguh, gampil kénging godha, lajeng grogi, amargi wonten sedhèrèkipun, wonten
pangingggilipun, ajrih manawi dipungegujeng, lsp.
3. Jiguh, tiyang ingkang gampil gugupan, usag-useg, kados tiyang ingkang boten siyaga
ing gati, mlampah mrika-mriki ngantos umpetan.

 Miturut ancasipun sesorah saged kagolongaken:


1. Wursitawara,ular – ular, , wasita wara, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang
ancas lan isinipun ngandharaken bab kautaman, pitutur, lan sapiturutipun.
2. Sesorah lan medhar sabda, tetembungan punika kanggé mastani ingkang sipatipun
umum tumraping olah pangandikan sangarsaning tiyang kathah.
3. Atur pambagyaharja, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun
nampi rawuhipun para tamu.
4. Tanggap Wacana, tetembungan kanggé mastani sesorah ingkang ancas lan isinipun
nanggapi aturing pambagyaharja.
5. Atur pawartos, umpaminipun sesorah ing rapat-rapat, promosi barang, lsp.
6. Atur panglipur, umpamanipun ing adicara sripah, atur saking pambéla sungkawa,
sesorah ing ngajengipun tiyang ingkang nembé nampi musibah bebendu alam, lsp.
7. Pangajak, umpaminipun: sesorah ing panyuluhan-panyuluhan. Sesorah punika kanggé
nuwuhaken kapitadosan pamiarsa dhumateng punapa ingkang dipunandharaken lan
kanthi iklas nindakaken punapa ingkang sampun dipunmangertosi.
8. Saged ugi pinten-pinten ancas ing inggil punika karantam rinoncé wonten ing satunggaling
sesorah.

 Tata caraning (metode) sesorah saged katindakaken kanthi manéka warna, ingantawisipun:
1. Kanthi maos naskah,
Sesorah ingkang kanthi maos naskah punika gadhah kekirangan utawi cacad, inggih
punika badhé ketingal kaku, boten luwes. Awit ingkang sesorah namung tansah ningali
dhateng naskah ingkang kawaos.
2. Kanthi cara apalan
Cara punika asring katindakaken déning tiyang ingkang nembé sinau/ gladhèn sesorah,
inggih punika kanthi nyawisaken naskah (teks) rumiyin lajeng dipunapalaken.
3. Kanthi cara Impromptu
Cara punika asring katindakaken déning tiyang ingkang sampun kulina sesorah lan
sampun baut anggènipun sesorah. Cara punika boten nyawisaken materi ingkang badhé
kaandharaken, awit wekdalipun ingkang cumpen. Kanthi kawasisanipun, kawruh lan
pengalamanipun sesorah saged lumampah kanthi saé.
4. Kanthi cara ekstemporan
Cara punika tiyang ingkang badhé sesorah damel cengkorongan materi ingkang badhé
dipunandharaken, utawi damel cathetan alit. Salajengipun cengkorongan wau lajeng
dipunngrembakakaken kanthi ukaranipun piyambak.
Samadyaning bebrayan agengwonten kalanipun kula lan panjenengan kasuwun paring
pangandikan wonten ngarsanipun tiyang kathah, saged punika wonten adicara arisan RT,
pèngetan dinten kamardhikan, upacara pawiwahan. Lsp.

 Rantaman Sesorah
1. Salam pambuka
Salam pambuka punika warni-warni, gumantung kaliyan kawontenan sarta gumantung
dhumateng sok sintena ingkang ngaturaken tanggap wacana.
a. Miturut agami Islam:
Assalamu’alaikum wr wb, (dipunlajengaken kanthi nyebatakane ingkang rawuh).
b. Manawi salam pambuka ingkang boten ngemongaken salah satunggalipun agami,
inggih punika:
Mugi sadaya katentreman, karahayon tansah hangayomi panjenengan sami, awit
saking kaparinganipun Gusti Allah ingkang Maha Asih (dipunlajengaken kanthi nyebat
ingkang rawuh).
2. Purwakaning atur, inggih punika atur panuwun dhateng para rawuh utawi para tamu
undangan awit sapun kersa nglonggaraken wekdal saperlu minangkani panyuwunanipun
ingkang mengku karsa, saha atur pamuji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah.
3. Wigatosing atur (isi), inggih punika sadaya perkawis utawi babagan ingkang
dipunwedharaken.
4. Dudutan, inggih punika inti saking isi ingkang sampun dipunwedharaken.
5. Pangajeng-ajeng, inggih punika pitedah saha pangajab ingkang dipunandharaken
dhateng para tamu ingkang midhangetaken.
6. Wusana (panutup), inggih punika atur panuwun saha atur pangapunten bilih wonten
kekirangan saha kalepatan anggenipun pangandikan.

Yektosipun sintena kémawon saged dados minangka paraga ingkang ngandharaken


sesorah. Ing adhap punika sapérangan sarat manawi badhé paring pangandikan lumantar
sesorah Jawa ;
1. Pirsa babagan undha – usuk basa, tegesipun sintena ingkang badhé paring pangandikan
wonten ngarsaning tiyang kathah wajib mangertos lan pirsa undha – usuk basa, satemah
saged ngginakaken basa ingkang trep lan jumbuh kaliyan kawontenan ingkang lumampah.
2. Pirsa babagan ayahaning adicara, tegesipun sintena ingkang badhé paring pangandikan
wonten ngarsaning tiyang kathah kedah mangertos lan pirsa ayahaning adicara, tegesipun
mangertos adicara punapa ingkang nembé lumampah.
3. Pirsa babagan ulah kridhaning swara, tegesipun anggènipun ngendikan membat mentuling
swanten dipunwigatosaken.
4. Pirsa babagan swasana, tegesipun rikala utawi nalika ngendikan sageda tansah tumuju
wonten ngarsanipun para lenggah lan sageda tanggap ing sasmita lantip ing panggraita
kanthi mirsani sasmita samadyaning para lenggah.
5. Pirsa babagan ngadi salira, ngédi busana, tegesipun magertos lan saged njumbuhaken
tumraping pangageming busana, satemah saged jumbuh kaliyan kawontenan ingkang
lumampah.
Maraga salebeting sesorah boten namung kedah nguwaosi bab – bab ingkang
kaandharaken ing ing inggil kalawau, nanging ugi wonten sakpérangan bab ingkang dipunawisi
tumraping sintena ingkang nedya nglampahi maraga sesorah kadosta :
1. Manawi anggènipun maraga sesorah mawi catetan utawi seratan, soroting nétra boten
namung tumuju dhumateng catetan kémawon, nanging sageda warata dhumateng para
ingkang sami lenggah.
2. Manawi anggènipun maraga sesorah boten mawi catetan utawi seratan, dipunsingkiri utawi
dipunawisi tetembungan “eeee” salebeting ngendika.
3. Manawi microphone utawi mic wonten stand mic –ipun, prayoginipun asta kekalih
ngapurancang.
4. Manawi mic dipunasta, asta tengen ingkang nyepeng mic, wondéné asta ingkang kiwa
kaparingaken sangajengipun padharan, boten dipunlebetaken salebeting sak clana.

Basa ingkang kaginakaken salebeting sesorah adat ingkang sampun – sampun ngginakaken
basa Krama, punapadéné basa éndah basa ingkang rinengga, tetembungan – tetembungan
Krama – Inggil binawur kaliyan tetembungan basa Kawi. Basa Kawi ingkang asring
kaginakaken antawisipun :

 Surya, tegesipun srengéngé. Nanging tembung surya ing ngriki kaginakaken kanggé nyuraos
teges tanggalan salebeting taun Masèhi ;Surya kaping 12 Juli 2015
 Candra, tegesipun rembulan, nanging tembung candra ing ngriki kaginakaken kanggé
nyuraos teges tanggalan salebeting taun Jawi ;Candra kaping 4 Sapar 1948Hé windu
Sangara.
 Pracima, tegesipun kilèn ;Wanci Nuswantara imbang pracima.
 Purwa, tegesipun kawitan utawi kéblat wétan.
 Uttara, utawi utara tegesipun lèr.
 Daksina, tegesipun kidul.
 Madya, tegesipun tengah.
 Wasana. Tegesipun pungkasan.
 Lebda, tegesipun mumpuni ing sabarang kawruh.
 Pana, tegesipun mangertos ing saliring perkawis.
 Poyan, tegesipun maringi pitutur.
 Mangastuti, tegesipun tansah maringi panjurung donga.
 Ri, tegesipun ing.
 Sapérangan panganggéning asung pakurmatan.
Asung pakurmatan salebeting sesorah basa Jawa, mliginipun ing purwaning pangandikan
punika, setunggal – lan setunggalipun kedah kajumbuhaken murwat kaliyan kalenggahaning
para ingkang lenggah ;
1. Tumraping para kasepuhan, utawi sesepuh, asung pakurmatan ingkang kaginakaken ;
Wonten ngarsanipun para sesepuh pinisepuh ingkang tuhu kinabekten, ingkang pana ing
pamawas, lebda ing pitutur, ingkang tansah sinandhing kitab suci kalaming Ilahi ingkang
tansah mangastuti dhumateng pepoyaning kautaman.
2. Tumraping para pangarsatama instansi, asung pakurmatan ingkang kaginakaken ;
Wonten ngarsanipun para nayaka praja, satriyaning nagari, tuwin para pangemban
pangembating praja kinarya sonsong agunging para kawula dasih ingkang tuhu pantes
tinulad sinudarsana.
3. Tumraping para kadang ingkang sami kalenggahanipun, asung pakurmatan ingkang
kaginakaken ;
Wonten ngarsanipun para kadang tumaruna, kadang manggalaning karya ingkang tansah
tinangsul talining kekadangan.
4. Tumraping sedaya para tamu, asung pakurmatan ingkang kaginakaken ;
Sanggyaning para ingkang sami lenggah kakung sumawana putri ingkang tansah
sinugata sagunging pakurmatan.

Wonten ing bebrayan ageng sapunika taksih wonten tetembungan ingkang taksih lepat ananging
sampun limrah dipunginakaken. Kadadosan punika salah satunggal sebabipun inggih punika awit
saking pangaribawa basa Indonesia. Tetembungan ingkang salah kaprah punika ugi winastan
rura basa. Tuladha rura basa, antawisipun:
Ukara/Tembung
No.
Lepat Leres
1. Makempal Nglempak
2. Kawula Kula
3. Dipunbikak, dipunmilai Dipunwiwiti, dipunpurwakani
4. Dipuntutup, adicara manga kita tutup Dipunpungkasi, adicara mangga dipunpungkasi
5. Caos lebetan Caos pamrayogi
6. Derang berpengalaman Cubluk ing kawruh, kirang seserepan
7. Sumangga kita sesarengan Sumangga kula saha panjenengan
sesarengan, sumangga sesarengan
8. Kesimpulan Dudutan
9. Saengga Satemah
10. Kita Kula saha panjenengan
Lan sapanunggalanipun
TULADHA SESORAH

1. WURSITAWARA TEMANTEN

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Sugeng siang, salam karaharjan tumrap kula lan panjenengan sedaya.
Mugi nugraha sarta berkahipun Gusti Allah ingkang Maha Welas Asih tansah kalubèrna
dhumateng sedaya umatipun sumrambah dhumateng kula lan panjenengan sedaya ing
salami-laminipun.
Para pinisepuh, sesepuh ingkang dahat pinundhi, para kadang wredha mudha lan
para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan.
Langkung rumiyin kula konjukaken puji sukur ing ngarsanipun Pangeran
Ingkang Maha Mirah lan Maha Asih, awit saking paringipun kanikmatan, kasarasan,
rahmat lan hidayahipun, kula lan panjenengan saged ngèstrèni pahargyan wiwahan
dhauping pangantèn, putra putrinipun Bapak ………………………..ingkang asesilih
………………………………….dhaup kaliyan anak mas…………………………putra
kakungipun Bapak………………………ing…………………………..
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, keparenga kula matur awit nuhoni
pamundhutipun Bapak………………………………… sekaliyan, ingkang ngresaya
dhumateng kula supados suka ular-ular dhumateng putra temanten kekalih.
Kanggé nggemèni wekdal, keparenga kula nyuwun idi palilah saking para sepuh
saperlu ngandharaken sawetawis seserepan dhumateng putra temanten kekalih.
Nakmas pinangantèn sekaliyan, ngendikanipun tiyang sepuh : ”Wong tuwa kuwi
kudu uwur lan sembur. Nèk ora bisa uwur ya sembur”. Dados uwur lansembur punika
kuwajibanipun tiyang sepuh. Sanadyan putra sampun sugih bandha, sampun pinter
tur sarjana pisan, kuwajiban punika boten saged uwal.
Anak kula sekaliyan, wiwit kalampahaning ijab kobul, panjenengan kekalih
sampun sanès kenya lan jaka malih, kalih-kalihipun sampun luluh manunggal, madeg
balé griya, mbangun brayat énggal. Gegadhanganipun tiyang sepuh panjenengan kekalih
saged manunggal dados satunggal:
”Ati loro dadi siji lan ora ninggal duga prayoga”.
Manawi jaman rumiyin njumbuhaken ati loro dadi siji punika angèl lan dangu
sanget ,awit kalih-kalihipun umumipun dèrèng sami karuh, dèrèng naté pinanggih
utawi sumerep. Béda kaliyan jaman sapunika, ingkang sampun sami pitepangan sarta
malah wonten ingkang pacaran dangu sadèrèngipun dhaup.
Lajeng Kados pundi caranipun saged njumbuhaken ati loro dadi siji?Kula kinten
anak kula sekaliyan sampun boten katalumpèn bab punika. Punapa malih punika
mantènipun sampun sami-sami sarjana, mesthi sampun pinter. Wonten ngriki kula
namung badhé ngèngetaken malih kémawon.

Balé griya badhé ayom ayem tentrem saged dipunwiwiti saking: jujur, blak-blakan,
nengenaken rembag nebihaken panyakrabawa, samya mong-kinemong linambaran
taqwa dhumateng Allah SWT, ngrumaosi minangka titah sawantah ingkang kebak
kekirangan.
Duga lan prayoga ugi perlu sanget kanggé njagi balé griya. Duga prayoga saged
kagambaraken kados déné tiyang numpak kendharaan wonten ing margi ageng.
Manawi tiyang tansah dugi lan prayogi, ngatos-atos, mulad tandha margi, lajeng nalika
lampu ijem, ngatos-atos samangsa lampu jené, lan boten nerak lampu abrit, Insha Allah
wilujeng ingkang pinanggih. Mekaten ugi ing madyaning bebrayan. Sauger kekalihipun
tansah nuhoni angger-anggering agesang, duka punika angger-anggering agami punapa
déné negari temtu balé griyanipun badhé tansah wilujeng.
Putra pangantèn sekaliyan ingkang kula tresnani, ing rinten dalu sampun kesupèn
tansah ndedonga dhumateng Allah SWT, supados tansah pinaringan ayom ayem tentrem,
dadosa kulawarga ingkang sakinah mawadah wa rahmah. Kaparingan momongan
ingkang saé sholèh sarta sholèhah.Donga punika ageng dayanipun awit Allah SWT
sampun janji, badhé maringi dhumateng sedaya umatipun ingkang purun
ndedonga.Sepisan malih kula ambali sampun ngantos kesupèn ndedonga supados boten
kuciwa ing tembé wingkingipun.
Anak kula temantèn kekalih ingkang kula tresnani, kula kinten namung punika
ular-ular kula minangka wakilipun ingkang rama ibu, mugi-mugi saged nambahi
sangu anggènipun anak kula kekalih nempuh bebrayan énggal. Boten langkung
tiyang sepuh namung ndedonga mugi putra pangantèn sekaliyan manggih rahayu
wilujeng kadumugèn sedaya gegayuhanipun.
Para lenggah ingkangdahat kinurmatan, makaten seserepan ingkang saged kula
andharaken dhumateng sri pinangantèn. Manawi Ing salebetipun kula medharaken
ular-ular punika wau, pinanggih bab ingkang ndadosaken boten renaningpenggalih
jalaran tindak-tanduk, solah-tingkah, subasita, tata-krama, punapa déné atur kula, kanthi
andhap asoring manah saèstu kula nyènyadhongsih paringipun samodra
pangaksami.
Para rawuh ingkang kinurmatan, minangkani pamundhut sumangga
ndedonga sesarengan kanggé sri pinangantèn kekalih mugi tansah pikantuk
barokahipun Allah SWT ing samangké dadosa kulawarga ingkang sakinah
mawadah warohmah, sarta énggal pinaringan momongan. Aamiin.
Matur nuwun, wekdal kula konduraken dhumateng kadang pranatacara.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

2. WURSITAWARA KABUDAYAN
Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.
Nuwun
Agunging pangalembana namung konjuk wonten ngarsa dalem Gusti ingkang
Amurba Amisesa sadaya titah sajagad raya, inggih awit sih wilasanipun kula lan
panjenengan sadaya pinaringan kawilujengan saha kasarasan, ingkang satemah kula lan
panjenengan saged lenggah pepanggihan ing sasana punika.
Para sesepuh, pinisepuh miwah aji sepuh ingkang tansah winantu ing
pakurmatan,Para pamong ingkang datan kendhat tansah nggulawenthah dhateng para
siswa ingkang pantes sinudarsana,Sumrambah para kadang, sae ingkang pinanggih
wredha punapa dene mudha ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin mugi keparenga panjenengan sadaya kersaa paring samodra
pangaksama dhateng dhiri pribadi kula, dene sampun kumawani njejer wonten ngarsa
panjenengan sadaya. Inggih awit kaderenging manah kula ingkang kepingin ngaturaken
sekedhik Tegesipun kula kanthi irah-irahan:

“BUDAYA JAWA MINANGKA CAGAK JEJEG ADEGING NAGARI”


Para kadang wredha mudha ingkang bagya mulya,
Ing titi kalenggahan punika kula lan panjenengan sadaya gesang ing abad selikur, gesang
ing jaman ingkang sadaya bangsa ing jagad raya punika saged ngungak lan sami mirsani
gesanging bangsa sanes, budayaning bangsa sanes saha kemajenganing bangsa sanes.
Wontenipun pirantos-pirantos komunikasi kadosta televisi, radio, telephone punapa
malih internet ingkang saged kangge sarana mangertosi ing pundi papan lan panggenan.
Bab kala wau saged nyengkuyung dhateng ngrembakaning kabudayan satunggaling
bangsa, ananging saged ugi kosok wangsulipun. Budaya satunggaling bangsa saged sirna
awit kalindhih dhateng budaya manca ingkang kaanggep langkung majeng lan damel
rena. Kamangka satunggaling bangsa badhe ical jati dhirinipun lamun bangsa kala wau
sampun ical kabudayanipun, awit kanthi kabudayan satunggaling bangsa badhe katingal
jati dhirinipun, badhe katingal titikanipun, rikala sesrawungan ing panggesangan jagad
raya.
Kathah para pinter sami ngendika, bilih icaling kabudayan satunggaling bangsa
awit dumuginipun kabudayan sanes ingkang lumebet ing panggesanganing bangsa kala
wau. Ananging menawi kapenggalih kanthi lebet, penggalihan ingkang kados makaten
kala wau mbok bilih dereng temtu leresipun. Kanthi wontenipun pirantos-pirantos
komunikasi ingkang sampun kuwawi miyak warana kangge nguningani panggesaning
sadaya titah sajagad raya punika, nedahaken bilih icaling kabudayan satunggaling
bangsa awit kiranging raos tresna saha kiranging pamarsudi bangsa kala wau dhateng
budayanipun piyambak.
Bangsa Indonesia satunggaling bangsa ingkang nggadhahi atusan kabudayan nut
dhateng kathahing suku-suku bangsa ingkang manunggal lan ngakeni minangka bangsa
Indonesia. Namung elokipun saking kabudayan ingkang maneka warni kala wau bangsa
Indonesia sami kersa manunggalaken cipta, rasa lan karsanipun kanthi tinangsulan ukara
Bhineka Tunggal Ika tan hana dharma mangrwa. Ukara ingkang sampun kaserat dening
pujangganing kraton Majapahit nun inggih Mpu Tantular ingkang salajengipun kapethik
lan kapacak ing lambang negari Indonesia Garudha Pancasila.
Kabudayan Jawa salah satunggaling kabudayan ingkang ngrenggani kluwung
kabudayan Indonesia, ingkang ndherek mimbuhi endahing kabudayan Indonesia.
Salajengipun kula tuwuh pitakenan, kados pundi kabudayan Jawa ing wekdal samangke
punapa tasih saged kadherekaken kangge ngrenggani kluwung budaya Indonesia?
Punapa budaya Jawa tasih saged kangge nyengkuyung dados cagak lan tuwak kangge
jejeg adeging negari Indonesia?
Pitakenan kula kala wau saged kaparingan wangsulan tasih, sauger tetiyangipun
ugi tasih sami kersa ngupakara, ngleluri lan ngrembakaken budayanipun. Budaya Jawa
selaras sanget kaliyan kabudayaning bangsa Indonesia ingkang kedadosan saking atusan
kabudayan wau, awit punapa? Awit tetiyang ingkang sami nindakaken kabudayan Jawa
temtu badhe dados tiyang ingkang tansah ngurmati dhateng sesamining gesang, ayom
ingayoman, lan gesang kanthi gotong royong sinaosa wonten bab-bab ingkang rinaos
beda. Tuladahanipun ing kagunan seni kemawon, tiyang Jawa tansah nengenaken
dhateng manunggaling raos. Tuladha ingkang gampil, rikala kula panjenengan sami
sinau ing olah karawitan. Wonten ing pagelaran karawitan punika kathah sanget
pirantosipun ingkang winastan gangsa utawi gamelan, wonten kendhang, bonang,
kenong, kempul, balungan, gender, rebab, gambang lan sapiturutipun. Gamelan ingkang
kathah sanget jinisipun kala wau beda-beda wujudipun, beda-beda pirantos tabuhipun
lan beda-beda cara nabuhipun. Ananging kanthi manunggalaken raos lan wirama,
ndadosaken lelagon ingkang sekeca kapidhangetaken.
Para kadang, gesanging manungsa ing alam donya punika ugi sami kaliyan
gangsa kala wau, ingkang beda-beda wujudipun, beda-beda pangupajiwanipun, beda-
beda agaminipun lan tasih kathah malih ingkang beda. Ananging kanthi manunggaling
raos ingkang beda kala wau boten rianos beda malah kepara damel endah lan sugihing
bangsa.
Kanthi tuladha kala wau, cetha sanget bilih kabudayan Jawa saged ndherek
nyengkuyung dhateng manunggaling bangsa Indonesia. Ananging emanipun, tetiyang
Jawa ing wekdal samangke sampun kathah ingkang sami nilaraken kabudayanipun
piyambak langkung-langkung para kadang kaneman. Kawontenan punika lepatipun
sinten?
Kalepatan boten mligi kasandhang dening para kadang mudha, nanging para
sepuh ugi nyandhang kalepatan punika. Ing wekdal samangke kathah para sepuh
ingkang ngendika bilih lare anem ing wekdal samangke sampun sami kecalan Jawanipun
malah kapilut dhateng budayaning bangsa manca. Ukara punika kenging kemawon
kangendikakaken, ananging kedahipun para sepuh ugi kedah mawas dhiri, sampun
dumugi pundi anggenipun nepangaken kabudayan Jawa dhateng para putranipun?
Ingkang sami kagungan putra boten kaajak gineman kanthi basa Jawa, kanthi
pawadan mangke mindhak boten saged komunikasi. Putranipun boten nate katepangaken
dhateng kagunan seni Jawa, malah kepara katumbasaken play station lan cd film manca
nagari. Kados pundi generasi bangsa punika badhe tresna dhateng budayanipun,
dipuntepangaken kemawon boten?!
Para kadang,
Keparenga kula nyuwun pangapunten dhateng para sepuh awit atur kula kala
wau. Kula matur makaten inggih awit saking raos eman kula dhateng kawontenan
ingkang lumampah ing wekdal samangke punika.
Saderengipun kula mungkasi atur keparenga kula caos pemut dhateng dhiri
pribadi kula saha panjenengan sadaya

Para kadang, sepisan malih kula matur bilih sirnaning budaya satunggaling bangsa boten
awit saking lumebeting budaya manca, ananging awit kirang pamarsudi saha raos
tresananipun bangsa kala wau dhateng kabudyanipun. Mugi tresna kula lan panjenengan
sadaya dhateng budaya Jawa tansah tuwuh lan ngrembaka, satemah budaya Jawa saged
lestari lan saged dados cagak lan tuwak jejeg adeging nagari.
Parakadang wredha mudha ingkang bagya mulya, makaten sekedhik Tegesipun
kula ingkang saged kula aturaken, temtu kemawon kathah kekirangan saha
kalepatanipun jer kula namung titah sawantah ingkang tebih saking kasampurnan,
pramila awit saking punika, mugi keparenga panjenengan sadaya kersaa paring
lumunturing sih samodra pangaksama.
Nuwun
Wasalamu’alikum wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai