Anda di halaman 1dari 1

Bismillahirrohmanirrohim

Assalamu’alaikum Wr. Wb
Alhamdulillah, Alhamdulillahi Rabbil aalamin, wassholatu wassalamu’alla asrofil ambiya’i wal
mursalin wa’alaa alihi wa’ashabihi aj’main, ammaa ba’du

Bapak Ibu ingkang kagungan dalem ingkang kawula hormati, keluarga besar ingkang dipun
mulyaaken dening Gusti Allah SubhanahuWaTa’alaa. Langkung rumiyin monggo kito ngaturaken
puji syukur dumateng Allah SubhanahuWaTa’alaa, ingkang sampun paring kenikmatan
dumateng kito sedoyo, sehinggo kito saget silaturahmi kempal wonten ing dalemipun Bapak
(...........) sekalian, kanti wilujeng mboten wonten alangan setunggal menopo. Aamiin
Ingkang meniko monggo raos puji syukur sesarengan kito ikraraken kanthi waosan hamdalah...
(Alhamdulillahi Rabbil aalamin)

Kaping kalihipun sholawat soho salam dumateng nabi Muhammad Shalallahu’AlaihiWassalam


ingkang sampun paring bimbingan serto pitedah dumateng kito sedoyo, tumuju margi ingkang
leres, ingkang dipun ridhoi dening Allah SubhanahuWaTa’alaa.

Ingkang mriki kula badhe maosaken susunan acaranipun. Antawisipun inggih punika :
1. Pembukaan
2. Waosan surat Yaasin kalihan Tahlil
3. Arisan kalihan ramah tamah
4. Penutup
 Sumonggo kito buka acara menika kanthi waosan basmallah sesarengan
(Bismillahirrohmanirrohim)
 Acara selajengipun waosan surat Yaasin kalihan Tahlil ingkang dipun pimpin kalihan Bapak
(......),kulo sumangga aken
 Acara selajengipun nggih menika arisan kalihan ramah tamah, kulo sumangga aken
 Mekaten acara setunggal acara sampun katindaklanjuti kanthi sae. Mugi-mugi Allah
SubhanahuWaTa’alaa paring ijabah dumateng hajat kula panjenengan sedoyo. Aamiin
 Sumonggo acara menika kito tutup kanthi waosan hamdallah sesarengan (Alhamdulillahi
Rabbil aalamin)

Akhirussalam, Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai