Anda di halaman 1dari 88

Tuladha

Medar Sabda
Kangge kabetahan umum

Kaimpun Dening:

Sayuti Anggoro
Tuladha Medar Sabda
Dening:

Sayuti Anggoro
 all rights reserved
Paniti Aksara :
Rancangan Samak :
Tata letak : griyagrafika

Kababar wiwitan dening :


Penerbit Griya Jawi
M engg ali, M elesta rik an dan M en gemb angk a n B uday a J awa

Kelura han Ngijo R T03 R W 0 2 , Gunun g pati ,


Semarang 50229

Cp : 0 8 1 2 2 8 0 0 0 5 8 3 –0 8 1 5 6 6 1 8 9 48
Email : sayutimc@yahoo.co.id

Cetakan Pertama, 2016


Hal
18,5 x 25, 7 cm

Griya Jawi Media

ii
Atur sapala

Awit sihing Gusti Ingkang Maha Mirah lan Asih buku Tuladha
Medar Sabda punika saged kasembadan maujud. Seratan punika,
kaimpun saking pengalaman sadangunipun pangimpun ngayahi dados
pranatacara kirang langkung 33 tahun saha kempalan-kempalan
saking buku-buku kapanatacaran sanesipun.

Buku punika lugunipun kaserat mligi kangge cepengan bebrayan


ngakathah ing pangangkah budaya jawi tetep lestantun lan ngrembaka.

Gandheng buku menika tebih saking sampurna pramila panyaruwe


saking para ahli sanget dipun ajeng–ajeng murih jangkep lan
saenipun. Wasana kawruh sapala punika mugi-mugi saged migunani
dhumateng sutresna budhaya Jawi. Nuwun.

Semarang, Februari 2016

Pangimpun

iii
DAFTAR ISI

Atur sapala .............................................................................. iii


DAFTAR ISI............................................................................. iv
A. Teknik Medar Sabda ............................................................1
1. Teknik Berbicara ..............................................................1
2. Sikap ................................................................................2
B. Tuladha Tanggap Wacana/ Contoh Pidato ...........................3
1. Tuladha Tanggap Wacana Pribadi ...................................3
a. Tuladha Tanggap Wacana Lamaran lan Paningsetan 3
b. Tuladha Tanggap Wacana Waluyan Lamaran lan
Paningsetan ...............................................................5
c. Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung ....................7
d. Tuladha Atur Panampi Temanten Kakung ..................8
e. Tuladha Atur Pambagyaharja Pamengku Gati .........10
f. Tuladha Tanggap Wacana Tokoh Masyarakat .........12
g. Tuladha Tanggap Wacana Pasrah Penganten
sekaliyan Ngundhuh Mantu ......................................14
h. Tuladha Atur Pambagyaharja Ngundhuh Mantu .......16
i. Tuladha Tanggap Wacana Tokoh Masyarakat .........18
j. Tuladha Atur panuwun lan pambagyaharja saking
nandang duhkita ......................................................19
k. Tuladha Tanggap Wacana Atur Bela Sungkawa ......22
l. Tuladha Atur panglipur saking Kepala... (kpl.
Kelurahan) ...............................................................23
m. Tuladha Tanggap Wacana Upacara Pametaking
Layon .......................................................................25
2. Tuladha Tanggap Wacana Hari-hari Keagamaan ...........27
A. Tuladha Tanggap Wacana Hari-hari Keagamaan
Islami .......................................................................27
a. Tuladha Tanggap Wacana Pembukaan
Peringatan Maulud Nabi ....................................27
b. Tuladha Tanggap Wacana Pembukaan
Peringatan Isra’ Mi’raj ........................................28
c. Tuladha Tanggap Wacana Menjelang Bulan
Ramadhan .........................................................30

iv
d. Tuladha Tanggap Wacana Pembukaan
Memperingati Nuzulul Qur’an.............................33
e. Tuladha Tanggap Warsa Menyambut Hari Raya
Idul Fitri ..............................................................35
f. Tuladha Tanggap Wacana Makna Syawalan .....38
g. Tuladha Tanggap Wacana Pembuka Hari Idhul
Adha ..................................................................41
B. Tuladha Tanggap Wacana Hari-hari Keagamaan
Kristiani ....................................................................43
a. Tuladha Tanggap Wacana Ngapunteni Sesami .43
b. Tuladha Tanggap Wacana Gusti Ngreksa Tiyang
Mursyid ..............................................................48
c. Tuladha Tanggap Wacana Warsa Anyar Paring
Pangajeng-ajeng Anyar .....................................54
d. Tuladha Tanggap Wacana Mbabaraken
Katresnanipun Gusti Allah Ingkang Tanpa Wates
..........................................................................58
3. Tuladha Tanggap Wacana Hari Nasional .......................64
a. Tuladha Tanggap Wacana Mengeti Dinten Ibu ..........64
b. Tuladha Tanggap Wacana Mengeti Dinten Pahlawan
10 Nopember ...........................................................66
c. Tuladha Tanggap Wacana Menyambut Tahun Baru ..68
d. Tuladha Tanggap Wacana Pembukaan Peringatan 17
Agustus ....................................................................70
e. Tuladha Tanggap Wacana Tirakatan Malam 17
Agustus ....................................................................73
Glosarium ...............................................................................76

v
A. Teknik Medar Sabda
1. Teknik Berbicara

Untuk menjadi Pamedar Sabda harus menguasai teknik


dalam berbicara. Lantas bagaimana teknik berbicara agar dapat
tampil menarik di hadapan para hadirin?
Berkaitan dengan teknik berbicara, terdapat beberapa istilah
yang layak dipahami. Berbagai teknik berbicara yang seharusnya
dipraktikkan oleh Pamedar Sabda tersebut meliputi artikulasi,
tempo, dinamik, stressing, dan irama.
a. Artikulasi
Artikulasi adalah teknik berbicara yang memiliki hubungan
dengan kejelasan pada setiap pengucapan kata (a-e-u-i-o)-
nya. Dengan artikulasi jelas, apa yang dikatakan oleh
Pamedar Sabda dapat terdengar jelas pula oleh para
hadirin.
b. Tempo
Tempo adalah teknik berbicara yang berkaitan dengan
lambat-cepatnya kata-kata. Seorang Pamedar Sabda yang
menguasai teknik tempo dalam bicaranya akan meiliki daya
tarik tersendiri. Karena apa yang disampaikan tidak terkesan
monoton dan membosankan.
c. Dinamik
Dinamik adalah teknik berbicara yang berhubungan dengan
lembut-kerasnya kata-kata. Sebagaimana teknik tempo,
Pamedar Sabda yang telah menguasai teknik dinamik akan
mampu menjadikan pengucapannya tidak membosankan.
d. Stressing
Stressing adalah teknik berbicara yakni menekankan salah
satu (beberapa) kata penting dalam satu kalimat. Dengan
menguasai teknik sressing, seorang Pamedar Sabda akan
dapat menyampaikan inti dari yang diucapkan.
e. Irama
Irama adalah teknik berbicara yang memadukan antara
teknik tempo, dinamik, dan stressing. Bila mapu menguasai
teknik irama; maka seorang Pamedar Sabda akan mampu
tampil dengan mempesona.
Tuladha Medar Sabda 1
Dengan demikian, seluruh teknik berbicara harus dikuasai
oleh Pamedar Sabda. Untuk menguasai seluruh teknik tersebut,
Pamedar Sabda harus selalu melatihnya secara rutin.
Di samping itu, seorang Pamedar Sabda yang ingin
mendapatkan vokal jernih harus rajin mengunyah kencur dan
mengonsumsi minuman jeruk (lemon atau nipis). Hal ini dapat
membantu kita dalam menjernihkan kualitas vokal.

2. Sikap

Selain etika dan teknik berbicara; terdapat satu hal yang


layak diperhatikan oleh Pamedar Sabda yakni sikap saat
menunaikan tugasnya. Agar sikap selalu baik dan benar di
hadapan para hadirin; maka hindari beberapa sikap buruk, seperti
berikut ini:
1. Mengangkat salah satu kaki
2. Berdiri dengan kedua kaki sangat merapat
3. Berdiri dengan kedua kaki mengangkang
4. Berdiri dengan tubuh loyo
5. Berdiri dengan tidak seimbang
6. Berdiri dengan bersandar pada tempat bicara
7. Berdiri tidak nyaman
8. Berdiri kaku
9. Berdiri tanpa memperhatikan tempat berpijak
10. Banyak bergerak
11. Sering menggerakkan salah satu bagian tubuh
12. Menggerakkan salah satu bagian tubuh namun tidak
sesuai dengan yang dikatakan
13. Sering menggaruk-garuk tubuh semisal wajah atau
kepala
14. Sering melihat catatan
15. Memasukkan tangan di dalam saku celana
16. Tidak memperhatikan orang-orang yang mendengarkan
17. Menyatukan kedua tangan di tubuh bagian belakang
18. Tertawa yang dibuat-buat
19. Sering tersenyum
20. Berwajah muram

Tuladha Medar Sabda 2


21. Menunduk
22. Sering menengadah
23. Gugup.

B. Tuladha Tanggap Wacana/ Contoh Pidato


Di bawah ini terdapat Tuladha tanggap wacana yang
dikelompokkan berdasarkan fungsi menjadi tiga sebagai berikut:
1. Tuladha Tanggap Wacana Pribadi
a. Tuladha Tanggap Wacana Lamaran lan Paningsetan

PRANATACARA LAMARAN
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Katentreman, kawilujengan, kabagaswarasan saha
kamulyan mugi kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya
waradin sagung dumadi.
Nuwun, sanggyaning para pinisepuh sesepuh
ingkang pinundhi-pundhi. Para tamu kakung putri ingkang
winengku suka basuki. Mliginipun wonten ngarsanipun Bp.
…………… sekaliyan garwa lan gotrah, ingkang sanget
kinabekten.
Linambaran kanthi ngunjukaken raos syukur wonten
ngarsanipun Gusti Allah SWT, ingkang Maha Mirah lan Asih,
ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan,
kabahagyan saha katentreman. Katitik ing siyang punika
kula panjenengan sedaya saged makempal ing ndalem
ngriki, boten wonten alangan satunggal punapa.
Nuwun sagunging para tamu kakung putri ingkang
winantu ing pakurmatan. Keparenga kula cumanthaka marak
sowan ing ngarsa panjenengan sadaya, awit awrat ngemban

Tuladha Medar Sabda 3


dhawuhipun Bapa. …………… sekaliyan, kinen dados
talanging basa/ pranatacara, nglantaraken titilaksana adicara
lamaran ing enjang punika, nun inggih kang putra putri
sesilih nimas ayu …………….
Dene rantaman adicara lamaran ing ri kalenggan
punika:
Sepisan : Pambuka
Kaping kalih : Wedharan lamaran saking kulawarga
Bp. ………… ingkang dipunsulihi Bp.
……………
Kaping tiganipun : Waluyan lamaran saking kulawarga Bp.
………. Ingkang dipunsulihi Bp. ......…
Kaping sekawan : Ular-ular/ wursitawara dening Bp. ..........
Kaping gangsal : Sumene sawetawis/ nikmati dhahar
siyang
Kaping nenem : Donga/ hastungkara dening Bp. ………
Kaping pitu : Panutup
Bapak ibu saha para tamu sadaya ingkang sanget
kula urmati. Mekaten rantaman adicara lamaran ing siyang
punika. Salajengipun, sakderengipun acara punika
kawiwitan, mangga sareng-sareng manungku puja nyuwun
dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Welas lan
Asih, murih rancaging adicara ing siyang punika. Manungku
puja kawiwitan…. Salajengipun ndungkap titilaksana adicara
salajengipun nun inggih pangandikan/ wedharan lamaran
saking kulawarga Bp. ……………, ingkang badhe dipunsulihi
Bp. …………… kasumanggakaken. Nuwun.

Tuladha Medar Sabda 4


b. Tuladha Tanggap Wacana Waluyan Lamaran lan
Paningsetan
Mugi katentreman, karaharja, saha kawidadan
tansah kajiwa kasarira kula panjenengan sedaya waradin
sagung dumadi, amin.
Nuwun, panjenengan Bapak …………… sekaliyan
garwa dalasan brayat agung ingkang kula urmati, kula pun
…………… minangka talanging basa …………… sekaliyan
garwa, kepareng matur wonten ngarsa panjenengan.
Namung saderengipun matur, mangga-mangga
ngunjukaken raos syukur konjuk ngarsanipun Gusti Ingkang
Maha Welas lan Asih ingkang sampun paring pinten-pinten
kanikmatan, kawilujengan temah kula panjenengan sadaya
sesarengan lenggah wonten ndalem ngriki kanthi wilujeng,
nirbaya, nirsangsaya.
Nuwun, panjenenganipun …………… sekaliyan, kula
keparenga matur bilih:
Sepisan:
Bapak …………… sekaliyan ngaturaken pambagya
wilujeng rawuh panjenengan ing griya ngriki kanthi boten
wonten rubeda menapa-menapa.
Kaping kalih:
Menggah paringipun salam taklimipun saking Bp
…………… sekaliyan garwa, sampun kula tampi lan
tumunten kula aturaken wonten ngarsanipun Bp. ……………
sekaliyan garwa.

Tuladha Medar Sabda 5


Kaping tiganipun:
Menggah lamaranipun anak mas ……………
putranipun Bp/ Ibu …………… ingkang ngayunaken nimas
ayu …………… estu damel kejoting/ kageting manah kula,
bebasan yayah kajugrugan wukir sari kablabaran samodra
madu bombonging manah kula tanpa pepindhan.
Ngengeti anak kula …………… menika tebih saking
rupi lan ngelmi, pramila ingkang menika panjenenganipun
Bp. ……………sekaliyan iklas, menawi putrinipun badhe
kadhaup kaliyan nakmas …………… minangka
tetimbanganing gesang sesarengan.
Matur nuwun ugi sedaya peparingipun tandha sih
katresnan ingkang dipunparingaken dhumateng Bp.
…………… sakrimbit.
Gegandhengan sedayanipun sampun jumbuh lan
gambuh, tumunten kalajengaken liru kalpika minangka
tandha pangiketing raos lahir batin antawisipun nak mas
……………saha nimas ayu …………… Pamuji kula mugi-
mugi tetep dados jodhonipun saklami-laminipun. Amin.
Puput pepuntoning atur, wonten solah bawa,
muna muni ingkang boten damel sarjuning penggalih
panjenengan, kula ngaturaken santen peresan klapa,
nyuwun pangapunten sedaya lepat kula, nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tuladha Medar Sabda 6


c. Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung

Asssalamu’alaikum Wr. Wb,


Kawula nuwun. Para tamu kakung sumawana putri
ingkang dahat kinurmatan. Panjenenganipun Bp. ... (besan),
ingkang satuhu kula bekteni. Kula ingkang minangka
talanging basa cundhakaning atur panjenenganipun Bp/Ibu
... (ingkang mengku gati/ nyraya).
Ingkang sepisan, Bp. ... (ingkang nyraya) kekalih
ngaturaken salam taklimipun konjuk dhumateng Bp. ...
(besan) kekalih, kanthi pepuji mugi-mugi pangeran suka
rahayu ingkang sami pinanggih.
Kaping kalihipun kula ugi tinanggenah hamasrahaken
sri penganten kakung ingkang sesilih Bg. ... ingkang badhe
kadhaupaken Rr. ... putra-putrinipun Bp. ... (ingkang nyraya)
kekalih ugi ngaturaken talining katresnan ingkang arupi
sandhangan penganten sapendherek. (saged kaaturaken
peranganipun, contonipun, sangsangan rinonce, kundala
krincing, kalpika, ugi rasukan kangge pinanganten putri
ingkang sedaya kalawau arupi beburoning wana).
Menggah sedaya kalawau kaaturaken kanthi suka
renaning penggalih, nadyan ta mboten wonten ajinipun.
Pramila sampun kaukur kanthi bobot lan bebeting barang.
Mugi katampia minangka talining katresnan kangge
ngraketaken anggenipun bebesanan.
Ingkang punika, mbok bilih sedaya ingkang
magepokan kaliyan tata cara ijab Qobul sampun satata,
keparenga ijabing penganten lajeng katindakna.

Tuladha Medar Sabda 7


Bp/Ibu ... (besan) ndherek nyenyuwun dhateng Gusti
Allah SWT, mugi paringa berkah pangestu wilujeng
dhumateng ijabing penganten, sageda kasembadan kanthi
wilujeng nir ing sangsaya mboten wonten alangan setunggal
punapa sumrambah ing samudayanipun.
Kula ingkang minangka caraka ingkang ngaturaken
pasrahan temanten, mbok bilih wonten cecer cewet tuwin
kuciwaning atur lan mbok bilih wonten kiranging subasita,
tandang tanduk tuwin tata krami, kula dalah para caraka
ingkang nglumantaraken srah-srahan sedaya nyuwun
samodraning pangaksama.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

d. Tuladha Atur Panampi Temanten Kakung

Assalamu’alaikum Wr. Wb,


Kawula nuwun.
Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-
bapak, Ibu-ibu, para tamu kakung sumawana putri, kadang
mudha-mudhi ingkang satuhu kula tresnani, mliginipun Bp.
... sakulawangsa mangka duta saraya saking kadang besan
sutresna ingkang dahat sinudarsana.
Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten ingkang
agung hawit kula jumeneng wonten ngarsa panjenengan
sami, mboten nami ngirangi tata trapsila, hawit hangengeti
papan saha kawontenan ingkang mekaten, kepeksa kula
jumeneng wonten ngarsa panjenengan.

Tuladha Medar Sabda 8


Panjenenganipun Bp. ... (asmanipun ingkang
masrahaken) kula minangka sulih sarira Bp. ... sekaliyan
ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Bp. ...
sekaliyan nembe ngraosaken bombong mongkog ing
penggalih, suka pari suka pikantuk sungsung tetalining
katresnan ingkang tanpa pepindhan.
Langkung rumiyin Bp. ... sekaliyan ngaturaken puja-
puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung
ingkang sampun paring kanugrahan dhateng Bp. ...
sekaliyan, kathithik ing wekdal punika Bp. ... sekaliyan
bangkit ngajangi pawiwahan upacara srah-srahan.
Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Bp. ...
sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng dhumateng
karawuhan panjenengan sedaya ingkang sampun kanthi
rahayu wilujeng nglarapaken sarat sarana palakrama saking
dalem dumugining wisma ... punika.
Kaping tiganipun, sampun dipuntampi atur salam
taklimipun Bp. ... sekaliyan ingkang lumantar panjenengan
Bp. ... (ingkang ngaturaken pasrahan). Semanten ugi Bp. ...
sekaliyan ugi ngaturaken salam taklim mugi katur
ngarsanipun Bp/Ibu ... kanthi pepuji mugi-mugi tansaha
pinaringan sih kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka
rahayu lan tinebihna ing godha rencana.
Kaping sekawan, Bp. ... sekaliyan ngaturaken
gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene Bp. ...
sekaliyan kersa hangenthengaken bot karepotanipun Bp. ...
ingkang punika pasrahing temanten kakung dipuntampi
kanthi suka renanning penggalih. Mbok bilih kula

Tuladha Medar Sabda 9


sedayanipun sampun samekta ing gati sri penganten kekalih
tumunten badhe kadhaupaken.
Mawantu-wantu panuwunipun Bp. ... sekaliyan mugi
panjenenganipun dalah para pangaraking temanten sedaya
kasuwun kanthi sanget keparenga anglajengaken suka pari
suka anggenipun lelenggahan kanthi mirunggan ngantos
paripurnaning gati.
Minangka puputing atur mbok bilih anggen kula
ngaturaken panampi punika taksih kathah cicir cewet
kuciwaning atur, saha kirang mranani anggen kula matur.
Awit cupet ing nalar kuthunging pemanggih. Kula tansah
mawnatu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb,

e. Tuladha Atur Pambagyaharja Pamengku Gati


Assalamu alaikum wr.wb
Katentreman, kawilujengan, kabahagyan, mugi
kajiwa kasarira wonten ngarsa panjenegan sadaya,
waradin sagung dumadi. Amien
Nuwun, wonten ngarsanipun :
 Para Pinisepuh sesepuh ingkang tansah pinundhi-
pundhi
 Para Alim, para Ulama , para Kyai Ustad sarta
Rochaniawan ingkang sanget dipun mulyakaken dening
Allah SWT,
 Para Tamu kakung putri ingkang kinurmatan, saha
 Kadang mudha wredha ingkang kula tresnani.

Tuladha Medar Sabda 10


Sakderengipun kula matur, mangga-mangga sami
ngunjukaken Puji Syukur wonten ngarsanipun Allah SWT
ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, Taufiq,
Hidayah lan Inayahpun, katitik ing siang/ dalu menika kula
panjenengan sadaya makempal kanthi kebak raos
katentreman, kawilujengan mboten wonten alangan
satunggal punapa.
Bapak saha Ibu ingkang winantu ing kamulyan.
Kula atas nami pamengku gati saha besan
panjenenganipun Bp/ Ibu…………. sekaliyan lan Bp/ Ibu
............... kepareng matur wonten ngarsa panjenengan:

Sepisan
Panjenganipun Bp/Ibu …… saha besan Bp/ Ibu.........
ngaturaken pambagya wilujeng dhumateng rawuhipun
sedaya para tamu kakung putri ing ndalem ngriki kanthi
wilujeng nir ing sambekala.

Kaping kalih
Ngaturi wuninga bilih Bp/ Ibu ……… sekaliyan ing wekdal
menika ngawontenaken tasyakuran awit nembe kemawon
malakramakaken putra putrinipun ingkang nami nimas
ayu………. ingkang sampun kadhaup kaliyan Bagus……
putra kakungipun Bp/ Ibu …… saking……… Ijab Qobul
sampun kelampahan dinten ………. surya
kaping………wulan........ warsa........
Kanthi lancar gangsar nir ing sambekala. Pramila menika
Bp/Ibu………sekaliyan, tansah nyuwun donga pangestu

Tuladha Medar Sabda 11


panjenengan, mugi-mugi sri penganten manggih gesang
bagya mulya, tentrem ayem kebak mawadah lan
waromah,temah dados kluwarga ingkang sakinah.

Kaping tiganipun
Bp ………sekaliyan, nglenggana bilih anggenipun nampi
panjenengan kathah kelepatan saha kekiranganipun.
Sedaya kalawau kula ingkang nyuwunaken pangapunten.
Pungkasaning atur, kula ingkang kadhawuhan makili
panjenenganipun Bp…………sekaliyan, temtu kathah lepat
saha kirangipun, ingkang menika kula nyuwun agunging
pangaksama. N u w u n.
Wassalamu alaikum wr.wb

f. Tuladha Tanggap Wacana Tokoh Masyarakat

Tanggap Wacana Bapak Lurah


Assalamu alaikum wr.wb
Nuwun, wonten ngarsanipun para sesepuh pinisepuh
ingkang kula bekteni.
Wonten ngarsanipun sedaya para tamu kakung putri
ingkang tansah winantu suka basuki, lan sedaya
bebrayan/masyarakat ing Kelurahan…………….. ingkang
sanget-sanget kula kurmati.
Nuwun sewu sakderengipun, gandheng kula dipun
sepuhaken ing Kelurahan………mriki, kula kadhawuhan
maringi andharan/sambutan wontening adicara pawiwahan
ing siang/ dalu menika. Ingkang sepisan kula ndherek

Tuladha Medar Sabda 12


mangayu bagya dhumateng Bp…… sekaliyan dene
panjenengan sampun kasembadan anggenipun ngemah-
emahaken kang putra putri nimas ayu……………..lan
nakmas bagus…………
Nuwun sewu Bpk/ Ibu………bilih tugas/ tanggel
jawabipun tiyang sepuh menika kejawi dados lantaran para
putra-putra wonten ing alam donya menika, ugi
nggadhahi kwajiban nggulawenthah, ndhidhik,
ngangengaken……lan ingkang pungkasan ngemah-
emahaken (nikahaken). Nadyan temanten menika
sampun panjenengan emah-emahaken, nanging
panjenengan tetep ngawat-awati, supados anggenipun
bebrayanan saged guyub rukun, gendhon rukon pindhane
kados mimi lan mintuna.
Ingkang kaping kalih kula paringaken dhumateng sri
penganten Mas lan mbak manten. Wong rumah tangga
kuwi ora gampang, nganti ana tembang Asmaradana
nyebutake mangkene:

Gegarane wong akrami, dudu bandha dudu rupa,


among ati pawitane. Luput pisan kena pisan, yen
gampang luwih gampang. Yen angel-angel kelangkung,
tan kena tinumbas arta.

Mula manten kakung putri ya kudu tansah mad-


sinamadan, mong kinemong siji lan sijine, rinabuk rasa asih
sakbendinane. Insya allah bisa langgeng saklawas- lawase.

Tuladha Medar Sabda 13


Kajaba saka iku, manten sekaliyan calone dadi anggota
masyarakat, mula kudu srawung lan nindakake kegiatan
jroning masyarakat, kayata: kerja bakti, siskampling, melu
kumpulun RT, lsp.
Para tamu kakung putri ingkang winantu ing suka
basuki. Mekaten sekedhik andharan saking kula, mugi-
mugi migunani dhumateng sri penganten. Purnaning atur:
Kupat janure klapa. Wonten atur kula ingkang lepat,
nyuwun pangapura. Nuwun.
Wassalamu alaikum Wr. Wb

g. Tuladha Tanggap Wacana Pasrah Penganten


sekaliyan Ngundhuh Mantu
Assalamu `alaikum wr.wb.
Linambaran kanthi hamemuji konjuk ngarsaning Gust
Allah SWT, mugi kula lan panjenengan sadaya pinaringan
rahayu slamet. Amien
Nuwun panjenenganipun Bapa…………….
ingkang
minangka wakil saking Bapa Ibu………………sekaliyan
garwa. Kula pun ………….… minangka sesulih/ wakil saking
Bp……………. sekaliyan, kepareng matur wonten ngarsa
panjenengan:
Sepisan
Ngaturaken kawilujenganing lampah ,dene bidhal kula
saking....……. ngantos dumugi ing ndalem ngriki, mboten
wonten pambeng setunggal punapa

Tuladha Medar Sabda 14


Kaping kalih
Panjenenganipun Bp……….….. sekaliyan, ngaturaken
salam taklim dhumateng ngarsanipun Bapa .......................
sekaliyan, mugi katampia kanthi suka renaning penggalih.
Kaping tiganipun
Menggah wigatosipun kula sowan sakbrayat menika,
namung dipun suwun dening Bp…………………. sekaliyan,
kinen masrahken penganten sarimbit nun inggih nakmas
bagus……………… lan nimas ayu……………… wonten
ngarsanipun Bp………………. sekaliyan garwa.Kanthi
menika mugi katampia kanthi suka renaning penggalih, saha
kasuwun mboten dipun bentenaken putra mantu menapa
putranipun pribadi, mugia sedaya kaanggep sami.

Wasana, kula ingkang minangka wakilipun


Bp…………….. sekaliyan, wonten atur kula ingkang kirang
nuju prana, kula nyuwun agunging samodra pangaksama.
Nuwun.
Wassalamu alaikum wr. Wb.

Tuladha Medar Sabda 15


h. Tuladha Atur Pambagyaharja Ngundhuh Mantu
Assalamu alaikum wr.wb
Katentreman, kawilujengan, kabahagyan, mugi
kajiwa kasarira wonten ngarsa panjenegan sadaya,
waradin sagung dumadi. Amien

Nuwun, wonten ngarsanipun:


 Para Pinisepuh sesepuh ingkang tansah pinundhi-
pundhi
 Para Alim, para Ulama, para Kyai Ustad sarta
Rochaniawan ingkang sanget dipun mulyakaken dening
Allah SWT,
 Para Tamu kakung putri ing sanget kula hormati,
Sakderengipun kula matur, mangga sami
ngunjukaken Puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT
ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, Taufiq,
Hidayah lan Inayahpun, katitik ing siang menika kula
panjenengan sadaya makempal kanthi kebak raos
katentreman, kawilujengan mboten wonten alangan
satunggal punapa.
Bapak saha Ibu ingkang winantu ing suka basuki.
Kula atas nami pamengku gati panjenenganipun Bp…….
sekaliyan garwa, kepareng matur wonten ngarsa
panjenengan:
Sepisan
Panjenganipun Bp saha Ibu ……………. ngaturaken
pambagya wilujeng, mliginipun dhumateng Bp/Ibu………….

Tuladha Medar Sabda 16


(Besan) wonten ing dalem mriki kanthi wilujeng nir ing
sambekala.
Kaping kalih
Ngaturi wuninga bilih ing wedal menika Bp ……………
sekaliyan ngawontenaken tasyakuran ngundhuh mantu
putra kakungipun nami…………….I ingkang sampun
daup kaliyan nimas ayu……………… putrinipun
Bp/Ibu…………… saking ………………. Ijab Qobul sampun
kelampahan dinten …………..surya
kaping………………… Kanthi menika Bp……………..
sekaliyan garwa tansah nyuwun donga pangestu
panjenengan, mugi-mugi sri penganten manggih gesang
bagya mulya, tentrem ayem kebak mawadah lan waromah,
temah dados kluwarga ingkang sakinah. Amien.
Kaping tiganipun:
Bp……………..sekaliyan, nglenggana/ngrumaosi bilih
anggenipun nampi panjenengan kathah kelepatan saha
kekirangan,sedaya kalawau kula ingkang nyuwunaken
pangapunten.

Pungkasaning atur, kula ingkang kadhawuhan makili


panjenenganipun Bp……………… sekaliyan, temtu kathah
kekirangan saha lepatipun, ingkang menika kula nyuwun
agunging pangaksama. N u w u n.
Wassalamu alaikum wr.wb

Tuladha Medar Sabda 17


i. Tuladha Tanggap Wacana Tokoh Masyarakat
Assalamu alaikum wr.wb
Nuwun, wonten ngarsanipun para sesepuh pinisepuh
ingkang kula bekteni.Wonten ngarsanipun sedaya para tamu
kakung putri ingkang tansah winantu suka basuki, lan
sedaya masyarakat ing Kecamatan…………….. ingkang
sanget-sanget kula kurmati.
Ingkang sepisan kula ndherek mangayu bagya
dhumateng Bp……………. sekaliyan dene panjenengan
sampun kasembadan anggenipun ngemah-emahaken
kang putra putri nimas ayu…………….. lan nakmas
bagus………………….
Nuwun sewu Bp………………. sekaliyan ,bilih
tugas/ tanggel jawabipun tiyang sepuh menika kejawi dados
lantaran para putra wonten ing alam donya menika, ugi
nggadhahi kwajiban nggulawenthah, ndhidhik,
ngagengaken…..…… lan ingkang pungkasan ngemah-
emahaken utawi nikahaken. Nadyan temanten menika
sampun panjenengan emah-emahaken, nanging
panjenengan tetep ngawat-awati, supados anggenipun
bebrayanan saged guyub rukun, gendhon rukon sak lami-
laminipun.
Ingkang kaping kalih kula paringaken dhumateng sri
penganten. Mas lan mbak manten gegahanganku marang
sliramu kaya dene tembang Dhandhanggula iki:
Atut runtut sinisihan salami, kakung puti trus sahabi praya.
Manunggal sih sutresnane, myang bangkit asesunu, Ngupa
boga jangkebing wajib, atul sungkem Pangeran,

Tuladha Medar Sabda 18


Panembah satuhu, tanapi yayah lan rena,
Wekasane baya mulya kang pinanggih, winantu suka
rena.
Mula manten kakung putri ya kudu tansah mad- sinamadan,
mong kinemong siji lan sijine, rinabuk rasa asih
sakbendinane. Insya allah bisa langgeng saklawas-lawase.
Kajaba saka iku, manten sekaliyan calone dadi
anggota masyarakat, mula kudu srawung lan nindakake
kegiatan jroning masyarakat, kayata: kerja bakti,
siskampling, melu kumpulun RT lsp.

Para tamu kakung putri ingkang winantu ing suka basuki.


Mekaten sekedhik andharan saking kula, mugi-mugi
migunani dhumateng sri penganten.Purnaning atur: santen
peresan klapa. Wonten atur kula ingkang lepat,nyuwun
pangapura. Nuwun .

Wassalamu alaikum wr.wb.

j. Tuladha Atur panuwun lan pambagyaharja saking


nandang duhkita

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Innalillahi wa innaillaihi roji’un. Manungsa punika
asalipun saking Pangeran, lan wangsul dhumateng
Pangeran Kang Maha Suci.
Bapak-Bapak. Ibu-Ibu saha para ta’jiyin ta’jiyah
ingkang sanget kula hormati.

Tuladha Medar Sabda 19


Sakderengipun kula matur, mangga-mangga kita
ngunjukaken puja-puji syukur wonten ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring pinten-
pinten kanikmatan dhumateng kita sedaya.
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati.
Kula ingkang minangka talanging basa
panjenenganipun Ibu ...... ingkang nandang duhkita,
kepareng matur :
Sapisan : Panjenenganipun Ibu ........ sak
kluwarga ngaturaken sugeng rawuh
saha ngaturaken agunging panuwun
dhumateng rawuhipun panjenengan
sedaya.
Kaping Kalih : Atur kawuningan bilih Almarhum
Bapak ........ katimbalan dening Gusti
Allah wau dalu utawi dinten .......
surya kaping ..................... tabuh .......
wib wonten ing ...................... Mboten
kirang-kirang kluwarga anggenipun
ikhtiar murih waluyanipun
Almarhum……….. nanging
Gusti ngersakaken sanes….pramila
kluwarga naming pasrah sumarah
sumendhe dhumateng Gusti Ingkang
Maha Kuwaos. Namung donga
pamuji panjenengan…mugi-mugi
arwahipun sawargi Bapa .......,
pinaringan pajar marginipun jembar

Tuladha Medar Sabda 20


kuburipun, lepas paranipun, dipun
apura sedaya dosa kelepatipun..lan
dipun tampi sedaya amal
kesaenanipun, temah saget
sumandhing kaliyan Gusti Ingkang
Maha Welas lan Asih, Amin. Lan
Mugi-mugi kaluwarga ingkang dipun
tilar… pinaringan tabah, sabar lan
tawakal temah saget nglajengaken
kwajiban gesang selajengipun.
Kaping tiganipun : Ambok menawi sadangunipun gesang
Almarhum Bapa ....... kathah
kelepatanipun. Kersoa panjenengan
sedaya ngluberaken samodraning
pangaksami. Lan mbok menawi
Almarhum taksih kagungan petang
utang-piutang dhumateng sinten
kemawon…kersoa kaliyan ahli
warisipun.

Saklajengipun, ambok bilih wonten kalodhangan para


tamu saged nderekaken dhateng papan pasarean ingkang
pungkasan nun inggih ing Makam .....
Wasana cekap semanten atur kula lan temtu kathah
lepat saha kirangipun…. Pramila nyuwun agunging
pangaksami. Nuwun.
“Wassalamu’alaikum Wr. Wb “

Tuladha Medar Sabda 21


k. Tuladha Tanggap Wacana Atur Bela Sungkawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb,


Bapak-bapak, Ibu-ibu para ta’jiyah ingkang
mahambeg ing darma.
Innalillahi wainna ilaihi roji’un.
Manungsa punika kagunganipun Gusti. Dhateng
Gustinipun titah punika badhe wangsul.
Nuwun.
Kula minangka wakilipun para ta’jiah, ndherek bela
sungkawa dhumateng ahli waris Bp. ... sagotrah
(sakulawarga), ingkang nembe pikantuk pacobaning Gusti
Ingkang Maha Agung. Kanthi konduripun Bp/Ibu ...
dhumateng ngayunaning Pangeran.
Salajengipun kula ndherek lan memuji mugi-mugi
rohipun almarhum/almarhumah ... pikantuka berkah
rohmating pangeran, pinaringan jembar kuburanipun, lepas
paranipun, pinaringana pajar marganipun, dipun apunten
sedaya kalepatanipun, linebura sedaya dosa-dosanipun,
katampia amal kautamanipun, katampia ing ngarsaning
Gusti Allah SWT. Dipunpapanaken wonten ing ngarsanipun
Pangeran satimbang kaliyan punapa ingkang dados
kautamenipun wonten ing alam bebrayan.
Mugi-mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar
pinaringan manah ikhlas, rila, lan narima ing takdir. Saha
pinaringan sabar, tawakal, lan kekiyatan lahir batin
anggenipun ngleksanani darmaning agesang wonten alam
bebrayan. Jer manungsa punika namung nampi punapa
ingkang tinitahaken Pangeran. Manungsa namung

Tuladha Medar Sabda 22


titipanipun Pangeran ingkang sawanci-wanci kapundhut. Kita
namung sadremi nglampahi, sumarah wonten ngarsanipun.
Wasana mbok bilih rikala sugengipun anggadhahi
kalepatan dhateng para ta’jiyah. Kula atas nami para ta’jiyah
kanthi tulus lan ikhlas ndherek ndedonga mugi-mugi dosa
lan kalepatan almarhum/almarhumah saged pinaringan
sihing Pangeran lumantar para ta’jiyah.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah-kathah
anggen kula matur. Pramila kula cekapi semanten kemawon
atur kula. Mbok bilih klenta-klentunipun rembag kula ingkang
kirang mranani kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb,

l. Tuladha Atur panglipur saking Kepala .... (kpl.


Kelurahan)

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Innalillahi wa innaillaihi roji’un. Yektosipun kula
panjenengan sedaya menika asal usulipun saking Gusti
Ingkang Maha Kuwaos, gesang lan wangsul dhumateng
Gusti Ingkang Maha Suci. Wonten pepeling saking para
pinter, limang prekara kang tan bisa disumurupi dening
manungsa, siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat kodrat
lima bandha donya….. Sadaya gumantung wonten astanipun
Gusti Kang Maha Kuwasa. Pambudi dayaning manungsa

Tuladha Medar Sabda 23


mboten saget ngungkuli garising kawasa, kridhaning ati tan
kawasa bedhah kuthaning Paesthi.
Semanten ingkang dipun sandhang panjenenganipun
Ibu ...... (ingkang dipuntilar) awit dipuntilar garwa ingkang
sanget dipun tresnani. Awrat-awrating penandang mboten
kados kapedhotan katresnan, kadosta kecalan garwa, putra,
sedherek lan sanes-sanesipun.
Bapak saha Ibu ingkang kula hormati, utaminipun Ibu
...... ingkang kula mulyakaken. Kanthi panjenengan tilar
dening garwa kinasih, kula atas nama Pamerintah Kelurahan
...... sak staf-ipun tuwing warga agung ing kelurahan
......….ndherek bela sungkawa sak lebet-lebetipun. Mugi-
mugi arwahipun Bapa ......, (almarhum) pinaringan pajar
lampahipun, jembar kuburipun, dipun apura sedaya dosa
kalepatanipun lan dipuntampi sedaya amal kesaenanipun,
temah mapan panggenan ingkang mulya sumandhing
kaliyan Gusti Ingkang Maha Asih.
Sak lajengipun kluwarga ingkang dipun tilar …..
pinaringan sabar tawakal, eklas lan mboten kedlarung-
dlarung anggenipun ngraosaken kasisahan.
Bapak Ibu lan para pambela sungkawa ingkang kula
hormati.
Kawontenan makaten dadosa tepa palupi dhumateng kita
sedaya …. Bilih duka wancinipun kita ugi badhe katimbalan
dening Gusti. Pramila mumpung taksih padhang rembulane
jembar kalangane, tegesipun mumpung taksih gesang lan
taksih sehat, mangga-mangga sami nindakaken pakaryan
ingkang sae, amal ibadhah ingkang kathah…. Temah

Tuladha Medar Sabda 24


mbenjang kita saged wangsul wonten ngarsanipun Pangeran
kanthi qusnul khotimah. Amin. Wasana cekap semanten atur
kula lan wonten kirang saha lepatipun….kula nyuwun
agungunging pangaksama. Nuwun.
“Wassalamu’alaikum Wr. Wb“

m. Tuladha Tanggap Wacana Upacara Pametaking


Layon

Assalamu’alaikum Wr. Wb,


Innalillahi wainna lillahi roji’un. Manungsa punika
asalipun saking Pangeran, wangsulipun dhumateng
Pangeran.
Bapak-bapak, Ibu-ibu para ta’jiyah ingkang
kinurmatan. Kula ingkang kajibah minangka wakilipun
kulawarga ... ingkang nembe bela sungkawa (ingkang
nandhang dhuhkita). Ingkang sepisan ngaturaken puja puji
pudyastuti dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Ingkang kaping kalihipun, para ahli waris kulawarga
... ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami
dhumateng para ta’jiyah sedaya ingkang sampun kersa
ngrawuhi saha paring pakurmatan upacara angkatipun layon
suwargi almarhum/almarhumah ....
Kaping tiganipun, para ahli waris kulawarga...
sedaya ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
katur para sanak sedherek, pamong mitra tangga tepalih,
ingkang sampun kanthi rila legawaning penggalih paring
pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa

Tuladha Medar Sabda 25


kemawon tumrap upacara pakurmatan layon. Mugi-mugi
sedaya sih kadarman lan amal kasaenan panjenengan
sedaya pikantuka lelintu kanugrahaning Pangeran ingkang
matikel-tikel.
Kaping sekawanipun, para ahli waris nyuwun gungan
donga pamujinipun para ta’jiyah sedaya mugi-mugi rohipun
almarhum/almarhumah ... pikantuka berkah rohmating
Pangeran, pinaringan jembar kuburanipun, lepas paranipun,
pinaringana pajar marginipun, dipun apunten sedaya
kalepatanipun, linebura sedaya dosa-dosanipun, katampia
ing ngarsaning Gusti Allah SWT. Dipunpapanaken wonten
ing ngarsanipun Pangeran satimbang kaliyan punapa
ingkang dados kautamenipun wonten ing alam bebrayan.
Saha mugi sedaya kulawarga ingkang tinilar pinaringan
manah ikhlas, rila, lan narima ing takdir, saha pinaringan
sabar lan tawakal, lan kekiyatan lahir batin anggenipun
ngleksanani dharmaning agesang.
Jer manungsa punika namung nampi punapa
inhkang sampun tinakdiraken Gusti ingkang Maha Agung.
Wasana mbok bilih rikala sugengipun
almarhum/almarhumah nggadhahi kalepatn, para ahli waris
nyuwun gunging pangapunten.
Kula kinten kirang prayogi menawi kathah-kathah
anggen kula matur lan sampun dumugi titi wancinipun layon
badhe enggal kaangkataken. Pramila kula cekapi semanten
kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentunipun
atur. Kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Nuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb,

Tuladha Medar Sabda 26


2. Tuladha Tanggap Wacana Hari-hari Keagamaan
A. Tuladha Tanggap Wacana Hari-hari Keagamaan Islami
a. Tuladha Tanggap Wacana Pembukaan Peringatan
Maulud Nabi

Assalamu’alaikum Wr, Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
muslimin lan muslimat ingkang kinurmatan.
Saderengipun mangga kula tuwin panjenengan sami
sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten
ngarsaning Gusti Allah SWT. Dene kula tuwin panjenengan
sami taksih sami piunaringan rahmat hidayahipun,
kasugengan, karaharja, saengga taksih saged makempal
wonten ing papan mriki.
Ing dinten punika tanggal 12 Rabiul Awal taun... utawi
tanggal... wulan... taun... Masehi, kula tuwin panjengan sami
saged makempal wonten ing Masjid... mriki, ingkang saperlu
mengeti dinten Maulid Nabi junjungan kita inggih punika
Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan
Maulid Nabi Muhammad SAW ing Masjid... mriki, ngaturaken
gunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun
nglonggaraken wekdal kersa angrawuhi pengetan wiyosipun
Kanjeng Nabi Muhammad SAW ing panggenan mriki.
Minangka pratandha sampun manteb tuwin raos
nglegena dhumateng agami islam minangka pitedah
kabagyanipun agesang wonten ing alam donya dumugi
akhirat. Wondene inti saking pengetan punika badhe
dipunwedaraken dening Bapak... saking....

Tuladha Medar Sabda 27


Kula kinten atur pambuka pengetan Dinten Maulid
Nabi ing dalu punika kula cakapi semanten kemawon.
Salajengipun mangga sesarengan paring tetenger bilih
pengetan punika kula wiwiti kanthi waosan basmalah
sesarengan. “Bismillahirrohmannirrahim.”
Cekap semanten atur kula, Akhirul kalam
wabillahittaufiq walhidayah.
Wassalamu’alaikum Wr, Wb.

b. Tuladha Tanggap Wacana Pembukaan Peringatan


Isra’ Mi’raj

Assalamu’alaikum Wr, Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
muslimin lan muslimat ingkang kula kurmati.
Mangga puji lan syukur kula tuwin panjenengan sami
aturaken dhumateng Gusti Allah SWT Ingkang akarya jagad.
Inggih awit paringipun nugraha kasarasaan, kula tuwin
panjenengan sami saged makempal wonten ing mriki
saperlu ngawontenaken pengetan isra’ mi’raj.
Kula kang haminangka panitia pengetan adicara Isra’
Mi’raj Nabi Muhammad SAW wonten ing Masjid... mriki
punika ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
dhumateng para muslimin lan muslimat ingkang sampun
kersa nglonggaraken wekdal ngrawuhi pengetan isra’ mi’raj
ing panggenan mriki.
Semanten ugi dhumateng para sanak sedherek, para
warga ingkang sampun kersa paring pambiyantu bot-

Tuladha Medar Sabda 28


repoting pahargyan pengetan isra’ mi’raj Nabi Muhammad
SAW punika.
Para rawuh sedaya ingkang satuhu bagya mulya. Ing
wekdal punika kelers tanggap 17 Rajab... utawi tanggal...
wulan... warsa... Masehi, kula tuwin panjenengan sami
sesarengan amengeti isra’ mi’raj Kanjeng Nabi Muhammad
SAW.
Isra’ Mi’raj punika ageng paedahipun dhumateng
manungsa sedaya, mliginipun umat Islam. Kangge
ngeyakinaken umat Islam, Kanjeng Nabi Muhammad
ngawontenaken isra’ ingkang punika tindak ing wanci dalu
saking Majidil Haram dumugi Masjidil Aqsa ing Palestina
kanthi nitih Buraq, inggih punika satunggalipun kewan
ingkang sampun dipuncawisaken dening allah. Kanjeng nabi
anggenipun mi’raj punika anggenipun minggah dhateng
langit, saking Masjidl Aqsa dumugi Sidratul Muntaha utawi
langit sap pitu.
Ing salebeting isra’ lan mi’’raj punika Kanjeng Nabi
Muhammad pikantuk wahyu shalat sedinten sedalu kaping
gangsal. Inggih samangke langkung gamblang tuwin
cethanipun badhe dipunwedaraken dening Bapak...
saking....
Kula kinten atur pambuka pengetan isra’ mi’raj saking
kula cekap semanten kemawon. Mangga kula tuwin
panjenengan sami sesarengan paring tetenger bilih
pengetan punika kawiwitan kanthi maos basmalah:
“Bismillahirrahmanirrahim.”

Tuladha Medar Sabda 29


Mbok bilih wonten atur kula ingkang kirang prayogi,
wontena kepareng panjenengan paring pangapunten
dhumateng kula.
Akhirul kalam, wabillahittaufiq walhidayah,
Wassalamu’alaikum Wr, Wb

c. Tuladha Tanggap Wacana Menjelang Bulan


Ramadhan

Assalamu’alaikum Wr, Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
muslimin lan muslimat ingkang kula kurmati.
Saderengipun mangga kula tuwin panjenengan sami
sesarengan ngaturaken pudya puji pudyastuti wonten ing
ngarsanipun Gusti Allah SWT. Dene kula tuwin panjenengan
sami taksih sami pinaringan rahmat hidayahipun, saha taksih
pinaringan kasugengan karaharja, saengga taksih saged
makempal wonten ing Masjid... mriki.
Marhaban Ya Marhaban
Alhamdulillah kula tuwin panjenengan sami sampun
badhe karawuhan tamu ingkang agung, tamu ingkang
insyaallah ngasta berkah ingkang ageng tumrap kula tuwin
panjenengan sami minangka kaum Muslim inggih punika
wulan suci Ramadhan.
Shiyam miturut pangertosan syara’ mboten mligi
nyegah dhahar saha ngunjuk wiwit pajar ngantos
dumugining angsluping surya, ananging shiyam sejatosipun
mengku makna ingkang sakalangkung lebet. Shiyam

Tuladha Medar Sabda 30


sejatosipun anggadhahi makna inggih punika nyegah saking
sedaya tumindak dosa utawi maksiat kanthi pangajab
anyenyadhong ridhaning Allah SWT. Kanthi makaten sinten
kemawon tiyang Muslim ingkang nindakaken shiyam wonten
ing wulan Ramadhan sejatosipun badhe resik raganipun
saking tumindak adosa, maksiat saha sipat-sipat ingkang
mboten pinuji.
Tumindak dosa saha maksiat punika mujudaken
gerah rohani ingkang mujudaken kasil pangrekadayaning
syetan lumantar hawa nepsuning manungsa. Kamangka
bingkas hardening nepsu punika mboten jejibahan ingkang
entheng tuwin gampil.
Menawi kula tuwin panjenengan sami purun
mangertosi ancas tuwin tujuanipun Allah maringaken syariat
supados kula tuwin panjenengan sami nglampahi ibadah
syiyam sayektosipun shiyam punika mujudaken amal
ingkang sanget ageng mupangatipun saha pigunanipun
tumrap kula tuwin panjenengan sami ingkang kersa
nindakaken.
Shiyam inggih satunggaling ibadah ingkang dados
sarana ningkataken dhiri kula lan panjenengan supados
saged manggihaken mupangat kasaenan saha kamulyaning
martabat. Kanthi mangertosi mupangat saha maknanipun
shiyam punika kula tuwin panjenengan sami kedah anyukuri
dhatengipun dhawuh shiyam kanthi nyamektakaken dhiri
pribadhi supados saged nindakaken shiyam Ramadhan
kanthi sae tuwin jangkep.

Tuladha Medar Sabda 31


Mugi-mugi shiyam Ramadhan ingkang badhe
dhumateng estu-estu mujudaken sarana kagem bina umat
Islam supados iman, ilmu, amal, saha akhalakipun dados
sampurna. Saengga kula tuwin panjenengan sami
kadadosaken golonganipun tiyang ingkang muttaqin.
Saking punika mangga kula tuwin panjenengan sami
sesarengan mapag rawuhipun wulan suci Ramadhan kanthi
manah ingkang rila tuwin kanthi sasae-saenipun. Mugi-mugi
kula tuwin panjenengan sami saged menangi wulan
Ramadhan ingkang badhe dumugi kanthi swasana ingkang
khusyuk. Kula tuwin panjenengan sami kedah siyaga kanthi
lair-batin badhe lumebet wonten ing wulan Ramadhan.
Inggih punika wulan ingkang kebak rahmat saha barokah.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Mugi-mugi
wonten mupangatipun kagem kula tuwin panjenengan sami
ingkang badhe nindakaken shiyam wonten ing wulan suci
Ramadhan ingkang badhe dhumateng. Mbok bilih wonten
atur saha patrap ingkang mboten prayogi tuwin mboten nuju
prana, kula nyuwun agunging sih samodra pangaksami,
Nuwun.
Akhirul kalam, wabillahittaufiq walhidayah.
Wassalamu’alaikum Wr, Wb.

Tuladha Medar Sabda 32


d. Tuladha Tanggap Wacana Pembukaan Memperingati
Nuzulul Qur’an

Assalamu’alaikum Wr, Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
mjuslimin lan muslimat ingkang satuhu bagya mulya.
Langkung rumiyin mangga kula tuwin panjenengan
sami sesarengan monjukaken raos syukur dhumateng Gusti
Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan rahmat saha
hidayahipun, dene kula tuwin panjenengan sami sage
makempal wonten ing Masjid... mriki, saperlu
ngawontenaken pengetan Nuzulul Qur’an.
Kula minangka ketua panitia adicara pengetan
Nuzulul Qur’an ngaturaken gunging panuwun dhumateng
para rawuh kaum muslimin lan muslimat ingkang sampun
kersa nglonggaraken wekdal saengga saged ngrawuhi
adicara punika.
Ing dalu punika, tanggal 17 wulan Ramadhan taun...
utawi tanggal... wulan... taun... Masehi, kula tuwin
panjenengan sami ngawontenaken pengetan Nuzulul Qu’an,
inggih punika tumurunipun kitab suci Al-Qur’an ingkang
dipunturunaken dhumateng junjungan kita Kanjeng Nabi
Muhammad SAW.
Salajengipun inti saking pengetan punika badhe
dipunkawedharaken Bapak... saking... ing adicara
candhakipun. Saderengipun pengetan Nuzulul Qur’an punika
kula bika, langkung rumiyin kula ngaturaken agunging
panuwun dhumateng sanak sadherek tangga tepalih ingkang
sampun ngenthengaken sesanggan pengetan Nuzulul

Tuladha Medar Sabda 33


Qur’an punika. Kula pinangka panitia boten saged
ngaturaken piwales punapa-punapa namung saged puja
pudyastuti wonten ngarsanipun Pangeran mugi panjenengan
sami angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel.
Sumangga pengetan Nuzulul Qur’an ing dalu punika
bikak kanthi maos basmalah sesarengan. Sumangga:
“Bismillahirrahmanirrahim.”
Para sedherek kaum muslimin rahimakumullah,
mangga wonten ing wulan Ramadhan punika sesarengan
kula tuwin panjenengan sami ginakaken kanthi ngathahaken
amal kasaenan, punapa malih wonten malem Lailatul Qadar
punika kanthi nindakaken shiyam saha jama’ah tarawih.
Ing pungkasaning atur, mangga sami-sami
anyenyuwun dhumateng Allah SWT, mugi-mugi kula tuwin
panjenengan sami saged ngisi wulan Ramadhan kanthi
sasae-saenipun. Mugi-mugi wulan Ramadhan warsa punika
saged langkung sae tinimbang warsa ingkang sampun
kepengker.
Mbok bilih wonten andharan saha atur kula ingkang
kirang prayogi, wontena kepareng panjenengan dhumateng
kula. Akhirul kalam, wabillahittaufiq walhidayah,
Wassalamu’alaikum, Wr, Wb.

Tuladha Medar Sabda 34


e. Tuladha Tanggap Warsa Menyambut Hari Raya Idul
Fitri

Assalamu’alaikum, Wr, Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
muslimin lan muslimat ingkang satuhu kula kurmati. Minal
aidzin wal faidzin.
Para rawuh, mangga kula lan panjenengan sami
sesarengan ngunjukaken puja lan puji syukur wonten
ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung inggih punika Gusti
Allah SWT ingkang sampun paring taufiq saha hidayah,
dene ing wekdal punika kula tuwin panjenengan sami taksih
pinaringan kasugengan saha karaharjan, saengga saged
pinanggih wonten ing Masjid... mriki, saperlu ngawontenaken
pepanggihan tuwin mapag dinten riyadin punika.
Kados ingkang sampun kula tuwin panjenengan
mangertosi bilih benjang enjang, umat Islam ing
saindhenging Nusantara badhe kedatengan dinten ingkang
ageng, dinten ingkang kebak kabagyan tumrapipun umat
Islam inggih punika dinten Riyadi Idhul Fitri.
Dinten Riyadi Idhul Fitri punika satunggaling dinten
ingkang ageng tumrapipun umat Islam, ingkang
dipunregengaken kanthi kebak rasa syukur dhumateng Allah
SWT. Allahu Akbar, Allahu Akbar, Allahu Akbar, la illaha
illahhahu Allahu Akbar, Allahu Akbar Waliilahi hamd. Kanthi
ngagungaken asmanipun Gusti, mboten wonten Gusti kula
saha panjenengan ssembah kajawi namung Gusti Allah
SWT piyambak.

Tuladha Medar Sabda 35


Tembung Idul Fitri punika saking tembung Idhul saha
Fitri. Idhul punika tegesipun wangsul, saha Fitri utawi Fitrah
punika tegesipun suci. Dados Idul Fitri ngemu suraos
wangsul dhumateng kesucian, maksudipun, sapurnaning
shiyam setunggal wulan, kula tuwin panjenengan sami
wangsul suci malih.
Pramila wonten ing dinten Idhul Fitri punika,
sumangga kula tuwin panjenengan sami sesarengan
nyuwun dhumateng ngarsanipun Allah SWT supados dosa
kula lan dosa panjenengan sageda dipunlebur. Mugi-mugi
Gusti Allah kersa paring pangapura dhumateng kula
panjenengan sami, lumantar ing dinten riyadin punika.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
muslimin lan muslimat ingkang satuhu bagya mulya.
Sampun satunggal wulan kulatuwin panjenengan sami
nindakaken ngibadah shiyam, saengga saged ngraosaken
kados pundi raosipun mboten nedha saha mboten ngunjuk
sadangunipun satunggal dinten saha saged meper hawa
nepsu. Pramila kula tuwin panjenengan sami saged
ngraosaken kados pundi raosipun tiyang-tiyang ingkang
gesangipun tansah kekirangan. Wonten wulan Ramadhan
Allah SWT paring dhawuh dhumateng kula lan panjenengan
sami supados ngedalaken zakat fitrah kangge sedherek-
sedherek ingkang kekirangan.
Kanthi makaten, mugi-mugi sedaya amal ibadah kula
tuwin panjenengan sami wonten ing sadangunipun wulan
Ramadhan estu-estu saged katampi wonten ngarsa dalem
Allah SWT, saengga kula tuwin panjenengan sami estu

Tuladha Medar Sabda 36


badhe pikantuk predikat mutaqin. Tiyang ingkang
nggadhahi hak kangge nampi rahmat, maghfirah, tuwin
‘itqun minan-naar saking Panjenenganipun Gusti. Amin.
Bapak-bapak saha Ibu-ibu ingkang satuhu bagya
mulya. Wonten dinten syawal ing samangke, kula tuwin
panjenengan sami badhe ngawontenaken upacara syawalan
ingkang ancas tuwin tujuanipun inggih punika sami ngapura
ing ngapuran. Dados kanthi Idhul Fitri punika, kula tuwin
panjenengan sami saged fitrah utawi suci kados bayi
ingkang nembe lair. Bayi ingkang boten gadhahi dosa
punapa-punapa.
Ing pungkasanipun atur, mugi-mugi ngibadah kula
tuwin panjenengan sami wonten ing wulan shiyam
Ramadhan saha ngamal kasaenan sanes-sanesipun
dipuntampi tuwin dipunridhai dening Allah SWT. Saengga
kanthi shiyam Ramadhan satunggal wulan saha kanthi
ngapura ing ngapuran, dosa-dosa kula tuwin panjenengan
sami dhumateng Allah dipun ngapunten. Kanthi makaten,
kula tuwin panjenengan sami dados wangsul dhumateng
kesucian. Akhirul kalam, wabillahittaufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum, Wr, Wb.

Tuladha Medar Sabda 37


f. Tuladha Tanggap Wacana Makna Syawalan

Assalamu’alaikum, Wr, Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
muslimin saha muslimat ingkang kula kurmati.
Mangga kula tuwin panjenengan sami ngucap puja-
puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang
sampun paring karaharjan tuwin kasugengan, dene ing
wekdal punika kula tuwin panjenengan sami saged
pinanggih wonten ing Masjid... mriki saperlu ngawontenaken
acara syawalan.
Dinten punika kula tuwin panjenegan sami sampun
wonten ing wulan Syawal. Wonten ing wulan punika kathah
kaum Muslim mliginipun ing Indonesia sami ngawontenaken
acara syawalan, kantor-kantor, gedhung-gedhung
pepanggihan, lan kalebet ing papan mriki sami
ngawontenaken acara Syawalan. Menggah ancas saha
tujuanipun Syawalan punika boten sanes apura ing apuran.
Para winasis ing babagan agami Islam mratelakaken
bilih tembung Idhul Fitri punika miturut etimologi asal saking
tembung Id ingkang ateges wangsul saha Fitri saking
tembung fitrah ingkang ateges suci. Fitrah utawi suci punika
kawontenan asli nalika jabang bayi lair saking guwa
garbaning ibu.
Dados bayi ingkang nembe lair punika suci saha
mboten gadhahi dosa punapa-punapa, tur piyambakipun
gadhahi dhasar iman dhumateng Allah SWT. Iman
dhumateng Allah punika dipunbekta wiwit manungsa taksih
wonten alam dzuriyah. Dados bayi lair punika sasanesipun

Tuladha Medar Sabda 38


taksih suci ugi sampun gadhahi dhasar iman dhumateng
Allah SWT.
Nanging jalaran manungsa punika panggenaning
lepat tuwin supe, mila sinaosa sampun ngatos-atos nanging
kadangkala taksih dhumawah tumindak lepat utawi dosa.
Menawi tumindak lepat kalawau arupi wantun nglanggar hak
Allah, lajeng kawastanan dzanbun utawi dosa. Dene
nglanggar hak adami (manungsa), lajeng kawastanan
khathaun (lepat). Menawi manungsa tumindak dosa utawi
lepat, fitrahipun ingkang aslinipun suci punika lajeng dados
reged. Tansaya kathah anggenipun tumindak dosa utawi
lepat, fitrahipun tansaya dados reged utawi jember.
Fitrah ingkang suci punika dipungambaraken kadosta
inten utawi barleyan, ingkang mencorong cahyanipun.
Menawi manungsa kathah tumindak dosa utawi lepat,
fitrahipun lajeng dados kadidene inten utawi barleyan
ingkang kenging lendhut blegada. Supados resik utawi
mencorong malih inggih kedah dipunresiki. Anggenipun
ngresiki fitrah inggih punika kanthi taubat, nyuwun
pangapunten dhumateng tiyang sanes ingkang sampun
dipunlanggar hakipun.
Temtu kula tuwin panjenengan sami sampun pana
bilih tiyang ingkang nindakaken ibadah shiyam Ramadhan
kanthi lelandhesan iman tuwin ngajeng-ajeng ridhanipun
Allah SWT badhe dipun ngapunten sedaya ingkang sampun
kalangkung. Namung sedaya dosa dhumateng Allah, dene
kalepatanipun dhumateng sesamining agesang ugi badhe

Tuladha Medar Sabda 39


dipunparingi pangapunten menawi tiyang ingkang
dipunlanggar hakipun sampun maringi pangapunten.
Pramila wonten ing mriki, wigatosing kula tuwin
panjenengan sami badhe silaturahmi tuwin apura ing apuran
kanthi jabat astaing antawis atunggal lan satunggalipun.
Saengga kanthi shiyam Ramadhan satunggal wulan ingkang
sampun kula tuwin panjenengan lampahi dadosaken dosa-
dosa kita dhumateng Allah badhe dipun apunten. Saha
kanthi silaturahmi wonten acara Syawalan punika kula tuwin
panjenengan sami saged apura ing apuran. Kanthi mekaten,
dados sampurna Idhul Fitrinipun. Wangsul dhumateng
kesucianipun piyambak-piyambakipun.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
muslimin saha muslimat ingkang kula kurmati.
Sanyata acara Syawalan punika mengku makna
wigati ingkang mawarni-warni, pramila acara Syawalan
punika perlu dipun gegesang tuwin dipunlestantunaken.
Antawisipun inggih punika minangka nedahaken raos syukur
dhumateng Allah SWT, jalaran sampun rampung angayahi
nindakaken shiyam Ramadhan satunggal wulan; silaturahmi
punika saged dados tangsuling pasedherekan, dados ajakan
enggal-enggal tumuju dhumateng pangapuntenipun
Pangeran; apura ing apuran antawis satunggal lan
satunggalipun; saha ajakan supados ningkataken imanipun,
taqwanipun, ngibadahipun, akhlakipun, lan ugi sregepipun
anggenya makarya pados rejeki ingkang khalal.
Ringkesipun mugi kanthi wontenipun acara Syawalan
punika saged ningkataken usaha pados kamulyaning

Tuladha Medar Sabda 40


gesang ing alam donya tuwin kamulaan gesang benjang
wonten ing alam akherat.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi atur kula
punika wonten mupangatipun tumrap kula tuwin
panjenengan sami. Mbok bilih wonten atur saha patrap
ingkang mboten nuju prana, kula nyuwun gunging samodra
pangaksami. Wusana, akhirul kalam, wabillahit taufiq wal
hidayah.
Wassalamu’alaikum, Wr, Wb.

g. Tuladha Tanggap Wacana Pembuka Hari Idhul Adha

Assalamu’alaikum, Wr, Wb.


Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
muslimin saha muslimat ingkang kula kurmati.
Puja-puji syukur lhamdulillah mugi konjuk ing
ngarsaning Gusti Allah SWT ingkang sampun paring berkah
saha hidayahipun dhumateng kula tuwin panjenengan sami,
bilih ing dalu punika kula tuwin panjenengan sami saged
makempal wonten ing... kangge angregengaken dinten
ageng umat Islam inggih punika Idhul Adha utawi Idhul
Kurban.
Dinten punika benten kaliyan dinten-dinten sanesipun
amargi dinten punika mujudaken dinten Riyadi Akbar, dinten
riyadi ingkang sakelangkung ageng. Pramila kawastanan ugi
dinten Riyadi Besar, saha kasebat ugi dinten Riyadi Haji.
Menggah sebatan ingkang misuwur inggih punika dinten

Tuladha Medar Sabda 41


Riyadi Adha utawi Idhul Adha, saha ugi kasebut Riyadi
Kurban utawi Idhul Kurban.
Pramila mangga kula tuwin panjenengan sami
ngagungaken dinten riyadi punika kanthi ngtahah-
ngthahaken takbir saha takhmid, ngaturaken pangalembana
dhumateng Allah SWT ingkang tansah paring nikmat
dhumateng kula tuwin panjenengan sami. Takbir saha
tahmid kula tuwin panjenengan sami dipunkonjukaken kanthi
rilaning manah.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek kaum
muslimin saha muslimat, dinten Idhul kurban punika mengeti
Kanjeng Nabi Ismail as. Dipunsembelih tiyang sepuhipun
inggih punika Kanjeng Nabi Ibrahim as, minangka
pangujining Allah SWT. Dhumateng Kanjeng Nabi Ibrahim
as, kaliyan putranipun Ismail.
Kados pundi ketaqwaan saha sih katresnanipun
Kanjeneg Nabi Ibrahim dhumateng Allah, awrat pundi
tresnanipun dhumateng pangeranipun punapa awrat
tresnanipun dhumateng putranipun. Kanjeng Nabi Ibrahim
buktekaken bilih tresnanipun dhumateng putranipun Ismail.
Pramila kanthi lila legawaning manah, Kanjeng Nabi
Ibrahim ngurbanaken putranipun kanthi panguwasanipun
Allah. Pramila Ismail dipun gantos satunggaling menda.
Saking kedadosan punika, kula tuwin panjenengan sami
saged mendhet hikmahipun. Bilih manungsa kedah lila
legawa ngurbanaken bandha saha sadaya ingkang
dipunkersakaken dening Allah.

Tuladha Medar Sabda 42


Kados pundi riwayat saha kedadosanipun ngengingi
Kanjeng Nabi Ibrahim dalah putranipun, ing samangke
saged dipunpidangetaken aturipun Bapak... ing adiacara
candhakipun. Wusana atur pambuka, kula punggel
semanten kemawon, ing mbok bilih, wonten andharan saha
atur kula ingkang kirang prayogi, wontena kepareng
panjenengan sami paring pangapunten dhumateng kula.
Akhirul kalam, wabillahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum, Wr, Wb.

B. Tuladha Tanggap Wacana Hari-hari Keagamaan


Kristiani
a. Tuladha Tanggap Wacana Ngapunteni Sesami
Pasamuwan ingkang dipunkasihi dening Gusti Yesus
Kristus.
Ingkang nama cariyos silat, punika boten wonten
rampungipun. Cariyos ingkang sepisanan rampung, mesti
badhe wonten cariyos candhakipun. Kenging punapa? Salah
satunggalipun inggih punika, cariyos silat kawangun wonten
sanginggiling “kekerasan” lan “balas dendam”. Pancen, ing
salebetipun cariyos silat ugi wonten piwulang luhuripun.
Nanging, ingkang dados dhasaring cariyos punika
“kekerasan” lan “balas dendam”, pramila badhe tansah
wonten cariyos candhakipun. Saking cariyos ing pundi
wonten dhapukan lakon si A ingkang ngawonaken si B,
lajeng kasambet wontenipun si C, saged anakipun si B utawi
muridipun si B ingkang lajeng males dhateng si A. Cariyos
candhakipun, wonten si D ingkang nggadhahi sesambetan

Tuladha Medar Sabda 43


kaliyan si A, saged anakipun, sedherekipun punapa dene
muridipun, ingkang lajeng males ugi, makaten... lajeng,
boten wonten rampungipun. Mekaten ugi sedaya
pambudidaya ingkang katindakaken kangge ndamekaken
pihak-pihak ingkang saweg perang. Menawi ngginakaken
cara-cara “kekerasan” lan ngginakakken gegamaning
perang, mesti badhe nuwuhaken raos “dendam” lan ing
pungkasanipun nuwuhaken paprangan ingkang enggal.
Menawi pancen wonten asilipun, punika bedhamen ingkang
semu, boten sejati. Pramila gampil kasusul sarana
paprangan enggal. Kita saged ningali pambudidayanipun
Amerika ingkang nglurug, nggecak perang Irak kangge
mujudaken bedhamen. Kita saged mirsani sesambetanipun
Israel kaliyan Palestina. Kita saged ningali sesambetanipun
negari-negari barat (Eropa-Amerika) kaliyan negari-negari
komunis punapa dene ing wekdal rumiyin negarin komunis
tansah kaancam dening paprangan enggal.
Sedaya manungsa estunipun nggadhahi pepenginan
ngraosaken gesang “damai”, rukun, lan tentrem ayem.
Nanging sedaya pambudidayanipun manungsa kangge
mujudaken pepenginan kalawau ingkang kadhasaraken
wonten ing “pemaksaan kehendak” dhumateng pihak sanes;
utawi sedaya pambudidaya kangge damel samukawis sami
(membuat seragam) ing bab gesangipun manungsa, awit
kawontenan ingkang beda dipunanggep dados jalaran
wontenipun dredah, pasulayan, paprangan, pungkasanipun
badhe gagal. Menawi makaten, punapa kita lajeng boten
tumindak utawi kepara pasrah dhateng kawontenan?

Tuladha Medar Sabda 44


Wangsulanipun: BOTEN. Kita tiyang Kristen ingkang
sampun dados kagunganipun Gusti Yesus Kristus, kedah
tansah mbudidaya ngawontenaken bedhamen “perdamaian”,
pirukun lan gesang pasedherekan. Kita kedah nggantos
cara-cara kadonyan ingkang ngginakaken “kekerasan” lan
gegamaning perang kanthi caranipun Gusti Allah. Punapa
punika? Suka pangapunten.
Minangka tiyang Kristen, kita sampun mangertos bilih
sesambetan ing antawisipun manungsa kaliyan Gusti Allah
punika risak awit saking tumindak dosa. Kasunyatanipun,
wonten ing kawontenan ingkang risak kalawau, Gusti Allah
wonten ing katresnanipun, kagungan karsa “inisiatif” kangge
bedhamen kaliyan manungsa dosa. Anggenipun
mbabaraken bedhamen boten akanthi mbesmi manungsa
dosa lajeng nitahaken manungsa anyar sanesipun. Gusti
Allah boten tumindak keras dhateng manungsa.
(memaksakan kehendak-Nya) lan tumindak kumawasa.
Gusti Allah malah ngersakaken margining pangapunten.
Margining pangapunten ingkang katindakaken wonten ing
gesang, kasangsaran lan sedanipun Kang Putra Ontang-
Anting, Yesus Kristus.
Pasamuwan ingkang kinasih.
Gusti Yesus nindakaken pakaryan pangapuntenipun
Allah wonten ing gesang lan kasangsaran tuwin ing
sedanipun boten kok tanpa tetarungan ingkang awrat
“pergumulan”. Kirang trep lan prayogi, menawi kita
nggadhahi pemanggih, bilih Gusti Yesus Kristus saged
nindakaken pakaryan pangapuntenipun Allah wonten ing

Tuladha Medar Sabda 45


gesang, kasangsaran lan sedanipun, awit Panjenenganipun
punika Gusti Allah pribadi, ingkang manjalma dados
manungsa. Kados paseksen pangandikanipun Gusti ingkang
kita waos ing wekdal punika, kauningakaken bilih
nyawanipun trenyuh, ingkang wonten ing Kitab Suci Basa
Jawi Padintenan: ati-Ku was-was ngajengaken wekdalipun
nandhang kasangsaran kasedanan wonten ing pakaryan
pangapuntenipun Gusti tumrap manungsa dosa. Nanging,
wonten ing pakaryan salebeting “kesadaran” bilih rawuhipun
wonten ing jagad punika awit saking karsanipun Gusti Allah
lan tujuwaning Allah, pramila Gusti Yesus boten
ngersakaken supados dipunluwari dening Allah Rama,
nanging malah ngendika, “Dhuh, Rama, Paduka mugi
ngluhuraken asma Paduka.” Awit saking punika,
kasangsaran lan sedanipun Gusti boten nglaha.
Kasangsaran lan sedanipun Gusti ingkang katindakaken
kanthi pasrah lan setya dhumateng Gusti Allah Sang Rama,
ndadosaken Gusti Yesus kaluhuraken dening Allah Sang
Rama, sarta nggendheng sadaya manungsa supados sami
rumaket dhumateng Panjenenganipun lan nampeni
pangapuntening dosa saking Allah Sang Rama. Gesangipun
karukunaken malih kaliyan Gusti Allah.
Pasamuwan ingkang dipunkasihi Gusti Allah.
Suka pangapunten, suka pangapunten punika cara
ingkang “jitu”, cespleng, ingkang wigati, kangge mujudaken
pangangen-angen bab gesang ingkang kebak katentreman
“damai”, rukun, lan pasedherekan wonten ing kawontenan
ingkang beda-beda, ing antawisipun manungsa setunggal

Tuladha Medar Sabda 46


lan satunggalipun. Nanging, kita sedaya sumerep bilih
tembung suka pangapunten, punika gampil kaucapaken
nanging angel katindakaken. Prelu pambudidaya ingkang
tumemen supados saged katindakaken. Angel katindakaken
punika boten ateges boten saged. Angel, punika taksih
saged, nanging kemawon mbetahaken pambudidaya
ingkang tumemen. Minangka tiyang Kristen kita inggih
pitados bilih Sang Roh Suci nuntun sarta mitulungi kita
supados kita saged suka pangapunten dhateng sesami.
Nanging, prekawis punika ugi boten ateges lajeng makaten
kemawon kalampahan (otomatis). Tetep mbetahaken
pambudidayaning manungsa ingkang saestu kangge
ngawonaken si aku kita, supados kita saged kadosdene
Gusti yesus Kristus wonten ing salebetipun nindakaken
gesang, sangsara lan sedanipun minangka manungsa.
Menawi kita sadhar, kadosdene Gusti Yesus Kristus bilih
ancas tujuan anggenipun rawuh wonten ing bumi punika awit
saking kersanipun Allah Sang Rama, kita saged suka
pangapunten dhateng sesami sarta gesang kebak
katentreman, rukun kaliyan sesami. Namung menawi kita
saged ngraosaken kenging punapa lan kangge menapa kita
dados Kristen, kita saged suka pangapunten dhateng
sesami. Namung menawi kita ngraosaken bilih kita kedah
ngluhuraken asmanipun Gusti, kita saged suka pangapunten
dhateng sesami lan gesang rukun kaliyan sesami. Kita
manggihaken katentreman ing salugunipun utawi “damai
yang sejati”. Sumangga kita ginanakaken gesang
paperingipun Gusti kangge mbabaraken gesang ingkang

Tuladha Medar Sabda 47


tentrem “damai”, lan rukun. Sampun ngantos gesang kita
lajeng nglaha tanpa gina. Sumangga kita sami purun suka
pangapunten awit yektinipun kita saged, lan Gusti sampun
maringi pangapunten dhateng kita sarta Gusti ngersakaken
supados kita ngapunteni dhateng sesami. Kadosdene
tetembungan ing pamuji punika:
Mengampuni, mengampuni, lebih sungguh.
Mengampuni, mengampuni, lebih sungguh
. tuhan, lebih dulu mengampuni kepadaku.
Mengampuni, mengampuni, lebih sungguh.
Amin.

b. Tuladha Tanggap Wacana Gusti Ngreksa Tiyang


Mursyid
Pasamuwan ingkang dipunkasihi dening Gusti Yesus.
Wonten ing kasunyatan gesang sesarengan, sae ing
tengah-tengahing brayat, pedamelan utawi ing pasrawungan
masyarakat umum, kita asring manggihaken utawi ngadhepi
wontenipun sedherek-sedherek ingkang ing gesangipun
boten jumbuh kaliyan norma/ etika, malah nerak paugeran.
Lelampahan ingkang mekaten ugi tuwuh lan kalampahan
wonten ing tengah-tengah gesanging pasamuwanipun Gusti.
Malah kathah ingkang boten purun nampi pangengen/
pangembalaan, nampi saran saking tiyang sanes ingkang
sae lan leres, ingkang estunipun punika pinangka wujud
gesang ingkang nresnani lan raos preduli. Tiyang ingkang
mekaten ngadhahi panganggep bilih dhirinipun punika tiyang

Tuladha Medar Sabda 48


ingkang leres piyambak, semanten ugi punapa ingkang
dipun lampahi tanpa preduli menika ugi dadosaken tiyang
sanes keganggu. Prinsip gesang ingkang nengenaken
kepentingan piyambak dados prekawis ingkang biasa dipun
lampahi ing gesangipun saben dinten. Kawontenan ingkang
mekaten tentu satunggaling tuladha tiyang anggenipun
nglampahi gesang boten nggadhahi tanggel jawab.
Pancen menawi kita ngadhepi prekawis ingkang
mekaten punika boten gampil kangge paring sesuluh, sae
tiyang punika kanca caket, sedherek, utawi rencang
patunggilang, kalebet dhateng brayat kita. Pancen saben
keputusan lan ingkang dipunlampahi dening saben tiyang
sedaya akibat/ resiko dados tanggelanipun piyambak-
piyambak. Ibarat mobil ingkang badhe mlebet jurang temtu
kita prelu rem. Mila pinangka tiyang ingkang pitados kita
boten saged ngendhelaken bab ingkang mekaten menawi
dumados ing lingkungan kalebet ing tengahing pasamuwan,
kita tinimbalan supados ing gesang punika sami enget-
ingetaken, mbangun binangun, supados ing gesang punika
saestu kita dados paseksi lan mujudaken kersanipun Gusti,
kangge gesang berjuang ing kaleresan, sinaosa nalika kita
mutusaken gesang ing kaleresan punika ugi kedah dipun
sadhari kathah resikonipun malah boten entheng. Tentu bab
punika kita lampahi linambaran raos tresna dhateng sesame
lan tanpa wonten raos ngadili sesame utawi nyampuri
urusanipun.
 Juru mazmur nyebataken wontenipun tiyang ingkang
panggung (bebal), maksudipun tiyang ingkang ing

Tuladha Medar Sabda 49


gesangipun boten preduli malih dhateng wontenipun
norma utawi hukum, malah tiyang ingkang mekaten
punika nganggep bilih Gusti Allah punika boten wonten.
Mila tiyang ingkang mekaten lajeng anggenipun
tumindhak manut sasekecanipun piyambak, ingkang
dipunlampahi punika jember lan nistha, ora ana kang
nglakoni kabecikan. Tiyang ingkang mekaten nggadhahi
pangangen-angen bilih Allah punika ugi boten preduli
dhateng ingkang dipunlampahi ing gesangipun. Mila
tiyang ingkang boten maelu dhumateng Gusti, kanthi
bebas nglampahi gesangipun ing salebeting kadursilan
tanpa preduli dhateng aturan, norma ingkang penting
sedaya dipunlampahi kangge nguja kanepsonipun lan
kangge dhirinipun piyambak.
 Bab punika kita saged ngraosaken ingkang dipunlampahi
dening Prabu Dawud nalika netranipun sumerep
Batsyeba, ing salebeting manah lajeng thukul niat awon.
Niat awon kalajengaken nglampahi cara ingkang awon
ugi, kangge mbujeng kepentingan piyambak, Dawud
boten saged menggalih kanthi jembar malih, ing
manahipun tuwuh panganggep bilih punapa ingkang
dipunlampahi punika boten wonten ingkang mangertosi.
Mila nalika Uria semahipun Batsyeba, ingkang kaangkah
sageda pejah ing peperangan wangsul wilujeng, lanjeng
wonten pangreka-reka kangge nutupi kesalahanipun
Dawud kanthi kaajak pesta, ndem-ndeman, supados
mabuk temahan langkung gampil kangge ngenggokaken
masalah ingkang dipun adhepi, ananging Uria tansah

Tuladha Medar Sabda 50


wonten ing kawontenan ingkang sadhar malah Uria boten
saged karimuk dening rekadayanipun sang Prabu
Dawud.
 Tiyang ingkang gesangipun ing kawontenan ingkang
makaten punika saestu dados gesangipun mrihatosaken,
boten namung ing sangajengipun manungsa ananging
wonten ing Paningalipun Gusti. Panganggep bilih Gusti
Allah boten wonten lan boten preduli dhateng sedaya
ingkang dipunlampahi dening manungsa, punika
panganggep ingkang salah ageng, pemazmur nyerat bilih
Allah saking ing swarga mirsani mangisor marang para
anaking manungsa, karsa nguningani apa ana kang
kadunungan akal-budi (2), panjenenganipun prihatin
dhateng lampah gesangipun manungsa ingkang awon,
panjenenganipun nyatet sedaya lampah gesangipun
manungsa, sinten ingkang nggadhahi akal budi?
Maksudipun saben tiyang ingkang kepareng mranata
gesangipun linambaran kaleresan lan tansah nyuwun
pitulunganipun Gusti, Dados Gusti Allah tetep preduli ing
gesangipun saben tiyang sinaosa sampun nerak angger-
angger lan gesangipun manungsa sampun nilar Gusti,
Allah tetep madosi tiyang-tiyang ingkang setya gesang
ing salebeting kaleresan, malah Allah nunggil dhateng
tiyang ingkang gesang ing kaleresan.
 Kejahatan boten sagedcngawonaken kaleresan, kenging
punapa mekaten? Awit Allah kepareng mibela lan nunggil
kaliyan tiyang-tiyang ingkang ing gesangipun tansah
ngener lan tinalesan ing salebeting kaleresan. Allah terus

Tuladha Medar Sabda 51


wonten ing pihak tiyang ingkang leres, saged kita
pendhet conto bab makna pakaryanipun Gusti ing
gesangipun umat Allah. Punapa ingkang sampun maujud
ing lelampahan gesangipun umat ingkang rikala
semanten gesang ing panindhes wonten ing bangsa
Mesir, katuntun medal saking Mesir lan lumampah
tumuju ing tanah prasetyan? Panjenenganipun nunggil
ing sauruting lampah srana tugu mega ing mangsa
siyang ingkang panas lan tugu latu ing wanci dalu. Allah
boten negakaken umatipun ing kawontenan punapa
kemawon.
Lumantar Pangandikanipun Gusti punika saged kita
mendhet kesimpulan:
1. Satunggaling kasunyatan bilih ing tengah-tengahing
gesang punika ingkang naminipun kejahatan temtu
tansah wonten, lan saben tiyang ugi ngadhepi dhateng
kawontenan ingkang mekaten. Mila saged kemawon
manungsa dhumawah ing kalepatan, saged kemawon
manungsa boten sagah ngadhepi kawontenan ingkang
mbekta dhirinipun gesang ing kawontenan ingkang kirang
sae, awit karingkihaning gesang kamanungsanipun,
ananging kita prelu kangetaken bilih Gusti boten
negakaken kita ijen, ngadhepi sedaya pengaruh lan
kawontenan ingkang awon, Gusti boten ngendelaken
tumrap saben tiyang ingkang tansah setya gesang
ingkang kepareng dhasaraken ing kaleresan, malah
kasagedaken nglampahi manut panutupanipun Gusti ing
sadinten-dinten.

Tuladha Medar Sabda 52


2. Allah kepareng campur asta lan wonten ing pihakipun
tiyang leres, kadosdene nalika umat badhe nyebrang
Laut Merah, kanthi cetha kita deleng karingkihan lan
boten mampu ngadhepi pihak ingkang jahat ingkang
kados-kados pihak ingkang leres kawon. Ananging
punapa wusananipun? Pihak jahat dipunkawonaken
dening Panguwaosipun Allah. Ing ngriki wonten kekiyatan
lan kasagedan saben tiyang ingkang kepareng manut lan
lumampah ing marginipun Pangeran. Kawontenan boten
mbekta manah ajrih lan giris ananging tansah nampi
kekiyatan, panuntun saking Gusti, temahan boten
lumebet ing salebeting karisakan.
3. Lumantar pangandikanipun Gusti, kita kabereg kangge
terus berjuang lan gesang ing salebeting kaleresan,
kados dene pemazmur ingkang ninggali gesang wekdal
samangke, kanthi ninggali punapa ingkang sampun
katandukaken Gusti dhateng umatipun ing wekdal
kepengker, ingkang sagah mulihaken gesangipun umat.
Mungkin kita saged kasisihaken pinangka tiyang pitados
ing salebeting gesang ing donya punika karana tansah
nindakaken kaleresan, ananging Gusti boten sare,
tansah makarya ing gesang kita sedaya. Amin.

Tuladha Medar Sabda 53


c. Tuladha Tanggap Wacana Warsa Anyar Paring
Pangajeng-ajeng Anyar
Para sedherek ingkang dipuntresnani dening Gusti
Yesus.
Menawi wonten tiyang badhe kekesahan tebih perlu
cecawis, sae lan botenipun pakaryan kalebet menawi badhe
gadhah damel inggih perlu cecawis, aklebet menawi kita
badhe ndherek Bujana Suci inggih perlu cecawis supados
anggen kita ndherek Bujana Suci punika boten dhatengaken
paukuman tumrap gesang kita. Makaten ugi ing bab
pangarsaning gesang kita mirungganipun pangarsa
(pemimpin) ing pasamuwan. Secara karohanen sampun
cetha pangarsaning Pasamuwan punika Gusti Yesus,
ananging sacara kajasmanen perlu kacawisaken kanthi
prayogi, supados lir gumantinipun pangarsa punika boten
damel ribeting Pasamuwan. Menawi kita nyinau gesangipun
bangsa Israel, pancen punapa ingkang boten
kapengagalihaken dening umat sedaya punika sampun
kacawisaken dening Gusti Allah kalebet pangarsaning
bangsa.
Salah satunggaling cariyos ingkang dumados ing
antawisipun bangsa Israel inggih punika, sasurutipun Nabi
Musa, sedaya sami bingung anggenipun pados gantosipun,
sinten ingkang saged daos gantosipun, ewosemanten Gusti
piyambak sampun nyawisaken gantosipun inggih punika
Yusak.
Lumantar serat Yusak 3: 7-13, sepisan malih kita
saged ningali perkawis caranipun Gusti nyawisaken bangsa

Tuladha Medar Sabda 54


Israel ngayahi ayahan ing salajengipun. Dene ayahan
ingkang kedah katindakaken dening bangsa Israel inggih
punika lumebet ing tanah Kanaan lan ngejeki tanah Kanaan,
perkawis punika temtu sanes pendamelan ingkang entheng,
awit kangge ngejeki tanah Kanaan kedah lumawan perang,
kamanga bangsa Kanaan sampun langkung maju katimbang
bangsa Israel, dados sacara kamanungsan angel bangsa
Israel badhe mimpang. Pramila inggih boten mokal menawi
peperangan ingkang badhe kaadanan dening bangsa Israel
punika saged kawastanan perang suci. Sinaosa makatenb,
raos mangu-mangu punika wonten ing gesangipun bangsa
Israel, langkung-langkung pangarsanipun bangsa Israel
sapunika sanes Nabi Musa, nanging Yusak ingkang tumrap
bnagsa Israel dereng saged dipun endelaken, amargi dereng
wonten bukti nyatanipun. Menawi ingkang mimpin Nabi
Musa bangsa Israel kendel amargi smapun kathah tuladha
ingkang dipuntidakaken dening Nabi Musa.
Badhea kados pundi jejibahan ngejeki tanah Kanan
kanthi cara perang punika boten saged dipunselaki, pramila
bangsa Israel kedah ngawontenaken cecawis.
Dene ing salebeting cecawis ngadhepi perang suci
punika ingkang perlu inggih punika, manut ing ayat 5. Padha
sesucia amarga sesuk Pangeran Yehuwah bakal nindakake
kaelokan ana ing tengahmu. Dene salajengipun
sasampunipun sami sesuci, Yusak lan bangsa Israel kedah
mantep anggenipun badhe nindakaken dhawuhipun Gusti,
awit Gusti sampun nate paring prasetya anggenipun badhe
ngayomi Yusak kadosdene Gusti sampun ngayomi Nabi

Tuladha Medar Sabda 55


Musa. Dene salajengipun Gusti paring dhawuh supados
Yusak lan bangsa Israel enggal nyabrang bengawan
Yarden, sinaosa nembe banjir. Sanyata wonten prastawa
ingkang ngedab-edabi. Amarga nalika para imam ingkang
ngusung pethi prasetyan miwiti nyuabrang bengawan
Yarden, toya ingkang sewau mili santer punika saged
mandheg kados dipunbendung dening pethi prasetyan,
ngantos wonten dharatan ingkang saged kangge nyabrang
dening bangsa Israel. Prastawa punika kados dene nalika
wonten ing seganten Tiberau. Lumantar mujizat punika
damel Yusak lan bangsa Israel mantep anggenipun badhe
ngejeki tanah Kanaan.
Para sedherek ingkang dipuntresnani dening Gusti
Yesus.
Sasampunipun kanthi gampil Yusak lan bangsa Israel
saged nyabrang bengawan Yarden, sedaya punika namung
badhe ngejeki negari Kanaan, amargi bnagsa Israel saestu
taksih saged ngraosaken panganthinipun Gusti Allah, kados
zamanipun Nabi Musa. Ngraosaken panganthinipun Gusti
Allah punika penting tumrap bnagsa Israel, awit wiwit medal
saking tanah Mesir Israel namung saged pasrah ing
kersanipun Gusti Allah. Wondene panganthinipun usti Allah
punika maujud wontenipun Pethi Prasetyan ingkang tansah
wonten ing satengahing bangsa Israel. Panganthinipun Gusti
inggih kawistara nalika bangsa israeel wonten ing ara-ara
samun ingkang maujud wontenipun tugu geni menawi dalu
lan tugu mega menawi siang.

Tuladha Medar Sabda 56


Para sedherek ingkang dipuntresnani dening Gusti
Yesus.
Ningali punapa ingkang sampun kadadosan ing
satengahing bangsa Israel, nalika badhe lumebet ngejeki
tanah Kanaan, wontenipun raos manteb bilih perkawis
punika dados kersanipun Gusti, pramila bangsa Israel sami
mbangun turut. Pramila warga Pasamuwan inggih kedah
kanthi kapitadosan ingkang mantep lumampah ing warsa
20003, kanthi pangajeng-ajeng ing salebeting kapitadosan
bilih Gusti Allah badhe paring berkah ingkang lube ring
warsa…. Sedaya punika perlu kacawisaken kanthi prayogi,
awit saged kasanepakaken Warga Pasamuwan badhe
lumebet ing perang suci kados bangsa Israel, anggenipun
kedah lumawan angkara murka, gesang tebih saking Gusti,
slingkuh lan sanes-sanesipun ingkang dados gegaranipun
iblis.
Supados kita ing warsa… punika saestu
manggihaken katentreman perlu kita sami sesuci, saking
sawenining perkawis ingkang saged nggendheng gesang
kita dhumawah ing dosa, supados gesang kita sampun
kasucekaken dening Gusti Yesus sansaya ketingal nyata
wonten satengahing bebrayan agung.
Sasampunipun warga pasamuwan sami sesuci
ingkang ugi penting katindakaken inggih punika wontenipun
gesang pasrah dhumateng rancanganipun Gusti, sinaosa
kedah aben ajeng kaliyan perkawis-perkawis ingkang asring
saged ngreridhu gesangipun para pitados lan menawi boten
waspada saged dados sebab lan dhawahipun. Inggih

Tuladha Medar Sabda 57


namung kanthi cara pasrah dhumateng Gusti punika
gesangipun para pitados ing warsa… punika nggadhahi
pangajeng-ajeng saged lumampah kanthi jejeg, binerkahan
ngantos luber.

d. Tuladha Tanggap Wacana Mbabaraken


Katresnanipun Gusti Allah Ingkang Tanpa Wates
Para sedherek ingkang kinasih ing patunggilanipun
Gusti Yesus Kristus,
Satunggaling wekdal Mangkunegara kadhawuhan
dening Kiai-nipun pados suket utawi ngarit. Mangkunegara
lajeng bidhal nindakaken dhawuhipun Sang Kiai. Ing
satengahing margi, Mangkunegara ndhawuhi satunggaling
tiyang madosaken suket lan kabekta dhateng kraton. Estu
kelampahan, tiyang kalawau angsal suket lan dipun
sowanaken dhateng kraton. Sasampunipun kaselehaken ing
nggedhogan, tiyang menika kadhawuhan nedha lan
ngumbah ajangipun piyambak. Nalika tiyang punika
ngumbah ajang utawi piringipun, Mangkunegara nyelehaken
arta kathah ing pikulanipun tiyang kasebat. Rampung
tugasipun, tiyang menika lajeng wangsul dhateng griyanipun.
Nuju griyanipun, tiyang kasebat kepengin adus ing
Bengawan. Nalika nembe adus pikulanipun dipuncolong.
Ngertos bilih pikulanipun dipuncolong, tiyang kasebat
namung mbatin: “Eh… mbok ben mung pikulan wae sing
dicolong. Mengko isa gawe maneh saka wit pring mburi
omah.”

Tuladha Medar Sabda 58


Para sedherek ingkang kinasih ing patunggalanipun
Gusti Yesus Kristus,
Miring cariyos menika mbok menawi sawetawis
saking kita nganggep tiyang kasebat bodho lan sembranna,
awit pikulan ingkang kebak arta dipuncolong nanging
piyambakipun kendel kemawon. Temtunipun amargi tiyang
kasebat boten mangertos pikulanipun dipun isi arta kathah.
Nanging menawi kita ingkang dados tiyang kasebat lajeng
mangertos bilih pikulan kebak arta dipuncolong mbok
menawi kita dados stress. Limrah nalika kecalan bandha
donya lajeng tuwuh raos sedhih, gela, lan mbok menawi
semplah. Pitakenanipun samangke: kados pundi ingkang
ical menika ajining dhiri utawi drajading manungsa? Menapa
kita ugi badhe sedhih, gela, nepsu kados menawi kita
kecalan bandha donya?
Para sedherek ingkang kinasih ing patunggilanipun
Gusti Yesus Kristus,
Waosan kita samangke nyariosaken piwucalipun
Gusti Yesus tumrap tiyang Farisi lan ahli Toret, dene tiyang-
tiyang menika sami nyaruwe anggenipun Gusti Yesus celak
kaliyan ‘tiyang-tiyang dosa’. Gusti Yesus melehaken tiyang
Farisi lan ahli Toret dene ingkang kawawas lan katindakaken
dening Gusti Yesus eneripun inggih namung kabingahan
tumrap manungsa. Ing ngriki kita saged manggihaken kados
pundi sikepipun Gusti yesus dhateng para tiyang ingkang
karemehaken, kasingkiraken, lan kaanggep ‘pejah’ dening
masyarakat Yahudi. Awit saking punika, saking waosan

Tuladha Medar Sabda 59


samangke wonten kalih (2) perkawis ingkang perlu kita
gatosaken inggih menika:
 Gusti Yesus preduli lan mbelani tiyang-tiyang dosa
Para sedherek ingkang kinasih ing patunggilanipun
Gusti Yesus Kristus,
Adhedhasar Lukas 15: 2 kita saged manggihaken
gambaran anggenipun Gusti Yesus nampi lan dhahar
sesarengan tiyang-tiyang dosa. Miturut tiyang Yahudi juru
mupu beya, tiyang budhugen, wanita tuna susila lan
sapanunggalanipun menika kagolong tiyang dosa. Tiyang-
tiyang punika boten dipun aosi dening masyarakat mila
saged kawastanan golonganing tiyang ingkang kecalan
drajading manungsa. Malah tiyang-tiyang punika ingkang
langkung dipun gatosaken dening Gusti Yesus kados tujuan
rawuhipun ingkang kaserat ing Lukas 4: 18-19. Pancen
rawuhipun Gusti ing jagad kangge milujengaken lan mbabar
tentrem rahayu tumrap manungsa. Nanging nalika
satunggaling golongan kados tiyang Farisi lan ahli Toret
boten saged ngejawantahaken karsanipun Gusti ing
satengahing gesang sesarengan, mila Gusti Yesus
jumeneng minangka ingkang mbagekaken kawilujenmgan
lan tentrem rahayu mirungganipun tumrap tiyang-tiyang
kasingkiraken dening masyarakat. Mbok menawi
anggenipun Gusti Yesus celak kaliyan “kaum marjinal”
punika, dados salah satunggaling pawadan anggenipun para
alim ulama punika nepsu. Kenging punapa Sang Mesih kok
boten ngrawuhi piyambakipun nanging malah ngrawuhi
tiyang dosa, saking lan mlarat? Ingkang baken Gusti Yesus

Tuladha Medar Sabda 60


perduli, mbelani lan nresnani tiyang-tiyang kasebat kados
tujuan anggenipun rawuh ing jagad punika.
 Gusti Yesus ngudi drajading manungsa “kaum
marjinal”
Para sedherek ingkang kinasih ing patunggilanipun
Gusti Yesus Kristus,
Saking Lukas 15: 4-5 Gusti Yesus mratelakaken bilih
kabingahan ageng kenbabar nalika wonten setunggal tiyang
ingkang mratobat. Mekaten ugi ing ayat 9-10 ugi wonten
kabingahan ageng nalika satunggaling barang ical lajeng
dipunpanggihaken. Ing ngriki kita ugi saged ningali bilih juru
mupu beya, tiyang sakit budhug, wanita tunasusila lan
sakpiturutipun punika sampun kecalan ajining dhiri utawa
martabating manungsa. Tiyang-tiyang punika boten
ngraosaken tentrem rahayu ing salebeting gesang
sesarengan tiyang sanes. Jalaran wonten panindhes ing
tatanan sosial masyarakat Yahudi, “kaum marjinal” punika
boten badhe pikantuk pakurmatan lan boten dipun aosi
dening masyarakat. Mila Gusti Yesus rawuh ngudi
(memperjuangkan) ajining dhiri tiyang-tiyang kasebat. Gusti
Yesus kersa rawuh, mbereg, ngatag, nyarasaken tiyang-
tiyang ingkang sakit punika; dadosa sakit sacara pisik lan
sakit sacara sosial awit wontenipun tumindak boten adil ing
masyarakat. Nalika tiyang-tiyang sakit sacara kajasmanen
kasarasaken mekaten ugi ing sakit sacara sosial dipun
belani Gusti Yesus; tiyang-tiyang punika saged wangsul
dhateng masyarakat malih kados tiyang-tiyang limrahipun.
Ing sawetawis kedadosan anggenipunh Gusti Yesus

Tuladha Medar Sabda 61


nyarasaken tiyang sakit sacara pisik, Gusti Yesus mbereg
supados tiyang-tiyang punika ngucap sokur dhumateng
Sang Yehuwah lan nedahaken kasarasanipun dhateng para
imam, supados tiyang-tiyang punika saged wangsul malih
dhateng masyarakat.

Para sedherek ingkang kinasih ing patunggilanipun


Gusti Yesus,
Menawi kabandhingaken cariyosipun tiyang ingkang
kecalan pikulan kebak arta kalawau kaliyan cariyos
sawetawis masyarakat Yahudi ingkang kecalan ajining dhiri;
tuwuh pitakenan mekaten: pundi ingkang damel sedhih
manah kita, nalika kecalan bandha donya utawi nalika
ningali wonten sesami ingkang kecalan ajining dhiri?
Sejatosipun ing satengahing gesang bebrayatan,
pasamuwan punapa dene masyarakat kita saged
manggihaken wontenipun tiyang-tiyang Ingkang katindhes
lan kecalan ajining dhiri. Ing salebeting bebrayatan kathah
kedadosan para wanita ingkang kecalan hak punapa dene
ajining dhiri awit wontenipun panindhes saking tiyang jaler.
Ing salebeting pasamuwan saged kalampahan satunggaling
warga kecalan drajad amargi dipunpitenah warga sanes
utawi katindhes dening “kebijakan” majelis. Mekaten ugi ing
satengahing masyarakat kathah kedadosan icaling ajining
dhiri amargi panindhesing pamarintah, kebijakan
pamarintah, panindhesing satunggal kelompok agami lan
sapiturutipun. Sejatosipun kita asring manggihi perkawis-
perkawis makaten punika ing gesang padintenan. Naninging

Tuladha Medar Sabda 62


emanipun asring kita boten perduli dhateng kawontenan
masyarakat ingkang mekaten punika. Kita sedaya manungsa
ingkang sampun dipuntresnani dening Gusti kanthi pakaryan
pangurbananipun Gusti Yesus. Kita punika manungsa
ingkang sampun kapulihaken martabating kamanungsa kita
dados gambar lan pasemonipun Gusti Allah malih.
Samangke, punapa kita purun mbagi katresnanipun Gusti
ingkang sampun kita tampi dhateng sesame mirungganipun
ingkang kesarakat? Menapa kita purun mbelani tiyang jaler,
estri, anak, paranganing brayat ingkang katindhes ing
salebeting griyanipun piyambak? Menapa kita purun mbelani
sesame warganing pasamuwan ingkang kecalan ajining dhiri
amargi dipunpitenah makaten ugi katindhes dening
“kebijakan” pasamuwan? Menapa kita purun mbelani tiyang-
tiyang ingkan dipun gusur peksa, para tani igkang katindhes,
ngamping-ampingi satunggaling komunitas agami ingkang
katindhes komunitas sanesipun? Saboten-botenipun ing
dinten punika Gusti Yesus ngatag kita mbabaraken
katresnanipun Gusti Allah ingkang tanpa wates tumrap
sedherek-sedherek ingkang nandhang kesrakat, temah
sedherek-sedherek punika ngraosaken tentrem rahayu.
Gusti mberkahi kita sedaya. Amin.

Tuladha Medar Sabda 63


3. Tuladha Tanggap Wacana Hari Nasional
a. Tuladha Tanggap Wacana Mengeti Dinten Ibu
Assalamu’alaikum Wr. Wb,
Ibu-ibu, para kadang remaja putri ingkang kinurmatan.
Ing dinten punika menggah pengetan dinten ibu ingkang
kaping .... Prastawa ingkang kita pengeti kedadosan wonten
ing tanggal 22 Desewmber 1928.
Prastawa ing nginggil punika kedadosan tanggal 22
dumugi tanggal 25 Desember 1928. Inggih punika
dipunwontenaken Kongres Wanita Indonesia ing
Ngayogyakarta. Kongres punika kangge makempalaken
organisasi-organisasi wanita supados makempal dados
setunggal.
Pramila saking prastawa lajeng dinten tanggal 22 Desember
katetepaken dados dinten ibu.
Ibu-ibu minangka ibu kulawarga saha ibu
masyarakat. Menawi minangka ibu Kulawrga, ibu minangka
pawestri ingkang nggulawenthah putra-putrinipun. Kados
pundi amrih dados putra saha putri ingkang ing tembenipun
saged tanggel jawab dhumateng kulawarganipun. Saged
mikul dhuwur mendhem jero kulawarganipun. Menawi dados
ibunipun masyarakat, kados pundi anggenipun para ibu
saged nggulawenthah putra-putrinipun kangge asung bekti
dhumateng bangsa nagari lan agami. Ingkang tembenipun
minangka generasi penerus badhe nerusaken tongkat
estafet kepemimpinan.
Ing wekdal punika mboten kantun kula ngaturaken
agenging panuwun dhumateng para ibu ingkang sampun

Tuladha Medar Sabda 64


kersa nggulawenthah putra-putrinipun tumuju dhumateng
kasaenan.
Agenging perjuangan para ibu kados sampun ketingal
wiwit jaman bangsa kita ngadani perang lumawan penjajah.
Ibu-ibu sampun siap wonten garis ngajeng. Semanten ugi
wonten ingkang mbiyantu wonten ing palang merah. Tumut
ngrawat dhumateng prajurit-prajurit ingkang sami nandhang
tatu. Bung Karno, Bapak Proklamator kita ing bukunipun
ingkang asesirah “SARINAH” sampun mendhet tuladha
ngendikanipun Napoleon “Kula nyuwun ibu-ibu ingkang sae,
pramila badhe kula gantos bangsa ingkang sae”, semanten
ugi ngendikanipun pejuang India “Mahatma Gandhi”, kathah
sanget tindakan pakempalan kita ingkang mboten kasil
ingkang dipunsebabaken kawontenanipun wanita”.
Semanten ugi hadist Nabi Ngendikaaken, “Bilih
wanita punika sakagurunipun nagari. Menawi akhlak wanita
awon pramila badhe awon ugi negaranipun, lan menawi
kawontenan wanitanipun akhlakipun sae pramila badhe sae
ugi negaranipun.
Ngginakaken paesan ing nginggil, pramila panci
ageng tanggel jawabibun para ibu. Lan sumangga kita kedah
ngatos-atos amrih raharjaning bangsa nagari tuwin agami,
awit ing tembe sakelangkung kathah. Pramila kula cekapi
semanten kemawon.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb,

Tuladha Medar Sabda 65


b. Tuladha Tanggap Wacana Mengeti Dinten Pahlawan
10 Nopember
Assalamu’alaikum Wr. Wb,
Bapak-bapak, Ibu-ibu warga nagari Indonesia ingkang
kinurmatan. Ing sabne 10 Nopember bangsa Indonesia
tansah mengeti dinten Pahlawan.
Kados sampun kacetha bilih rikala tanggal 10
Nopember 1945, ing Kota Surabaya wonten prastawa
perang ageng antawisipun arek-arek Surabaya ngusir
penjajah ingkang mbonceng Inggris (Sekutu) lumarap ing
tanah Jawi. Saking semangat arek-arek Surabaya lan
kalajengaken pejuang rakyat ing dhaerah sanesipun. Ing
salajengipun damel horeging donya, ngantos Dewan
Keamanan PBB tumut campur tangan ngengingi prastawa
punika.
Kanthi semboyan “Rawe-rawe rantas malang-malang
putung”. “Mnadheg ambleg, mundhur ajur.” “Mati siji tuwuh
sewu.” Bapak-bapak, Ibu-ibu warga Indonesia. Ing pengetan
punika boten kula jlentrehaken sedaya prastawa ing tanggal
10 Nopember 1945, nanging semangatipun ingkang
kapendhet hikmahipun, semangat perjuangan pahlawan
kangge nindakaken pejuang ing babagan pembangunan.
Kanthi rahmating Allah SWT, pahlawan Indonesia
sampun saged ngrebat wilayah Surabaya. Kula boten saged
nglalekaken mekaten kemawon perjuanganipun arek
Surabaya ingkang dipunpimpin dening panjenenganipun
pejuang ageng inggih punika semangat Bung Tomo. Ingkang
kanthi sora ngagungaken asmaning Pangeran:

Tuladha Medar Sabda 66


“Allahu Akbar! Allahu Akbar!” jiwa lan semangat 10
Nopember taksih wonten ing jajaning bangsa Indonesia
kangge mbangun nagari Indonesia. Kanthi berjuang “Sepi
ing pamrih rame ing gawe.”
Kathah para pejuang ingkang ndhepani bantala mbela
bangsa lan nagari. Kangge putra lan putu ing tembe. Pramila
mangga sesarengan nglajengaken punapa ingkang dados
perjuanganipun para pahlawan.
Ing salebeting kita mardika, kita taksih berjuang
mboten kangge mrangi penjajah nanging kanggi mrangi
kemiskinan lan kebodhohan, tumrap Bangsa Indonesia.
Pramila boten wonten awonipun, kangge ngenget
jasa pahlawan, sumangga ngeningaken cipta sekedhap
kangge para pahlawan ingkang sampun gugur ing medhan
juang. Mugi-mugi amal lan kasaenanipun katampi ing
sisihing Gusti.
Kula cekapi semanten rumiyin atur kula bilih wonten
kiranging atur mawantu-wantu nyuwun pangaksama. Mugi-
mugi bangsa Indonesia pinaringan sihing Pangeran
Wassalamu’alaikum Wr. Wb,

Tuladha Medar Sabda 67


c. Tuladha Tanggap Wacana Menyambut Tahun Baru
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Bapak-bapak, Ibu-ibu, serta para sedherek ingkang
kula kurmati. Matur nuwun sanget dhumateng Pranatacara
ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula, supados
nyaosi sambutan ingkang wonten magepokan kaliyan malem
mapag warsa enggal 1 Januari….
Saderengipun matur kathah-kathah, langkung rumiyin
kula nyuwun pangapunten ingkang agung, awit kula
kumawani amunggel kamardikan panjenengan sami ingkang
saweg wawan pangandikan.
Mangga-mangga kula lan panjenengan sami puja-puji
pudyastuti wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung.
Ingkang sampun paring rohmat saha berkahipun. Kanthi
palilahipun, kula tuwin panjenengan sami saged makempal
wonten ing papan mriki.
Kula minangka…ngaturaken sugeng warsa enggal 1
Januari... wanci jam 00.00 mangke, kita nilaraken taun...
tumuju taun....
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang
kinurmatan. Kanthi gantosipun taun lami tumuju taun enggal
ateges umur kula tuwin panjenengan sami tambah setunggal
taun. Semanten ugi gunggunging umur ingkang sampun
dipunwewaleraken dening Gusti Ingkang Murbeng Dumadi
sampun kirang satunggal taun. Wewahing umur punika
prayogi dipunsarengi kaliyan tambahing tumindak kasaenan
kula tuwin panjenengan sami.

Tuladha Medar Sabda 68


Alhamdulillah, kula tuwin panjenengan sami
kaparingan nalar ingkang kenging kangge milang-milang
tuwin nimbang-nimbang bab sae tuwin awonipun tumindak
ingkang sampun kepengker tuwin angrantam tumindak
ingkang badhe dhateng punika.
Salebeting satunggal taun, kula tuwin panjenengan
sami sampun nindakaken sedayaning tumindak ingkang
sampun mboten saged dipun ewahi malih, sagedipun
namung metani. Pundi tumindak ingkang sae pundi
tumindak ingkang awon. Kanthi metani sedaya tumindak
punika, kula tuwin panjenengan sami saged nemtokaken
ingkang pundi tumindak ingkang wajib kula tuwin
panjenengan sami tiru, saha ingkang pundi tumindak
ingkang kedah kula lan panjenengan sami tilaraken.
Gantosing warsa punika prayogi dipunsarengi kaliyan
tambahing pangibadah tuwin kandelipun ketaqwaan
dhumateng Gusti Ingkang Maha Mirah. Kathah-kathahipun
tiyang sami ambudi daya murih mindhakipun bandha tuwin
pangkat, ananging kathah tiyang ingkang mboten
mindhakaken ngibadah tuwin amal kasaenan, punika ateges
mboten adil.
Lelampahan-lelampahan wonten ing taun kepengker
saged kita pendhet hikmahipun, pundi tumindak ingkang
pinuji kangge ningkataken lelabuhan saha tindak-tanduk
wonten ing bebrayan. Para rawuh kakung sumawana putri
ingkang kinurmatan, mbok bilih anggen kula paring tanggap
wacana ing mriki kathah klenta-klentunipun, awit kula
namung titah sawantah ingkang mboten kalis ing kalepatan,

Tuladha Medar Sabda 69


kula namung saged nyuwun samodraning pangaksami
ingkang tanpa pepindhan.
Ing wusana atur, mangga kula tuwin panjenengan
sami nyenyuwun dhumateng Pangeran Ingkang Maha
Agung, mugi-mugi ing taun-taun ingkang bakal dhumateng
kula tuwin panjenengan sami saged angsal hidayahipun.
Mugi-mugi kemawon ing taun candhakipun saged langkung
sekeca tinimbang taun ingkang kepengker.
Makaten para rawuh kakung miwah putri ingkang
kinurmatan, andharan ringkes ingkang saged kula aturaken.
Mbok bilih wonten andharan saha atur kula ingkang kirang
prayogi, wontena kepareng panjenengan paring
pangapunten dhumateng kula. Akhirul kalam wabillahittatufiq
walhidayah,
Wassalamu’alaikum Wr.Wb. matur nuwun.

d. Tuladha Tanggap Wacana Pembukaan Peringatan 17


Agustus
Assalamu’alaikum, Wr, Wb.
Bapak... sarta staf pemerintah... ingkang kula kurmati.
Ibu-ibu saking kelompok PKK... ingkang minulya. Saha
Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha sedherek-sedherek warga
masyarakat Dhusun/ Desa... ingkang minulya, ugi
dhumateng para putra mudha-mudhi ingkang tansah kula
tresnani.
Ing mriki kula minangka ketua panitia pangerten
pahargyan tanggap warsa dinten Kamardikan Republik

Tuladha Medar Sabda 70


Indonesia ingkang kaping... tanggal 17 Agustus...
keparengan badhe matur wonten ngarsanipun penjenengan
sami.
Ingkang sepindhah, sumangga kula dherekaken
ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah
ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barokah
ingkang rumentah dhumateng panjenengan dalasan kula,
saengga ing kalenggahan punika taksih saged makempal
manunggal wonten ing papan mriki saperlu angadani
pepanggihan pengetan Kamardikan Republik Indonesia
ingkang kaping... punika kanthi pinayungan karaharjan.
Tebih ing sambekala. Kalis ing rubeda.
Salajengipun kula minangka ketua panitia ngaturaken
panuwun ingkang tanpa upami, awit sedaya warga
masyarakat wonten ing mriki sampun kepareng paring
pambiyantu punapa kemawon dhumateng panitia, murih
sagedipun kaleksanan pahargyan pengetan dinten
Kamardikan Republik Indonesia.
Bapak-bapak, Ibu-ibu saha para sedherek ingkang
kula kurmati.
Wulan Agustus punika mujudaken satunggaling wulan
ingkang sanget wigatos tumrap bangsa Indonesia, jalaran
wonten ing wulan Agustus punika negeri kita saged gayuh
kamardikan mliginipun inggih punika tanggal 17 Agustus
1945 ngantos dumugi wekdal punika kula tuwin panjenengan
sami saged nyumerepi lan ngraosaken kemajengan ingkang
dipun alami dening bangsa Indonesia.

Tuladha Medar Sabda 71


Pramila sampun satrepipun bilih kita bangsa
Indonesia ngaturaken raos syukur dhumateng Allah SWT.
Bapak-bapak, Ibu-ibu, saha para sedherek ingkang
kula kurmati.
Awit saking punika ing pahargyan pengetan
Kamardikan Republik Indonesia punika kula tuwin
panjenengan sami mboten namung anggung suka pari suka
kemawon, ananging kedah sesarengan makarya
hanyengkuyung sedaya punapa ingkang dados programipun
pemerintah, murih kuncaraning bangsa sarta kadumugen
gegayuhan, inggih punika mujudaken swasana adil tuwin
makmur tumraping sedaya rakyat Indonesia.
Awit titi laksana sampun dungkap ing kalamangsa
ingkang sampun katemtokaken, pramila kanthi mocap
bismillahirrahmanirrahim, pahargyan pengetan dinten
Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping... punika
kula bikak.
Salajengipun mbok bilih lampahing adicara punika
mangke taksih kathah kekiranganipun, kula atas name
panitia namung saged matur nyuwun pangapunten ingkang
ageng. Mandhapipun kula pribadhi, mbok bilih anggen kula
ngaturaken atur pambuka punika taksih kathah ciciring basa,
mugi panjenengan sami keparenga paring lumunturing
samodra pangaksami.
Wabillahittaufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum, Wr, Wb.

Tuladha Medar Sabda 72


e. Tuladha Tanggap Wacana Tirakatan Malam 17
Agustus
Assalamu’alaikum, Wr, Wb.
Bapak... (pejabat) ingkang kula kurmati, bapak-bapak,
Ibu-ibu, saha para sedherek warga msyarakat Dhusun
(Desa)... ingkang minulya, ugi dhumateng para putra mudha
mudhi ingkang tansah kula tresnani.
Pinangka purwakaninga tur, sumangga kula
dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun
Gusti ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah
barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya
dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saged
makempal manunggal wonten ing papan mriki saperlu
ngawontenaken pepanggihan pengetan tanggap warsa
Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping... tanggal 17
Agustus... punika kanthi pinayungan karaharjan tebih ing
sambekala.
Keparengan ing mriki kula badhe matur wonten
ngarsa panjenengan sami, minangka ketua panitia pengetan
tanggap warsa Kamardikan Republik Indonesia ingkang
kaping... tanggal 17 Agustus....
Salajengipun kula minangka ketua panitia ngaturaken
panuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sedaya warga
masyarakat wonten ing miki sampun sami kepareng paring
pambiyantu punapa kemawon dhumateng panitia, murih
sagedipun kaleksanan pahargyan pengetan dinten
kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping... tanggal 17
Agustus....

Tuladha Medar Sabda 73


Kados sampun kawuningan dening para rawuh
sedaya, bilih kamardikan bangsa kita ingkang dipun
prokamiraken kala tanggal 17 Agustus 1945 dening
proklamator Bapak Ir. H. Soekarno ugi Dr. Moh. Hatta
mujudaken bilih kita bangsa Indonesia sampun kasil uwal
saking belenggu penjajah, inggih punika kanthi pangurbanan
rah tuwin waspa ingkang mboten sekedhik. Kanthi waosan
teks Proklamasi ingkang dipunbiwarakaken wonten
saindhenging bawana, saengga sadaya bangsa ing manca
nagari sami mangertosi, bilih sampun lair satunggaling
nagari enggal ingkang nami Republik Indonesia.
Pramila wonten ing dalu punika kula tuwin
panjenengan sami ngawontenaken tirakatan, saperlu
mengeti dinten kamardikan kita, saha nyenyuwun
dhumateng Gusti Allah SWT, mugi-mugi pengetan tirakatan
kamardikan punika saged kaleksanan kanthi wilujeng.
Nagari kita Indonesia pinaringan rahayu widada nirbaya, nir
ing sambekala, dipuntebihaken saking paran muka,
pinaringan tata tentrem kerta raharja, saha nayaka
pangembate praja pinanringan kekiyatan sarta
kawicaksanan ingkang linangkung, saengga saged
manuntun bangsa Indonesia dhumateng tindak kautamen,
bangun nagari tumuju bebrayan ingkang ageng adil tuwin
makmur kangge sedaya kawula.
Salajengipun awit wekdal sampun dungkap ing titi
mangsa ibgkang sampun katemtokaken, pramila kanthi
ngucap bismillahirrahmanirrahim, pengetan tirakatan ing
dalu punika kawiwitan.

Tuladha Medar Sabda 74


Namung mbok bilih lampahing adicara punika
mangke taksih kathah kekirangananipun, kula atas nama
panitia namung saged matur nyuwun pangapunten ingkang
ageng. Mandhapipun kula pribadhi, mbok bilih anggen kula
ngaturaken atur pambuka punika taksih kathah ciciring basa,
mugi panjenengan sami keparengan paring lumunturing
samodra pangaksami,
Wabillahiitaufiq wal hidayah,
Wassalamu’alaikum, Wr, Wb.

Tuladha Medar Sabda 75


Glosarium

No. Tembung Tegese


1 Angga awak, umpama
2 Antiga endhog
3 Anjawat asta salaman
4 Astuti memuji, dedonga
5 Atul kulina, manut
6 Anggana raras lungguh ijen, wong ayu
7 Anawung ngayahi
8 Atmaja anak, putra
9 Awiyat awang-awan
10 Anelahi madhangi
11 Anuraga kinasih
12 Atela beskap, jas
13 Amarawayan mbrebes mili
14 Bantala lemah, bumi
15 Boga pangan, dhaharan
16 Basuki slamet
17 Binerat diilangi
18 Busana penganggon
19 Bebendu deduka
20 Boja krama suguhan wong mantu
21 Binayangkare diiringake
22 Cihna bukti, yekti
23 Candra rembulan, crita pepindhan
24 Cindhe sutra abang kekmbangan
25 Canela selop, trumpah
26 Cundhuk rerenggan ing rambut, cocok
27 Canthoka kodok
28 Centhung sinom sing ditata
29 Caraka utusan
30 Dhuwung keris, curiga
31 Dhahat banget
32 Di adi, apik banget
Tuladha Medar Sabda 76
No. Tembung Tegese
33 Darma kabecikan, ayahan
34 Duga pangira
35 Delahan ing tembe, akherat
36 Dungkap arep
37 Dhampar kursi
38 Duta utusan
39 Dhatulaya kedhaton
40 Dwara lawang, kori
41 Dhenta gadhing
42 Dhomas 2 x 400 = 800
43 Emban-emban rerenggan
44 Gondhang gorokan, arane tetuwuhan
45 Gantal lintingan suruh, kliwat
46 Gotrah kulawarga
47 Gati perlu
48 Guna-kaya kasile nhyambut gawe
49 Hanjengku lungguh landhesan dhengkul
50 Hamundhi nampa (dhawuh)
51 Hanyardula-lupa kaya macan lesu
52 Hanawung nglakoni
53 Hanyaruwe ngregoni
54 Hanggajah-ngoling kaya gajah sempoyongan
55 Hanyigeg ngendheg, nyandhet
56 Hanggung tansah
57 Hastungkara dedonga
58 Hangrasuk nganggo
59 Ila-ila kandhane leluhur
60 Jejatu krami bebojoan
61 Jalu lanang, kakung
62 Jempana tandhu, nganggo payon
63 Jantra kitiran, rodha
64 Jenar kuning
65 Jantur panggunggung
66 Kawimbuhan ketambahan
67 Kadarman kabecikan

Tuladha Medar Sabda 77


No. Tembung Tegese
68 Kawiryan kamulyan
69 Kalbu ati
70 Kayun karep
71 Kalpika ali-ali, cincin
72 Kencana emas
73 Kampil kanthong cilik
74 Kendhaga pethi, wadhah
75 Kapetha diwujudake
76 Kinaroban kebanjiran
77 Karerantan karaos sedhih
78 Kongsi nganti
79 Kasembadan ketekan
80 Kresna ireng, cemeng
81 Katemaha jarag, sedya
82 Kridha jejibahan
83 Katemben lagi wae, pungkasan
84 Kumala perhiasan
85 Linggar lunga, oncat
86 Laksita laku
87 Lumaksana mlaku
88 Langking ireng, cemeng
89 Lumarap lumaku
90 Lebda pinter banget
91 Lumaris mlaku baris
92 Lengkeng pinggir
93 Manekung nyereng, memuja
94 Mabukuh ndingkluk
95 Manembrama mbagekake
96 Mahambeg berbudi
97 Mangayun maju, mangarep
98 Makutha kuluk
99 Manggala pangarep, senopati
100 Mandhegani mimpin
101 Manggalaning praja pejabat pamerintah
102 Mandrawa kadohan

Tuladha Medar Sabda 78


No. Tembung Tegese
103 Mangro tingal, tolah-toleh
104 Mentar lunga, oncat
105 Mangungkung ngumandhang
106 Merak kesimpir merak elare sempleh
107 Mangurah nyebarake
108 Mestuti nggugu, nuhoni
109 Manguyu-uyu ngormati banget
110 Mijil metu
111 manjing mlebu
112 Milangoni nengsemake
113 Manyura manuk merak
114 Mirunggan mligi, khusus
115 Mataya ngigel, joged
116 Mratitisaken nenuntun
117 Mawurahan gumelar
118 Musthika intisari
119 Muhung mung
120 Ngranuhi nyedihake
121 Narendra raja, ratu
122 Ngrasuk nganggo
123 Ngabyantara lungguh
124 Ngrucat cucul penganggo
125 Ngemban nindakake
126 Nguri-uri memetri
127 Ngestreni ngrawuhi, nekani
128 Nguswa ngelus-elus
129 Nila biru
130 Pancahindriya panca indra
131 Pada sikil
132 Pandam colok, lampu
133 Pagas nugel
134 Pangajab pangarep-arep
135 Pagulingan paturonan, amben
136 Panggulawenthah pendidikan
137 Pahargyan resepsi

Tuladha Medar Sabda 79


No. Tembung Tegese
138 Pangrawit penabuh gamelsn
139 Palarapan bathuk
140 Panjrah gumelar
141 Palimirma kawelasan
142 Pantara nganti
143 Pamesing ben ora pesing
144 Patrap kelakuan
145 Panti panggonan
146 Paugeran pranatan
147 Panti wara podium
148 Prawestri wadon
149 Paraga pawongan
150 Pepali pepenget
151 Parasdya karep apik
152 Pepasren kanggo gawe asri, hiasan
153 Paripurna rampung
154 Pepoyan kandha, pamit
155 Pasamuan sarasehan, pesta
156 Prastawa kedadeyan, peristiwa
157 Perwita parwata, gunung
158 Pratiwi komandan
159 Pita kuning
160 Prayoga becik
161 Praba sorot, cahya
162 Pretala kendhi direngga
163 Pradangga gamelan
164 Purba kuwasa
165 Pradapa godhong
166 Puspita kembang
167 Pralampita gegambaran
168 Pranaja dhadha
169 Rampadan panganan, dhaharan
170 Reroncen rerangken
171 Rantaman rancangan
172 Rinengga diapik-apik

Tuladha Medar Sabda 80


No. Tembung Tegese
173 Rat jagad
174 Rinenggeng direngga ing
175 Ratri wengi, dalu
176 Rinumpaka nganggit
177 Reh samubarang
178 Riwe kringet
179 Rekta abang
180 Rukmi emas
181 Rema rambut
182 Reridhu alangan
183 Saniskara kabeh
184 Sajuga siji
185 Sasana panggonan
186 Samekta siyaga
187 Sasana sabda podium
188 Sasana wara podium
189 Samirana angin sing alon
190 Samparan sikil
191 Sasele siji, satengah jodho
192 Sanggya kabeh
193 Sasra sewu
194 Sangsangan kalung
195 Satriyaning nagari tentara, polisi
196 Sinaraya dijaluki tulung
197 Sengkuyung diewangi
198 Sinawung dikarang
199 Sesanti donga, pepuji
200 Sinengkuyung dibantu, direwangi
201 Sesiku deduka
202 Sinewaka lungguh diadhep
203 Sesotya inten
204 Sinidhikara dimantrani
205 Seta putih
206 Sinuba dimulyakake
207 Sewaka juru ladi

Tuladha Medar Sabda 81


No. Tembung Tegese
208 Sinudarsana diconto
209 Sih wilasa kawelasan
210 Sowang-sowang dhewe-dhewe
211 Sinukarta dibebecik
212 Suba manggala pangarep
213 Sinungging digambari
214 Sugata suguhan
215 Sitoresmi rembulan
216 Sukerta rereged, suker
217 Siwah beda, geseh
218 Sulih ganti
219 Siwi anak
220 Sulistya ayu
221 Songsong payung
222 Susila sopan, santun
223 Sumawana lan
224 Suta anak
225 Sumbaga misuwur
226 Suwuk sirep (gamelan)
227 Sumunu mencorong
228 Tinanggenah diwenehi ayahan, tinuding
229 Tedhak medhun, teka
230 Titilaksan adicara, acara
231 Tepas wangi paturon
232 Trapsila kebak kasusilan
233 Tidha-tidha mangu-mangu
234 Tumedhak teka marang
235 Tigas pedhot, tugel
236 Tuwajuh mantep
237 Tuwuh thukul
238 Ukel gelungan
239 Udyana taman sari
240 Umiring kang ngiringake
241 Unggyan panggonan
242 Wandawa kulawarga

Tuladha Medar Sabda 82


No. Tembung Tegese
243 Wadana praen, wajah
244 Wandira waringin
245 Wahya wektu
246 Wangkingan keris. Dhuwung, curiga
247 Wilis ijo
248 Wara kabar, gunem, putri
249 Wisudha kepyakan, peresmian
250 Wardaya ati
251 Wiwaha kawin, dhaup
252 Wiwara lawang, kori
253 Wasana pungkasan
254 Wredha tuwa, sepuh
255 Wasita pitutur, wewarah
256 Wuntat ngguri
257 Waspa luh, air mata
258 Wursita gunem
259 Weda ngelu, kawruh
260 Wijayanti ngunggulake
261 Yayah kaya

Tuladha Medar Sabda 83

Anda mungkin juga menyukai