Anda di halaman 1dari 5

CERKAK

“Ngingah Ayam”

 Bapakku yaiku peternak ayam terkenal ing desoku.

Bapak gadah kandang ayam katah ing mburi omah. Kandang ayam nek
mburi omah kabehe ono 5, saben tiap-tiap kandang nduwe  ukuran 5 x 6
meter ingkag kuat nampung ayam sing jumlahe 50 ekor.

Saben esuk aku mbantu bapak menehi pakan lan ngombe gawe ayam
supoyo gelis gede lan payu larang. Pakan ayam sing biasa digunakne ono
berbagai macem, kadang dipakani beras, jagung, utowo dedak.

Pakan kasebut biasa ditumbas bapak ten tengkulak khusus sing wes
kerjasama suwe dadine iso oleh rego ingkang murah.

Ayam ing kandang mburi omah biasane di jupuki tigan e saben dino, selain
kuwi ono juga ayam ingkang khusus di jupuk daging e gae dipangan.

Alhamdulilah keluargaku saget wirausaha dewe soko kandang ingkang di


budidayakne bapakku.

Aku seneng belajar ngingah ayam langsung karo bapak.

Aku duweni cita-cita sok bien gedhe bakal iso nerusne usahane bapakku
supoyo luweh gede lan berkembang.
“Sahabatku Kang Becik Atine”

 Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi
Andi sing wes gak melbu sekolah ono seminggu.
Jare konco-koncoku si Andi iku loro tipes, terus aku due ide urunan gae
gawakne roti lan buah-buahan sing di senengi Andi.

Aku lan koncoku liane numpak sepedah bareng mergakne omae Andi ugo
gak adoh tekan sekolahan. Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban
sepedahku kenek paku.

“Do, pedahku kok kroso aneh ya lek di tumpak i”, aku muni nek Edo !!

“Lha emange konopo?” jawabe Edo.

“Sek jajal mandek tak delok e disek”, balesku.

Terus aku karo Edo jajal mandek gawe ndelok pedahku sak temene kenek
opo, Sementara konco-koncoku liane budal disek gak enek sing eruh.

Mbasan di delok, tibak e pedahku kenek paku lan ban e gembos ora iso
ditumpak i. Akire aku dikancani Edo nuntun pedah golek I tukang tambal
ban.

Amergo posisi pas kui tibak e ora ono tukang tambal ban, aku due rencana
nitipke sepedahku ing omae salah siji warga cedak kunu.

Terus aku di gonceng Edo nyusul koncoku sing wes podo budhal disek
menyang omae Andi.

Aku matur suwun banget karo Edo, amergo Edo salah sijine sahabtku kang
becik atine. Edo gelem mbantu koncone pas lagi kesusahan.

Setelah kedadean kui aku maleh akeh sinau tentang artine persahabatan.
“Acara Ulang tahunku”

 Minggu wingi aku ulang tahun umur 10 tahun, ibukku duweni rencana gawe
acara ulang tahun nek omah lan ngundan kabeh konco-koncoku sing
jumlahe ono 15.

Aku seneng banget pas diaturi ibuk ulang tahunku bakal dirayakno.

Sebelum dino kang ditunggu-tunggu, aku diajak ibuk lan bapak tumbas
klambi anyar gae acara kasebut.

Ruang tamu omahku juga bakal di hias gawe balon-balon lan pita sing katon
apik lan meriah.

Ora ketinggalan ibukku juga pesen roti ulang tahun bentuk minion sesuai
karo sing tak senengi. Dulur-dulur sekitaran omah ugo moro lan mbantu
ibukku ngewangi masak gae acara kasebut.

Konco-koncoku podo teko lan gowo hadiah, enek sing menehi kado buku,
pensi, tas, lepak lan sepatu.

Acara kasebut berjalan dengan meriah, momen iku ora bakal iso tak lalekne.
“Tumbas Sepeda Anyar”

 Ing sore kang cerah, kejaba wisnu katon lunggung ono kursi ngarep omahe.
Ulate mbesungut, atine katon nggondok.

“Buk, bapak dereng rawoh ta? Kok suwe eram.” Pitakone wisnu marang
ibune. Ugo tibak e wisnu wes dijanjeni bapak e arep dijak mlaku-mlaku sore
menyang toko sepedah.

Wisnu terus kelingan janjine bapak yen dhewek e biso rangking 1 arepe di
tumbasne sepedah anyar koyok sing wes dipingini wisnu katon suwe.

“Bapak jek kerjo nu, kayak e bakal muleh rodho telat!”, jawab e ibuk.

Wisnu nimpali dawuhane ibuk, “Lha bapak wingi pun janji ajenge numbasne
aku sepedah anyar lo buk, mosok bapak kesupen ya!”.

Ora suwe banjur ono suworo motor melbu nek ngarep omah, Wisnu
langsung mlayu mastekne yen suworo iku teko motor e bapak e muleh kerjo.

“Hore, Bapak rawuh……. Bapak rawuh……..”. Wisnu Sorak-sorak bungah atine.

Wisnu sing awale katon lesu, gelisah lan bingung ugo langsung semangat.
Polae dino iki mau Wisnu tompo rapot lan dilalahe oleh ranking 1.

“Pak, sore niki sios tumbas sepedah anyar kagem Wisnua kan?”, Wisnu
mastekne menyak bapak e.

“Wah, anakku ranking 1 tenan to? Selamat yo le….. ayo gek dang adus terus
budal tumbas sepedah”, jawabe bapake wisnu.

Banjur tanpo basa-basi Wisnu langsung njupuk klambi lan mlaku nak jeding
ados.
“Sak gebyuran ugo wis cukup-lah kanggo adus sore iki, ben cepet”. Batine
Wisnu.

Rampung adus, adit di dandani karo ibuke, gawe minyak wangi lan pupuran
merok-merok. Bar kui langsung nemoni bapak e sing wes siap budal
ngenteni nek ngarep omah.

Ing toko sepeda, Wisnu sampek bingung milih sepedah sing di pingini. Akeh
pilihan sepedah sing di tawarke mulai rego 1jt – 3jt apik-apik tur warnane
katon nyenengke.

Sak wise milih-milih sepeda kang ono ing toko, wisnu mulai sreg karo salah
sijine sepeda kang warnane orange.

“Pak, aku seneng karo sepedah ingkang niki”, muni wisnu karo bapak e.

“Sek, jajal tak takokne regane piro”. Jawabe bapake.

Banjur bapak e adhit nakokne pedah orange kang di pingini wisnu menyak
penjogo toko. Tibak e rego sing di pingini Wisnu regone 2jt.

Tapi bapake setuju karo sepedah kui mergo bentuk lan warnane kang apik.

Wisnu yakin yen sepedah kui durung enek sing duwe.

“Pancen jos tenan pilihanmu wis”, dawuhe bapak menyang wisnu.

Sak wise dibayar karo bakap e wisnu, sepedah kui banjur digowo muleh
menyang omah. Adhit wes ora sabar gawe sepedah kui menyang sekolah,
bengi iki jelas kroso suwe banget bagine wisnu.

Anda mungkin juga menyukai