Anda di halaman 1dari 2

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Nama : Voleta Alda Lathifah


Kelas / No. Absen : XII MIPA 7 / 32

Teks Pambiwara (MC) Perpisahan

Assalamualaikum Wr Wb , Sugeng dalu


Kang kinurmatan mustaka SMAN 1 Jember
kang kinurmatan Guru dan staf Karyawan SMAN 1 Jember
kang kinurmatan Tiyang sepuh Murid SMAN 1 Jember
Saha siswa siswi SMAN 1 Jember kang kita bingahaken

Saderengipun miwiti acara , sumangga dalem lan panjenengan panjataken puji syukur kehadirat allah
ingkang maha esa. Inggil berkat limpahan rahmatipun dalem lan panjenengan sami keparing kempal
wonten ngriki lebeting adicara perpisahan SMAN 1 Jember. Mboten kesupen ugi shalawat saha salam
dhateng junjungan Nabi Ageng Muhammad saw ingkang sampun ngasta dalem lan panjenengan saking
jaman jahiliyah tumuju dhateng jaman padang.

Adicara Perpisahan SMAN 1 Jember , Setu 26 Juli 2021 enggal dipunwiwiti. Dhateng hadirin disilahkaken
mundhut papan lan pinarak kaliyan tenang. Kagem kenyamanan sareng dipunwantos-wantos dhateng
hadirin kagem ngirangi volume ponsel piyambak-piyambak. Matur nuwun .

Rangkeyaning adicara ing dalu dinten menika dados menika.


1. kirab siswa — siswi SMAN 1 Jember mlebeti area gedhong adicara;
2. Pamaosipun ayat suci Al-Qur'an;
3. Nyekaraken sekar Indonesia Raya;
4. Sesambetan - sesambetan ;
5. Pamaosipun geguritan dening siswi SMAN 1 Jember;
6. Lukar kaliyan simbolis saking pihak sekolah dhateng salah satunggaling perwakilan tiyang sepuh
murid;
7. Panglipur ;
8. Panutupan .

Saderengipun, kita saksiken kirab siswa — siswi SMAN 1 Jember ingkang badhe mlebeti area gedhong
adicara. dhateng para petugas dipunaturaken.
Adicara kaping kalih, pamaosipun ayat suci Al Qur'an dhateng ananda Dian Aulia dimonggopunaturi. //
Matur nuwun dhateng ananda Dian Aulia saking XII MIPA 7.

Adicara kaping tiga, nyekaraken sekar Indonesia Raya. Dhateng hadirin kagem jumeneng // Matur
nuwun , dimonggopunaturi pinarak wangsul.

Adicara kaping sekawan, sesambetan - sesambetan . Sesambetan pertami badhe dipunaturaken dening
Mutaka SMAN 1 Jember. Dhateng Bapak Edy Prayitno M.Pd. dimonggopunaturi. // Dipunaturaken matur
nuwun dhateng Bapak Edy Prayitno. Sesambetan kaping kalih badhe dipunaturaken dening perwakilan
wali murid. Dhateng Bapak Darmawan Fitriyanto, dimonggopunaturi. // Dipunaturaken matur nuwun
dhateng Bapak Darmawan Fitriyanto.

Adicara kaping gangsal, pamaosipun geguritan dening lulusan sae SMAN 1 Jember, dhateng ananda
Felita Surya dimonggopunaturi. // Dipunaturaken matur nuwun dhateng Felita Surya saking XII MIPA 6.

Adicara kaping enem, lukar kaliyan simbolis saking pihak sekolah dhateng perwakilan tiyang sepuh
murid. Dhateng Mustaka SMAN 1 Jember lan Bapak Darmawan Fitriyanto saha para petugas
dimonggopunaturi. // Dipunaturaken matur nuwun dhateng sadayaning pihak.

Adicara kaping pitu, panglipur saking siswa siswi SMAN 1 Jember.

Mboten kraos dalem lan panjenengan sampun dipungkasan adicara.Menika kala-wau sarangken adicara
perpisahan SMAN 1 Jember. Kawula aturaken matur nuwun dhateng hadirin ingkang sampun rawuh lan
ndereki acara ngantos bibar . Kawula ugi ngaturaken nyuwun pangapunten inggiling kelepatan ucap lan
kelepatan lampahan ingkang kirang kersa dening para panitia.

Purwa, madya, sarta wasananing titilaksana sampun kalampahan kanthi rancak. Kula ingkang
nglantaraken titilaksitaning adicara, bilih kathah cicir, cewet kuciwanipun, kula namun saged matur
sedhah siti, boga kang binuntel roning klapa, apuranta menawni wonten lepat kawula.
Wassalamualaikum Wr. W

Anda mungkin juga menyukai