Anda di halaman 1dari 21

LAMPIRAN 1: Bahan Ajar

Mengamati (Nyemak)

Sekar Macapat (Asmaradana saha Megatruh)

A. Pemahaman Sekar Macapat
1. Hakikat Sekar Macapat
Sekar Macapat
Saderengipun wonten wulangan menika para peserta didik nyekaraken salah satunggaling
Sekar Macapat amrih saenipun mangretosi langkung rumiyin Sekar Macapat menika menapa,
jinising Sekar Macapat menika menapa kemawon, paugeraning Sekar Macapat menika
kadospundi, kadospundi anggenipun nyekaraken, lan sapanunggalanipun.
Tembang/sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran
tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan swanten
(Padmosoekotjo,1960:25).
Prelu dipunmangretosi bilih wonten kasusastran Jawi menika tembang utawi sekar saged
dipunperang dados sekar ageng utawi tembang gedhe, sekar tengahan, saha sekar alit. Sekar
Macapat menika kalebet jinising sekar alit amargi paugeran sekaripun kalebet langkung
prasaja tinimbang sekar ageng saha tengahan.
Macapat menika sekar tradhisional ing tlatah Jawi. Macapat ugi mrathah wonten ing
kabudayan Bali, Madura, saha Sunda. Manawi dipuntingali saking kerata basa, macapat
menika tegesipun maca papat-papat. Maosipun sekar macapat panci wonten ingkang
rinakit saben sekawan wanda (suku kata). Ananging boten sadaya gatra Sekar Macapat
saged kawaos papat-papat. Wonten ugi ingkang ngendikakaken bilih macapat ateges
pamaosipun radi cepet, maksudipun anggenipun nyekaraken radi cepet.
Sekar menika kinten-kinten tembe kemawon wonten ing pungkasaning jaman
Majapahit saha wiwitan wali sanga nyepeng kuwaos utawi wiwitaning kraton Islam
ngrembaka ing tanah Jawi. Ananging menika ugi dereng mesthi, amargi boten wonten
seratan gathuk i n g k a n g saged mesthekaken. Macapat kathah dipunangge ing
saperangan Sastra Jawa Tengahan saha Sastra Jawa Enggal. Menawi dipunsandhingaken
kaliyan Kakawin, paugeran-paugeran utawi metrum ing Sekar Macapat langkung gampil.
Kitab-kitab jaman Mataram Enggal, kados dene Wedhatama, Wulangreh, Serat Wirid
Hidayat Jati, Kalatidha, saha sanes-sanesipun dipunrakit ngangge Sekar Macapat menika.
Padatanipun peprincen sekar Jawi ingang kaperang dados 3 nginggil menika jinis-
jinisipun kados ing ngandhap menika:
a. Tembang Alit utawi Sekar Alit.

Jinising Sekar Macapat menika dumugi wekdal menika wonten ingkang mastani 9, 11, 14,
15, lan sapanunggalanipun. Boten prelu bingung kangge nyebutaken cacahing Sekar Macapat,
ingkang wigatos ngangge dhasar saha wewaton. Adhedhasar buku Sekar Macapat (Arintaka,
1981) cacahing Sekar Macapat menika wonten 11 iji, inggih menika: Mijil, Kinanthi, Sinom,
Asmaradana, Gambuh, Dhandhanggula, Maskumambang, Durma, Pangkur, Megatruh, saha
Pocung. Urut-runtutipun Sekar Macapat menia sami kaliyan lelampahipun manungsa wiwit
jabang bayi abrit dumugi marak sowan utawi tumekaning pejah (life-cyce). Urut—runtutipun
Sekar Macapat kados ingkang kaandharaen wonten ngandhap menika:

1. Maskumambang, gegambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing wawrtanipun

ibu, dereng kawruhan jaler menapa estri. Mas tegesipun dereng katingal kakung
utawi estri, kumambang tegesipun gesangipun ngambang wonten ing wawratanipun
ibunipun;
2. Mijil, tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi estri;
3. Sinom, tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigatos kanggenipun
tiyang enem supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun;
4. Kinanthi, saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang ateges dipuntuntun supados
saged mlampah ngambah pagesangan ing alam donya;
5. Asmaradana, ateges raos tresna, tresna marang liyan (kakung saha estri saha
kosok wangsulipun) ingkang sadaya wau sampun dados kodratipun Gusti.
6. Gambuh, saking tembung jumbuh, inggih menika sarujuk ingkang tegesipun manawi
sampun jumbuh/sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha estri
ingkang sami-sami kagungan raos tresna kala wau, ing pangangkah supados sageda
gesang bebrayan;
7. Dhandhanggula, nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, menapa
ingkang badhe dipungayuh saged kasembadan, kalampahan kagungan sisihan/
kulawarga, k agungan putra, gesang cekap kangge sakulawarga. Pramila, tiyang
menika tiyang ingkang saweg bingah/bombong panggalihipun, saged dipunwastani
“ndhandhanggula”;
8. Durma, saking tembung darma ingkang tegesipun “weweh”. Tiyang manawi sampun
rumaos kacekapan gesangipun, lajeng tuwuh raos welas asih marang kadang mitra
sanesipun ingkang saweg nandhang kacintrakan, pramila lajeng tuwuh raos
kekajengan darma (weweh) marang sapadha-padha. Sadaya kala wau
dipunsengkuyung ugi saking piwulangipun agami saha watak sosialipun
manungsa ing bebrayan;
9. Pangkur, saking tembung mungkur ingkang tegesispun “nyingkiri hawa nepsu
angkara murka”. Ingkang dipunpanggalih dening manungsa namung kekajengan tansah
weweh marang sapadha-padha;
10. Megatruh, saking tembung megat roh utawi pegat rohipun (pegat nyawanipun), awit
sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan mring ingkang Mahakuwaos.
11. Pocung, saking panggalihan manawi manungsa sampun dados layon/mayit lajeng
dipunbungkus mori pethak utawi dipocong saderengipun kasarekaken.

Saged ugi kababar kados makaten:

Manungsa miyos ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih
alit kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom),
kagungan raos tresna utawi paring katresnan marang tiyang sanes (Asmaradana).
Ingkang saweg nandhang asmara swasananipun katingal endah saha manis (Asmaradana).
Sasampunipun mengku kulawarga kedah mangretos (Gambuh) marang prakaraning gesang.
Manawi sampun sepuh gesang bakal ngambang (Maskumambang) manggalih donya saha
akherat. Tuwuh sansaya mundur (Durma) mungkur ing kadonyan (Pangkur) ngadhepi
akherat pramila gentur ngibadah. Sasampunipun pejah ateges pegat ruhipun (Megatruh).
Salajengipun dibuntel utawi dipunpocong (Pocung).

b. Tembang/Sekar Madya utawi Tebang Tengahan

Sekar jinis menika kados dene sekar kidung ingkang asring dipunangge rikala jaman
Majapahit, inggih menika: 1) Jurudemung; 2) Wirangrong; 3) Balabak.

c. Sekar Ageng utawi Tembang Gedhe

Sekar ageng namung wonten satunggal jinis, inggih menika Girisa. Manawi dipuntingali
saking rekaosipun, memper kados Kakawin ing jaman kina.

Kridha:

Para Peserta didik kasuwun nyemak satunggaling paraga ingkang nyekaraken macapat.
Paraga kala wau saged sawijining Peserta didik, utawi model, kanthi langsung utawi lumantar
rekaman ing radio, TV, internet, video-payer, utawi media sanesipun. Kridha menika kangge
nyemak bab-bab ingkang magepokan kaliyan kadosspundi wiraga, wirama, saha wicara rikala
satunggaling tiyang nyekaraken Sekar Macapat.

Gladhen:

1. Menapa ingkang dipunwastani Sekar Macapat?

Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
............................................................................................................................................
2. Kadospundi paugeranipun Sekar Macapat?

3. Kasebutna urutaning Sekar Macapat minangka pralambang gesanging manungsa?
Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
............................................................................................................................................
4. Kasebutna sekar ingkang ginanipun kangge piwulang saha paring pitutur?
Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
............................................................................................................................................
5. Kaseratna kitab-kitab ingkang ngginakaken Sekar Macapat?
Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
............................................................................................................................................
6. Menapa bedanipun sekar tengahan kaliyan sekar ageng?
Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

Menanya

Sekar Macapat menika wonten konvensi-nipun (aturan) utawi metrum, inggih menika
wontenipun guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu. Sasaneipun bab menika, Sekar
Macapat ngewrat kagunan basa kados dene rerengganing basa ingkang saged awujud
tembung-tembung kawi, tembung-tembung entar, wangsalan, lan sapanunggalanipun. Sekar
Macapat sapada (sebait) kadadaosan saking cacahing guru gatra, guru wilangan, saha guru
lagu. Guru gatra, inggih menika cacahing gatra/larik/baris saben sapada sekar. Cacahing
wanda (suku kata) saben sagatra menika dipunwastani guru wilangan, saha dhawahing
swanten (huruf vokal, sanes konsonan) ing pungkasaning gatra menika kasebut guru lagu.
Guru lagu saha guru wilangan saben sekar macapat wonten paugeranipun piyamba-piambak.

Kanthi langkung rinci, tata paugeran bab guru gatra, guru wilngan, saha guru lagu ing Sekar
Macapat saged kasema kados ing ngandhap menika:

Sekar Macapat
Nama Sekar Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu
Maskumamban 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a
g
Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i, u
Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a
Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i
Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 i, a, e, a, a, u, a
Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o
Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i
Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i
Megatruh 5 12, 8, 8, 8 u, i, u, i, o
Pocung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a
Nalika maos utawi ngripta Sekar Macapat kedah migatosken wataking sekar. Watak
saha ginanipun Sekar Macapat saged dipuntingali ing bagan ngandhap menika:

Sekar Macapat
No. Nama Sekar Watak Ginanipun
1. Maskumambang Nelangsa, ngeres-eresi Mahyakaken raos
panalangsa
2. Mijil Asih, prihatin, pangajab Nggambaraen raos prihatin
3. Sinom Prasaja, ethes Piwulang, wewarah
4. Kinanthi Seneng, asih, kasmaran Piwulang, pitutur, pratelan
tresna
5. Asmarandana Tresna, sedhih, sengsem Piwulang, tresna
6. Gambuh Sumanak, sumadulur Piwulang, pitutur
7. Dhandhanggula Luwes, gumbira, endah Mahyakaken raos tresna,
sedhih
8. Durma Keras, nepsu, semangat Nggambaraken nepsu duka,
perang
9. Pangkur Sereng, nepsu, gandrung Piwulang radi srengen,
gandrung
10. Megatruh Prihatin, getun, kaduwung, Nggambaraken raos sedhih,
sedhih getun
11. Pocung Sembrana, parikena, lucu Cangkriman, cariyos lucu,
guyonan
Salajengipun kangge nambahi kawruh bab tembang samenika andharan ingkang
langkung princi, bab tata paugeran bab guru gatra, guru wilngan, saha guru lagu ing Sekar
Tengahan saged kasemak kados ing ngandhap menika:

Sekar Tengahan

Jurudhemung 7 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 a, u, u, a, u, a, u
Wirangrong 6 8, 8, 10, 6, 7, 8 i, o, u, i, a, a
Balabak 6 12, 3, 12, 3, 12, 3 a, e, a, e, u, e

1. Mengeksplorasi
A. Hakikat Sekar Macapat Asmaradana, saha Megatruh

Asmaradana
Asmaradana inggih menika salah satunggaling Sekar Macapat ingkang awatak tresna,
sedhih, saha sengsem. Tembung Asmaradana kadadosan saking tembung “smara” ingkang
anggadhahi teges tresna, saha tembung “dahana” ingkang tegesipun geni. Pramila saking
menika, tembang Asmaradana jumbuh manawi kangge nggandrung, amargi isinipun wuyung
saha samubarang ingkang magepokan kaliyan raos tresna.
Tuladha Cakepan Sekar Macapat Asmaradana:
ASMARADANA
(Laras Pelog Pathet  Nem)

1         2        3       5        5        5        5        5 

Ge  -   ga  -  ra  -  ning   wong    a   -  kra  -  mi      
5        6         i       i 2        i           i         5         5 6
Du  -  du     ban  - dha     du   -    du       ru   -     pa   
3             2         1      5         3       2 3         1        2
A     -   mung     a   –  ti       pa  -    wi   -     ta  -   ne
2         3        5         5        5        5       2        3  5
Lu  -  put      pi   -   san      ke  -  na       pi   -  san 
2          2       2         2        2      3 2 3       1
Yen    gam - pang     lu  -  wih      gam  -  pang  
ֺ6         1        2        2         2        2         2 3         1 2
Yen     a  -   ngel      a   -  ngel     ka    -    lang   -   kung
1          1       1         1        1         2     3  2      1
Tan     ke  -  na         ti  -   num     bas    ar  -   ta

Ajaran Moral/Budi Pekerti Sekar Macapat kasebut:

1. Sampun ngantos lepat anggenipun milih pasangan;
2. Boten ndadosaken kalangkungan (bagus, utawi ayu), saha kasugihan minangka modal
ingkang utami anggenipun milih pasangan;
3. Mbangun bebrayan lumantar manah ingkang resik.

Tuladha Cakepan Sekar Macapat Asmaradana sanesipun:

ASMARADANA
(Laras Pelog Pathet  Nem)

1         2        3       5        5        5        5        5 

A   -   ja      tu   -   ru     so   -   re       ka   -  ki      
5        6         i       i 2        i           i         5            5 6
a  -    na      de  -   wa      ngang  -  lang     ja  -     gad  
3             2         1      5         3       2 3         1        2
Nyang  - king    bo –k or    ken  -  ca   -   na  - ne
2         3        5         5        5        5       2        3  5
I   -    si    -   ne       do  -  nga     te   -  tu   -   lak 
2          2       2         2        2      3 2 3       1
San  -  dhang  ka  -  la  -  wan     pa -   ngan  
ֺ6         1        2        2         2        2         2 3         1 2
Ya  -  i  -    ku       ba   -   ge  -    an    -    i     -   pun
1          1       1         1        1         2     3  2      1
Wong   me  -  lek   sa  -   bar    na   -   ri   -  ma

Ajaran Moral/Budi Pekerti Sekar Macapat kasebut:

1. Manawi kagungan kekajengan kedah prihatin.
2. Tiyang ingkang remen tirakat/prihatin melek dalu, sabar, saha narima ing pandum mesthi
dipunparingi rejeki dhumateng Gusti Allah ingkang hakarya jagad.
3. Sampun ngantos anggenipun tilem mruput amargi nebihaken rejeki.

a. Mendeskripsikan arti kata-kata sulit pada Sekar Macapat (Asmaradana dan Megatruh)
Saat kalian membaca Sekar Macapat (Asmaradana dan Megatruh) di atas ada kata-kata
sulit yang kalian temukan? Artikanlah kata-kata sulit tersebut dengan menggunakan
Baoesastra Jawa. Kata-kata sulit pada teks Sekar Macapat (Asmaradana dan Megatruh)
sebagai berikut

No. Kata Sulit Arti/Makna

1
2
3
4
5

Tegesipun tembung-tembung ingkang mirunggan:

1. Gegaraning : sing minangka dadi cekelan, modal.
2. Akrami : bebrayan
3. Bandha : kasugihan (barang, rajabrana, lan sapanunggalanipun)
4. Pawitane : bekalipun
5. Arta : dhuwit
6. Kaki : anak angger (panyebut marang tiyan nem ingkang kinasih utamanipun
kinurmatan)
7. Jagad : bumi saisinipun
8. Kencana : emas
9. Donga : tetembungan basa Arab ingkang dipunangge sembahyang (nalika
wonten kapreluan)
10. Bokor : wadhah saem. Cemung ngangge suku.

Gladhen:
1. Kapadosana guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu Sekar Macapat Asmaradana
kasebut?
Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
......................................................................................................................................
2. Kadamela parafrase Sekar Macapat Asmaradana kasebut?
Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
......................................................................................................................................
3. Menapa suraosipun tuladha Sekar Macapat Asmaradana ing pada 1?
Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
......................................................................................................................................
4. Menapa suraosipun tuladha Sekar Macapat Asmaradana ing pada 2?
Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
......................................................................................................................................
5. Kasebutna 3, budi pekerti ingkang kinandhut ing sekar Asmaradana pada 1 saha 2?
Wangsulan: ............................................................................................................................
..................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

Megatruh
Megatruh inggih menika salah satunggaling Sekar Macapat ingkang awatak prihatin, getun,
kaduwung, sedhih. Tembung Megatruh kadadosan saking tembung “megat” saha “roh”,
ingkang tegesipun pisahipun roh utawi sampun pisahipun roh saking badan. Pramila saking
menika, tembang Megatruh jumbuh manawi kangge nggambaraken raos sedhih, utawi getun,
amargi isinipun bab lelampahaning manungsa ingkang sampun pungkas ing donya.
Tuladha cakepan Sekar Macapat Megatruh kapethik saking Serat Sabda Jati yasan R. Ng.
Ranggawarsita
Megatruh
7 5 6 7 7 6 7 5 @ @ 7 z@x x#x x@x c7
Ha-ywa pe-gat ngu- di- ya rong-ing bu- dya- yu,
7 @ @ @ @ @ z#x.x@xc7 6x.c5
mar-ga- ne su- ka ba- su- ki,
2 z3x.c5 5 5 5 5 z5x.x6c7 6
di-men lu- war kang ki- na- yun,
2 2 2 2 3 z5x.c6 2x.x3c2 u
Ka- lis- ing pang-ga- we si- sip,
23 3 3 3 3 z5x.x6c5 z3x.c2
Ing-kang ta-be- ri prih- a- tos.

B. Parafrase
Parafrase inggih menika ngewahi dhapukan sekar dados gancaran utawi wujud prosa.
Anggitan ingkang dipunwahyakaken lumanter wujud sekar menika ateges mujudakenekspresi
tidak langsung.  Tegesipun anggitan menika kanthi basa ingkang mligi (khusus) inggih basa
ingkang puitis. Basa ingkang puitis menika adatipun wonten paribasan, saloka, basa kawi,
wangsalan, dasanama, lan sapanunggalanipun. Pramila kanthi cara damel parafrase utawi
gancaran tembang ateges ngewahi basa rinengga (basa tembang) dados basa limrah utawi
umum.

Kanthi cara dipunparafrase satunggaling sekar saged cetha jejer, wasesa, lesanipun (S P O).
Amargi wonten ing dhapukan sekar menika dereng cetha pundi jejer, wasesa, lesanipun. Kanthi
mekaten  parafrase inggih menika ngewahi teks saking dhapukan tembang dados dhapukan
gancaran (prosa). Kanthi mekaten langkung gampil menawi badhe njumbuhaken garapan
salajengipun inggih menika Terjemahan.

Terjemahan utawi alih basa inggih menika nggantos basaning teks dhateng basa sanesipun.
Upaminipun basaning teks menika basa jawi kagantos basa Indonesia, kanthi pangangkah
tiyang ingkang maos saged pirsa wos saking tembang menika.

Tuladha Gancaran Sekar Macapat Megatruh ingkang kapethik saking Serat Sabda Jati yasan R.
Ng. Ranggawarsita
Hawya pegat ngudiya RONGing budyayu
MarGAne suka basuki
Dimen luWAR kang kinayun
Kalising panggawe SIsip
Ingkang TAberi prihatos

Gancaranipun/parafrase:

Sampun kendhat ngudi telenging budi rahayu, (ingkang) dados marginipun slamet/yuwana saha
kabingahan, supados kadadosan ingkang dipunkajengaken, luput saking ing pandamelipun
lepat, pramila ingkang sami sregep prihatin.

Tugas!

Cakepan Sekar Macapat Megatruh menika kagancarna kados tuladha ing pada satunggal!

2. Ulatna kang nganti bisane kepangguh

Galedehan kang sayekti
Talitinen awya kleru
Larasen sajroning ati
Tumanggap dimen tumanggon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

3. Pamanggone aneng pangesthi rahayu

Angayomi ing tyas wening
Eninging ati kang suwung
Nanging sejatining isi
Isine cipta sayektos

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

4. Lakonana klawan sabaraning kalbu

Lamun obah niniwasi
Kasusupan setan gundhul
Ambebidung nggawa kendhi
Isine rupiah kethon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

5. Lamun nganti korup mring panggawe dudu

Dadi panggonaning iblis
Mlebu mring alam pakewuh
Ewuh mring pananing ati
Temah wuru kabesturon

Gancaranipun:
...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

6. Nora kengguh mring pamardi reh budyayu

Hayuning tyas sipat kuping
Kinepung panggawe rusuh
Lali pasihaning Gusti
Ginuntingan dening Hyang Manon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

7. Parandene kabeh kang samya andulu

Ulap kalilipen wedhi
Akeh ingkang padha sujut
Kinira yen Jabaranil
Kautus dening Hyang Manon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

8. Yeng kang uning marang sejatining dawuh

Kewuhan sajroning ati
Yen tiniru ora urus
Uripe kaesi-esi
Yen niruwa dadi asor

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................
9. Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung
Anggelar sakalir-kalir
Kalamun temen tinemu
Kabegjane anekani
Kamurahane Hyang Manon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

10. Hanuhoni kabeh kang duwe panuwun

Yen temen-temen sayekti
Dewa aparing pitulung
Nora kurang sandhang bukti
Saciptanira kelakon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

11. Ki Pujangga nyambi paraweh pitutur

Saka pengunahing Widi
Ambuka warananipun
Aling-aling kang ngalingi
Angilang satemah katon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

12. Para jalma sajroning jaman pakewuh

Sudranira andadi
Rahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margi
Kasekten wus nora katon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

13. Katuwane winawas dahat matrenyuh

Kenyaming sasmita sayekti
Sanityasa tyas malatkunt
Kongas welase kepati
Sulaking jaman prihatos

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

14. Waluyane benjang lamun ana wiku

Memuji ngesthi sawiji
Sabuk tebu lir majenum
Galibedan tudang tuding
Anacahken sakehing wong

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

15. Iku lagi sirap jaman Kala Bendu

Kala Suba kang gumanti
Wong cilik bisa gumuyu
Nora kurang sandhang bukti
Sedyane kabeh kelakon

Gancaranipun:
...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

16. Pandulune Ki Pujangga durung kemput

Mulur lir benang tinarik
Nanging kaseranging ngumur
Andungkap kasidan jati
Mulih mring jatining enggon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

17.Amung kurang wolung ari kang kadulu

Tamating pati patitis
Wus katon neng lokil makpul
Angumpul ing madya ari
Amerengi Sri Budha Pon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

18. Tanggal kaping lima antarane luhur

Selaning tahun Jimakir
Taluhu marjayeng janggur
Sengara winduning pati
Netepi ngumpul sak enggon

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................
19. Cinitra ri budha kaping wolulikur
Sawal ing tahun Jimakir
Candraning warsa pinetung
Sembah mekswa pejangga ji
Ki Pujangga pamit layoti

Gancaranipun:

...........................................................................................................................................................
...........................................................................................................................................................
............................................................................................................................................

2. Mengkomunikasikan
A. Mratekaken Nyekar Sekar Macapat
Laras
Salebetipun sekar wonten ingkang dipunwastani laras/lrs (Pelog/Pl saha Slendro/Sl),
pathet (Nem/6, Sanga/9, saha Manyura/Myr ing laras Slendro; Lima/5, Nem/6, saha Barang/Br
ing laras Pélog), pedhotan, titi laras, lan sapanunggalanipun. Laras inggih menika swanteen
ingkang ajeg inggilipun, boten ewah, kasebut ugi nada, sistem nada/tonal system. Laras Slendro
ateges sistem nada ingkang adhedhasar andhap-inggilipun, interval gamelan slendro, semanten
ugi laras pélog. Pedhotan inggih menika papan mandhegipun anggenipun nyekar sekar macapat
kangge unjal ambegan nalika nyekaraken sekar macapat ingkang wonten tengah gatra.
Andhegan inggih menika papan mandhegipun anggenipun nyekar sekar macapat kangge unjal
ambegan nalika nyekaraken sekar macapat ingkang wonten pungkasaning gatra. Titi laras
inggih menika notasi nada ingkang dipunserat adhedhasar sistem nada laras saha pathetipun.
Wondene pathet inggih menika ukuran andhap-inggilipun laras, minangka watesing wilayah
nada. Kangge gambaran bab pathet, samenika grambyanganipun:

Jinisipun pathet wonten sekar macapat adhedhasar larasipun, ing antawisipun inggih
menika:
1. Laras Slendro
a. Pathet Nem 6-2 (6-5-3-2), tangga nada-nipun (2 3 5 6 ! @);
b. Pathet Sanga 2-5 (@-!-6-5), tangga nada-nipun (t y 1 2 3 5);
c. Pathet Sanga 3-6 (#-@-!-6), tangga nada-nipun (y 1 2 3 5 6).

2. Laras Pelog
a. Pathet Lima tangga nada-nipun (t y 1 2 4 5);
b. Pathet Nem tangga nada-nipun (2 3 5 6 ! @);
c. Pathet Barang tangga nada-nipun (y u 2 3 5 6).
Manawi namung dipungrambyang, dipunkinten rekaos anggenipun ngecakaken. Menapa
malih tumrap tiyang ingkang babar pisan dereng naté sinau larasing gamelan. Pramila supados
langkung nges, manawi sinau sekar menika kedah ngadhep pirantos gamelan, gender
upamanipun. Kanthi makaten kaajab saged ngepasaken laras kaliyan pathetipun sekar kala
wau.

Ingkang prelu dipungatosaken kanggenyinau praktik nyekar inggih menika:

a. jangga dipuntarik ingkang jejeg, boten ndhungkluk;
b. vokal kedah ingkang los (las-asan, cetha, prasaja anggenipun nyekar), boten dipundame-
damel;
c. manawi pinuju nyear, napas dhadha saha padaran prelu dipuntata;
d. langkung prayogi lenggah sila tumpang, boten ngadeg.
e. Laras menika raos thinthinganipun swanten andhap ngantos swanten inggil;
f. Titi laras menika angka minangka gantosipun laras (swanten andhap dumugi swanten
inggil);
g. Pathet menika ukuran andhap saha inggilipun swanten kangge nyekaraken sekar;
h. Cengkok inggih menika lak-luking swanten kangge nyekaraken sekar;
i. Wilet inggih menika variasi titilaras ing pangolahing cengkok.

Ingkang winastan “lagu Winengku Sastra”

a. Lagu saha cengkok prasaja;
b. Wiletan paling kathah ngginakaken tigang nada;
c. Artikulasi (kedal) kedah wijang (cetha)
d. Teknik unja ambegan trepca kepanipun;
e. Boten pareng munggel tembung;
f. Laras kedah trep;
g. Mendhet nada kanthi trep (Darsoono, 2002)

Ngripta Sekar Macapat

a. Nemtokaen jejer (tema);
b. Milih jinising Sekar Macapat (Asmaradana);
c. Pangripta kedah nguwaosi guru gatra, guru wilangan, guru lagu saben sapada ing sekar;
d. Milih tembung-tembung ingkang endah (sanes tembung padintenan) kadosta dasanaa,
entar, sandiasma, lan sapanunggalanipun;
e. Kangge njumbuhaken kaliyan guru wilangan saged ngginakaken tembung garba daya
sastra, plutan, wancahan, uluran;
f. Kangge njumbuhaken guru lagu saged ngginakaken bali swara inggih eenika pailihing
tembung ing tembang, kadosta Anoman malumpat sampun (kedahipun Anoman sampun
malumpat), lan sapanunggalanipun.
Sasmita ing Sekar Macapat
a. Makumambang : kumambang, kentir, timbul.
b. Mijil : wijil, mijil metu, miyos.
c. Sinom : srinata, roning kamal, kanoman, ngenomi, anom, taruna.
d. Kinanthi : kinanthi, kekanthen, gandheng, ginandheeng, kanthi.
e. Asmaradana : asmaran, asmara, brangti, brangta, kingkin, wuyung.
f. Gambuh : nggambuh, tambuh, tumambuh.
g. Asmaradana : sarkara, manis, memanise, artati, dhandhang.
h. Durma : mundur, ngunduri, durmaka, durala.
i. Pangkur : wuri, mungkur, wuntat, yuda kenaka.
j. Pocung : kaluwak, pocung, wohing pocung.
k. Megatruh : pegat, duduk, anduduk.

Unsur 3 W (Wirasa, Wirama, saha Wicara)

Bab-bab ingkang kedah dipungatosaken nalika nyekaraken sekar macapat, inggih menika:
a. Wirama inggih menika anggenipun nyekaraken sekar macapat kedah migatosaken andhap
inggilipun irama, jumbuh kaliyan titi laras.
b. Wirasa inggih menika anggenipun nyekaraken sekar macapat kedah migatosaken ekspresi
utawi penjiwaan, ingkang kedah jumbuh kaliyan suraos andharanipun teks sekar macapat.
c. Wicara inggih menika anggenipun nyekaraken sekar macapat kedah migatosaken vocal
utawi pangandikanipun tembung-tembung wonten sekar macapat, ingkang kedah cetha,
kaliyan leres jumbuh kaliyan paugeran kebahasan-nipun.

Lampiran 2: LEMBAR KERJA (LK)

A. LK Memahami Isi, struktur, metrum, diksi dan ajaran moral serta wicara, wirama, dan
wirasa dalam melagukan Sekar Macapat serta wicara, wirama, dan wirasa dalam
melagukan Sekar Macapat (Asmaradana dan Megatruh)

LK 1 : LK Hakikat Sekar Macapat (Asmaradana dan Megatruh)

Cermatilah teks berikut ini!
Sekar Macapat
Saderengipun wonten wulangan menika para peserta didik nyekaraken salah satunggaling
Sekar Macapat amrih saenipun mangretosi langkung rumiyin Sekar Macapat menika menapa,
jinising Sekar Macapat menika menapa kemawon, paugeraning Sekar Macapat menika
kadospundi, kadospundi anggenipun nyekaraken, lan sapanunggalanipun.
Tembang/sekar inggih menika reriptan utawi dhapukaning basa mawi paugeran
tartamtu (gumathok) ingkang pamaosipun kedah dipunlagokaken ngangge kagunan swanten
(Padmosoekotjo,1960:25).
Prelu dipunmangretosi bilih wonten kasusastran Jawi menika tembang utawi sekar saged
dipunperang dados sekar ageng utawi tembang gedhe, sekar tengahan, saha sekar alit. Sekar
Macapat menika kalebet jinising sekar alit amargi paugeran sekaripun kalebet langkung
prasaja tinimbang sekar ageng saha tengahan.
Macapat menika sekar tradhisional ing tlatah Jawi. Macapat ugi mrathah wonten ing
kabudayan Bali, Madura, saha Sunda. Manawi dipuntingali saking kerata basa, macapat
menika tegesipun maca papat-papat. Maosipun sekar macapat panci wonten ingkang
rinakit saben sekawan wanda (suku kata). Ananging boten sadaya gatra Sekar Macapat
saged kawaos papat-papat. Wonten ugi ingkang ngendikakaken bilih macapat ateges
pamaosipun radi cepet, maksudipun anggenipun nyekaraken radi cepet.
Sekar menika kinten-kinten tembe kemawon wonten ing pungkasaning jaman
Majapahit saha wiwitan wali sanga nyepeng kuwaos utawi wiwitaning kraton Islam
ngrembaka ing tanah Jawi. Ananging menika ugi dereng mesthi, amargi boten wonten
seratan gathuk i n g k a n g saged mesthekaken. Macapat kathah dipunangge ing
saperangan Sastra Jawa Tengahan saha Sastra Jawa Enggal. Menawi dipunsandhingaken
kaliyan Kakawin, paugeran-paugeran utawi metrum ing Sekar Macapat langkung gampil.
Kitab-kitab jaman Mataram Enggal, kados dene Wedhatama, Wulangreh, Serat Wirid
Hidayat Jati, Kalatidha, saha sanes-sanesipun dipunrakit ngangge Sekar Macapat menika.
Padatanipun peprincen sekar Jawi ingang kaperang dados 3 nginggil menika jinis-
jinisipun kados ing ngandhap menika:

d. Tembang Alit utawi Sekar Alit.

Jinising Sekar Macapat menika dumugi wekdal menika wonten ingkang mastani 9, 11, 14,
15, lan sapanunggalanipun. Boten prelu bingung kangge nyebutaken cacahing Sekar Macapat,
ingkang wigatos ngangge dhasar saha wewaton. Adhedhasar buku Sekar Macapat (Arintaka,
1981) cacahing Sekar Macapat menika wonten 11 iji, inggih menika: Mijil, Kinanthi,
Asmaradana, Asmaradana, Gambuh, Maskumambang, Durma, Pangkur, Megatruh, saha
Pocung. Urut-runtutipun Sekar Macapat menia sami kaliyan lelampahipun manungsa wiwit
jabang bayi abrit dumugi marak sowan utawi tumekaning pejah (life-cyce). Urut—runtutipun
Sekar Macapat kados ingkang kaandharaen wonten ngandhap menika:

1. Maskumambang, gegambaranipun jabang bayi ingkang taksih wonten ing wawrtanipun

ibu, dereng kawruhan jaler menapa estri. Mas tegesipun dereng katingal kakung
utawi estri, kumambang tegesipun gesangipun ngambang wonten ing wawratanipun
ibunipun;
2. Mijil, tegesipun sampun miyos saha cetha kakung utawi estri;
3. Sinom, tegesipun kanoman, minangka kalodhangan ingkang paling wigatos kanggenipun
tiyang enem supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun;
4. Kinanthi, saking tembung kanthi utawi tuntun ingkang ateges dipuntuntun supados
saged mlampah ngambah pagesangan ing alam donya;
5. Asmaradana, ateges raos tresna, tresna marang liyan (kakung saha estri saha
kosok wangsulipun) ingkang sadaya wau sampun dados kodratipun Gusti.
6. Gambuh, saking tembung jumbuh, inggih menika sarujuk ingkang tegesipun manawi
sampun jumbuh/sarujuk lajeng dipungathukaken antawisipun kakung saha estri
ingkang sami-sami kagungan raos tresna kala wau, ing pangangkah supados sageda
gesang bebrayan;
7. Dhandhanggula, nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg remen, menapa
ingkang badhe dipungayuh saged kasembadan, kalampahan kagungan sisihan/
kulawarga, k agungan putra, gesang cekap kangge sakulawarga. Pramila, tiyang
menika tiyang ingkang saweg bingah/bombong panggalihipun, saged dipunwastani
“nAsmaradana”;
8. Durma, saking tembung darma ingkang tegesipun “weweh”. Tiyang manawi sampun
rumaos kacekapan gesangipun, lajeng tuwuh raos welas asih marang kadang mitra
sanesipun ingkang saweg nandhang kacintrakan, pramila lajeng tuwuh raos
kekajengan darma (weweh) marang sapadha-padha. Sadaya kala wau
dipunsengkuyung ugi saking piwulangipun agami saha watak sosialipun
manungsa ing bebrayan;
9. Pangkur, saking tembung mungkur ingkang tegesispun “nyingkiri hawa nepsu
angkara murka”. Ingkang dipunpanggalih dening manungsa namung kekajengan tansah
weweh marang sapadha-padha;
10. Megatruh, saking tembung megat roh utawi pegat rohipun (pegat nyawanipun), awit
sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan mring ingkang Mahakuwaos.
11. Pocung, saking panggalihan manawi manungsa sampun dados layon/mayit lajeng
dipunbungkus mori pethak utawi dipocong saderengipun kasarekaken.

Saged ugi kababar kados makaten:

Manungsa miyos ing ngalam donya medal saking guwa garba (Mijil), nalika taksih
alit kedah dipuntuntun utawi dipunkanthi (Kinanthi), bilih sampun mudha taruna (Sinom),
kagungan raos tresna utawi paring katresnan marang tiyang sanes (Asmaradana).
Ingkang saweg nandhang asmara swasananipun katingal endah saha manis (Asmaradana).
Sasampunipun mengku kulawarga kedah mangretos (Gambuh) marang prakaraning gesang.
Manawi sampun sepuh gesang bakal ngambang (Maskumambang) manggalih donya saha
akherat. Tuwuh sansaya mundur (Durma) mungkur ing kadonyan (Pangkur) ngadhepi
akherat pramila gentur ngibadah. Sasampunipun pejah ateges pegat ruhipun (Megatruh).
Salajengipun dibuntel utawi dipunpocong (Pocung).
e. Tembang/Sekar Madya utawi Tebang Tengahan
Sekar jinis menika kados dene sekar kidung ingkang asring dipunangge riala jaman
Majapahit, inggih menika: 1) Jurudemung; 2) Wirangrong; 3) Balabak.

f. Sekar Ageng utawi Tembang Gedhe

Sekar ageng namung wonten satunggal jinis, inggih menika Girisa. Manawi dipuntingali
saking rekaosipun, memper kados Kakawin ing jaman kina.

Sekar Macapat menika wonten konvensi-nipun (aturan) utawi metrum, inggih menika
wontenipun guru gatra, guru wilangan, saha guru lagu. Sasaneipun bab menika, Sekar
Macapat ngewrat kagunan basa kados dene rerengganing basa ingkang saged awujud
tembung-tembung kawi, tembung-tembung entar, wangsalan, lan sapanunggalanipun. Sekar
Macapat sapada (sebait) kadadaosan saking cacahing guru gatra, guru wilangan, saha guru
lagu. Guru gatra, inggih menika cacahing gatra/larik/baris saben sapada sekar. Cacahing
wanda (suku kata) saben sagatra menika dipunwastani guru wilangan, saha dhawahing
swanten (huruf vokal, sanes konsonan) ing pungkasaning gatra menika kasebut guru lagu.
Guru lagu saha guru wilangan saben sekar macapat wonten paugeranipun piyamba-piambak.

Kanthi langkung rinci, tata paugeran bab guru gatra, guru wilngan, saha guru lagu ing Sekar
Macapat saged kasema kados ing ngandhap menika:

Sekar Macapat
Nama Sekar Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu
Maskumamban 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a
g
Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i, u
Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a
Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i
Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 i, a, e, a, a, u, a
Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o
Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i
Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i
Megatruh 5 12, 8, 8, 8 u, i, u, i, o
Pocung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a

Nalika maos utawi ngripta Sekar Macapat kedah migatosken wataking sekar. Watak
saha ginanipun Sekar Macapat saged dipuntingali ing bagan ngandhap menika:

Sekar Macapat
No. Nama Sekar Watak Ginanipun
1. Maskumambang Nelangsa, ngeres-eresi Mahyakaken raos
panalangsa
2. Mijil Asih, prihatin, pangajab Nggambaraen raos prihatin
3. Sinom Prasaja, ethes Piwulang, wewarah
4. Kinanthi Seneng, asih, kasmaran Piwulang, pitutur, pratelan
tresna
5. Asmarandana Tresna, sedhih, sengsem Piwulang, tresna
6. Gambuh Sumanak, sumadulur Piwulang, pitutur
7. Dhandhanggula Luwes, gumbira, endah Mahyakaken raos tresna,
sedhih
8. Durma Keras, nepsu, semangat Nggambaraken nepsu duka,
perang
9. Pangkur Sereng, nepsu, gandrung Piwulang radi srengen,
gandrung
10. Megatruh Prihatin, getun, kaduwung, Nggambaraken raos sedhih,
sedhih getun
11. Pocung Sembrana, parikena, lucu Cangkriman, cariyos lucu,
guyonan
Salajengipun kangge nambahi kawruh bab tembang samenika andharan ingkang
langkung princi, bab tata paugeran bab guru gatra, guru wilngan, saha guru lagu ing Sekar
Tengahan saged kasemak kados ing ngandhap menika:

Sekar Tengahan
Nama Sekar Guru Gatra Guru Wilangan Guru Lagu
Jurudhemung 7 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 a, u, u, a, u, a, u
Wirangrong 6 8, 8, 10, 6, 7, 8 i, o, u, i, a, a
Balabak 6 12, 3, 12, 3, 12, 3 a, e, a, e, u, e

Anda mungkin juga menyukai