Anda di halaman 1dari 7

PENILAIAN AKHIR SEMESTER (PAS) GASAL

SMP NEGERI 12 SEMARANG


TAHUN AJARAN 2020/2021

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas/Semester : VIII (Delapan)
Waktu : 90 menit
Hari, tanggal : Senin, 7 Desember 2020

A. PETUNJUK UMUM
1. Bacalah dengan teliti petunjuk dan cara mengerjakan soal!
2. Tulislah dahulu nama, nomor peserta PAS, dan sekolah di tempat yang disediakan pada
lembar jawaban!
3. Kerjakan soal pada lembar jawaban yang tersedia!
4. Periksalah kembali seluruh pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas!
5. Jika ada jawaban yang Anda anggap salah, dan ingin dibetulkan maka coretlah dengan
dua garis lurus mendatar pada huruf jawaban yang diganti!
Contoh :
Pilihan semula : A B C D jawaban A salah diganti D
Dibetulkan menjadi :A B C D

B. PETUNJUK KHUSUS
Pilihen wangsulan A, B, C, utawa D minangka wangsulan sing paling bener ana ing
lembar jawaban kanthi maringi tandha ping (X)!
Teks wacan kangge soal nomer 1 - 6
Asal Usul Desa Nglimut, Kendal
Kacarita, ing sisih lor gunung Ungaran ana salah sijine panggonan utawa tlatah kang
gemah ripah loh jinawi. Rakyate urip rukun,tentrem ora seneng cecongkrahan karo tanggane.
Uripe ayem, ngibadahe uga sregep lan oleh pangayomaning Gusti. Panguripane ora
kecingkrangan, cukup lair tumekaning batin.
Desa kang makmur kaya mangkono, akeh wong kang melik kepengin nguwaosi. Apa
maneh kanggone wong kang sugih/konglomerat, sawise krungu kabar kang mangkono iku
babagan desa kang gemah ripah loh jinawi. Kejaba para saudagar sugih, para begal uga kepengin
nguwaosi.
Niyat jahate ora kaleksanan, amarga sawise tekan ana ing papan kang kawentar mulya
iku. Pranyata amung nemoni papan kang amba kebak suket, ora kaya sing dadi kembang
lambene wong – wong ing sakiwa tengene papan iku mau. Isih akeh maneh wong-wong kang
nduweni nepsu lawamah padha niti priksa papan panggonan iki, kabeh ora mirsani apa-apa.
Saben disawang saka kadohan, papan iki katon gemah ripah loh jinawi, nanging bareng
dicedhaki ilang utawa nglimuni. Mula banjur wong-wong ngarani Nglimut tegese nylamur
utawa ilang, kang mapan ing Desa Gonoharja, Kecamatan Limbangan, Kabupaten Kendal.
1. Wong kang niti priksa salah sijine panggonan kang kawentar gemah ripah loh jinawi
yaiku wong … .
A. pejabat kang sugih
B. begal nanging ora sugih
C. sugih lan pengin nguwaosi
D. saudagar nanging mlarat
2. Papan iku saka kadohan katon gemah ripah loh jinawi sawise dicedhaki … .
A. ilang/nglimuni
B. isih ajeg kaya maune
C. nglimuni lan isih ajeg
D. kadhang kala nglimuni
3. Wong-wong kang padha nekani papan iku akeh sing kapusan, mula diarani ... .
A. slamur
B. nylamur
C. slimut
D. njamur
4. Rakyat ing tlatah iku urip makmur, ora nate kecingkrangan, tegese kecingkrangan yaiku
….
A. kekurangan
B. keluwihan
C. kegedhen
D. keciliken
5. Nglimut, panggonane ana ing sisih ... Redi Ungaran.
A. kidul
B. ler
C. wetan
D. kilen
6. Pendhidhikan karakter ingkang saged kapendhet saking legenda Nglimut, inggih menika
dados tiyang mboten kenging … .
A. umuk
B. cilik ati
C. srakah
D. gedhe ati

Teks wacan kangge soal nomer 7 - 12

Kutha Tegal
Tembung Tegal dumadi saking tembung teteguall. Wondene ingkang maringi nama
kasebat pedagang saking Portugal inggih menika Tome Pires ingkang mengku teges siti ingkang
subur gemah ripah loh jinawi. Cariyos menika mboten saged kalirwakaken saking paraga Ki
Sedhayu, inggih putranipun Ki Gedhe Tepus Rumput ingkang samangke kasebat Pangeran Onje
ingkang taksih kalebet trah Majapahit. Ki Gedhe Tepus ugi kagungan putra sanes, inggih menika
Pangeran Benawa.
Ki Sedhayu remen cegah dhahar lan cegah melek, lan ugi remen ngumbara, ngantos
sawijining dinten manggihi papan ingkang rakyatipun nandhang kasengsaran, kacingkrangan.
Lan ugi mboten purun ngibadah dhateng Gusti Allah. Amargi kawontenan ingkang mekaten Ki
Gedhe Sedhayu lajeng paring pitutur bab agama tuwin tetanen. Lan pungkasanipun warga-warga
ing ngriku saged owah dados masyarakat ingkang pinunjul.
7. Ingkang mboten kalebet paraga ing legendha Kutha Tegal inggih menika … .
A. Ki Sedhayu
B. Benawa
C. Ki Tepus
D. Teteguall
8. Tembung Tegal dumadi saking tembung teteguall, tegesipun siti ingkang subur. Ingkang
maringi asma Teteguall inggih menika … .
A. Pangeran Onje
B. Ki Sedhayu
C. Tome Pires
D. Tome Prize
9. Ingkang remen cegah dhahar lan cegah sare inggih menika … .
A. Ki Tepus
B. Tome Pires
C. Ki Benawa
D. Ki Sedhayu
10. Piyantun kalawau remen cegah dhahar. Cegah dhahar tegesipun … .
A. pasa
B. ngunjuk
C. sare
D. tindak
11. Pendhidhikan karakter ingkang saged kapendhet saking paraga Ki Sedhayu inggih
menika … .
A. Tiyang ingkang ulet, sabar tansah maringi patuladhan sae
B. Piyayi ingkang remen tetulung nanging mboten sabaran
C. Tiyang ingkang sabar nanging tansah maringi patuladhan awon
D. Piyayi ingkang remen maringi patuladhan sae nanging mboten sabar
12. Ing crita Dumadine Rawa Pening, sayembara njabut sada kang dianakake Baru Klinthing
minangka tandha pangeling para warga supaya ora nduweni tumindak kang ... marang
wong liya.
A. gumedhe
B. dermawan
C. nggatekake
D. seneng tetulung
13. Wonten ing cariyos Dumadine Rawa Pening, mbok Randha diwelingi ... supaya slamet
saka bebaya banjir gedhe.
A. nunggang jaran
B. munggah gunung
C. lunga ing kutha
D. numpak prau lesung

Teks wacan kangge soal nomer 14 - 17


Gambuh (pada 1)
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadalu warsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
14. Tembang kasebat kapendhet saking Serat Wulangreh ingkang dipunanggit dening ... .
A. Sri Susuhunan Pakubuwana IV
B. Sri Susuhunan Pakubuwana VI
C. Sri Sultan Hamengkubuwana IV
D. K.G.P.A.A. Mangkunegara IV
15. Sekar kasebat guru gatranipun wonten ... .
A. sekawan
B. gangsal
C. enem
D. pitu
16. Guru wilangan ing gatra pungkasan wonten ... .
A. 6
B. 7
C. 8
D. 9
17. Guru lagu ing tembang kasebat inggih menika ... .
A. u, u, i, u, o
B. o, o, i, o, a
C. e, a. a, a, a
D. u, u, i, u, a
Teks wacan kangge soal nomer 18 - 20
Gambuh
Tutur bener puniku,
sayektine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk,
iku pantes sira anggo.
18. Miturut pethilan tembang kasebat wong sudra tegesipun ... .
A. sugih mblegedhu
B. keturunan raja
C. dhuwur pangkate
D. mlarat, miskin
19. Wulang wuruk bab tindak-tanduk kang becik sanajan saka wong sudra, iku pantes ... .
A. ditiru
B. disingkiri
C. dilakoni
D. dianggo
20. Tutur kang bener saka sapa wae, iku pantes ... .
A. disingkiri
B. dilakoni
C. dianggo
D. ditiru
21. Sekar gambuh ping catur. Pethilan tembang kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa
nggunakake sandhangan panyigeg kang awujud ... .
A. taling, taling tarung, suku
B. layar, wignyan, cecak
C. cakra, pangkon, taling
D. cakra, pengkal, cecak
22. ?kfluw/sktutuh.
Pethilan tembang kasebat guru lagunipun ... .
A. o
B. uh
C. u
D. i
23. Tanpa tutur katula-tula katali. Tembung tanpa tutur menawi kaserat aksara Jawi ingkang
leres inggih menika ... .
A. tnHtutu/
B. tnptutu/
C. tnStutu/
D. tnPtutu/

24. Aja nganti kebanjur. Tembung kebanjur menawi kaserat aksara Jawi ingkang leres ... .
A. kebvJ|/
B. [kbvJ|/
C. kebnJ|/
D. [kbnJ|/
25. Pitutur ingkang sayektos. Pethilan tembang kasebat menawi kaserat aksara Jawi
ngginakaken pasangan ... .
A. ra
B. nga
C. ka
D. ta
26. Ngendelaken kebat lumpatipun. Panulisan aksara Jawi tembung lumpatipun ... .
A. lumPtipun\
B. lumptipun\
C. lumPtTipun\
D. lumptTipun\
27. ?k=cintu/[polhk=klnT|/.
Seratan Jawi kasebat menawi kalatinaken ingkang leres ... .
A. Kang cinatur polah kang kalantur
B. Kang cinatur polah kang kelantur
C. Kang sinatur polah kang kalantur
D. Kang sinatur polah kang kelantar
28. Iku pantes sira anggo. Ukara menika menawi kaserat mawi aksara Jawi ingkang leres ... .
A. ?aikup[nTsSira=[go.
B. ?aikupnTesSira=[g.
C. ?aikupnTesSira=[go.
D. ?aikupnTessira=[go.
29. ... , sugeng pepanggihan malih kaliyan kula Sri Siwi Prameswari ing giyaran Pawarta Basa
Jawi lumantar RRI Semarang, tabuh 21.00 WIIK dinten Setu Pahing surya kaping 31
Maret.
Pratelan kangge njangkepi pambuka pawarta ingkang trep ... .
A. Sugeng enjing para miarsa
B. Para miarsa sugeng siyang
C. Para pamiarsa sugeng sonten
D. Sugeng dalu para pamiarsa

Teks wacan kangge soal nomer 30 - 33


Pusaka cacah wolu koleksine Museum Nila Utama, Pekan Baru, Riau, murca, Selasa
(21/3). Barang-barang kang ilang arupa keris Melayu cacah 4, pedhang Melayu Sondhang
1, piring Seladhong emas 1, kendhi jaman VOC 1 lan kendhi janggut 1. Ilange pusaka
diweruhi sepisanan dening juru reresik sing kajibah mranata uba rampening museum.
Kepala Museum Sang Nila Utama Sri Mecca nuturake kasus ilange barang koleksi ora
mung sepisan kuwi wae. Sasi Februari kepungkur museum uga kelangan koleksi barang
antik cacah 5. Rehne wis kaping pindho kemalingan, Sri Mecca nglapurake kedadeyan iku
menyang pihak sing nduweni wajib.
...........
(Kapethik saka: Panjebar Semangat no. 13, 1 April 2017)

30. Pratelan kang mratelakake who ing teks pawarta kasebut yaiku ... .
A. Barang-barang kang ilang arupa keris Melayu
B. Rikala 21 Maret pusaka koleksine Museum Nila Utama ilang
C. Kepala Museum nuturake kasus ilange barang koleksi
D. Museum nate kelangan koleksi barang antik cacah lima
31. Kang mangerteni sepisanan ilange pusaka koleksine museum yaiku ... .
A. juru reresik
B. Sri Mecca
C. satpam museum
D. Kepala Museum
32. Ilange barang-barang koleksi museum pranyata wis kaping ... .
A. 1
B. 2
C. 4
D. 5
33. Pawarta kasebat kapethik saking ... .
A. radhio
B. televisi
C. internet
D. kalawarti

34.
Ndherek bingah Wisudanipun kadang kula:
Dian Pramono, S.Pd.
Saking UNS Surakarta
Mugya dados Sarjana ingkang migunani
nusa, bangsa, lan negara.

Saking: Pakdhe Sunarto ing Karanganyar

Pariwara kasebat kalebet jinis iklan … .


A. niyaga/komersial
B. leladi masyarakat
C. leladi jasa
D. kulawarga
Yen kaline resik, uripe
becik.
35. Ancas utawa tujuwane pariwara kasebut kang bener yaiku ngajak … .
A. warga njaga karesikan kali supaya uripe becik/kepenak
B. warga resik-resik kali supaya banyune mili lancar
C. warga supaya uripe becik, mula kudu resik dalane
D. marang warga ndandani kaline supaya banyu bisa mili

GateknaSEPATU
teks ing ngisor
TRENDiki !
Mligi kanggo OR
Maneka jinis rupa
Murah meriah
Mutu nomer 1
Modhel trendi
Awet
Ayo nganggo SEPATU TREND!!!

36. Pratelan kasebat minangka tuladha pariwara … .


A. leladi jasa
B. kulawarga
C. leladi masyarakat
D. komersial

Teks wacan kangge soal nomer 37 - 40


Kepareng matur Bapak Harun, kula Sindu sowan mriki sapisan badhe silaturohim,
kaping kalihipun kula dipunutus dening Bapak Daryono bilih panjenengan dipunsuwun
rawuh wonten dalemipun Bapak Daryono benjang dinten Setu, surya kaping 1
Desember 2018 tabuh 18.30 saprelu kenduren utawi slametan. Namung makaten,
kadosipun sampun cekap, wonten kirang trapsilaning anggen kula matur, kula nyuwun
pangapunten. Kula lajeng nyuwun pamit. Nuwun.

37. Pethikan wacan kasebat dipunwastani … .


A. sesorah
B. wara-wara
C. layang
D. atur-atur
38. Mekaten, kadosipun sampun cekap, wonten kirang trapsilaning anggen kula matur, kula
nyuwun pangapunten, lan kula nyuwun pamit. Nuwun
Pratelan kasebat minangka perangan … .
A. surasa basa
B. purwaka atur
C. titi mangsa
D. wusana atur
39. Ingkang nindakaken atur-atur ing wacan kasebat inggih menika ... .
A. Sindu
B. Bapak Daryono
C. Bapak Harun
D. Bapake Sindu
40. Miturut wacan Pak Daryono kagungan kersa ... .
A. kenduren
B. pengajian
C. mantenan
D. arisan

Anda mungkin juga menyukai