Anda di halaman 1dari 2

Kelas/ Semester : IV/ 1

Tema : 3 (Peduli terhadap makhluk hidup)


KD : 3.1. Memahami teks deskriptip tentang teknologi dan pekerjaan.
4.1 Menyampaikan teks deskriptip tentang teknologi dan pekerjaan
Indikator : 1. Siswa dapat menjawab pertanyaan teks deskriptip tentang
pekerjaan
2. Siswa dapat menjelaskan isi teks deskriptip tentang pekerjaan

Ringkesaning Wulangan
Waspadakna wacan ngisor iki!
Ajar Macul
Darji melu Sudiro menyang sawah. Kebeneran wektune bubar panen kacang brol. Dadi
lemahe sawah isih garing. Godhong kacang isih akeh pating slebar ana ing sawah. Awan
kuwi bapake Sudiro isih resik-resik sawahe.
Lemah sawah kuwi diresiki nganggo pacul. Wektu Sudiro tekan sawah, bapake banjur
ngaso. Pancen Sudiro didhawuhi ngirim dhaharan awan. Bapake Sudiro banjur ngaso karo
dhahar.
"Iki jenenge pacul, ya Dir?" pitakone Darji marang Sudiro. Maklum Darji kuwi bocah
kutha sing lagi wae manggon ana desane Sudiro, yaiku desa Jekula.
"lya, bener,” kandhane Sudiro.
"Kepengin macul apa piye?" takone Sudiro marang Darji.
"Aku nyoba, ya?" aloke Darji.
"Ngati-ati, Iho, Nak," ngendikane bapake Sudiro.
"Inggih, Pak!" wangsulane Darji.
Bocah kuwi banjur nyandhak pacul. Cruk cruk cruk, pacul ditamakake ana lemah.
Gandheng durung nate nganggo, mula sok nyaruk lemah sok ora bisa nyaruk. Untunge Darji
anggone ajar macul ngati-ati banget. Mula ya pacul mau ora nganti ngenani sikile.

Mangsuli pitakon
I. Wangsulana kang patitis!
1. Sapa sing lunga menyang sawah?
..............................................................................................................................

2. Yen kowe dadi Darji, apa sing mboktindakake ing sawah?


..............................................................................................................................
3. Apa pesene bapakeSudiro?
..............................................................................................................................
4. Miturut panemumu, apa wae sing bisa ditindakake wong tani ing sawah?
..............................................................................................................................
5. Apa gunane pacul kuwi?
..............................................................................................................................

II.Gawe ukara pitakon


Gawea ukara pitakon kanti ngematake wangsulan sing wis sumadya ing kothak sisih kiwa!
No Ukara Wangsulan Ukara Pitakon
1 Darji melu Sudiro menyang sawah.
2 Sudiro didhawuhi ngirim dhaharan.
3 Darji ajar macul ing sawah.
4 Darji maculi lemah.
5 Bapake Sudiro ngaso karo dhahar.

Anda mungkin juga menyukai