Anda di halaman 1dari 1

ATUR PANAMPI PASRAH TEMANTEN

Kula nuwun.
 Para pinisepuh ingkang satuhu binektenan, Bapak-Ibu, para
tamu kakung saha putri, kadang mudha-mudhi ingkang satuhu kula
tresnani, mliginipun dumateng Bp. Pangat Pangarso , minangka
sulih sarira saking kadang besan sutresna ingkang dahat
kinurmatan.
Saderengipun kula nyuwun sih pangapunten, mboten nami ngirangi
tata trapsila, hawit hangengeti papan saha kawontenan ingkang mekaten,
kepeksa kula ngadeg wonten ngarsa panjenengan.
Kepareng matur bilih kula minangka sulih sarira Ibu Jumiati
ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur, amargi Ibu Jumiati
nembe ngraosaken bombong mongkog ing penggalih, suka pari suka
pikantuk sungsung tetalining katresnan ingkang tanpa pepindhan. 
Langkung rumiyin Ibu Jumiati ngaturaken puja-puji syukur dhateng
ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring
kanugrahan dhateng Ibu Jumiati, katitik ing wekdal punika Ibu Jumiati
bangkit ngajangi pahargyan ngundhuh penganten.
Ingkang kaping kalih, kula pribadi tuwin Ibu Jumiati ngaturaken
pambagya wilujeng dhumateng karawuhan panjenengan sedaya dumugi
ing wisma pahargyan punika.
Kaping tiganipun, sampun kula tampi atur salam wilujengipun Bp.
Kamisan ingkang lumantar Bp. Pangat Pangarso. Kosok wangsulipun
Ibu Jumiati ugi ngaturaken salam kawilujengan mugi katur ngarsanipun
Bp Kamisan kanthi pepuji mugi-mugi tansaha pinaringan sih
kanugrahaning Pangeran, cinelakna ing suka rahayu lan tinebihna ing
godha rencana.
Salajengipun anggen panjenengan masrahaken panganten kula tampi
kanthi suka renaning penggalih.
Mawantu-wantu panyuwunipun Ibu Jumiati, panjenengan
sapangombyong keparenga hangestreni pahargyan mangun suka kanthi
mardika ngantos paripurnaning gati.
Minangka puputing atur mbok bilih anggen kula ngaturaken panampi
punika taksih kathah cicir, cewet, kuciwaning atur, saha kirang mranani
anggen kula matur. Awit cupet ing nalar kuthunging pemanggih. Kula
tansah mawantu-wantu nyuwun lumebering samodra pangaksami.
Nuwun, matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai