Anda di halaman 1dari 2

Bismillahiromanirohim

Assalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuh


Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng
pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Panjenenganipun para tamu kakung
sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT, Gusti ingkang
murbeng dumadi, mugi kasarasan, kawilujengan, katentreman tansah kajiwa lan kasarira dhumateng
panjenengan sedaya hangluberana dhumateng kawula.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak
mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben sekeca wawan pangandikan. Inggih
awratipun hamestuti jejibahan luhur, kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking
panjenenganipun Bp. ......................................... sekalihan.
Panjenenganipun Bp. ............................. sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan. Kula pinangka sulih sarira saking panjenenganipun Bp. ......................... sekalihan,
ingkang sepisan; ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumrambah para
kulawarga sedayanipun.
Jangkep kaping kalih; ing nguni sampun wonten pirembagan bilih ing antawisipun
Bp. ............................... sekalihan hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg. ............................... kaliyan
Bp. ............................ sekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi kenya siwi sesilih
Rr. ................................... Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging
arenggang, bebasan ngembun-embun enjang anjejawah sonten, ndhodhog latar, ndhodhog lawang
sumedya nginang jambe suruhe. Kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan,
saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah
panjenenganipun Bp. ....................... sekalihan anggenipun katampi panglamaripun, pramila ing
kalenggahan punika ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ................... sekalihan garwa inggih
punika;
Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya ndadosna sarana
sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten saget pisah salami-laminipun.
Kasoking katresnan Bp. ..................... sekalihan dhumateng Bp. ............................. sekalihan garwa, ing
mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ............................., ing pangajab pinangka
agemanipun calon penganten putri.
Mboten kekilapan Bp. ................................. sekalihan ngaturaken redana awujud arta, kenginga damel
ngentheng-enthengi anggenipun Bp. .............................. sekalhan garwa (ingkang mengku gati) netepi
darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika, panyuwunipun Bp. ......................
sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten
kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adat widhididana ingkang sampun lumampah
wonten ing mriki.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. ...................... sekalihan anggenipun ngaturaken sarana
dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.
Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bp. .................. sekalihan, menawi
wonten gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula
nyuwun shing samodra pangaksami.
Akhiru kalam, billahi taufik wal hidayah
Wassalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

Anda mungkin juga menyukai