Anda di halaman 1dari 4

TEKS DRAMA

"Malin Kundang"

Tokoh Pemeran:
1. Firda Farah Aidillah sebagai Narator
2. Ma'rifatul Khusniyah sebagai Istri Malin (Dewi)
3. Eka Rizkiyatur Rohmah sebagai Adik istri Malin (Rosita)
4. Nur Nayli Mufidah sebagai Ibu Malin (Bunda)
5. Tendy Fahrurrozi Saputra sebagai Adik Malin (Putra)
6. Ah. Hariyono sebagai teman Malin (Sultan)
7. Ah. Ali Yusuf sebagai Malin Kundang

Watak Pelaku:

Malin Kundang : Pintar, keras kepala , sombong , pekerja keras , dan durhaka pada orang tua
Bunda : Sabar , penyayang , baik hati , dan tegar
Dewi : Mudah terpengaruh dari orang lain
Rosita : Mudah cemburu terhadap saudaranya sendiri
Nurhaida : Baik hati dan penyayang
Sultan : Suka menolong , baik hati dan bijaksana

Ing desa terpencil ana kulawarga nelayan ing pesisir Sumatra Kulon. Amarga kahanan ekonomi sing kurang,
bapake mutusake kanggo golek urip ing negara liya kanthi nyabrang samodra sing amba. Nanging, bapake
Malin ora nate bali menyang kampung halamane mula ibune kudu ngganti bapake Malin kanggo golek
nafkah.

Bunda : Malin, Ndek ndi Kowe?


Putra : Cak Malin lagi golek kayu .Sedhela, Cak Malin mesthi bakal bali.
Bunda : Wis bengi kok Malin gorong moleh yo
Malin : (Mbi gesusu) Malin sampun mulih ,Bu

Malin kuwi wong sing pinter, lan pekerja keras. Nanging Malin uga nakal. Isuk-isuk Malin lunga menyang
pantai golek iwak. Biasane dheweke lelayaran karo kancane sing jenenge Sultan. Dene ibu lan adhine golek
kayu banjur didol marang warga utawa desa.

Sultan : He, Malin


Malin : Iyo (Karo noleh marang sultan)
Sultan : Aku arep mbalek na kutha. Aku wis kangen karo keluargaku neng kono.
Malin : Wah, kutha? Aku pengin banget na kutha.
Sultan : Ehm,Lek Kowe ilu aku na kutha iso Lin. Gelem ra Kowe?
Malin : Gelem wae. Nang Kono akeh penggaweyan ora?
Sultan : Mesthi. Aku bakal ngenalake kowe karo dulurku. Padha ayu-ayu
Malin : oke,kapan ndewek budhal?
Sultan : Sakcepete Lin, sesuk piye?
Malin : Oke

Tekan omah, Malin uga crita lan njaluk restu marang ibune.

Malin : Ibu, Malin arep menyang kutha karo Sultan.


Bunda : ibu ora setuju lin! Kowe ora bisa ninggalake ibu lan putra? Apa sampeyan ora ileng apa sing
kedadeyan karo bapakmu?
Malin : Ora iso, Malin tetep budhal sesuk
Putra : (Menghampiri Malin) Dalem cak Malin
Malin : Aku arep lungo sesuk mbi Sultan. Dheweke arep mbalek na kutha
Putra : Nanging, Apa cak Malin Ora mikirno ibu lan aku?
Malin : Aku ora peduli, aku tetep budhal na kutha.

(Akhire Ibu setuju. Sanajan abot, dheweke gelem ngrelakno Malin budhal menyang kutha)
Ing sawetara jam sawise lelungan ing njaba kutha Malin lan Sultan wis teka ing kutha, padha kaget weruh
sing beda saka desa.

Malin : wah..Iki sing jenenge kutha


Sultan : Iyo lin, ayo na omahku
Malin : Oke

(Sawetara menit wis tekan ing omahe Sultan)

Sultan : iki omahku lin, cukup prasaja to?


Malin : apik banget Tan. (karo kagum ing pasuryane)

Sultan uga nimbali adhine loro supaya dikenalake karo Malin.

Sultan : Dewi,Rosita rinio!


Dewi,Rosita : Cak Sultan wis mbalek, ana apa? (karo nyedhaki Sultan lan Malin)
Sultan : Iki Malin, kancane cak sultan. Malin, iki Dewi lan Rosita
Dewi : (karo rai isin). Seneng ketemu Kowe.
Rosita : hai (Karo ngguyu)

Sawise sawetara sasi Malin manggon ing kutha lan megawe ing panggonane bapakne
Sultan, Malin lan Dewi padha tresna-tresnan, nanging Rosita katon cemburu marang
Dewi. Nalika Malin lan Dewi lagi omong-omongan ing ruang tamu

Malin : Dewi Kowe ayu banget


Dewi : Matur nuwun ,Lin
Malin : lanangan model piye sing Kowe kepingini?
Dewi : Aku mung pengen wong lanang sing sayang tenan karo aku lan iso nyukupi kebutuhanku, ora
ninggalke aku

(Sadurunge Malin nerusake dumadakan Rosita teka)

Rosita : uhm uhm, jebule gek ngomong serius, Mbak Dewi diceluk cak Sultan ning njero!
(karo rai sinis)

Dewi : ono opo ros? Ketokane penting


Rosita : aku ora ngerti,wes na runuo

(Dewi Pun nyelaki sultan ing dalem, sultan katon ngomong serius)

Dewi : ana apa cak?


Sultan : opo kowe tresno karo Malin Wi, aku weruh kowe raket banget?
Dewi : kok pertanyaane kaya ngono?
Sultan : seneng ya ora apa-apa Wi, bapak setuju, aku wis ngomong karo bapak. Malin kuwi wong apik,
tangguh, sregep nyambut gawe.
Dewi : mungken cak, Dewi wedi yen Malin ora duwe rasa kaya aku
Sultan : oke, aku bakal ngomong karo Malin sesuk, wes na baliko runu
(Dewi metu lan weruh Rosita nguping ing mburi lawang)

Dewi : lapo Kowe Kok ndek kene?


Rosita : opo sampeyan bakal dijodhokake karo Malin?
Dewi : sssstttt.....kowe ngomong opo Ros, ora! (karo rai nesu lan swara rada banter
Rosita : Ojo ngapusi mbak, aku krungu ndek mburine lawang

( Dewi ora ngomong apa-apa lan langsung ninggalake Rosita) Sesuke sultan nemoni Malin

Sultan : Lin, ana sing ate tak omongno Karo kowe


Malin : Apa iku?
Sultan : Bapak wis njodohno kowe karo Dewi, apa kowe wis siyap?
Malin : Apa kowe ora salah ngomong, aku bakal rabi karo Dewi?
Sultan : Iyo Lin,temenan
Malin : Aku siyap tan, aku ancen wes nduwe rasa Karo dewi

Sasampunipun sultan midhanget wangsulanipun Malin, Sultan ugi ngandika dhateng ingkang rama lan rayi
kalihipun, Dewi remen nanging boten kaliyan Rosita, Ros kuciwa, lara manah, nanging boten wonten
ingkang saged dipuntindakaken Rosita kejawi nampi jodhonipun Malin lan Dewi. diatur lan nikahan
ditindakake kanthi riyaya, sawise nikah Malin diparingi omah lan bandha sing akeh saengga dheweke dadi
wong sugih.
Wiwitane, Dewi lan Malin lelayaran menyang sawijining pulo, sing bisa dadi bencana kanggo Malin, nalika
teka ing pulo kasebut.

Dewi : Apik banget pulo iki, apa jeneng pulo iki Lin?
Malin : Ora ngerti, aku ora tau mampir ing pulo iki. (karo swara wedi)

Malin mung ngarep-arep ora ana sing weruh ing kene, nanging kayane ora mungkin, saka kadohan jebul
wis ana sing weruh, wong wadon sing kenal karo dheweke, wong wadon mau mlayu nyedhaki dheweke.

Putra : Cakkkkkkk Maaalliiiiiinnnnnnnnnnnn


Dewi : Kayane ana sing nyeluk kowe Lin
Malin : Ah ora, salah krungu. (kringet adhem netes ing bathuk)
Putra : Cak Malin,apa bener Iki cak malin?
Dewi : Dheweke ngerti sampeyan Lin,sapa dekne sebenere (karo rai kaget)
Malin : Aku ora ngerti dheweke, tenan
Putra : Iki aku adhimu putra kok ora kelingan aku cak (nangis)
Bunda : Putra,ana apa?
Putra : Cak Malin sampun wangsul, Bu

(Ibu kaget lan langsung marani wong telu mau)

Bunda : Iki anakku Malin? (karo nangis bungah)


Malin : Ora!!! Sapa kowe bajingan tuwa, aku ora kenal kowe!
Bunda : Aku iki ibumu, aku ngandung lan nglairake kowe. Apa Kowe ora ileng?
Malin : Ora usah gawe cerita tuwo bangka, ibuku wis suwe mati
Putra : Cak Malin wis lali karo ndewek ,Bu. (sambil nangis)
Dewi : Malin! sapa sejatine wong Iki?
Malin : Aku ora kenal
Bunda : Dasarrr,Kowe anak durhaka!! Aku ibumu!! (Malin mung meneng wae)
Bunda : Laknat kowe Malin, atimu dadi watu!
Sanalika mendhung teka, kilat nyamber, lan kilat gedhe nyamber Malin lan pungkasane Malin dadi watu.

Anda mungkin juga menyukai