Anda di halaman 1dari 2

“TAKDIR”

Aku ora ngerti, nyapo Tuhan nyiptakne takdirku koyo ngene. Aku ora ngerti, nyapo aku
mlebu ning daftar takdir sing ora iso ndelok apike ndonya. Aku ngerti, saben kelepatan, mesti
ana keluwihan. Tapi aku pingin banget, ndelok apike donya iki, donya sing tak panggoni
“nyapo Din? kok ngamun neh?” tanglet ibu.
“mboten, kula namung angen-angen mawon bu” Dina ngomong sambil mesem
Ibu mersani polahe Dina “kowe kudu nrima opo sing diparingi marang Tuhan, kowe ora oleh
ngeluh. Tuhan ngerti apa sing apik nggo kowe”
“nggih bu, kulo paham”
Ibu ngelus rambute Dina, “yowes lek no, ayo siap-siap bibar iki bapak rawuh terus langsung
budhal ning simbah”
“nggih bu” Dina ngadeg saka lungguhe diewangi ibu
Bibar siap-siap dina takon marang ibune “bapak sampun rawuh bu?”
Ibu ngendika “uwes ket mau Din, yowes lek no ayo langsung budhal ae”
Dina metu saka kamar lan lansung disambut bapake nin ngarep pintu
“Din ayo mlaku, ati-ati ya” bapak mbantu Dina mlaku
“nggih pak”
Teka daleme simbah, simbah langsung meluk Dina amarga kangen cucu siji-sijine “piye
ndhuk kabarmu?”
Dina mesem marang simbah “alhamdulillah, kula waras mbah, mbah kepriye?” takon Dina
marang simbah
“apik kabare mbah, ayo mlebu kabeh”
Akhire, simbah marang Dina, ibu, lan bapak mlebet daleme simbah lan langsung lungguh
ning ruang tamu. Ibu langsung menyang dapur, bapak langsung nemoni mbahkung dateng
pekarangan mburi. Dina namung karo simbah nin ruang tamu sambil crito-crito
“piye sekolahmu Din? Lancar to?” simbah takon marang dina
“alhamdulillah lancar mbah, kula kagungan kanca anyar menyang Surabaya. Jenenge Rani,
sami kula mbah mboten saget mersani. Nangin kula lan Rani melu ekskul musik mbah. Aku
lan Rani badhe melu lomba ngewakili sekolah tingkat kota. Kula megang piano, Rani sing
nyanyi mbah”
Mbah nangis mireng critone cucune sing nduweni kekurangan
“mbah bangga karo kowe Din, kelepatanmu ora mbatesi kowe nggo berprestasi. Mungkin
Tuhan ora maringi kowe paningal, nanging Tuhan maringi kowe keluwihan yaiku iso main
musik. Kowe kudu bersyukur yo ndhuk, mbah bangga karo Dina” ngendikane mbah sambal
nangis.
Dina mung iso mesem “nggih mbah, inshallah kula bakal ngembangake bakat kula. Dina
nyuwung dongane nggih mbah”

Anda mungkin juga menyukai