Anda di halaman 1dari 6

UPACARA PANGGIH GAGRAK SOLO HADININGRAT

PEMBUKAAN.
Ass..salam sejahtera buat kita semua.
Dengan memohon ridho dari Allah SWT.Tuhan dzat penguasa jagad. Serta mengharap doa
& restu dari bp ibu tamu yg sudah hadir.ijinkan sy…memandu acara adat panggih antara
anada

SHELLY YULLYA PHUSPITA Putri tercinta dari


BP. WILLY INDRA ARIF PRIBADI.
IBU.TUTIK PURWATI
Dengan Ananda..
ILHAMUR RAHMAN Putra terkasih dari
Bp. MUHTAR
IBU. NYAI SUSILAWATI.
Yang telah melangsungkan akad nikah ; hari ini sabtu 11 november 2021 pukul 8 pagi wib.
Khanti linambaran pangesti puji dhumateng ngarsanipun gusti ingkang maha suci, miwah
angantu panjurung donga saking saking para tamu kakung miwah putri , keparengna kulo
sigra amurwakani lekasing sedya ,nuninjih adicoro panggih antawisipun anak ajeng…
Shely yullya phuspita..putri kinasih bp willy indra arif pribadi miwah ibu tutik purwati.
Kalian anak mas bagus ILHAMUR RAHMAN..putra kakung saking bp muhtar miwah ibu nyai
susilawati.
Binarung ungeling chantoko makungkung ing pasabinan ,gathining acoro panggih
pinurwakan. / kodok ngorek.
Wus dumugi wayahing mangsakala dhumawahing khodrat saking gusti ingkang murbeng
jagad. Nalika semono ono titahing gusti ingkang asipat jalu tanapi wanudya , ingkang
sumedya ngancik alaming madya ngeluri laksita harja, amangun balewisma.
2. PENYERAHAN PISANG SANGGAN
Kawuryan bp…………………….miwah ibu…………………………..<petugas PS>.
Sampun samekta gati sawega dhiri amundhi ponang pisang sanggan, sigra jumangkah lon
alon, samangkih soyo caket nggen nira tindhak, dupi prateng ngarsanipun …<bp/ibu pw.
Bp willy indra arif pribadi lan ibu tutik purwati.
Tan saranta gya angaturaken ponang pinebusing adicara panggih.
Sampun katiti priksa , dumadi saking pisang raja setangkep mengku werdhi ngawijekaken
kalih keluarga gung, pinilih pisang raja ing pangajab bebrayanipun putra kekalih sinung
wataking ratu.
Pisang sanggan merupakan lambang bersatunya 2 kelg . di pilih pisang raja agar kehidupan
mempelai berdua penuh kewibawaan dan kebahagiaan.

3. TEMON KEMBAR MAYANG.


Purna sampun pasrahipun pisang sanggan , nuli kebat lampahiro paraa joko tumaruno
ingkang ngasto kembar mayang. Miwah para kenya sulistya ingkang ngasto adhep adhep
merak kukilo ,sigra kapagutaken ponang kembar mayang miwah adhep adhep.
Yekti sampun madhep mantep deniro arso mangun mbrayat ,kalpataru,jayandaru,
dewandaru minangka perlambang, gegadhangan murih langgeng denira mangun brayat,
cinaket bagya mulya,rum asmanira.
Kembar mayang disebut kalpataru adalah symbol keabadian cinta.Jayandaru berarti agar
berusaha agar hidup menempati derajat yang tinggi.Dewandaru berarti hidup harus
berupaya agar senantiasa mendapatkan cahaya ilahi rabbi.
4.BALANGAN GANTAL

Mulat risang pinanganten , karana wus dumugi reroncening adicara balangan gantal,
nulya pengantin kekalih ,samya jumangkah alon, soyo caket tindakira, satemah
apagut tingal. Tempuk kang pandulu catur netra gya ambabar daya tresno tumusing
nala.
Tan saranta balang binalang ganthal, punoppo to wujudipun gantal? Dumadi saking
sedah lininthing tinangsulan wenang seto, pinilih sedah ingkang matemu rose.
Sedah utawi suruh mengku werdi kerata basa kedah sregep dennyo ngangsu
kawruh , nggegulang murih sembadaning sedya,
Matemu rose mengku werdi mbudidaya manunggaling cipta rasa lan karso.
Balangan ingkang kapisan , sinebat gondang tutur,mengku werdi bilih penganten
ywa kongsi nyingkur sedoyo pitutur luhur.
Balangan ingkang angka kalih sinebat gondang kasih, lir ipun murih pengantin
kekalih denra paring pitutur, tansah linambaran raos tresno aasih.
Balangan ingkang ongko tigo. Sinebat gondang gambuh, sayekti sampun
manunggal raosipun,manunggal ciptanipun.
5. WIJI DADI / INJAK ENDOG.
Karana sampun manunggal ponang cipta rasa lan karso, sigra nglaksitani adicara wiji dadi,
tinangeran kanthi antiga katapak padha, mantheng ciptaniro sri atmaja penganten kakung
kepatak podho ponang antiga pecah padha sakala, wor carup antawisipun warna jene
lambanging pawestri, warna seta/ putih lambanging kakung, ingkang sampun tinangsulan
akrami lumantar agami suci. Mugi mugi enggal timbulipun wiji pinangka pangiketing tresna
ingkang awujud putra utawi putri.
6. NGRANU PADA/ BASUH KAKI.
Sigra pengantin putri… mb SHELLY ..hanjengku ngranu pada mijiki samparanipun ingkang
raka garwa nuninjih mas ilhamur rahman,pinangka tanda bekthi dumateng kang garwa.
7. JUMENENGAN.
Purna anggenipun ngranu pada , daya daya panganten kakung mas ilham angulungaken
astha dateng ingkang garwa ,kinen jajar sumandhing.
Dibangkitkan istri tercinta dan berdiri berdampingan , mengandung arti bahwa seorang istri
adalah belahan jiwa dan bukan sekedar pelengkap kehidupan seorang pria.
8. SINDUR BINAYANG
Sampun jajar pinanganten kekalih , bp willy indra arif pribadi ingaturan nyinduri datheng
pinanganten kekalih.
Ewondene ibu tutik purwati.
Kepareng tut wuri lekasipun penganten.
Sampun mundhi sindur awarna rekta / merah lan seta /putih,sindur keratabasa Isin kalamun
mundur, lingsem manawi tan langkung saking sudarma, sindur ugi ateges isine mung
nandur , murih pengantin sarimbit tansah nanem kasaenan sadhengah papan.
Warni rekta mengku pralampita wanton mbelani perkawis ingkang leres, dene warni seta
pralampita sucinipun diri tumuju kautaman.
Alon tindakipun bp willy indra arif pribadi , ingkang sampun nyinduri dateng ingkang putra,
manawi rinumpaka candranipun bp willy….. ing ngarso sung tulodo,
Panganten sarimbit , ing madya mangun karso. Dene ibu tutik purwati ..tut wuri handayani.

Sinduran memberi nasihat bahwa..hari ini harus lebih baik dari kemaren dan hari esok harus
lebih baik dari hari ini. Juga nasehat agar selalu menanam kebaikan dimanapun dan di
setiap ada kesempatan.
Warna merah berarti keberanian membela kebenaran dlm hidup, dan warna putih
mengandung makna agar senantiasa didasari hati yg suci di setiap Tindakan.
9. BOBOT TIMBANG.
Sampun dumugi ing sasono rinengga daya daya bp willy..kepareng lenggah dhampir gya
animbang dhateng putra kekalih.
Alon pangandhika nira ibu..tutik purwati
Pak… awrat ingkang pundhi putranipun??
Bp jawab; bareng tak timbang podo abote bu.
Lir ipun bilih mas ilhamur rohman sampun dipun anggap putra pribadi tan beneh kalian mb
shelly Yuliya phuspita.
Sampun timbang bobot,bebet miwah bibit ipun.
Timbangan merupakan perlambang bahwa..
Mulai hari ini mas ilham sudah menjadi putra bp willy /ibu tutik
Dan mb shelly sudah menjadi putri bp muhtar/ ibu nyai susilawati.
Kedua mempelai sudah sepadan , serasi dan seimbang.

8.TANEM/ WISUDAN.
Sak sampunipun tinimbang,gya pengantin bade kawisudan lumantar adicara tanem jero.
Sampun samekta bp willy arsa amisuda putra kekalih..lirih anyabda;.. ngger mas ilhamur
Rahman ,sliramu pun rama wisuda pinangka nalendra ,sanajan among sadino.
Lan sliramu ngger mb shelly.. pun wisuda jumeneng prameswari sanajan among sakratri.
Pengantin sering disebut sbg raja dan ratu sehari.

9. NGUNJUK RUJAK DEGAN


Pinangka tanda bagya mulyaning panggalih karana sampun bangkit nindaaken wajibipun
sudarma, mila bp/ibu bada ngunjuk rujak degan.
Ibu tutik keparing paring pangandikan…pak..kados pundi raosipun?? Kanthi bombing bp
willy.. ngendhika seger sumyah sumrambah wong sak omah,nurakabi wong sak gotrah.
Artinya kebahagiaan yg di rasakan kelg sebisa mungkin di rasakan juga oleh keluarga
maupun masyarakat luas.
10. KACAR KUCUR
Sampun dungkap adicara kacar kucur,nenggih paringipun guna kaya saking garwa kakung
dumateng garwa estri, awujud arto receh,pinangka lambahing nafkah lahir.
Kacang kawak beras kawak,dele kawak pinangka lambanging rejeki batos.
Kacar kucur guna koyo dadi sedulur manjing kaya sentono…
Kacang kawak dele kawak,wong adoh dadi cedak wong liyo mugiyo dadi sanak.
Salajengipun pengantin putri ambungkus gunakaya pinangka simbul adicara
lumbungan,mengku werdi bilih saperangan guna kaya bade dipun simpen kangge jagi jagi.
Ugi nindakaken adicara punjungan, liripun bilih saperangan bade dipun aturaken dumateng
tiyang sepuh pinangka pisungsung/ hadiah.

11.DAHAR KLIMAH
Murih saget sayeg saeko praya nggenya mangun brayat , penganten arsa nindaaken
adicara dahar klimah.
Dumadi saking beras ketan,murih saya raket supeket tresnanipun. Satemah mboten bade
pisah ,bebasan tan ginggang sak rikma.

12.TILIK PITIK/ BESAN MERTUWI


Karana sampun paripurna krobonganipun pengantin sekalian. Daya daya bp wilily lan ibu
tutik jengkar saking palangka rukmi , ingkang dipun sedya naming badhe mapag kadang
besan nenngih bp muhtar miwah ibu nyai susilawati.
Anguncupaken asta tumanduk kadang besan ,aris ngendikanipun..
Kangmas sugeng rawuh,manga mertuwi dating ingkang putra sampun jumeneng nalendra.
Gandeng renteng,reruntungan para para ingkang samya bagya suka nenggih ibu tutik
ingkang tindhak sarimbit kalian ibu nyai susilawati. Sinawung bp willy miwah bp muhtar,
samya mesem ing wardaya,tanda yekti katuju prana manahipun.
Sigra ingaturan lenggah wonten sasana pinanci kagem hanampi sungkemipun para putra.
13. SUNGKEMAN
Linolos ponang wangkingan miwah canelo,sigra daya daya pinanganten sowan ngarsanipun
rama ibu.
Sedyanipun arsa ngaras pepada, sowan ipun sri pinanganten kabiwadha kidung ddng gula;
WERDINIPUN SUNGKEMAN PUNIKO
ATUR BEKTI MARANG IBU RAMA
NGLENGGANA KALUPUTANE.
NYUWUN PANDONGA PANGESTU
NGGENYA SAMPUN APALAKRAMI
MRIH CAKET BAGYA MULYA
TEBIH ING RERIDHU
KEPARENGA SUNG WEWARAH
LAN TULADHA TAN KENDHAT PARING PIWELING
NUNGGAL CIPTA RASA LAN KARSA.

14.BEDHOLAN
Sampun paripurna reroncening adicoro panggih, daya daya sang suba manggala gya
mranata baris, arso kadherekaken tumuju panti pahargyan .
Paripurna sudah acara adat panggih ke 2 mempelai dan ke 2 ortu akan segera menuju ke
ruang busana,untuk persiapan acara kirap.

15.PENUTUPAN
Paripurna sampun rerangkening adicara panggih,nyuwun gunging pangaksami, mbok bilih
wonten ingkang mboten nuju prana , dhumateng jeng andhika sedoyo.

Anda mungkin juga menyukai