Anda di halaman 1dari 1

Nama : Dhony Ardiansyah

Kelas : XI MIPA 1
No. Presensi : 14

Sedhahan Khitanan
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh
Winantu sagunging pakurmatan. Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih
pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan. Sinartan nyadhong berkahing Gusti Allah ingkang
Maha Agung, kula sabrayat gadhah pangangkah badhe ngawontenaken syukuran khitanan anak
kula ingkang nama, Dimas Fathanah Al-Ishaqy benjang ing:
Dinten : Ahad Pon
Surya kaping : 2 Mei 2021
Wanci : Tabuh 10.00 WIB
Wonten ing : Gedhung Serbaguna, Tulung, Srihardono, Pundong, Bantul
Satuhu damel bombong saha mongkonging manah kula sabrayat, mbokbilih dhangan ing
penggalih saha sepen ing sambekala, bapak/ibu saha sedherek sekaliyan keparenga rawuh
hangestreni saha paring puja pangastuti dhumateng anak kula, supados dados putra ingkang
sholeh saha bekti dhumateng tiyang sepuh kekalih, aamiin.
Wasana kula sabrayat ngaturaken agunging panuwun saha nyuwun agunging pangaksami
sedaya kekirangan dalah kalepatan kula.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh

Salam taklim,
Kulawarga Bpk. Anwar Shiddiq Al-Ishaqy

Anda mungkin juga menyukai