Anda di halaman 1dari 1

Sepedah GL Max

Aku Jono arek deso sing Urip ing keluarga sing biasa biasa ae, wong tuwo ku kerjone dadi buruh
tani.

Dina Iki aku mari mecah celenganku sing wis tak isi tekan 3 tahunan kepungkur, aku nyelengi
amarga kepingin tuku sepedah sing modele koyo kanca kancaku, sak wis e tak itung itung duite
tibake pas gae tuku sepedah sing tak karepi, Ra pikir panjang aku langsung njujug omahe pak
lurah pingin tuku sepedah e sing wis sue ora digae yaiku pedah GL Max, sak wis e tawa menawa
akhire deal pak lurah gelem ngecul sepedahe.

Saben Dina sepedahe tak gae dolan tak pamerke kanca kancaku, seminggu kepungkur sepedahe
mulai akeh trouble, sing wayahe ganti kopling, mbenakno mesine lan akeh liyane, aku iling Yen
sepedahe wis sue ora digae makane kudu diservisno disik, amargi biaya perawatan sing larang
lan aku Ra kuat gae ndandakno, sepedahe tak dol maneh Ng pasar, mung Ra onok sing gelem
nuku amarga sepedahe model lawas lan kudu nyervisno, akhire sepedahe tak gawa mulih terus
ngelumbruk Ng omah dadi sarange tikus lan laba laba, aku mikir "iya ya ternyata Yen tuku
sepedah lawas iku ya kudu ngitung sak biaya perawatane, Dudu mung gae keluyuran tok" aku
nyesel banget laopo aku Ra tuku sepedah anyar ae Masia larang tapi perawatane gampang.

Telung wulan kepungkur kanca kancaku pada takon opoo aku ga tau nganggo sepedaku maneh,
aku kanda yen sepedahku kudu diservisno, kanca kancaku pada ngomong "Ya wes aku tak melu
nyang omahmu pingin weruh kondisi sepedahmu Jon", kanca kancaku pada kaget pas nyawang
sepedahku sing wis kaya rosokan, "Jon Jono due sepedah ko ga tau diramut nganti dadi sarang
tikus lan kebek sarange laba laba, wis tokno wae sepedahe ayo diresiki diumbah terus
didandani" jare kancaku, akhire sepedahe tak tokke tak umbah nganti resik karo diewangi
kanca kancaku, sawise diumbah sepedahe digawa menyang bengkel supaya diservis ben iso
digawe maneh, " Wes ga usah dipikir masalah bayar servise, iki arek arek pada urunan gawe
awakmu ben sepedahe iso digawe muncak bareng maneh" , aku langsung ngerangkul kanca
kancaku lan ngucapno matur suwun, sawise tekan bengkel sepedahe sing wis diservis lan
diganti onderdile kerasa kayak sepedah anyar sing penak tumpakane, aku lan kanca kancaku
gawe komunitas pencinta sepedah GL Max gawe tempat sharing lan gawe kanca dolen bareng,
sepedah sing awale sepedah sing ga payu ning pasaran saiki dadi sepedah sing akeh digawe apa
maneh ning kalangan arek arek enom.

Anda mungkin juga menyukai