Anda di halaman 1dari 12

1

BOJANA KORBAN EKARISTI


WILAYAH NGESTIHARJO KIDUL

***

Kaunjukaken dening:
Rama FX Sukendar Wignyosumarto, Pr

Wilayah Ngestiharjo Kidul


Gereja Brayat Minulya Paroki Pugeran
Jumat, 11 februari 2022
Pukul 18,30 wib

Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 1


2

RITUS PAMBUKA
Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 2
3

Kidung Pambuka (jumeneng)


SOWAN GUSTI
B : Mangga kita sowan sesarengan ingarsaning
Pangeran Kang Maha Asih
U: Mangga sesarengan sowan ngarsaning Pangeran,
caos sembah sujud tandhaning setya bekti.
Mangga sesarengan masrahaken dosa-dosa, supados
pantes ndherek bojana.
Pramila sumangga samya nyawisken manah kita

Tandha Salib - Salam lan Cecala


Pamartobat :
(lenggah)
Kawula ngakeni............
ABSOLUSI
I : Muga Allah kang maha kuwasa tansah paring
palimirma lan pangapuraning dosa, sarta nuntun
kita dhateng gesang langgeng.
U : Amin.

KIDUNG WILASA ( KA 174)


Sembahyang Pambuka (jumeneng)
I : Swawi sami munjuk,

Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 3


4

Allah Hyang Rama ingkang maha mirah, kawula


ngluhuraken Asma Dalem krana katresnan saha
kamirahan Dalem ingkang tansah rumentah
dhumateng kawula sedaya. Kanthi penuh ing raos
syokur keparenga kawula marak sowan ingarsa
Dalem, sumujud atur panuwun. Keparenga ugi
mbuka manah saha budi kawula, supados saget
mirengaken sabda piwucal Dalem ingkang badhe
nuntun lampah gesang kawula, ngener ingarsa
Dalem. Inggih lantaran Sang Kristus ingkang
kaliyan Sampeyan Dalem, manunggil ing Hyang
Roh Suci, mengku keprabon jumeneng Allah
samenika lan ing salmi-laminipun. Amin.

LITURGI SABDA (lenggah)


WAOSAN I: 1 Raja 11, 29-32; 12, 19
‘Israel misah saka kulawargane Dawud’

L : Waosan kapethik saking Kitab Para Raja


ingkang kapisan.
Nalika samana Yeroboam lelungan saka
Yerusalem lan ana ing dalan ketemu karo Nabi
Akhias saka Silo. Ya mung wong loro mau sing
ana ing bulak. Dene Akhias nganggo mantol
Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 4
5

anyar. Mantol iku terus dicandhak, disuwek-


suwek dadi rolas karo ngandika marang
Yeroboam: “Tampanana sing sepuluh, awit
mangkene sabdaning Pangeran Allahing Israel:
Negarane Suleman ana suku sepuluh sing
Daksuwek saka tangane lan Dakparingake kowe.
Mung siji sing isih kari, karana Dawud lan karana
Yerusalem, kutha pilihanKu padha-padha suku
Israel kabeh.”
Mangkene umat Israel anggone misah saka
kulawargane Dawud, lan mangkono mau lestari
tekan seprene.
L :Mekaten Sabda Dalem Gusti.
U: Sembah nuwun konjuk ing Gusti

MAZMUR TANGGAPAN
Reff: Aku iki Pangeran Allahmu, estokna
dhawuhKu.
Ayat-ayat:
1. Aja padha suwita dewa liya, aja padha
manembah dewa manca! Ya Aku iki Pangeran
Allahmu, kang nuntun kowe ninggal tanah
Mesir. Reff:
Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 5
6

2. Nanging Israel ora ngrungokake sabdaKu,


umatKu ora mituhu marang Aku. Mulane
Daksekarep nggugu atosing atine, lan padha
mlaku golek dalan dhewe. Reff:

3. Saupama umatKu mituhu marang Aku,


saumpama Israel gelem ngambah dalanKu,
kabeh mungsuhe mesthi sanalika Daklebur,
sing padha ngganggu gawe mesthi daktibani
astaKu. Reff:
KIDUNG CECALA INJIL: (jumeneng)
K : Alleluia, Alleluia, Alleluia U: Alleluia 3x
K : Gusti, kula aturi mbuka manah kawula, amrih
sageta nggatosaken sabdaning Putra Dalem,
Alleluia

WAOSAN INJIL Markus (7: 31-37)


I : Gusti manunggala
U : Kaliyan kula sadaya
I : Pethikan Injil Suci anggitanipun Santo
Markus
U : Linuhurna Gusti
“Wong budheg diparingi bisa ngrungu, lan wong
bisu bisa celathu”
Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 6
7

Nalika samana Gusti Yesus nilar wilayah


Tirus maneh nglangkungi Sidhon, ngener
menyang tlaga Galilea lan rawuh ing tengah-
tengahe wilayah Dekapolis. Ing kono ana
wong budheg bisu sing disowanake lan Gusti
disuwun numpangi asta. Wong mau nuli
diajak sumingkir, kupinge dileleti racikan
Dalem lan ilate dileleti kecoh. Gusti banjur
tumenga ing langit, ngesah lan ngandika:
“Effeta tegese: Mengaa!” Sanalika kupinge
binuka, lan talining ilat udhar nganti bisa
omong lumrah. Nanging wong-wong diawisi
crita-crita marang sapa bae. Ewasemono saya
keras Gusti anggene ngawisi, saya rame
anggone padha ngabarake. Saking gumun lan
erame padha ngucap, “Sarwa becik sakehing
pakaryane. Wong budheg diparingi bisa
ngrungu, wong bisu bisa celathu.”
I : Rahayu wong...................
U : Sabda Dalem iku dalan, kasunyatan lan
urip.

HOMILI
Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 7
8

PELANTIKAN PENGURUS WILAYAH

SEMBAHYANG UMAT
(jumeneng)
I : Allah Hyang Rama, katresnan saha kamirahan
Dalem tansah nuntun gesang kawula ing margi
Dalem. Mugi keparenga midhangetaken
panyuwunan kawula:

L : Allah Hyang Rama, paringa kekiyatan jiwa raga


kangge para pangening pasamuwan suci Dalem,
supados lana anggenipun ngampingi para menda
Dalem ingkang tuwuh ngrembaka saindhenging
donya. Saengga Asma Dalem kaluhuraken ing
salumahing bumi. Gusti kawula nyuwun........
U : Gusti mugi nyembadanana panyuwun
kawula.

L : Allah Hyang Rama paringa berkah saha


kekiyatan kangge para pangarsaning negari,
ingkang sampun dipun pitados dening para
kawula kangge nyepeng peprentahaning negari.
Mugi krana berkah kawicaksanan peparing
Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 8
9

Dalem, dados dhasaring tumindak adil kangge


sedaya kawula sabangsa saengga cinipta gesang
ingkang guyup rukun kangge sesarengan
mbangun negari ingkang tata titi lan tentrem.
Gusti kawula nyuwun,
U : Gusti mugi nyembadanana panyuwun
kawula.

L : Allah Hyang Rama, keparenga paring kekiyatan


iman tumrap kawula sedaya ingkang dalu menika
sowan andher ing altar Dalem. Katuntuna para
dewan pengurus enggal Wilayah Ngestiharjo
Kidul ingkang badhe ngayahi jejibahan masa
bakti 2022-2024, sagete makarya ngladosi sedaya
umat Dalem kanthi sukagambiraning manah
amrih Asma Dalem kaluhurna.
Gusti kawula nyuwun:
U : Gusti mugi nyembadanana panyuwun kawula

L : Allah Hyang Rama mugi kawula sedaya ugi


tansah pikantuk mujijat Dalem, kanthi talingan
ingkang saget mireng piwucal Dalem, lan saget
wicanten barang ingkang sae kangge ngluhuraken
Asma Dalem Gusti. Gusti kawula nyuwun....
Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 9
10

U : Gusti mugi nyembadanana panyuwun


kawula.

L : Allah Hyang Rama kaberkahana para putra saha


para mudha, katebihna saking tumindak awon,
sageta nuladha para murid Dalem Gusti Yesus
ingkang sumanggem ing dhawuh njembaraken
Kraton Dalem lumantar pakaryanipun.
Gusti kawula nyuwun,
U : Gusti mugi nyembadanana panyuwun
kawula.

...............sembahyang pribadi.................
I : Mekaten dhuh Gusti panyuwunan ingkang
konjuk wonten ingarsa Dalem. Mugi Gusti
midhangetaken saha nyembadani
panyuwunan menika. Lantaran Sang Kristus,
Gusti tuwin juru wilujeng kawula. Amin..

LITURGI EKARISTI
Sembahyang cecawis Pisungsung

Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 10


11

I : Padha nyenyuwuna para sedulur, amrih saosan iki


pantes tinampia ing dening Allah , Rama kang
maha kuwasa.
U : Mugi saosan lantaran astanipun rama imam,
katampia ing Gusti amrih luhur tuwin mulyaning
Asma Dalem, amrih migunana ugi tumrap kawula
sadaya, saha Pasamuwan Dalem ing saindhenging
bawana.

I : Allah Hyang Rama, mugi katampia pisungsung


roti tuwin anggur menika, wujud raos syokur
kawula, umat Dalem. Dadosa kekiyatan anggen
kawula ngabdi ing Sampeyan Dalem. Lantaran
Sang Kristus, Gusti lan juru wilujeng kawula
samenika lan ing salami-laminipun. Amin.

SEMBAHYANG PUJI PANUWUN AGUNG


Pambuka Prefasi - Kidung Suci – Sembahyang Puji
Panuwun Agung - Rama Kawula- Katentreman

Cempening Allah
Komuni
Sembahyang Bakda Komuni
Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 11
12

I : Swawi sami munjuk,


Allah Hyang Rama ing swarga, krana Slira lan
Rah Dalem ingkang kawula tampi menika mugi
kaenggalna jiwa raga kawula, supados tansah
setya tuhu ngabdi ing Gusti ngantos samangke
kawula kepareng manunggil ing Kraton Dalem
ingkang lana ing swarga. Lantaran Sang Kristus,
inggih Juru wilujeng kawula samenika lan ing
salami-laminipun.
Amin.
*

Bojana Korban Ekaristi, Wilayah Ngestiharjo Kidul # 12

Anda mungkin juga menyukai