Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh.

Ingkang kawulo hormati, Ustadzah kepala sekolah


Ingkang kawulo hormati ugi, Ustadz/ Ustadzah lan jajaran pegawai sekolah.
ingkang kawulo tresnani, rencang-rencang sedanten.

Monggo kito panjataken syukur dalemipun Gusti Allah ingkang Maha


Agung.
Awit ing wekdal menika kito taksih diparingi pinaringan sehat, sahinggo
ing dalem punika kita saged makempal teng majelis perpisahan niki.
Shalawat soho salam mugi tansah katur, konjuk dhumateng ngarsanipun
Nabi Muhammad Saw.
Mugi-mugi kito sedoyo pikantuk safa'atipun Nabi Muhammad Saw
mbenjang wonten yaumil kiyamah. Aamiin.

Selajengipun, kula minangka wakil saking kelas 6 nyuwun agungin


panuwun tanpo umpami kagem USTADZ/Ustadzah sedaya.
Kula kaliyan rencang-rencang naming saged memuji, supados sedaya amal
lan kesaenan Ustadz/ Ustadzah pikantuk piwales saking gusti allah ingkang
maha kuasa.
Boten kasupen kulo kalian rencang-rencang nyuwun pangapunten. Mbok
bilih kulo lan rencang-rencang damel Ustadz/Ustadzah duka lan kuciwa.
Dumateng Ustadz/Ustadzah serta adik-adik sedaya, sapisan malih kula
ndedonga kagem gusti mugi-mugi panjenengan sedoyo pinaringan rahmat
saha barokahing gusti allah.
Meniko cekap semanten ingkang saget kula aturaken menawi kathah
kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai