PACELATHON
NUNUT NGIYUB
...
2. Ukara ing ngisor iki kang kalebu ukara tanduk yaiku ... .
a. Aku ditimbali bapak
b. MBak Elvi nyirami kembang
c. Adhiku diparingi sangu dening simbah
d. Mas Bagyo dakkandhani yen simbahe wis rawuh
B.
C.
D.
CERKAK
PINGGIR ALAS
.................................................................
“Jan luwak dipakani tales, nasib awak yen lagi apes.” Gepeng lan Karto Senggrek mung
nyawang Jarwo karo kepengin ngerti bacute crita iku, nanging Gepeng karo Karto Senggrek
wis bisa mbedhek yen Jarwa mesthi kena perkara sing ora nyenengake, Gepeng banjur
takon “Kowe iku kena apa? Teka-teka wis ngresula.”
7. Pethikan cerkak “Pinggir Alas” bisa dadi tuladha tumrap uripe manungsa, sejatine urip iku ... .
a. gampang ngresula lan ora tau ngucap sokur
b. tansah ngucap sokur lan kerep muring-muring
c. ora gampang ngresula lan tansah ngucap sokur
d. gampang ngucap sokur lan tansah ngresula
8. Tembung aneng wujude tembung garba ana+ing, dene tuladha liyane tembung garba yaiku
... .
a. yaiku
b. sarwendah
c. sitiinggil
d. maha meru
10. Bapak/ibu tuwin kanca-kanca siswa-siswi sedaya, kula ngrumaosi bilih dados ketua OSIS
punika pancen awrat.
Tembung awrat nduweni teges ... .
a. abot
b. entheng
c. gampang
d. susah
11. Nalika lomba taman, kelas 8B sing dadi juwara umum, tanemane tinata rapi lan sarwendah
maneka warna kembange. Tembung sarwendah iku wujude tembung garba sarwa+indah,
dene tuladha liyane tembung garba yaiku ... .
a. mungguhing
b. kalokeng
c. ratuagung
d. jiwaangga
12. Panatacara kudu ngerti kanthi gamblang acara apa kang arep dilantarake lan sapa paragane
supaya acara bisa lumaku kanthi becik lan lancar, dadi cethane panatacara iku paraga kang
tinanggenah ... .
a. nata cara utawa acara
b. nata upacara lan ubarampene
c. nata pidhato lan tata carane
d. nata paraga utawa wong-wongane
13. Cengkorongane adicara kang baku yaiku ... .
1. Pambuka
2. ....
3. ....
4. Pandonga
5. Panutup
Kanggo njangkepi cengkorogan adicara ing dhuwur no 2 lan 3 yaiku ... .
A. Pambuka lan Sabdatama-sabdatama
B. Sabdatama-sabdatama lan underaning acara
C. Underaning acara lan pandonga
D. Pandonga lan panutup
a. Lemahe teles
b. Le mahte les
c. Lemah teles
d. Lema teles
ANDHE-ANDHE LUMUT
...........................................
Mbok Randha :”Putraku si Andhe-andhe Lumut, tumuruna ana putri kang
ngunggah-unggahi, putrine kang ala rupane Klenting Kuning iku
kang dadi arane.”
Andhe-andhe Lumut :”Mbok simbok kula sampun purun, mbok simbok kula badhe,
nadyan ala niku ingkang dados idhaman kula.”
...........................................
16. Crita Andhe-andhe Lumut mujudake crita kang becik. Sapa sejatine paraga utama ing crita
kasebut?
a. Klenting Kuning
b. Andhe-andhe Lumut
c. Dewi Sekartaji
d. Klana Mudha Asmara
WELINGE BIYUNG
26. Ana salumahing bantala iki. Tembung bantala ing geguritan dhuwur tegese… .
a. banyu / toya
b. bumi / lemah
c. sandhuwure /sangisore
d. langit /awing-awang
Wacan kanggo nomer 27 lan 28
27. Binareng angambare cempaka sari.Tembung angambare ing geguritan dhuwur tegese ... .
a. gambare
b. gandane
c. nggambarake
d. kembang
28. Geguritan ing dhuwur iku isi piwelinge ... .
a. anak marang wong tuwa
b. mbakyu marang adhine
c. wong tuwa marang anak
d. adhi marang mbakyune
29. Pak Sasongko iku pancen wong sregep, tumandang apa wae dilakoni kanthi telaten,dikanthteni niyat kang
luhur,cocok karo unen-enen sapa kang telaten bakal panen,tegese … .
a. tumandang apa wae sing ditindakake kanthi telaten ora bakal ana asile
b. tumandang apa wae yen ora ditindakake kanthi telaten ora bakal ana asile
b. c.tumandang apa wae sing ditindakake kanthi telaten bisa kasil lan uga bisa ora kasil
c. d.tumandang apa wae sing ditindakake kanthi telaten bakal ana asile
KINANTHI
Padha gulangen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
Dadiya lakuniraku,
cegah dhahar lawan guling,
lawan aja sukan-sukan,
anganggowa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
JAKATINGKIR
Sawise telung sasi Ki Ageng ndhawuhi Jaka Tingkir supaya bali menyang Demak suwita
(ngabdi) marang Sultan Trenggana. Kebeneran Sri Sultan lagi masanggrah ing Gunung Prawata.
Ki Ageng maringi srana awujud ramu-ramuan kanggo sangune Jaka Tingkir anggone arep suwita.
Lumakune gethek alon-alon ngliwati kali nganti tekan Kedhung Srengenge yaiku
perangane Kali Serang. Kancane telu pisan yaiku Mas Manca, Mas Wila, lan Mas Wuragil gumun
dene getheke ora bisa mlaku malah mung muter-muter bae. Ora let suwe getheke wis dikupengi
baya kang puluhan akehe. Baya-baya iku banjur nrajang gethek kang ditumpaki Jaka Tingkir
sabalane. Baya akeh kang mati saka tumandange Jaka Tingkir sakancane. Dheweke saya
gumun dene baya-baya mau saya akeh kang nyerang. Ratune baya Baureksa lan Patihe
Jalumampang ngamuk sawise weruh anak buahe padha mati. Akhire Jaka Tingkir kasil
ngalahake lelorone lan prasetya bakal sabiyantu marang Jaka Tingkir anggere ora dipateni.
Baureksa nglumpukake anak buahe kang cacah patang puluh supaya nyurung lang ngiring
rakitan nganti tekan ngisore Gunung Prawata. Kanthi lelakone Jaka Tingkir iku mau banjur ana
tembung Megatruh kang cakepane mangkene :
Sigra milir, sang gethek sinangga bajul
kawan dasa kang njageni
ing ngarsa miwah ing pungkar
tanapi ing kanan kering
sang gethek lampahnya alon
34. Manut crita ing dhuwur ana ngendi kedadeane nalika gethteke Jaka Tingkir dikepung dening baya kang
akehe patang puluh ... .
a. ing kali serang
b. ing bengawan
c. ing kedhung srengenge
d. ing kali sing gedhe
35. WusananeJakaTingkir kang dibiyantu kancane cacah telu yaiku Mas Manca,Mas Wila lan Mas Wuragil
bisa ngalahake ratu Baya sing jenenge ... .
a. Jalu Mampang
b. Bahu Sasra
c. Bahu Reksa
d. Bajul
36. JakaTingkir wusanane mukti wibawa jumeneng Sultan ing Pajang ,mula uripe rakyate dadi makmur lan
kerta raharja,beda karo maune rakyat Pajang uripe papa ... .
a. andrawina
b. cintraka
c. mulya
d. rekasa
37. Masyarakat sing makmur iku,yen wong-wong sugih padha gelem aweh dana … marang wong kang
nandhang kesrakat uripe (miskin )
Tembung kang trep kanggo ngganepi ... .
a. sumbangan
b. arta
c. bandha
d. driyah
38. Aku iki ora ngerti apa-apa malah didakwa ( pecah ) kaca kelas 8D .
Tembung ing jero kurung yen diwenehi ater-ater anuswara lan panambang sing trep dadi ... .
a. mecah
b. mecahake
c. mecahi
d. mecahaken
39. Ing jaman biyen wong-wong padha nyimpen beras ana ing pedaringan ,amrga panggonan iku dianggep
sing paling aman lan primpen ,lha yen lumbung kanggo nyimpen ... .
a. pari
b. iwak
c. kinang
b. enjet
40. Nganti saiki isih akeh masyarakat sesambungan karo masyarakat liyane kanthi nggunakake layang.Manut
isine layang iku akeh maceme ,antarane layang ulem utawa undangan,nanging antarane ulem karo
undangan iku ana bedane.Bedane ulem karo undangn,yaiku … .
a. Undangan asipat umum dene ulem asipat mligi
b. Undangan iku kanggo ngaturi rawuh ana ing pahargyan
c. Yen ulem kudu nggunakake basa jawa
d. Ulem kudu nganggo basa jawa yen undangan kudu basa Indonesia
41. Kacarita Gareng, Petruk lan Bagong iku anake Semar, nanging antarane Gareng, Petruk lan
Bagong iku nduweni asal-usul dhewe-dhewe, ora tunggal bapa biyung.
42. Pak Imam iku kalebu wong sing temen, yen guneman apa anane, ora tau goroh lan ora tau cidra
ing janji. Watake Pak Imam sing kaya ngono iku diarani ... .
43. Lindu Aji iku maune mung pekathik yaiku wong sing pegaweane ngopeni / ngrumat jaran,
amarga dheweke duwe kasekten mula banjur diangkat dadi lurahe prajurit ing Mataram. Beda
karo abdi liyane pegaweane mung ngopeni lan ngrumat gajah, ora duwe kaluwihan apa-apa.
Abdi sing pegaweane ngopeni lan ngrumat gajah diarani ... .
44. Jim kang aran Gendruwo Bausasra duwe anak kang aran Kucir lan Kuncung. Anakan Jim Kucir
lan Kuncung mau tingkahlakune lucu banget. Cekake crita, Kucir lan Kuncung ketemu karo Ki
Lurah Semar banjur dipek anak lan diwenehi jeneng …. lan … .
46. Ana ing tlatah pegunungan pancen akeh lemah teles lan nyumber. Tembung lemah teles yen
katulis aksara Jawa ... .
47. Crita bab kasektene Arya Penangsang lan tunggangane yaiku jaran kang aran Gagak Rimang wis
kalokeng ing wewengkon Blora. Tembung kalokeng kalebu tembung garba kang asale saka
tembung ... .
48. Agus ditimbali Bapak Kepala Sekolah.
Ukara tanggap ing ndhuwur yen didadekake ukara tanduk ... .
49. Urut-urutan angka / wilangan kawi ing ngisor iki luput, coba urutna kang bener wiwit angka siji
nganti sepuluh : Eka, dasa, sapta, dwi, tri, panca, astha, sad, catur, nawa ! ... .
50. Ibu tindak peken mundhut beras, lenga, gula, uyah. Ukara kasebut basane luput sing bener ... .
Ibu tindak peken mundhut uwos, lisah, ... , ... .
III. Wangsulana pitakon ing ngisor iki !
51. Ukara tanduk ing ngisor iki owahana dadi ukara tanggap !
a. Pak Santosa mirsani pawarta ing TV.
b. Jarwa nggandheng Adit ing dalan.
a.
b.
==oOo==