Anda di halaman 1dari 36

Pengertian

Cerkak yaiku sawijining karya sastra


awujud gancaran kang cekak kang
ngandharake sawijining kedadeyan utawa
prastawa, kang tembung-tembunge ora
luwih saka 10.000 tembung.
Titikane Cerkak
Titikane cerkak yaiku:
1. Critane cekak lan padhet
2. Alure mung siji
3. Basane mentes
4. Prekara kang diceritakake mung siji
5. Cacahe paraga mung sithik
6. Paraga kang diceritakake ora nganti owah nasibe
7. Menawa ditulis antarane mung 3-10 kaca
1. Unsur Intrinsik

Unsur intrinsik cerkak yaiku unsur kang mbangun


cerkak saka sajrone cerkak lan cacahe ana 8, yaiku:
1. Tema 5. Sudut Pandang
2. Paraga 6. Lelewaning Basa
3. Watak 7. Amanat
4. Setting 8. Alur
Unsur Intrinsik
Tema Watak

Paraga Setting

Sudut
Amanat
Pandang
Lelewaning
Alur
Basa
a. Tema
Tema yaiku sing dadi underane utawa inti ing prakara
crita. Tuladhane:
- Kamanungsan
- Kasusilan
- Kabudayan
- Sesrawungan
- lsp
b. Paraga (Tokoh)
Paraga yaiku pelaku kang mbanguncerita.
Paraga kaperang dadi loro, yaiku:
a. Paraga pokok (tokoh utama)
b. Paraga kang sipate mbyantu (tokohpembantu)
c. Paraga tambahan (tokoh figuran)
Lan miturut watake:
d. Paraga kang ala (tokohantagonis)
e. Paraga kang becik (tokoh protagonis)
f. Paraga kang netral (tokoh tritagonis)
c. Watak/penokohan
Yaiku carane pengarang nggambarake karakter
paragane, kayata tandha-tandha fisik , tuladhane:
- Dhuwur - Lemu
- Pesek - Kriting, lsp
Lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga,
tuladhane:
- Galak - Sumeh
- Grapyak - Pinter, lsp
c. Watak
Teknik kanggo nggambarake watak ana 2,yaiku:
1. Teknik analitik : watak paraga dijlentrehake kanthi
langsung
2. Teknik dramatik : watak paraga dijlentrehake kanthi
ora langsung kayata nggambarake:
- bab tindak-tanduke tokoh
- lingkungan kauripan tokoh
- tata basane tokoh
- dalan pikirane tokoh
- dicritake dening tokoh liyane
d. Setting
Setting yaiku papan, wektu kedadean, lankaanan
crita, meliputi:
Papan: Wektu:
- Pasar - Sawah -Esuk - Awan
- Dalan - Kantor - Sore - Bengi
Kaanan/Suasana:
- Tegang - Lucu
- Sedih - Haru
e. Sudut Pandang
Sudut pandang yaiku ing ngendi pengarang mapanake
dheweke ing cerita.

Sudut Pandang cacahe wonten loro, yaiku:


- Wong kapisan  Aku
- Wong katelu  Dheweke
f. Lelewaning Basa
Lelewaning basa yaiku basa kang digunakake
pengarang ing crita. Lelewaning basa (majas) jenise
wonten katah, yaiku :
- Hiperbola, - Paradoks,
- Personifikasi, - Repetisi,
- Metafora, - lsp
- Ironi,
g. Amanat

Amanat yaiku gagasan utawa pesan sing pengin


dikandhaake pengarang marang kang maca utawa
ngrungokake cerita.
h. Alur / Plot
Alur yaiku reroncening kedadeyan kang dironce lan
direngka kang mernani lakuning cerita.
Alur cacahe ana 3 alur yaiku :
1. alur maju/progresif,
2. alur mundur/regresif,
3. alur campuran (alur maju & mundur)
h. Alur
Alur kaperang dadi 5 yaiku :
1. Eksposisi
- ngenalake para paragane, menehi informasi
ngenani prakarane
2. Komplikasi
- wiwit ana masalah-masalah
3. Krisis
- masalah kang dialami paraga sangsayatambah
4. Klimaks
- pucuking masalah, nasib paraga ditentokake
5. Resolusi
- masalah-masalah wis ana karampungane, lan
nasib para paragane wiscetha
2. Unsur Ekstrinsik

Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak


saka sanjabane cerkak, ingantarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidikan, lan
5. Budaya
APRESIASI CERKAK
Yaiku kagiyatan ngamati lan menehi pambiji marang wose
crita cerkak kang arupa piwulang/werdi lan ngamot nilai-
nilai, kayata :
1. Nilai moral
2. Nilai agama
3. Nilai sosial
4. Nilai budaya
5. Nilai pendidikan
6. Nilai estetis
7. Nilai etika
8. Nilai kamanungsan
9. Nilai politik
Sinopsis yaiku ringkesan isine crita.

Carane gawe sinopsis:


1. Maca naskah asline
2. Nyatete gagasan-gagasan pokok kang penting.
3. Nulis ringkesan adedhasar gagasan-gagasan pokok
kasebut
4. Migunakake ukara kang jelas lan gampang
dimangerteni
5. Monolog lan dialog cukup ditulis isine bae
6. Sinopsis ora entuk nyimpang saka crita asline
NARASI
Yaiku karangan kang ngandharake lelakon utawa
kedadeyan anut urutan wektu, ana paraga, latar lan
alur.
Carane gawe wacana narasi :
1. Nemtokake tema
2. Nemtokake tujuan karangan
3. Nglumpukake bahan karangan
4. Nata rerantaman/cengkorongan karangan
5. Ngembangake rantaman karangan
NARASI
NARASI EKSPOSITORIS NARASI SUGESIF
 Njembarake wawasan  Mbeberake makna kang
 Mbeberake katrangan bab sinandhi
prastawa  Nguripake imajinasi
 Adhedhasar nalar  Nalar mung sinandhi
 Basa informatif  Basa figuratif/ ora baku
 Tembunge denotatif  Tembunge konotatif
 Tuladha : biografi,  Tuladha : novel, cerkak,
autobiografi, kisah dongeng, roman, lsp.
pengalaman
Lelewaning Basa
Gaya bahasa (lelewaning basa) ateges cara-carane manungsa
migunakake basa, amrih gampang ditampa lan kepenak dirungu kanthi cara
mligi. Leléwaning basa yaiku basa kias kang digunakake kanggo ngrakit
tembung-tembung supaya pikanthuk efek tartamtu lan menehi kesan imajinatif
lan nengsemake. Leléwaning basa dibédakaké dadi patang klompok, yaiku:
1. Leléwaning basa perbandingan
2. Leléwaning basa pertentangan
3. Leléwaning basa penegasan
4. Leléwaning basa sindiran
A. Lelewaning Basa Perbandingan
Leléwaning basa perbandingan yaiku leléwaning basa sing
bandingaké karo babagan sing hakikaté béda ananging dianggep padha.
Antarane:
1. Simile/ Asosiasi/ Parumpamaan
Yaiku leléwaning basa sing bandingaké karo babagan sing hakikaté
ana hubungané lan sengaja dianggep padha, ditandani anane tembung lir,
kadya, kaya, umpamane, lsp. Tuladha: - Mripate kaya damar kanginan
- Semangate kaya baja
- Wajahe sumunar lir rembulan
2. Metafora
Yaiku leléwaning basa sing bandingaké babagan sing implisit dadi ora
gunakaké tembung (lir lan kaya) antarané babagan sing béda (perbandingan
analogis). Lumrahe mbandingake sawijining barang marang barang liyane
kang nduweni sifat padha. Tuladha: - Angluberna samodraning pangaksami.
- Arjuna punika lelancuring jagad.
- R. Setyaki sapukawating praja Dwarawati.
- Rr. Sumi dadi kembang de3sa ing desa Gondosari.
- Sri bintang kelas ing XI. - Perpustakan iku gudang ilmu - Sari sing dadi
tulang punggung keluargane
3. Personifikasi
Yaiku leléwaning basa sing nggunakaké sipat insani tumuju ing
barang mati lan pamanggih sing abstrak, mujudake tumindake samubarang
kadidene manungsa, bisa ngrasakake bungah utawa seneng, gumuyu, lumake,
gegojegan, lan sapanunggalane. Tuladhanipun: - Sumpahe sineksenan bumi
langit
- Begawan solo lampahipun manger, menggak-menggok marang pareden.
- Gunung Merapi yen gelem watuk ngegirisi.
- Ombake kejar-kejaran menyang pesisir. - Angine ngamuk lan ngrubuhke
omah-omah warga.
4. Alegori
Yaiku carita sing dijabarké ing sajroning lambang-lambang. Tuladha:
- Gesang manungsa punika palwa umpaminipun, dipunombang-ambingaken
alun ing samudra, katempuhnipun tuwin boten waspada, saged kalempun
baita utawa sumyur ing padrus karang jawa.
- Rukun agawe sentosa, crah agawe bubrah, manawi kadamel alegori makate
sapu yen disuhi gebangane kuwatane nggumunake. Nanging yen diudhari
sarta sadane wis manut gampang banget coklek-coklekane ingkang lambing.

5. Simbolik
Yaiku lelewaning basa kang migunakake barang, kewan, utawa
tetuwuhan kanggo symbol/lambing. Tuladha:
- Dheweke pancen lintah darat
- Melati lambing kasucian

6. Metonomia
Yaiku linta-lintunipun nama, lelewaning basa kang migunakake ciri,
label, merk, utawa atribut. Tuladha:
- Le, aku tulung tukokna jarum (merk rokok) isi rolas.
- - Remenipun ngunjuk fanta (unjukan numan).
7. Sinekdok
Yaiku lelewaning basa kang nyebutake sebagian kanggo ngganti barang
kanthi wutuh utawa kosok walike. Sinekdok dibagi loro, yaiku:
a. Pars pro toto, yaiku sebagian kanggo kaseluruhan. Tuladha:
- Nganti saiki rung katon irunge.
- Batik dadi ciri khas Indonesia.
- Yudha melu lomba macapat SMA/SMK se-Jateng.
b. Totem pro parte, yaiku kaseluruhan kanggo sebagian. Tuladha:
- Indonesia arep milih idolane mengko bengi.
- Indonesia lawan Malaysia.

8. Depersonifikasi
Yaiku leléwaning basa sing nggunakaké sipat piranthi tumuju ing
manungsa. Tuladha:
- Otote kawat, balung wesi
- Awake kaku kaya kayu

9. Sinestesia
Yaiku lelewaning basa kang migunakake rasa pancaindra kanggo
ngganti rasa liyane. Tuladha:
- Eseme pait madu
- Omongane pedes baget
B. Lelewaning Basa Pertentangan
Lelewaning basa pertentangan yaiku tembung kias kang ngandharaké
tentangan kanthi apa wae sing dimaksudake. Antarané:

1. Hiperbola
Yaiku lelewaning basa sing ngandharaké kanthi cara luwih. Tuladha:
- Swarane kaya mbelahna bumi.
- Ngendikane sora kaya bledeg.
- Lakune kaya kilat.
- Awake kari lunglit.
2. Litotes
Yaiku lelewaning basa kang arupa pernyataan kanthi cara nyangkal utawa
mblenjani sawalikipun. Tujune kanggo ngasorake. Tuladha:
- Sumangga mampir ing gubug kula.
- Kula namung tiyang bodho kok.
3. Antitesis
Yaiku leléwaning basa sing nganakaké pambandingan utawa komponen
antarané loro antonim. Antitesis iku unen-unen kang awujud mawa surasane kosok
balen. Tuladha:
- Rina wengi anggenku ndongake kowe.
- Gedhe cilike kowe kuwi ya kaya ngono ta!
- Enom tuwo padha nonton, layar tancep ana desa kae.
4. Paradoks
Yaiku lelewaning basa kang ngandhut tentangan antarane
ukara lan fakta sing ana. Tuladha:
- Atine krasa sedhih ing swasana senenge pahargyan wisuda iku,
amarga arep pisah karo kanca-kancane.
- Neng kutha gedhe sing rame iku, dheweke krasa kasepen.

5. Oksiomoron
Yaiku lelewaning basa kang ngandhut tentangan kanthi
gunakaké tembung-tembung kang lawan ing frase sing pada.

6. Klimaks
Yaiku lelewaning basa kang saya suwe saya hebat,
lelewaning basa kang awujud reng-rengan andharan sing sansaya suwé
sansaya ngandhut penekanan. Tuladha:
- Ora usah adhimu, kakangmu, sak bapakmu pisan aku ora wedi.
- Aja kok sing lara, mati dak ujudi.
7. Anti klimaks
Yaiku lelewaning basa kang dadi acuan sing isiné pamanggih kang
diurutaké saka paling wigati nganti sing ora wigati, dhapukaning tembung kang
mratelake saya suwe ora saya banget. Tuladha:
- Apa maneh satus, sepuluh, serupiah, sasen bae aku ora duwe.
- Sawane omahe, nganti tekan sandhangan entek amarga kalah maen.

C. Lelewaning Basa Penegasan


Lelewaning basa penegasan yaiku tembung kias kang ngandharaké
penegasan kanthi apa wae sing dimaksudake. Antarané:

1. Pleonasme
Yaiku leléwaning basa sing nggunakaké tembung sing keluwihen utawa
mubadzir, sing sabeneré ora kanggo. Tuladha :
- Para siswa mudhun mengisor.
- Maju mengarep.
2. Repetisi Yaiku lelewaning basa kanthi nganggo tembung kang dibalen-baleni.
Tuladha: - Dheweke sing ditunggu, dheweke sing dikarepake.
3. Paralelisme
Yaiku lelewaning basa kanthi nganggo tembung kang dibalen-baleni ing
geguritan Tuladha: Urip iku urub Urip iku nunut 4. Tautologi Yaiku tembung sing
dibaleni kanthi tembung dasanama. Tuladha:
- Dudu, dudu kuwi sing aku maksud.
- Dhewe sakjane kudu urip rukun, akur, ayem tentrem.

D. Lelewaning Basa Sindiran


1. Ironi
Yaiku lelewaning basa kang ngandharaké teges kang lawanan kanthi
maksud ngèlèk-èlèk utawa ngawonaké. Tuladha:
- Loma banget sliramu, sedulurmu kesusahen kok saksen bae ora aweh.
- Sregep tenan, angger jam 11 lagi wae ngantor.
2. Sinisme
Yaiku lelewaning basa kang ngandharaké teges kang lawanan kanthi
maksud ngèlèk-èlèk utawa ngawonaké, nanging langkung kasar. Tuladha:
- Klakuane g pantes kaya preman wae.
3. Sarkasme
Yaiku lelewaning basa kang ngandharaké teges kanthi maksud ngèlèk-
èlèk utawa ngawonaké kang paling kasar. Tuladha:
- Dasar, cah bodho!

Kawruh basa
1. Sinonim
Sinonim inggih punika tembung ingkang sami tegesipun dene
paedahipun supados boten mungsal mangsuli tembung ingkang sami (tidak
berulang-ulang menggunakan bahasa yang sama) ingkang murukaken bosen
ingkang sami maos malih saged kangge pepasren ukara dados endah,
umpaminipun:
a. Sesawangan ing peninging gunung katon endah, edi-peni, purwakanthi
sastra.
b. Dasamuka ratu Alengka iku ora pantes badi tepa-palupi (purwakanthi sastra).
Tuladha tembung sinonim:
mitra = kanca becik = apik cuwa = gela
gagah = prakasa keduwung = getun dongeng = crita
2. Asimilasi
Asimilasi inggih punika luluhing swara utawi gorba, umpaminipun
jayeng (jaya + ing)
narpati (nara + pati)
mahasri (maha + asri)
prapteng (prapta + ing)

3. Eufemisme
Eufemisme inggih punika unen-unen kang surasa basane luwih alus
(tembung rinengga), umpaminipun:
a. mati = murud ing kasadean jati/ tilar donya.
b. dadi manten = nambut silaning akrami.

4. Anamatope
Anamatope inggih punika tembung kang mratelake jeneng metu saka uni
utawa swarane. Tuladha:
a. Bedhug saka swara dhug-dhug.
b. Emprit saka swara prit-prit.
c. Kenthongan saka swara thong-thong.
5. Epitesis
Epitesis inggih punika wuwuhing aksara ing sjroning tembung.
Tuladha:
a. Amarta → Ngamarta
b. Yogya → Ngayogya
c. Setyaki → Sencaki
d. Sikandhi → Srikandhi

6. Metamefesis
Metamefesis inggih punika linta-lintunipun panggonaning aksara
ing tembung. Tukadha:
a. arca = reca
b. ardi = redi
c. almari =lemari
Tuladhane Cerkak
Gara-gara Wedi Kiamat
Teri bakar, sega jagung, lan gudhangan iku panganan
kesenengane Sutini. Sutini yaiku bocah 29 taun sing rada
nggong nanging sregep. Dheweke durung duwe bojo.
Manggone neng omahe mbahe.
Ing sawijining dina, Sutini bingung banget. Kabeh
barange diringkes lan diwadahi tas, plastik, lan kerdus.
Wiwit isuk nganti bengi Sutini mung ngurusi iku mau,
kabeh sembarang kaler kudu bisadiwadahi.
Nonton tingkahe Sutini sing saya ndadi, simbahe
mikir yen putune wes edan. Simbahe langsung lunga
menyang omahe mas Darma. Simbah ngongkon mas
Darma supaya nggolekake tamba kanggoSutini.
Esuke mas Darma lunga menyang Solo nggolek tamba marang
kancane, Parman. Pranyata Parman ya ora ngerti. Nanging
bojone sing ngerti. Jebule pakdene bojone Parman iku dhukun
sing bisa ngobati lara stres. Uwonge katon serem, klambine
sarwa ireng, akike akeh tur gede-gede lan kalungan tasbih.
Omahe Sutini disebare kembang ing kabeh pojokane.
Suwe-suwe Sutini malah bingung dewe, nanging ora nggagas.
Paling mung wong edan kesasar. Ora let suwe, simbahe nyeluk
Sutini. Banjur Sutini lungguh ning ngarepe wong aneh iku.
Wong sing aneh iku kemu banyu putih lan disemprotake ning
raine Sutini. Sutini malah mesem marang wong anehiku.
Ndelok kelakuane Sutini, simbahe saya bingung. Mas
Darma ngusulke yen Sutini digawa menyang RSJ wae.
Wiwitane Sutini emoh diajak lunga saka ngomah, nanging
krana dirimuk simbahe yen arep diajak ning pasar tuku gerih
teri, lagi Sutini gelem.
Ning RSJ, Sutini oleh antrian nomor 56. Sutini saya bingung.
Sutini iku ya ora bisa maca, mulane dheweke ya meneng wae.
Ora let suwe, Sutini disebut. Banjur, Sutini digawa mlebu ing
kamar. Dheweke ditakoni sing aneh-aneh.
Sawise Sutini metu, mas Darma dikongkon mlebu.
Doktere ngendika yen Sutini oraedan.
Sawise tekan omah, Sutini cerita sing sak benere.
Sakjane Sutini mung pengin supaya dheweke lan simbahe
bisa slamet saka kiamat, sing dikabarake ning TV. Simbah lan
mas Darma mung bisa ngguyu wae, ora bisangomong.
Trus mas Darma njelaske menawa berita kiamat ing
TV mau mung film sing digawe wong manca. Banjur iku,
Sutini bingung dhewe, amarga kabeh barange wis diwadhahi
kerdus.
Unsur intrinsik :
1. Tema 5. Sudut Pandang
2. Paraga 6. Lelewaning Basa
3. Watak 7. Amanat
4. Setting 8. Alur
 Irah-irahan cerkak: Gara-gara Wedi Kiamat
 Tema : salah sangka
 Paraga lan Watake :
 Sutini : bodho nanging sregep lan teges.
 Mbah : khawatiran lan gampang gupuh.
 Mas Darma : pinter lan seneng nulung.
 Mbah Dukun : kemproh
 Parman : ora retinan
 Pak dhokter : pinter
 Latar :
 Panggonan : omahe simbah, omahe mas Darma, RSJ.
 Wektu : awan, bengi.
 Swasana : menegangkan lan lucu.

Anda mungkin juga menyukai