PRAJA HASTINAPURA
A. Paraga :
1. PARABU SUYUDANA
2. PRABU SALYA
3. SENGKUNI
4. PENDITA DURNA
5. BASUKARNA
6. TIRTANATA
Suluk
(isen isen salebeting gending ayak-ayak)
1.
- Palugon laguning lekas lukita lungiting kidung
- Kadung kadereng momong memangun manah rahayu… ho..ho…ho…
# Hawyana tan golong gumolong manadukara ho….
# karenanira ngurus puspita wangsalan semon ho…ho…ho….
2.
- Tan samar pamoring suksma sinukmaya winahyo ing asepi ho…ho…ho….
- Sinimpen telenging kalbu pambukaning warana ho…ho…
3.
@ Tarlen lamun layap liyeping aluyup pinda pesating sumpena ho…ho…ho…..
@ Pambukaning warana sumusuping rasa jati ho…ho….ho…
4. (Durna sampun lenggah)
* Nyata pandita kang wus limpet parama widiking sanyata ho…ho…ho….
* Mamayu hayu jono kongsip ho…ho…ho…
1
5. (Dodog kothak banyu tumaretes : bade telas ayak-ayak mlebet gending
janturan /karawitan/gending sanese)
# Hooo……ho….
# Myat langening kalagyan aglar padang muncar, tinon lir kekonang
kasongan pajaring pur…nameng gegono.
# Dasaring mangsa Kartika olang aling ujung ancala hooo………oooooo
JANTURAN HASTINAPURA
Hoooong Illaheng mangawigna mastuhu purnama sidem
Mastu tulad mring hyang jagad karana sira tandha kawasisaning jawata,
sana sinawung langen wilapa estu maksih lestantun lampahing budaya
Jinatur tutur tetela tula tulat mrih labdeng paradya, winursita ngupama parameng
niskara karana dya tumekeng jaman purwa.
Winisuda trah ingkang dinama-dama, pinardi tameng lalata, mangkya tekap
wasananing gupita, tanwun renggeng pralambang atumpa-tumpa
Manggung panggeng panggunggung sang murweng kata
Nenggih kang winurweng gupita samangke kang kaeka adi dasa purwa
Eka sawiji adi linuwih dasa araning sepuluh purwa ateges wiwitan
Nadyan ta gumelaring jagad Marcapada kathah titahing abathara kang kasongan
ing akasa, kasangga ing Pratiwi, kang kaapit samudralaya kathah kang samya
hanggana raras.
Pranyata lamun den upaya sewu tan antuk sedasa, satus datan saget ngaturaken
kalih.
2
Adi- adining garbo gupita datan wonten sajuga ing negari Hastina,
yo ing Liman Benawi, yo Gajah Oya, inggih Kuru Jenggala.
Purwanira Negari Hastina ingkang kagungan duking uni Prabu Gajendra Muka.
Mila winastan negari Ngastina inggih, yasane Prabu Gajendra Muka dumadi
saking kayu Ingas lan kayu Jati
Rikala semana kang mbabati kang rungkut ngobori kang peteng nenggih sang
atapa Begawan Palasara, nenggih sang Begawan Palasara nyipta wujuting sela
ing bengawan Swilugangga temah saget nglestantunaken tumapaking dampar
kencana kalenggahan negari Hastina.
Negari Hastina patut kalamun dadi purwaning kandha bebuka murciteng kawi
Bisa kacandra kalamun ta hadeging negari winastan Panjang, Punjung, Pasir
Wukir loh Jinawi Gemah ripah Tata Kerta tur Raharja
Basa panjang arane dawa, punjung ateges duwur, upama to cinengkala sepira
tebane nagri Hastina lan sepira dawaning praja, sayekti dawa pocapane jembar
tlatahe, luhur kawibawane, dasar padang obore, duwur kukuse, jero tancepe,
adoh kuncarane
Gemah saha aripah : basa gemah, kathah para kawula alit ingkang samya
adedunung ing Nagri Hastina, katingal kathah cihna pasangane wisma bebasan
3
jejel ariyel apit pangrasa aben cukit tepung taritis tumpang talang sambung
balandar, ngantos papan wiyar katingal rupak saking raharjaning negari.
Aripah pratandha para kawula alit sami tentrem atine jenjem mapane mantep
panembahe mempeng pangolahe tetanen among kisma, sedaya sami nindaaken
sabdane para winasis babagan olah keduk bumi,
Laksitaning gesang kalis saking durjana juti, tebih ing parangmuka.
Ingkang kinarya pratandha, ingon- ingon rajakaya, raja darbeke para kawula
alit ingkang dumunung ing karang padusunan kang awarni kudha, mendha,
lembu, ayam, kambangan, sapanunggalanira datan ana kang cinancangan…yen
to rina aglar ing pangonan kalamun to wayah sumusuping bagaskara padha
mulih menyang kandange dewe dewe.
Raharja : sedaya kadang sentana, mandaping para abdi dalem, emban parekan,
jajar, bekel, lurah, Wedana, mantri, riya, bupati, tumenggung, nayakaning praja,
sumawana pro wadya bolo tumedak ing para kawula alit mboten wonten
ingkang tumindak cecengilan, cengkah rembug, gethik ciri tukar padu pasulayan
sapanunggalanira. Langkung langkung kumawani mbladak sipat merong
kampuh jingga mbondan datanpa ratu, mbadal marengkang dawuhing nata.
Sedaya sami saiyek saekapraya sesarengan denya ngangkat karyaning praja
Inggih awit saking ageng prabawanira Sri Bumi Nata.
Kawistara dora, gora, apus karma sirna sedaya, inggih awit saking ajrih saking
wilalaying narendra
Mboten wonten satunggaling narendra ing jagat rat pramudita, ujare salumahing
bumi sakurebing langit kang sinangga pratiwi kasongan akasa, kagebeng ing
muhara, sineksen sang hyang candra kepadangan sang hyang surya….
Pranyata datan ana raja maharaja kang kadya wong agung ing Hastina.
4
Panjenengane narendra kang kinacek sesamining ratu, yo winastan narendra
kang loma balobo ing brana, dana boga lumintir ing saben dina, njangkung
aperang pupuh, ngapura lepating wadya, hanggung titi priksa pangreh utama.
Panjenengane narendra kinacek ing sami samining ratu tur to padang tingale,
tebih kuncarane, jembar jajahan, duwur kawekasane, mila kasusra kaceluk
kajana pria saking liyan praja yen to narendra agung denya akakadang…
Nenggih kocapo sinten to dasa namane sri narapati kang ngasta pusaraning praja
Hastina.
Dasa ateges sepuluh, nama aran, pati wus ngarani.
Sang nata wenang den ucapna jejuluk sang prabu Duryudana, yo prabu
Kurupati, inggih prabu Jokopitana, yo prabu Gendariputra yo sang prabu Tri
Pamangsah.
Mila jejuluk prabu Duryudana : dur tegese awon yu raharja, dana iku peparing
Wong agung Hastina tindak agung dananira, nanging mboya mersudi reh tata
krami, pranyata kadang satus den uja sakarsa-karsa, racak kasinungan watak
adigang, adigung, adiguna ngendel-ndelaken kadanging narendra binathara.
Yo jejuluk prabu Kurupati : kinarya pratanda yen to ngratoni darahing kuru
Joko pitana : nalika sinengkaaken jumeneng nata maksih mudha tumaruna
dereng nambut karma jalu silaning akrami.
Yo jejuluk prabu Gendariputra : mratelakaken putra pembayun sang kusumayu
Dewi Gendari saking kraton Gendara Desa.
Jejuluk prabu Tri Pamangsah : Tri tetelu, setya wacana, rila barana, lila ing pati,
mangsah sampun mastani.
Pranyata wong agung ing Hastina wirange den kunceni den kunjeni, sedane den
dadahaken.
5
Awit ing mbenjang tumapaking perang agung Baratayuda Jaya Binangun sri
bumi nata kinarya nglenggahi senapatining alaga sudibya ngrenggani gelaring
aperang.
Nyata jeneng nata katingal agung prabawanira, katingal sato mara sato mati,
jalma mara jalma keplayu
Lakuning mega miyak,… barat mangemper, peksi miber ngungkuli praja
Ngastina bisa dawah kelak kamidara luntak ludira katemahan njungkel
kapisanan tumekeng sirna mergalayu.
Mila kondanging negara ketingal gawat keliwat wingit kepati, bebasan sato
mara sato mati, jalma mara jalma keplayu.
Saben antara mangsa kathah para ratu maha ratu, raja maha raja ingkang samya
pasok glondong pengarem arem, peni peni raja peni guru bakal guru dadi
Kathah para raja lan ratu kang samya tumungkul datan karana ginebaging
bandayuda namung kayungyun saking luhuring kautaman
Awitsaking gede pangaribawane sri bumi nata bebasan ingkang celak tumiyung
ingkang tebih tumiyung
Cahya nurcahya sri bumi nata katingal mawa teja hanelahi sumorot sumundul
hangawiyat tejanira.
Nuju ri sajuga sang Nata wanci dumawah ing mangsa Kartika ari sukra kasih,
sang Nata ngawontenaken pasewakan agung munggwing sitinggil binaturata.
Ingkang kawistara mbakukuh hamarikelu muka lir konjem ing bantala, lah
manika to warnanira pisowanira sang nindya mantri muka pangarsa, ingkng
lenggah ing Plasa Jenar, kang winastan sang rekyana patih Harya Sengkuni,yo
raden Tri Gantalpati, yo Bambang Suman, yo sang Swelo Putra.
Aja dupeh patih Sengkuni pria gung kang wus keladuk yuswane, kawistara
jempong perot pupuk ampas jambul wanen, nanging kaloka ing jagad
kajuligane………
6
wuwuh ingkang wenang ngasta abang ijoning praja, ngubeng ngingerke sentana,
mobah musiking kawula, ora jeneng mokal patih Sengkuni minangka tetindihing
para sata kurawa lan warangkaning praja Ngastina, pranyata digdaya sekti
mandraguna, eling eling kasinungan lisah tala, ingkang dumunung ing Medi
Canthoka.
Apa to tegesi medi canthoka ….Medi arane papan ngisor…Canthoka iku
kodhok
Dadi lisah tala dumunung ing silt kodhok
Nalika semana ing pisowanan ana swara horeg, ingkang murwani swanten horeg
ing pisowanan, ora kaya praptane narendra saking Mandras, yo Madras, yo
karaton Mandaraka kang jejuluk Prabu Salyantaka, yo Prabu salyapati, yo raden
Nara Soma, mustikaning narendra kang kasinungan sekti mandraguna, bebasan
ora tedas tapak paluning pande sisaning gurinda, tinatah mendat jinara menter
punjul ing apapak mbrojol ing akerep, ….
awit sampean ndalem kagungan aji Candra Birawa tilarane swargi Begawan
Bragaspati, yo Bagaspati.
Prabu Salyantaka mengkeraken pisowane pujangga kraton Ngastina sang Tapa
Begawan Durna, yo resi Kumbayana, yo Panembahan Soka lima.
Sajuganing pandita kang sugih japa mantra, kathah putra siswanira,… mboya
kurang kadigdayan kanuragan, serep ngilmu jaya kawijayan kasantikan
kanuragan kang dumunung ing saranduning angga.
Sang Begawan Durna mengkeraken pisowanira narendra ing Awangga jejuluk
prabu Basukarna, yo Raden Suryatmaja, yo winastan Raden Surya Putra,
nenggih putranira sanghyang pikulun Bethara Surya patutan kaliyan kusumayu
Dewi Kunthi Talibrata.
7
Sawurine sang Adipati Karna sambet pisowanira satria ing Buana Keling,
nenggih Raden Tirtanata, ya Raden Jayajatra, ya kanjeng tumenggung Jaya
Diyasa.
Sawurine Raden Tirtanata sambet pisowane pra wadya bala,… kang kawistara
mblabar kadya Jaladri rob mungging daratan candrane, mangetan dumugi
Wantilan, mangaler dumugi Monggangan, kaya ndoyong- ndoyongna Tapak
Suji kayu areng kang dadi tapel watesing Projo, awit seka akehing para kawula
kang samya sowan prasasat tumpang dengkul adu pundak.
Nuju ari sajuga sang Nata ngawontenaken paseban agung mungging Sitinggil
binaturata, sigra ngrasuk busana, ngagem makutha kencana binuka wekasan
jinamang mas sungsun tiga kinancingan garuda marep miwah garuda mungkur,
tinatah nara wista dumawah andap sinangga praba kencana, rinenda cinawi
kang minangka tetali, ngagem sumping gegodong melathi srentak oncen tiba
jaja,…. anting amek sotyaning warih, ulur ulur naga mangangsa, kelat bahu
sarira pinda sarpa, bebinggelan ataswara kang sinangga calumpringan.
Ngagem wangkingan warangka ladrang kandelan kemalo rekta, ukiran tunggak
semi ganja den aben aben manis, mendak pinaringan mata mutiara, tinon saking
mandrawa gumebyar pating calorot pinda Kartika silih pernah.
Ginarebeg sanggyaning abdi dalem manggung ceti bocah kang para sami
ngampil ubarampe upacara keprabone Nata.
Banyak, dalang, sawunggaling, harga walika, kacu mas, bokor kencana
Awit saking edi rengganing busana kang samya nggarebeg sang Nata tinon
saking mandrawa pinda panjrahing puspita.
Palenggahane sang nata yo dampar kencana, lemek babut pramudani ginanda
wida kongas gandane pustpita kang dawah kanan saha kiringing lar badak lan
laring menyura….
8
Rep sidem permanem tan ana sabawane walang alisik, ron-ronan datan obah
samirana datan lumampah, kang kapiyarsa hamung laksitaning rasa nang, ning,
nung, neng kinarya lampah mesu rasa nyawiji cipta.
Marmane wong agung midanget swantene gongsa kyai kebo ganggang munya
hangrangin ing dirgantara, binarung ocehing kukila kang mencok ing wreksa
waringin, miwah swaraning abdi kriya gemblak kemasan pepande kang sami
nambut karya, kawuryan saking mandrawa pating carengklang pating
carengkleng gentya lir mandaraga teka nambahi asrining panangkilan.
Tulusing samekta medal jajaran paseban jawi, langkung rumiyin abdi dalem
prajurit kang sami caos kurmat, bendhe beri mawurahan, gurnat gurnenda,
meriem kalantaka, Guntur geni tambur munya ambal-ambalan kaping tigang
dasa tiga.
Solah bawane para sentana myang wadya bala kaya gabah den interi…..
He …kanca….piyak…. he kanca piyak….
Nesek…nesek…nesek nesek….
Songsong gilap payung agung kawistara……
Clorooooooooooootttttt……….
9
SULUK
(isen isen satelasing janturan)
SULUK
Sri tinon ing pasewakan
Busana sutra maneka warna o….o….o….
Sebak puspiteng hudyana
Myang panjrahing sarwa rukma
Renggeng manik nara wata a….e….a….na….
Abra prabanya sumirat
Kenyaring teja leliweran
Lir…ki….lat sesiring thathit
Wimbuh geganda mrik minging
Katiyubing…..katiyubing samirana manda o……
Saparan mangambar kongas o…o…..
10
GUNEM
1. Bab Karaharjan sedaya kang seba
2. Prabu Salya
a. Putranipun, aran “Putra pangeran Dipati anom Harya Burisrawa” ilang
tanpa taliwara
b. Kunci gunem Prabu Salya paring dawuh marang putra mantu kabeh
Suyudana+ Basukarna supaya ngupadi dununge Burisrawa
3. Suyudana nanting Basukarna
4. Basukarna saguh
SULUK MAMBENG
Leng leng ramyang kang ndriya lir hewang candra…. katawengan
Sumuking tyas lir katuridan, li,,,,mut.
Limut kabayataning rinujit.
Rem……rem-reming ndria manawung ho….ho….
Kekuwunging hyang wisesa ho….
Tan ana kang kuciwa raras….ho….ho….
11
POCAP DALANG
Hooooo…o…
Wus purna sabdanira wong agung ing Ngastinapura Prabu Suyudana , nalika
semana Sri Bumi Nata kinarya nglenggahi sabda Brahmana raja
Apa ta tegese sabda Brahmana raja
Sabda araning pangucap, Brahmana iku Pandita, raja araning ratu.
Yekti pangandikaning pandita lan ratu ora ana bedane, pandita tetep
pangandikane datan kena wola-wali, yen to Ratu ngendika sepisan warata wong
sanagari kinarya dadi ukum paugeraning kawula, pindane tirta kresna dumawah
ing dlancang seta, mboya kepareng lumebek.
Nalika semana sang Sri Nara nata arsa kundur hangedaton, den ayap para biyada
manggung mban ceti, bedaya, joko palara-lara, banyak dalang sawunggaling,
harga walika, kacu mas bokor kencana, kang samya ngampil upacara
kepraboning pasewakan, kalamun to sinawang saking mandrawa kadya
temanten binayang kari….
Caking pakeliran
Strat lampah bodol pisowanan, saking tengen mlampah ngiring/ngiwa
1. Kayon kaulapaken
2. Tirtanata
3. Pendita Durna
4. Patih Sengkuni
GAPURAN :
12
GAPURAN :
Cak-caknipun :
1. Kayon kaulapaken
2. Tancep radi tengah sisih tengen minangka gegambaran gapura
3. Emban keparak sungkem njagi gapura
4. Sang Nata mlebet kaderekaken emban srimpi, keparak.
2. Atur panuwunan
3. Seneng seneng tetembangan lsp
4. Diterusaken ing gara gara
13
SULUK (dodog kothak)
Kocap :
Wus purna nggenya suka langen suka para abdi lan bedaya kang gumer gumer
ngebeki wonten ing salebeting sanggar pamujan.
Kocapa rikala semana ora kaya wong agung ing nigari Ngastina ya Prabu
Duryudana, arsa munggah sanggar pamujan ya sanggar palanggatan.
Sedyaning kawit arsa ngrambut jantur mbesem dupa reratus
Maminta marang kanugrahaning bethara kang akarya jagad
Nalika semana handawahaken wujuting dupa reratus udakara samustakaning
dwipangga
Nanging tasih nggalundung wutuh datan kasembadan semedine Sri Bumi Nata
cabar tan antuk wangsit
Nggambarake kalamun ta ing kono ora bisa kinayoman mring dewaning antaka.
Jroning muja semedi malah mangerti pracekaning ponang teja kang mawarna-
warna
Kang aran teja gurnita, teja gurniti, tejo sobrah, teja tunjung maya, lan teja
darposura
14
Gurnita tejane wong abagus, gurniti tejane tejane wong kang ayu, sobrah
tejaning ratu, tunjung maya tejane pandita, darposura tejane wong aperang gede
Teja kang mawarna-warna saget kagrayang ilang bablas tanpa wusana
Hamung kanga aran teja darpo sura kang maksih kawistara….mracihnani
kalamun to nigari Ngastina bade katempuh peperangan ingkang sakelangkung
ageng.
Nalika semanten ndadosaken kagyating para kadang nembe sowan…..
Hoooo…..
Ana pandita kinarya wangsit , pinda kumbang
Pinda kumbang nesep madu kang tanpa tala, nesep madu kang tanpa tala
Mengku liring kaswarjanan
Nyata pandita kang wus limpad parama widiking
Parama widiking kang sunyata hoooo……
GUNEM :
KOCAP :
Wus laju lampahnya Prabu Santikaraja, putra siswanira sang tapa Begawan
durna
Duk ing uni kaderekaken abdi kinasih Togog Catugara saha Bilung Sarawita.
Nenggih ingkeng nedeng pacak baris ora kaya wong agung Dwarawati sang
Prabu Bethara Kresna.
Ingkang kaderekaken ingkang rayi satria Garbawiluci raden harya Setyaki.
Datan Kantun ingkang prunan satria ing Pringgadani Raden Gathutkaca
Bawane sampun sawetawis denya lumaksana, wong agung Dwarawati tumuli
nyaketi ingkang dumunung wonten telenging wana dewasa caket tegal kuru
setra
Purna paring dawuh dateng keng rayi R setyaki miwah R Gathutkaca kinen
sesarengan ngupadi peksi kutut kelangenanira R Abimanya.
Lampahnya kedadak kepapak Prabu Santikaraja putra siswanira Begawan
Durna.
GENDING MUNGEL
KAYON KABEDOL TANCEP KELIR SISIH TENGAN
STRAT PAPAGAN SETYAKI + SANTIKARAJA
( gending Suwuk)
17
GUNEM : SETYAKI + SANTIKARAJA (Tawang madya)
1. Takon tinakon
2. Setyaki lagi nggoleki R janoko kang lagi ngupaya idam idamane Abimanyu
3. Santika raja Nggoleki Burisrawa sisan ngiras njajal kasektene satria pendawa
4. Tantangan + perang
5. Gathutkaca nimbrung perang
GUNEM
1. Santikaraja matur bab kasektene Setyaki + Gathutkaca
2. Ngajak nyimpang dalan
3. Gending mungel budal
KAYON KAJOGETAKEN
TUMULI TANCEP TENGAH KELIR DOYONG NENGEN
JEJER KAHAYANGAN UKIR PIDIAN DANDAN MANGORE
18
KAYON KAJOGETAKEN
TUMULI TANCEP TENGAH KELIR DOYONG NENGEN
JEJER KAHAYANGAN UKIR PIDIAN DANDAN MANGORE
Gending Suwuk
SULUK
Sri tinon langening pamiyat
Busana kang maneka warna
Renggeng kencana retna bra
Bandera layu kumitir
Sinrang pandresing maruta
Sirna...o……..
Kumaraning wiyat
Man……tyan kumlebeting dwaja
Suh su…brastha kayu pang kaprapal
Puspita anjrahing siti…..
KOCAP
Hooo……o
Sinigeg gantya kang winursita nahen ingkang wonten madyaning wana
Ora kaya kang kinarya sambeting carita bebasan cerak ginawe adoh adoh
ginawe cerak, tunggal lakone seje caritane ewet kalamun ta sinareng.
Kang kinarya sambeting carita, kang dumunung ing Kahayangan Ukir Pidian
Dandan Mangore tlatah pasetran ganda lumayit.
Nalika semana Padya Bethari durga pinuju lenggah wonten caketing dampar
sela gilang
Yen sinawang saking mandrawa boya ginggang sanadyan sarikma pinara sasra.
(gending mungel laras pelog, pikantuk sa gongan kayon kabedol nuli tancep
kelir sisih tengen, nuli jejer Dandan Mangore Bethari Durga kaadep
Joromaya)
JANTURAN
Telenging wana Krendayana ana waringin putih jajar sangatuwin randu alas
jejer pitu tinengeran sela kang gedene sak gubug penceng
Anenggih ing mriku tuhu dununge kaswargan Ukir Pidian Dandan Mangore
Pasetran Ganda Lumayit
Daratan wingit kepati-pati, bebasan sato mara mati jalma mara keplayu mung
dadi aran
Apa ta darunaning mengkono
Awit inggih ing mriku dangkaning para Drubiksa, baju barat Jin setan
Peripayangan, ilu ilu, banaspati, gandaruwo myang brekasaan.
20
Datan Kantun guna duduk, tenung santhet, teluh braja, myang godeg pilut,
sedaya sami areraton ing Dandan Mangore
Sinung srei, drengki, dakwen, panasten pati open, jail methakil, demen ulah
pasulayan, sirik marang karaharjan, pramila datan nama mokal lamun ta wus
wanci ndungkap suruping surya
Jroning wana ketingal singup sesawangane remeng remeng angregemeng
Sela gung pating jenggeleg jinajaran wreksa gung kawistara anggenggeng
kinemulan gegodongan anggameng katingal cemeng.
Ing ngandap katingal rungkut, labet keteling glagah tuwin kalanjana
jinangkepan sulur waringin amulet.
Kawistara anglaler pating saluwir katempuh maruta katiuping samirana,
kawistara katon kumrembyah yayah rikmaning yaks agora kang nggegirisi.
Kumrosak kumleyang kumendang kumandang swaraning grojogan waneh denya
geter jroning wana, waneh waneh sabawane peksi kang sobo rawa
Sadawaning ratri akeh wujuting peksi kolik tuhu myang kokok beluk bilolongan
luru memangsan, singup anggemprang.
Srenggala ambahung binrung taksaka kang ngangkat sinusulpanjeriting proho
tinubruk dening sardola.
Ing tata gelar wujud wana wasa, nanging tuhu menika kahayanganing lan
kedatoning…
Dewa panggoda pangrencana ingkang wewisik Padya Bethari Durga inggih
hyang Pramuni du king uni widadari ing kayangan nanging kagungan kalepatan
temah ka-SOT-aken dening sang hyang pukulun Bathara Guru, inggih hyang
Pramuni ingkang angrata para wadya Baju Barat suksma sasar susur myang
brekasaan, bondet pilut sawadya balane.
Nuju ari sajuga, sukra cemengan wancine wus madya ratri
Padya Bethari Durga kepareng lenggah ing sela kumalasa,
cipta rengganira kalawan keng putra Dewa Srani + Raden Joromaya…
mangkana pangudasmaraning ndriya kang kawijil ing lathi….
SULUK
21
SULUK
GUNEM
1. Pembage karaharjan marang Dewa Srani + Joromaya ( hong patik lodra
Dewaku hong )
2. Bethai Durga mundut priksa kang njalari prabawa panas
3. Dewa Srani matur yen ana Bantheng kang tapa ing telenging wana
minangsraya
4. Kasumanggaaken dumateng keng Ibu Bethari
JANTURAN
Ingkang kinarya sambeting carita lah menika ta warnanira ingkang wonten ing
telenging wana minang sraya, raden harya Burisrawa bawane sampun sawetawis
dumunung wonten telenging wanadri, enget rikala semana, kalamun ta nandang
kunjana papa, apa ta tegese kunjana papa kunjana arane edan papa arane
cintraka, kedanan sang kusumayu Dewi Bratajaya ya Dewi Wara Sembadra
datan mobah kalawan mosik, saweneh weneh kaya wong edan ginawe,
dasar ing kono kaya sok keladuk gecul maricul…..
Ndadosaken kagyat kang samya uninga
KAYON KABEDOL
TANCEP KELIR SISIH TENGEN
Burisrawa mapan ing kelir sisih tengen kanthi sikep mertapa
GENDING SUWUK
SULUK (slendro 9)
GUNEM
23
GUNEM
GUNEM
1. Gunem ngemyeng kedanan……
Mbok mBodrooooaaaa ayo manuta sun mban pekeh sun mban ujung…
he..he…he…
mbek meong mbok mbok kethekur, tergelung- gelung senguk,
nanthung gerung- nanthung gerung …hoooo lok …olok olok olok…. Mbok
Mbodro ….kowe nengendi cilukkkkkkkkkkkk ba…..
2. Tembang Gandrung
24
STRAT BURISRAWA + SEMBADRA
BURISRAWA NGUYAK SEMBADRA ARSA RINUDAPARIPEKSA
GUNEM :
1. Geneme wong kedanan nyandra wanita
2. Sembadra tetep ora gelem
3. Sembadra kabujung Burisrawa…mlajarrrr……
4. Sembadra ora kersa nuli ….SUDUK SALIRA…
5. Katungka Srikandi
6. Kuwandane karukti dening Srikandhi
SULUK SUSAH
Hoooo…..o…..o…….
Surem surem dewangkara kingkin
Lir manguswa kang layon
Hoooo….o……o……
Denya ilang memanise
Wa…dananira layu….
Kumel kucem rahnya martini
Ho…..
25
BADE GORO GORO
KAYON KABEDOL NULI KAJOGETAKEN LAJENG TANCEP
TENGAH KELIR JEJEG
Gending Suwuk
SULUK
Dedet sidem prabawaning ratri
Sasadara wus panjer kawuryan
Tan ku…..ciwa memanise
Manggep srinarteng dalu o….o…..o…..
Winulat ngelangut
Prandene paksa kebegan
Saking kehing taranggana kang sumiwi
Warata tanpa sela….
KOCAP
26
Goro goro tanggap warsa sirah jugo asring bumi gonjang samodra kocak
Kumocaking samodra maweh kesrakate buron toya, saenggon – enggon
panas datan antuk pangaupan.
Horeging bumi karia rusaking pekarangan kalawan pategalan tanem tuwuh
nggagrak datan antuk toya, sawah-sawah nela dadi pandelikane gegremetan
mawa wisa, kewan iwen bangsane iber-iberan susah datan antuk memangsan
Janma, Pendita, Ratu sungkawa, Dewa tan kena lara ing pati amung kena ing
susah
Manjing praja maminta pitulungane ratu…ratu sungka prajaning katrajang
pagebluk larang sandang kalawan boga, ing Bawana katon situ kaya bangun
kang kasaputing lebu.
Dirgantara gumaludug, kilat thathit magenturan dedet irawati ngangkat gora
gurita kang kagiri-giri…
Kocapa…panyirep pangaribawaning goro goro…….
POCAPAN :
Eko wilangan sawiji, bumi araning lemah kang tinanduran pari
Dwi tegese loro, sawah pasabaning titah
Tri wilangan telu, gunung pikukuhing jagad
Catur papat, samodra segara kang ngideri Bawana, Panca lima, taru
gegodongan Sad wilangan nenem, pangonan pasabane sato wana
Sapta araning pitu, pandita titah kang wus katarima pertapane
Asta wolu, tawang langit
Nawa iku sanga dewa panutaning jalma
Dasa marang sepuluh, ratu mustikaning jagad.
27
Kocapa…….
Pangaribawaning goro-goro, sumunduling kahayangan suralaya
Kayu Kalpataru dewandaru meh rungkat rungkata, Gunung Jamur Dipa kaya
gempal gempala Rengah sungune lembu Andini, kaya njebol-njebolna kori
Sela Matangkep
Bumi gonjang langit gumarang lengkung pating palengkung
Clarat pating calorot, clarat tahun kadya nguntal Bumi, tambuh tambuh kang
bisa nyirep pangaribawa goooro-goooro
Rikala semana ora kaya sang Hewang pikulun Bethara Guru sanalika ngasta
tirta kamandanu isi banyu panguripa, kasabetaken ing madyapada byar
padang terawangan, pulih temahan jati, jati temahan waluya jagad….kinarya
pratanda
Kajaba sangka iku ora kaya ki lurah Semar saatmajane
Sami gegojegan wonten ing madyaning ngor-oro omba
Kalamun ta katinon saking mandarawa alon lirih denya lumaksana
(dodog kothak, gending mungel nuli isen isen sulukan ing tengahing
gending)
Alon…….
Yaning-yaning talogo kadilangit kang kumenyar
Mambang tepas wulan pamaneko o……
2. Kayon tancep kelir sisih kering kawalik dadi embane kadi obaling
geni
3. Petruk medal saking kelir sisih tengen, sinusul sedaya punakawan.
4. Gegojegan, tetembangan, guyon lsp
28
5. Semar medal
6. Gegojegan paripurna
7. Semar ngajak bodol sowan sebo R Janoko (pasemon gending Yuda
Kenaka)
8. Bodol
Ca king pakeliran :
SULUK
GUNEM
POCAP :
Ca king Pakeliran
30
SULUK ( menyura)
GUNEM
1. Bage binage
2. Prabu puntadewa miterang bab R Harjuna anggenipun ngupadi peksi
perkutut
3. R Harjuna dereng saget nyembadani kelangenanipun Abimanyu
4. Prabu Kresna ngajak meminta marang kang hakarya jagad murih
SABARANG SEDYA bisa kasembadan mligine pangupadine peksi kutut.
POCAPAN
31
POCAPAN
Caking pakeliran
1. Srikandhi marak mlebet nganthi punarpane Dewi wara Sembadra
2. Gangsa suwuk nuli suluk….
GUNEM
1. R Janaka mundut priksa Dewi Wara Sembadra kena apa kok tumeka
pralaya
2. Srikandhi matur menawa suduk salira jalaran bade pinrawasa Burisrawa
3. Pasrah dateng pepunden Pendawa + Prabu Kresna
4. Prabu Kresna amatek aji kaca paesan ingkang dumunung sajabaning
daging sajeroning kulit, kangge ngawuningani USADA MENAPA
INGKANG SAGET KATEMPUH
Murih Dewi Wara Sembadra saget waluya jati.
(gongsa mungel sawetawis nuli suwuk)
32
5. Prabu Kresna paring dawuh, (saka kaca paesan) murih enggal waluya jati
Punarpane Dewi Wara Sembadra kudu dilarung ing bengawan
Swilugangga
6. Panglangrunge punarpa kapasrahake dateng Gathutkaca
7. Gathutkaca bodol bade nglarung punarpane Dewi Sembadra
( gangsa mungel …nuli suwuk )
8. Sedaya bodol
Caking Pakeliran
1. Kayon kaulapake
2. Gathutkaca siaga nglarung punarpane dewi Wara Sembadra
GUNEM
POCAP
Punarpane sang kusumayu Dewi Wara Sembadra nat kala semana tumuli
kalarung….
Nalika semana dumunung caket pinggiring bengawan Swilugangga ora kaya
satria ing Jangkar Bumi ingkang nyaketi kuwandane sang kusumayu dewi
Wara Sembadra, pandugane kaya ngerti tukang satang…nanging yektine iku
ingkang rayi Raden Gathutkaca
33
2. Punarpane dewi Wara Sembadra sigra kalarung
(gangsa mungel )
GUNEM
POCAP …
Rikala semana praptane sang Nata Dwarawati ……(gunem misah saking
katebihan)
GUNEM
34
GUNEM :
Hooo…….ooo
Wanodya ayu utama ngambar arum
Ngambar arum sang kusuma
Yen ngendika nggeget lathi o…o…
GUNEM
35
STRAT TENGAH MARGA
Mbok mBodrooooaaaa ayo manuta sun mban pekeh sun mban ujung…
he..he…he…
mbek meong mbok mbok kethekur, tergelung- gelung senguk,
nanthung gerung- nanthung gerung …hoooo lok …olok olok olok…. Mbok
Mbodro ….kowe nengendi cilukkkkkkkkkkkk ba…..
GUNEM
1. Takon tinakon
2. Burisrawa : kepiye wae Wara Sembadra kudu kelakon dadi bojoku
3. Sulaya rembuk
(gangsa mungel)
4. Perang
(gangsa suwuk)
GUNEM
STRAT PERANG
WERKUDARA LUMAWAN SANTIKARAJA
GUNEM
1. Takon tinakon
2. Dadi pasulayan
3. Santikraja njaluk urip
4. Kabuncang tiba segara
5. WERKUDARA TAYUHAN
STRAT PUNGKASAN
NEGARI AMARTA KOMPLIT
Caking Pakeliran :
1. Prabu Puntadewa + pendawa Komplit + Prabu Kresna sedaya ing
pakeliran
Gending Suwuk
POCAP
37
POCAP :
Purnaning carios
Burisrawa Gandrung Sembadra larung
Dadya sarana katentremaning jagad raya, manggiha kabagyan,
kamulyan….
Katur sanggya sutresna sageta methik hikmah gelaring pakeliran
ringgit purwa ingkang sampun lumaksita samangke.
Minangka pepuntoning atur sumangga ANYANGKLEKA BUDAYA
JAWA INGKANG ADILUNUNG MENIKA kanthi asesanti :
TANCEP KAYON
38