Anda di halaman 1dari 1

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

ٍ ْ‫ َسيِّ ِدنَا َو َموْ الَنا َ ُم َح َّم ٍد َرُؤ و‬،‫صالَةُ َوال َّسالَ ُم َعلَى َرسُوْ لِ ِه ْال َك ِري ِْم‬
‫ َو َعلَى آلِ ِه‬،‫ف َر ِحي ٍْم‬ َّ ‫ َوال‬،‫ش ْال َع ِظي ِْم‬
ِ ْ‫ْال َح ْم ُد هللِ َربِّ ْال َعر‬
‫ َأ َّما بَ ْع ُد‬.‫وَأصْ َحابِ ِه الَّ ِذ ْينَ بَ َذلُوا نُفُوْ َسهُ ْم َوَأ ْم َوالَهُ ْم خَالِصًا لِ َوجْ ِه ْال َك ِري ِْم‬.
َ

Ingkang kawulo hormati (...........)


Bapak Ibu hadirin sedoyo ingkang kinurmatan
Langkung rumiyin, monggo sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng Allah
SWT ingkang sampun maringi katah kenikmatan dumateng kito, sehinggo kito saget
angrawuhi pengajian dalam rangka halal bihalal wonten mriki kanti mboten wonten
alangan punopo-punopo.
Sholawat soho salam, mugiyo kahatur dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW
ingkang kito sedoyo tenggo pitulung syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir, lan
kito sedoyo mugi diakui sebagai umat beliau lan pikantuk syafaatipun. Amin.
Hadirin ingkang kinurmatan
Keparengo kawulo matur ing mriki, sebagai pembagi wekdal utawi bertugas sebagai
pranatacara wonten acara peringatan halal bihalal puniko. Menawi ningali wekdal
sampun anyekapi pramilo langsung mawon kawulo waosaken susuna acara ingkang
bade kaampah wonten ing saat puniko.
1. Acara ingakang sepindah, inggih puniko pembikaan
2. Acara ingkang ongko kalih, inggih puniko waosan ayat suci Al Qur’an
3. Acara ingkang ongko tigo inggih puniko waosan Sholawat Badriyah
4. Acara ingkang ongko sekawan inggih puniko sambutan tuan rumah
5. Acara ingkang ongko gangsal inggih puniko waosan tahlil
6. Acara ingkang nenem inggih puniko mauidhotil hasanah
7. Acara ingkang terakhir inggih puniko doa
Menikolah susunan acara ingkang bade kalampah ing saat puniko, mugi-mugi
acara saget berjalan kanti lancar lan pikantuk ridho saking Allah SWT.
Hadirin ingkang kinurmatan
Wiwit awal dumugi akhir, kawulo nyuwun agungipun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai