Anda di halaman 1dari 12

LK 0.

1: Lembar Kerja Belajar Mandiri


Nama : Dwi Rahmawati, S.Pd.
Nomer : 201901347371
Kelas : 001 Bahasa Jawa
Judul Modul Sastra Klasik lan Modhern
Judul Kegiatan Belajar (KB) 1. Geguritan Lan Tembang Macapat
2. Lelagon Dolanan
3. Maca Aksara Jawa Cithak
4. Aksara Jawa Tulisan Tangan
No Butir Refleksi Respon/Jawaban
1 Daftar peta konsep Kegiatan Belajar 1: Geguritan Lan Tembang Macapat
(istilah dan definisi) di 1. Geguritan asale saka tembung gurita kang diowahi
modul ini saka tembung asline yaiku gerita. Tembung gerita
dhewe minangka tembung andahan kang linggane yaiku
tembung gita, tegese tembang utawa syair.
a. Gita Dwigatra yaiku: syair rong gatra sapada
b. Gita Trigatra yaiku: syair telung gatra sapada
c. Gita Catur Gatra yaiku: syair patang gatra sapada
d. Gita Panca Gatra yaiku: syair limang gatra sapada
e. Gita Sadgatra yaiku: syair nem gatra sapada
f. Gita Sapta Gatra yaiku: syair pitung gatra sapada
g. Gita Hastha Gatra yaiku: syair wolung gatra
sapada
h. Gita Nawa Gatra yaiku: syair sangang gatra sapada
i. Geguritan gagrag lawas luwih sering kasebut
kanthi tembung guritan.
j. Geguritan gagrag anyar yaitu geguritan kang
bebas utawa ora gumathok.
2. Basa rinengga yaiku basa kang edi peni utawa basa
kang endah lan nresep ing ati.
3. Purwakanthi ing basa Indonesia diarani sajak utawa
rima.
a. Purwakanthi guru swara utawa diarani asonansi
yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara
vokal kang padha, bisa urut utawa selang-seling.
b. Purwakanthi Guru Sastra utawa diarani aliterasi
yaiku purwakanthi kang disebabake anane swara
konsonan kang padha.
c. Purwakanthi lumaksita uga sinebut purwakanthi
basa yaiku purwakanthi kang disebabake anane
tembung ing pungkasaning gatra utawa ukara
kang dibaleni ing wiwitaning gatra utawa ukara
sakbanjure.
4. Lelewaning Basa (Majas) yaiku basa kang asring
kanggo ing geguritan. Ancase penggurit nganggo
lelewaning basa yaiku supaya geguritan kang ditulis
luwih endah utawa duwe efek estetis.
5. Tembung Garba: Tembung garba yaiku rong tembung
kang digabung dadi siji.
6. Citraan, fungsi citraan yaiku kanggo nuwuhake
gegambaran utawa khayalan kang tuwuh merga
pandhapuking ukara kang endah.
7. Tipografi yaiku wujude larik geguritan kang ndhapuk
wujud tartamtu.
8. Maca Geguritan
Maca geguritan kuwi ancase kanggo medharake ruh lan
amanat sing kamot ing sakjeroning geguritan.
a. Wicara: iku gegayutan karo babagan cethaning
swara utawa pocapan nalika maca geguritan. Ing
bab wicara bab kang kudu dimangerteni yaiku
artikulasi, diksi, tempo,dinamika, modhulasi,
intonasi, andhegan.
b. Wirama yaiku andhap asore swara kang
kajumbuhake karo isining geguritan.
c. Wiraga yaiku patrap utawa solah bawa lan ora
kakehen ngobahake awak.
d. Wirasa (penjiwaan) teges isine geguritan
dirasakake ing sanubari
9. Tema tegese kang ndhasari wicara. Tema luwih jembar
momotane tinimbang topik.
10. Topik asale saka basa Yunani topoi sing tegese
“tempat” utawa panggonan. Ing guneman, topik dadi
intine pirembagan.
11. Diksi yaiku pilihaning tembung kang trep bisa awujud
basa lisan utawa basa tulis
12. Ruh Geguritan njalari geguritan kuwi bisa nduweni
rasa kang jero. Dadi geguritane bisa ngemu teges.
13. Pesen utawa amanat ing sajroning geguritan minangka
wos kang jumbuh karo ancase penggurit nganggit
geguritan.
14. Macapat tegese seneng maca kanthi kebak rasa endah
lan nikmat.
15. Sasmita Tembang Macapat yaiku kaggo nuduhake
pupuh tembang macapat, lumrahe mapan/ manggon
ana; (a) wiwitaning pupuh, (b) pungkasaning pupuh,
kang maksude nuduhake jenenge tembang pupuh
sabanjure
16. Laras yaiku nada (Slendro lan Pelog);
17. Titilaras/nada/notasi, yaiku urutane nada (notasi)
saka kang cendhek dhewe nganti nada kang dhuwur
dhewe.
18. Cengkok, yaiku gaya utawa model utawa warna
lagu, lan tembang macapat nduweni cengkok (gaya
utawa lagu) kang akeh.
a. pedhotan kendho, yaiku pedhotan kang ana ing
pungkasaning tembung,
b. pedhotan kenceng, yaiku pedhotan ing satengahing
tembung kang ora wutuh utawa durung rampung
(pedhotan kang cacat/ ala).
c. Purba andhegan: berhenti bernafas
d. Gregel, yaiku membat mentuling suwanten utawa
membat, lan gunane kanggo gawe endahing
tembang macapat.
1) Gregel andhap, maksudnya gregel yang
dilakukan pada bagian suku kata akhir baris,
misalnya “ra” pada kalimat: mingkar mingkur
ing angkara.
2) Gregel landung, artinya permainan gregel
yang dilakukan pada sebelum suku kata akhir
baris, misalnya “ka” pada kalimat: mingkar
mingkur ing angkara.
e. Luk, yaiku munggah mudhun utawa ombake
suwara kang ditentokake titilaras (nada, notasi)
kang digawe. Ing tembang macapat, luk ora becik
menawa ngluwihi tigang titilaras, jalaran luk
kang dawa iku arane bawa. Gunane luk kanggo
gawe edi, endah lan kepenak menawa dirungokake.
1) Nada, notasi urut utawa cedhak utawa
munggah marang titilaras sadhuwure;
tuladhane nada: 23, 35, 45, 56”;
2) Luk niba, tegese nada (titilaras) kang dhuwur
mudhun marang nada sangisore, tuladhane
nada: “53, 32, 54, 16, 76”;
3) Luk tangi, maksude luk saka titilaras kang
cendhek tumuju marang nada kang luwih
dhuwur, tuladhane titilaras: “235, 356, 367,
561”; lan
4) Luk nyeklek, yaiku luk kang munggah lan
mudhun utawa suwalike kanthi mlumpat kang
ora urut, tuladhane nada: “2567, 7532, 6576”.
19. Makna Filsofise Tembang Macapat: tembang macapat
menawa diurutake lan kaandharake werdine
pranyata ngemot piwulang kang luhur sarta utama,
lan nduweni makna falsafahing manungsa rikala urip
ana donya; wiwit lan tumekaning pati.
a. Mijil : yaiku wektu rikala bayi lair utawa metu,
mijil (keluar, lahir).
b. Maskumambang: nggambarake wektu rikalane
isih bayi (anak-anak) kang kebak nikmating
murip, bayi (anak) isih mardika durung duwe lan
ora ngerti rekasaning urip.
c. Sinom: yaiku nggambarake anak wis dadi nom-
noman utawa mudha, watake grapyak semanak,
luwes, supel.
d. Durma: yaiku nggambarake rikala isih nom utawa
mudha kang lumrahe gampang kagodha lan
kapribawan prekara kang ala, napsu angkara
murka, kagodha ombyaking jaman.
e. Asmaradana: nggambarake nom-nomam
(mudha-mudhi) kang wis wiwit nduweni rasa
tresna, kasmaran (jatuh cinta), kepencut
marang wong liya kang beda jinise.
f. Kinanthi: nggambarake wektu utawa rikalane
mudha-mudhi wis wiwit padha gegandhengan
tangan utawa urip bebrayan, wis mbangun bale
wisma (berkeluarga), urip kang rukun lan ayem
tentrem, bagya mulya (damai).
g. Dhandhanggula: nggambarake rikalane wis
ngancik lan ngrasakake dadi wong tuwa, ngopeni
anak bojo lan srawung karo tangga teparo.
h. Gambuh : nggambarkan umur lan watak
rikalane manungsa tambah tuwa/ dewasa lan
kapribadene tambah diwasa, wusanane bisa
njumbuhake kabutuhaning jiwa raga, lair lan
batin; kuluwarga lan masyarakat, pribadi lan
marang Panger an (hablumminnalooh lan
hablumminnaas).
i. Pangkur: nggambarake rikalane umure
manungsa wis laluyuswa (masa lanjut usia,
udzur)lan wancine ngungkurake hawa napsu lan
kadonyan‟.
j. Megatruh: nggambarake manungsa kang wis
nglenggana marang pepesthen, takdiring kabeh
manungsa yen bakal seda, mulih mula mulanira
utawa megatruh „pisahe nyawa saka raga‟.
k. Pocung: Nggambarake rikalane manungsa wis
seda lan dipocong, watake sembrana,
sakepenake (sakepenake dhewe alang ujure.)

Kegiatan Belajar 2: Lelagon Dolanan


1. Lelagon dolanan: mujudake sawijining lan jinising
reriptan tembang kang ora kaiket sarta ora nganggo
paugeran guru: gatra, wilangan/ wanda, lan guru
watak.
2. Gancaran minangka salah sawijining wujud sastra kang
wujude bebas yaiku ora kaiket dening guru lagu, guru
wilangan, lan guru gatra kaya ing tembang. Tembung
gancaran menawa ing bahasa Indonesia adate sinebut
prosa.
3. Unsur intrinsik yaiku unsur kang sinawang saka
gancaran iku
a. Tema: minangka panemu kang arep dibabar kanthi
wujud crita.
b. Plot/Alur yaiku urutane kadadean ana ing gancaran,
sinawang saka wiwitan tekan pungkasan.
1) Alur maju/alur garis lurus/progresif yaiku carita
kang karonce saka wiwitan awujud orientasi
nganti tekan solusi minangka pungkasan.
2) Alur mundur/alur flashback/sorot balik/regresif
yaiku alur kang critane kasetting ora urut diwiwiti
saka prakara kang ana ing gancaran banjur lagi
mlebu ana ing bagian orientasi.
3) Alur campuran yaiku alur kang nggabungake saka
alur maju lan mundur.
c. Paraga/tokoh: tokoh adalah pelaku yang
mengemban peristiwa dalam cerita fiksi sehingga
peristiwa itu mampu menjalin suatu cerita.
1) Protagonis yaiku paraga utama ana ing gancaran,
adate paraga iku duwe sipat kang becik.
2) Antagonis ana ing gancaran digambarake
minangka paraga kang nglawan protagonist
3) Tritagonis yaiku paraga kang ana ing tengah-
tengahe protagonis lan antagonis.
d. Latar/Setting yaiku gambaran babagan kahanan
kang ana ing gancaran.
e. Sudut Pandang/Point of View: ana ing gancaran
yaiku carane panulis mapanake awake dhewe ana
ing crita
1) Sudut pandang panulis minangka paraga utama
utawa wong kapisan digunakake nalika panulis
ngecakake awake dhewe dadi paraga utama ana
ing crita.
2) Sudut pandang panulis minangka wong katelu
yaiku nalika panulis ngecakake awake dhewe ana
ing jaba crita, ora dadi paraga.
3) Sudut pandang kang duwe kuasa yaiku sudut
pandang kang digunakake nalika panulis
mapanake awake dhewe minangka wong kang
ngerti kabeh ana carita.
f. Tone yaiku sikap emosional pengarang kang
diandharake ing sajroning cerita.
g. Koda: piwulang kang tinulis kanthi cetha ana ing
pungkasane gancaran.
4. Unsur ekstrinsik karya sastra yaiku (1) latar belakang
pengarang (2) kondisi social budaya (3) tempat novel
dikarang
5. Gancaran klasik: iku minangka jinis sastra kang ditulis
ana ing periode Jawa kuna, tengahan, lan anyar,
tuladhane yaiku legendari, mite, sage, fabel,
6. Gancaran modern: karya sastra kang oleh pengaruh
gaya tulisan Landa utawa Eropa tuladhane yaiku roman,
novel, cerkak, esai, lan sapiturute.
a. Crita rakyat: ekspresi budayaning sagolongan
masyarakat lumantar basa tutur sing isih ana
sesambungane karo aspek budaya, kaya ta agama
lan kapercayaan, undhangundhang, padagangan,
lan nilai sosial masyarakat ing kana.
b. Folklore yaiku istilah kang digunakake kanggo
nyebut istilah cerita rakyat.
1) Mite yaiku cerita prosa rakyat kang dianggep ana
sarta dianggep suci dening masyarakat kang
duwe cerita mau.
2) Legendha yaiku cerita kang miturut pengarange
nyaritakake kadadeyan kang nyata kanthi
paraga manungsa kang duwe sifat pinunjul.
c. Cerkak (karakit saka tembung ceriyos lan cekak):
sawijining wujud gancaran kang tinulis amung
cekak, cacahe tembung winates, lan mung
ngemot saperkara.
d. Novel minangka karya sastra fiksi kang kadhapuk
awujuud prosa, lan duwe alur utawa urut-
urutaning cerita kang dawa, isine gegambaraning
ngaurip lan tumindaking para paraga kang
kayadene nyata rikala novel iku katulis.
1) complexity ing novel: yaiku kapriye pengarang
bisa agawe kadadeyan- kadadeyan kanthi wujud
kang luwih kompleks lan njlimet.
2) implisit ing cerkak yaiku kadadeyan kang amung
diandharake kanthi cekak
7. Apresiasi sastra: Kagiyatan minangka tandha menawa
sastra iku ditampa ana dening pamaca.
8. Kagiayatan apresiasi gancaran minangka cara kang
digunakake kanggo ngakoni eksistensi gancaran ana ing
tengah-tengahing masarakat.
a. Kagiyatan apresiasi kaprigelan kognitif yaiku nalika
pamaca ngerti apa kang dikarepake ana ing
gancaran lan bisa jupuk pitutur luhur gancaran iku.
b. Kagiyatan apresiasi kaprigelan psikomotorik yaiku
bisa disawang nalika pamaca nglakoni kagiyatan
kang jumbuh karo gancaran sing diwaca.
9. Sinopsis Gancaran: ringkesan saka gancaran sing
diwaca. Sanajan ringkes, sinopsis bisa makili crita kang
ana ing gancaran. Bisa menehi gambaran kang ringkes
lan cepet babagan isi naskah.

Kegiatan Belajar 4: Tembang Macapat


1. Macapat: mujudake sawijining jinising tembang kang
ana lan sumebar ing tanah Jawa.
2. Tembang utawa “kagunan seni” mujudake kasiling basa
sing edi lan endah, sing wujude rerangkening
tembung-tembung kang kawengku pranatan-pranatan
kang gumathok, yaiku “lagu”
3. Metrum: lagu kang dadi dhasare karangan utawa
tembang.
4. Mardawalagu: buku nggitane Raden Ngabehi
Ranggawarsita, diandharake apa sebabe diarani
“tembang macapat”
5. Paugerane Tembang Macapat yaiku pathokan ing
Tembang Macapat (Guru-gatra; Guru-wilangan; Guru-
lagu atawa Dhong-dhing)
6. Sasmita Tembang Macapat yaiku tetembungan kangggo
nuduhake pupuh tembang macapat kanthi sinandhi,
lumrahe mapan/ manggon ana; (a) wiwitaning pupuh,
(b) pungkasaning pupuh
a. Pocung: jinis tembang macapat kang nduwe sasmita
mucung, pinucung, kluwak, lan tembung-tembung
kang nduweni wanda “cung”.
b. Gambuh: jinis tembang macapat kang nduwe sasmita
tambuh, embuh, kambuh, jumboh; lan
tembungtembung kang awanda “mbuh”.
c. Makumambang: jinis tembang macapat kang nduwe
sasmita kambang, kentir, kencana timbul ing warih.
d. Megatruh: jinis tembang macapat kang nduwe
sasmita duduk, dudukwuluh, pegat, megat, ruh,
aruh.
g. Kinanthi: jinis tembang macapat kang nduwe sasmita
kanthi, kekanthen, gandheng.
h. Mijil: jinis tembang macapat kang nduwe sasmita
wiyos, winiraos, rarasati, metu.
i. Pangkur: jinis tembang macapat kang nduwe sasmita
mingkur, munkur, kukur-kukur, yuda kenaka.
j. Asmaradana: jinis tembang macapat kang nduwe
sasmita asmara, kasmaran ing driya, branta,
kingkin, sedhih.
k. Durma: jinis tembang macapat kang nduwe sasmita
mundur, udur, durcara, duraka.
n. Sinom: jinis tembang macapat kang nduwe sasmita
anom, taruna, srinata, roning kamal, pangrawit,
weni, logondhang.
o. Dhandhanggula: jinis tembang macapat kang nduwe
sasmita manis, legi, sarkara, hartati, madu,
dhandhang, guladrawa.
7. Titilaras “nada, notasi‟, yaiku urutane nada (notasi) saka
kang cendhek dhewe nganti nada kang dhuwur dhewe,
gunane kanggo: (a) nulis notasi tembang; (b) gawe
cengkok tembang; lan (c) sinau tembang.
a. Cengkok, yaiku gaya utawa model utawa warna
lagu, lan tembang macapat nduweni cengkok (gaya
utawa lagu) kang akeh.
1) Tembang wantah/lugu/polos/milah/mbalung:
Tembang kang tanpa cengkok
2) Tembang garap/ sengsem/sanggit: tembang kang
nggunakake cengkok
b. Pakecapan (pengucapan) kudu cetha, supaya kang
padha ngrungokake bisa mangerteni isining tembang,
bisa mbedakak vocal pepet utawa taling, d lan dh, t
lan th, lan liya-liyane.
c. Pedhotan: teknik andhegan/mandeg nalika
nglagokake tembang.
1) Sakpanas teknik nglagokake tembang macapat
kang ora perlu mandheg utawa dipedhot ing
satengahing ukara/ baris
2) Pedhotan kendho, yaiku pedhotan kang ana ing
pungkasaning tembung,
3) Pedhotan kenceng, yaiku pedhotan ing satengahing
tembung kang ora wutuh utawa durung rampung
(pedhotan kang cacat/ ala).
4) Gregel yaiku membat mentuling suwanten utawa
embat, lan gunane kanggo gawe endahing
tembang macapat.
a. Gregel andhap, maksudnya gregel yang
dilakukan pada bagian suku kata akhir baris,
misalnya “ra” pada kalimat: mingkar mingkur
ing angkara.
b. Gregel hanung, artinya permainan gregel yang
dilakukan pada sebelum suku kata akhir baris,
misalnya “ka” pada kalimat: mingkar mingkur
ing angkara.
5) Luk, yaiku munggah mudhun utawa ombake suwara
kang ditentokake titilaras (nada, notasi) kang
digawe.
a) Luk ndhudhuk, maksude luk kang titilaras
(nada, notasi) urut utawa cedhak utawa
munggah marang titilaras sadhuwure;
tuladhane nada: 23, 35, 45, 56”;
b) Luk niba, tegese nada (titilaras) kang dhuwur
mudhun marang nada sangisore, tuladhane
nada: “53, 32, 54, 16, 76”;
c) Luk tangi, maksude luk saka titilaras kang
cendhek tumuju marang nada kang luwih
dhuwur, tuladhane titilaras: “235, 356, 367,
561”; lan
d) Luk nyeklek, yaiku luk kang munggah lan
mudhun utawa suwalike kanthi mlumpat kang
ora urut, tuladhane nada: “2567, 7532, 6576”.
6) Bawa yaiku luk kang dawa

9. Makna Filsofise Tembang Macapat yaiku makna tembang


macapat kang diurutake lan kaandharake werdine
nduweni makna falsafahing manungsa rikala urip ana
donya; wiwit lan tumekaning pati.
a. Mijil: yaiku wektu rikala bayi lair utawa metu, mijil
„keluar, lahir‟.
b. Maskumambang: nggambarake wektu rikalane isih
bayi (anak-anak) kang kebak nikmating murip, bayi
(anak) isih mardika durung duwe lan ora ngerti
rekasaning urip.
c. Sinom: yaiku nggambarake anak wis dadi nom-
noman utawa mudha, watake grapyak semanak,
luwes „supel‟.
b. Durma: yaiku nggambarake rikala isih nom utawa
mudha kang lumrahe gampang kagodha lan
kapribawan prekara kang ala, napsu angkara
murka, kagodha ombyaking jaman.
c. Asmaradana: nggambarake nom-nomam (mudha-
mudhi) kang wis wiwit nduweni rasa tresna,
kasmaran „jatuh cinta‟, kepencut marang wong
liya kang beda jinise.
d. Kinanthi: nggambarake wektu utawa rikalane
mudha-mudhi wis wiwit padha gegandhengan
tangan utawa urip bebrayan, wis mbangun bale
wisma „berkeluarga‟, urip kang rukun lan ayem
tentrem, bagya mulya „damai‟.
e. Dhandhanggula: nggambarake rikalane wis ngancik
lan ngrasakake dadi wong tuwa, ngopeni anak bojo
lan srawung karo tangga teparo.
f. Gambuh: nggambarkan umur lan watak rikalane
manungsa tambah tuwa/ dewasa lan kapribadene
tambah diwasa, wusanane bisa njumbuhake
kabutuhaning jiwa raga, lair lan batin; kuluwarga
lan masyarakat, pribadi lan marang Panger an
(hablumminnalooh lan hablumminnaas).
g. Pangkur: nggambarake rikalane umure manungsa
wis “ lanjut usia, udzur‟; lan wancine ngungkurake
hawa napsu lan kadonyan‟.
h. Megatruh: nggambarake manungsa kang wis
nglenggana marang pepesthen, takdiring kabeh
manungsa yen bakal seda, mulih mula mulanira
utawa megatruh „pisahe nyawa saka raga‟.
i. Pocung: Nggambarake rikalane manungsa wis seda
lan dipocong, watake sembrana, sakepenake
(sakepenake dhewe alang ujure).

2 Daftar materi yang sulit Nglagokake Tembang Macapat


dipahami di modul ini Sasmita lan Watak tembang macapat
3 Daftar materi yang sering Sasmita tembang macapat
mengalami miskonsepsi

Anda mungkin juga menyukai