Anda di halaman 1dari 3

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh

Ikhlas wonten ing perbuatan amal meniko setunggalipun kewajiban ingkang paling


wajib, taat ingkang paling sae lan ugi dados dasar wonten ing sedoyo amal kesaenan.
Menawi amal meniko ucul saking ikhlas, mongko amal meniko mboten wonten
ginanipun soho mboten wonten ganjaranipun alias bade muspro. Ical ipun ikhlas
wonten ing setunggal amalan meniko saget nyebabaken asy-syirk al-ashghor (syirik
ingkang alit). Menikolah ingkang dipun sebat riya’ (pamer amal
kesaenan). Riya’ meniko penyakit ati ingkang sekaligus saget menghapus ganjaranipun
amal kesaenan.
 

)‫ والرَّ اِئ ه َُو ْال َعا ِم ُل (الغزالي‬.‫صا َل ْال َمحْ م ُْو َد َة‬ ِ ‫اَلرِّ يُا ُء َطلَبُ ال َم ْن ِزلَ ِة فِى قُلُ ْو‬
ِ ‫ب ال َّن‬
َ ‫ ِبأنْ ي ُِر َي ُه ُم ال ِخ‬,‫اس‬

Riya’ meniko luru kedudukan ona atine manungso (golek jeneng apik) kanti


ngetingalaken pekerti-pekerti sae. (Al-Ghozali)
ْ ‫اَلرِّ يُا ُء ه َُو‬
ِ ‫إظ َها ُر ْال ِع َبا َد ِة لِ َقصْ ِد رُْؤ َي ِة ال َّن‬
َ ‫اس لَها لِ َيحْ َم ُد ْوا‬
)‫صا ِح َب َها (الحافظ إبن حجر العس َقالنى فى فتح الباري‬

Riya’ meniko ngetingalaken ibadah supoyo ditingali manungso, lajeng podo muji-


muji pelaku amal kasebat. (Al-Hafidz Ibnu Hajar as-Asqolani wonten Fath al-Bari)
Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh
Riya’ menikolah ingkang dipun khawatiraken nabi Muhammad SAW menimpa ummat-
Ipun. Rasululloh SAW bersabda:
‫ َيقُ ْو ُل ُ هَّللا ُ َع َّز َو َج َّل َي ْو َم ْالقِ َيا َم ِة‬.‫ارس ُْو َل هَّللا ِ؟ َقا َل الرِّ َيا ُء‬
َ ‫ك ااْل َصْ َغ ُر َي‬
ُ ْ‫ َقالُ ْوا َو َما ال ِّشر‬,‫ك اأْل صْ َغ ُر‬
ُ ْ‫أخافُ َعلَ ْي ُك ْم ال ِّشر‬
َ ‫ف َما‬ ْ َّ‫إن‬
َ ‫أخ َو‬
ُ ‫ َفا ْن‬,‫ ْإذ َهب ُْوا إلَى الَّ ِذي َْن ُت َراُؤ َن فِى ال ُّد ْن َيا‬:‫ َيقُ ْو ُل‬,‫اس ِبأعْ َمال ِِه ْم‬
)‫ (رواه أحمد‬.‫ظر ُْوا َه ْل َت ِج ُد ْو َن عِ ْن َد ُه ْم َجزاءًا‬ َ ‫َإذا َج َزى ال َّن‬

“Saktemene seng paling tak khawaterne menimpa awakmu yoiku asy-syikr al-ashghor.
Poro shahabat matur:”Nopo asy-syikr al-ashghor meniko ya Rasululloh? Rosul
mangsuli: Yoiku riya’. Alloh dawuh besok dino kiyamat, naliko mbales amal-amal e
manungso,”Budalo marang wong-wong seng mbok pameri amal ono dunyo.
Tunggunen, opo thoh awakmu nompo balesan soko wong-wong iku.”
1. Imam Ahmad
Rasululloh SAW juga bersabda:

َ ‫َمنْ َع ِم َل َع َماًل أ ْش َر‬


)‫ك َمعِى فِ ْي ِه َغي ِْرى َت َر ْك ُت ُه َوشِ رْ َك ُه (رواه أحمد‬

“Sopo wonge nindaake amal sarono nyekuthoake marang Aku ono mal iku, mongko
Aku ninggalake (ora ngreken) amal e lan kemusyrikan e.” HR. Imam Ahmad
Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh
Ulama’-ulama’ Shufi sami ngemutaken tentang bahaya nipun riya’:
 

ٌ ‫ه َُو ُس ٌّم َقا ِت ٌل مُحْ ب‬


ِ ‫ط ل ِْل َع‬
)‫مل (المنح السنية‬ ِ

“Riya’ meniko racun pembunuh ingkang ngrusak ganjaranipun amal.” (Al-Minah As-


Saniyyah)
 

Terkait kalian hal meniko, monggo sami ngatos-ngatos soho beprilaku cerdas anggen
kito bermedia sosial, kados ngginaaken WA, FB, Twitter, Instagram lan sanes-sanaes
ipun, supados mboten terjerumus wonten prilaku riya’. Menikolah salah setunggal ipun
pintu syetan memalingkan manungso lan ngedohaken saking beramal ingkang ikhlas.
Mboten kito sadari, naliko kito update status wonten jejaring sosial ternyata meniko
saget terjerumus dateng riya’,
Asring kito maos utawi kito piyambak ingkang update status:

1. Alhmdulillah, sudah waktunya berbuka puasa sunnah


2. Akhirnya selesai juga tarawihnya
3. Jum’atan dulu ah
4. Senangnya berbagi dengan anak-anak yatim
5. Waktunya thowaf mengelilingi ka’bah
6. Alhmdulillah, bisa shalat di masjin Nabawi.
7. Lan status-status ingkang miri-mirip

Saklebatan mboten wonten masalah kalian status-status kasebat. Mung mawon


menawi kito galih radi jeru malih, status-status kasebat saget njrumusaken dateng
prilaku riya’ ingkang bade ngrisak amal-amal sae kasebat.
Saget ugi foto utawi status ingkang kito update wonten jejaring sosial dados pintu
masuk ipun iblis njerumusaken dateng duso ingkang samar, penyakit ati ingkang bade
ngrisak amal-amal sae kito, ingkang lazim dipun sebat riya’.
Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh
Sejatosipun kito mboten dipun larang utawi dipun parengaken update status ibadah
kanthi niat:

1. Tahadduts bin-ni’mah (ngetingalaken nikmat Alloh wonten diri kito)


2. Ta’lim (Pembelajaran/pendorong) tyang sanes supados niru (mencontoh) amalan sae
ingkang kito tindaaken
3. Selamet utawi aman saking riya’ (pamer amal)
Rugi engkang ageng utawi ciloko, menawi ganjaran amalan sae kito dipun risak kalian
status-status ingkang kito update/dipun unggah wonten media sosial.

Alhasil, supados mboten nyebabaken madhorot kagem awak kito soho tyang sanes
prihal ngginaaken media social, langkung prayugi kito luweh selektif malih. Utaminipun
mboten update/ngunggah status-status ingkang gambaraken setunggalipun ibadah.
Cekap namung Alloh swt kemawon ingkang mangertosi soho bade mbales amal sae
kito. Insyaaloh kito bade selamet saking penyakit ati ingkang lazim dipun sebat riya’.

Anda mungkin juga menyukai