Anda di halaman 1dari 6

SOAL PTS BAHASA JAWA

KELAS VII

I. Pilihan Ganda

Wangsulana pitakonan ning ngisor iki kanthi milih jawaban kang bener!

1. “Pak kula badhe ….. tigan”


Tembung sing pas kanggo njangkepi ukara ning dhuwur yaiku…
a. Tuku
b. Njaluk
c. Tumbas
d. Mundhut
2. Ukara ning ngisor iki ngendi kang bener?
a. Bayu tumbas gendhis, nalika Bapak tumbas buku.
b. Bayu mundhut gula, nalika Bapak tumbas buku.
c. Bayu tumbas gendhis, nalika Bapak mundhut buku.
d. Bayu mundhut gendhis, nalika Bapak mundhut buku
3. A: “kowe mau wis mangan, Gus?”
B: ...
Wangsulanipun Agus ingkang trep menawi dipundangu bu guru menika...
a. Inggih, kula wau sampun dhahar
b. Inggih, kula wau sampun nedha
c. Inggih, kula wau sampun maem
d. Inggih, kula wau sampun mangan
4. A: “Sapa sing ora mlebu dina kiye?”
Wangsulan ingkang trep menawi dipundangu pak guru menika...
a. Ingkang boten mlebu dinten punika Asih Sri Rejeki
b. Ingkang boten mangkat dinten punika Asih Sri Rejeki
c. Ingkang boten mlebet dinten punika Asih Sri Rejeki
d. Ingkang boten rawuh dinten punika Asih Sri Rejeki
5. “Agus arep turu bae Bu. Agus wis kesel.”
Ukara kang kacithak miring ning dhuwur yen dibenerna nganggo unggah-
ungguh sing bener dadine…
a. “Agus badhe sare mawon Bu. Agus sampun sayah.”
b. “Agus badhe tilem mawon Bu. Agus sampun sayah.”
c. “Agus bade sare mawon Bu. Agus sampun sayah.”
d. “Agus bade tilem mawon Bu. Agus sampun sayah.”

Wacanan kanggo nomer 6-10

BREBES – Atusan warga Kabupatén Brebes sing kegabung neng


Aliansi Masyarakat Brebes nganakna démo nang ngarep Gedung DPRD Brebes, dina
Senén 5 September 2022. Dhéwéké pada nolak kebijakan mundaké bénsin utawa
BBM subsidi.
Massa anjog nang Gedung DPRD Kabupatén Brebes sekitar jam
setengah sewelas awan. Massa nglakokna orasi lan mbentangna sepanduk sing isiné
nolak mundaké rega BBM.
Ora let suwé, massa ditemoni daning Ketua DPRD Brebes M. Taufik lan
pirang Anggota DPRD liyané. Disusul daning Bupati Brebes Idza Priyanti lan Sekda
Brebes Djoko Gunawan.
Koordinator Lapangan Jepri Saputro ngomong, ana pirang tuntutan
disampékna daning Aliansi Masyarakat Brebes. Neng antarané, nolak secara tegas
kebijakan mundaké rega BBM bersubsidi. Termasuk njaluk Pemkab Brebes
mundakna UMK Brebes 30 persén.
6. Teks ning dhuwur nyritakna babagan…
a. Demo warga Brebes gara-gara rega lombok mumdak
b. Demo warga Brebes sing nolak rega BBM mundak
c. Rasa senenge warga sing arep olih bantuan.
d. Bupati Brebes sing arep menehi bantuan.
7. Warga Brebes nganakna protes ning gedung DPRD Brebes tanggal…
a. 15 September 2021
b. 15 September 2022
c. 5 September 2022
d. 5 September 2021
8. Tuntutan sing disampekna karo warga antarane nolak kebijakan mundake BBM
lan…
a. Njaluk mundakna UMK
b. Njaluk bantuan dana
c. Nolak mundake rega panganan
d. Nolak bantuan dana
9. Pejabat sing melu nemoni warga antarane ning ngisor kiye, kejaba…
a. Idza Priyanti
b. M. Taufik
c. Djoko Gunawan
d. Sudarmono
10. Saka wacan ning dhuwur bisa dimangerteni yen warga Brebes nganakna demo
nganggo cara…
a. Orasi lan majang spanduk
b. Anarkis utawa rusuh ning kantor DPRD
c. Ngrusak kantor DPRD
d. Rusuh karo polisi
II. Pilihan Benar dan Salah
11. Bayu: “Pak, nyong njaluk dhuwite nggo tuku jajan”
Bapak: “kie dhuwite.”
Ukara sing diucapna Bayu kalebu…
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
……………………………….
12. Nalikane matur karo bapake, bayu nganggo unggah-ungguh krama alus lan bapak
nganggo ngoko lugu. Pratelan kuwi kalebu…
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
13. Bapak : “Nu, tulung tukukna gula ning warung.”
Danu : “Nggih pak, badhe tumbas gendhis pinten kilo?”
Bapak: “ setengah kilo bae.”
Unggah-ungguh pacelathon ning dhuwur kalebu…
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
……………………………….
14. “Pak, nyuwun pangapunten kula badhe dhahar rumiyin.”. Ukara kasebut yen
diucapna ding awake dhewek kalebu…
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
……………………………….
15. Yen kandha utawa matur karo wong tuwa kudu nganggo unggah-ungguh sing
trep. Pratelan kuwe kalebu…
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
……………………………….
16. Sare kuwe basa krama inggile turu. Pratelan kuwe kalebu
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
……………………………….
17. Ing teks naratif, ana struktur kang diarani komplikasi, kuwe bagean kang
nyritakake babagan kedadean, perkara utawa konflik kang ana ning teks. Pratelan
kuwe kalebu…
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
18. Teks crita pengalaman kuwe kalebu teks kang sifate fiksi. Pratelan kuwe
kalebu…
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
……………………………….
19. Teks naratif kuwe salah siji tujuane kanggo menehi pendidikan. Pratelan kuwe
kalebu…
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
……………………………….
20. teks ngenani legendha candhi prambanan kalebu crita non-fiksi. Pratelan kuwe
kalebu…
a. Bener
b. Salah
Alasane: ……………………………………………………………
……………………………….
III. Essay
1. Tulisna 3 conto/tuladhane pacelathon (percakapan) nganggo basa Jawa ngoko!
2. Gawekna ukara (kalimat) krama alus nganggo tembung:
a. Mlampah
b. Nyuwun
c. Ngampil

Wacanan kanggo isian nomer 3-5

Klaten, www.jogjatv.tv – Rega lombok ning Klaten, Jawa Tengah ,


nganti saiki esih larang. Rega lombok rawit abang durung mudun, malahan mipil
mundak maning. Jarene bakul lombok ning Pasar Klaten Kota, rega lombok saiki
mundak secuil-secuil. Sakorane saben dina regane mundak 7 ewu lan dadi
Rp.105.000,00 saben kilo. Kedadean kie kang njalari lombok dadi kurang laris
merga konsumen nyuda anggone tuku lombok.

Nadyan rega lombok rawit abang mundak maning, nanging raga


Lombok abang gedhe esih ajeg, Rp.40.000,00 saben kilo. Semana uga lombok rawit
ijo, regane esih ajeg Rp.55.000,00 saben kilo. Para bakul ora ngarti lombok bakal
mudun apa ora.

1. Teks ning dhuwur nyritakna babagan apa?


2. Jelasna kaya apa carane warga kanggo ngakali rega lombok sing lagi larang!
3. Tulisna kesimpulan saka teks ning dhuwur.

Anda mungkin juga menyukai