Tugas Bahasa Jawa

Anda mungkin juga menyukai

Anda di halaman 1dari 2

TUGAS BAHASA JAWA

NAMA: AMMERY DIMAS P


KELAS : 9A
ABSEN : 2
PERPISAHAN KELAS IX
Assalamualaikum Wr Wb

Ibu Kepala Sekolah ingkang kulo hurmati.


Bapak Ibu Guru Ingkang dahat kinurmatan.
Ugi adik-adik lan rencang-rencang ingkang kulo tresnani.
Alhamdulillah puji syukur tansah kito haturaken dhumateng Gusti Allah Ingkang
Maha Agung, Ingkang sampun angluberaken rahmat sarta hidayah sahinggo kita
sedoyo saget makempal wonten ing acara perpisahan niki.

Bapak ibu guru Ingkang kula hurmati, kulo minangka wakilipun putra-putri
kelas 9 ngaturaken agunging panuwun awit keikhlasan saha katresnan Bapak lan
Ibu guru anggenipun nggulawentah para siswa saengga saged ngrampungaken
kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangunipun tiga tahun. Bapak ibu guru
saha adik-adik, sakedhap maleh kulo sarencang ninggalaken pawiyatan punika.
Sanadyan sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kulo
tansah nyenyuwun supados taksih celak ing penggaleh.

Kula sak konco kelas tiga punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik
sedaya kasil anggenipun ngangs kawruh ing pawiyatan punika. Kula minangka
wakilipun rencang kelas tiga, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep
anggenipun sinau.

Kulo kinten boten prayogi menawi atur kulo pepanjang, menawi wonten
kirang tatakrami anggen kulo matur, kulo nyuwun agunging pangapunten.

Waasalamualaikum Wr Wb.

Anda mungkin juga menyukai