Anda di halaman 1dari 5

MATERI GEGURITAN

ELEMEN: MEMBACA

CAPAIAN PEMBELAJARAN
Pada akhir fase F peserta didik mampu mengidentifikasi, memahami dan menganalisis teks puisi sesuai kaidah

TUJUAN PEMBELAJARAN1
1. Peserta didik mampu menganalisis struktur teks geguritan kemudian menjelaskan secara lisan dan tulis
2. Peserta didik mampu memparafrase isi dan amanat teks geguritan dengan menceritakan kembali dengan
bahasanya sendiri.
3. Peserta didik mampu mensimulasi membaca indah teks geguritan dan mengunggah hasil karya di sosmed
masing-masing.

PENJELASAN TP 1
1. Pengertian geguritan
Geguritan yaiku puisi gagrak anyar kang panulisane ora kaiket karo paugeran-paigeran tartamtu (guru lagu,
guru wilangan, guru gatra) kaya ing paugeran tembang, ananging iseh ngugemi rasa kaendahan.
2. Bedane geguritan karo tembang
Geguritan ditulis tanpa paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Dene tembang iku kaiket karo paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.
Guru gatra: cacahe gatra saben sapada
Guru wilangan: cacahe wanda (suku kata) saben sagatra
Guru lagu: tibaning swara / dong ding e swara ing pungkasane gatra
Gatra : larik/ baris
Tembung : kata
Ukara : kalimat
Pada : bait
Wilangan : jumlah/ cacahe
Paugeran : aturan
3. Struktur geguritan
Struktur geguritan bisa kaperang (dibagi) dadi 2, yaiku struktur njaba (fisik) lan
struktur njero (batin).
a. Struktur Fisik/ Lair
Struktur fisik utawa sinebut uga struktur kebahasaan minangka dadi saranane (medium) pangucape maksud
kang bakal diwedharake dening panggurit (penyair), yaiku kanthi sarana basa (bahasa). Dadi struktur fisik
wujud sing bisa dideleng lan dituduhake ing geguritan. Struktur fisik ing kene, kasebut uga metodhe puisi,
yaiku prabote geguritan kang bisa ditintingi (dianalisis) siji mbaka siji kadidene: diksi (pamilihing tembung),
pengimajian, tembung
kongkret, basa figurasi (majas), versifikasi (rima, ritma, lan metrum), lan tipografi (tatawajah).
1. Diksi yaiku pamilihan tembung kang ditindakake pangripta sajroning gawe geguritan. Diksi
dikarepake bisa
nuwuhake makna, keselarasan uni, lan urutane tembung.
2. Pengimajian (imaji_panyitra)
Sajroning nggurit panggurit migunakake imaji kanggo nglairake gagasane
 Imaji pangganda (arume kembang kang mekar wanci esuk nambahi rasa tentrem ing manah iki)
 Imaji pangrungu ( kemricike banyu kang netes agawe tentrem ing ati)
 Imaji pandeleng ( endahe esemu ibu, bisa agawe ayem ing atine anak-anakmu)
 Imaji pangrasa (abot panandhang iki yen dilakoni dhewe)
 Imaji panindak (ayo para mudha gumregah bangkit)
3. Tembung konkret yaiku tembung sing bisa ditangkep dening indera sing bisa nuwuhake imaji.
Tembung-
tembung iki gegayutan karo pralambang.
Es : nglambangake matine katresnan ( kebekuan cinta)
Dak rasa saiki ademe sikap mu wungkul kaya es sing ora bisa cair, adem njejeb tanpa rasa.

4. Basa fuguratif ( kalebu lelewaning basa/ gaya bahasa) yaiku basa mawa entar / kiasan sing bisa
nuwuhake
konotasi tartamtu.
Ceblok tresna ( jatuh cinta)
Ngertia wong ayu saka kalembutan ati lak polatmu iku, agawe aku ceblok tresna marang sliramu,
mula dak jaluk aja kok sia-sia atiku.

5. Versifikasi yaiku gegayutan karo rima, ritme, lan metrum. Rima (persamaan bunyi) ing geguritan.
Ritme(
dhuwur endheke, dawa cendheke geguritan, banter alone uni. Metrum ( tekanan irama ing saben
wanda nalika maca geguritan)

6. Tipografi yaiku wujud nyata uatawa blegere geguritan sing bisa dideleng langsung.

b. Struktur Batin
Struktur batin, yaiku struktur kang ana ing sajrone geguritan kang mblakakake (mengungkapkan) apa-apa
sing bakal diwedharake (dikemukakan) dening panggurit kanthi rasa pangrasa lan swasana ing jiwane.
Sajroning struktur batin iku bisa dionceki (dikupas) kadidene kanggo nggoleki makna sajroning geguritan,
sarta kanggo nggoleki tema, rasa pangrasa (perasaan), wirama (nada) lan swasana (suasana), piweling
(pesan). Kapapat andharan (uraian) sing pungkasan mau sinebut uga hakikat saka geguritan.
1. Tema/ makna yaiku gagasan pokok sing ndasari panggurit ngrakit tembung dadi geguritan.
2. Rasa-pangrasa yaiku sikape pangripta marang isine geguritan. Penjelasane tema lan rasa iki gegayutan
karo latar belakange panggurit.
3. Nada-swasana yaiku sikape panggurit marang pamaos.
Tuladhane : sedih, susah, sombong, ngenyek, nesu, bungah, ngajak, nuturi, ngelem,lsp.
4. Amanat/ tujuan yaiku pesen sing disampekake marang pamaos/ pamireng.

PENJELASAN TP 2
Tatacara Ngonceki Geguritan
Ngonceki geguritan iku ora sakarepe dhewe, ananging kudu mawa wewaton. Wewaton kang wus ana sajrone
struktur fisik lan batin kudu ditintingi kanthi tumemen supaya bisa ngawruhi kaendahaning basa sarta makna
sajroning cipta
sastra geguritan. Ing ngisor iki ana andharan kang bisa nuntun para siswa kanggo ngonceki geguritan kanthi
cetha.
Tata cara nggancarake (Parafrase):
a. Sabait geguritan lumrahe dadi sabait gancaran, sebab duweni sagagasan
b. Bisa nambah tembung ing saben gatra lan pada, supaya dadi ukara sing becik
c. Tembung sing angel diowahi menyang tembung sing dimangerteni tegese
d. Panulisane manut tat panulasane gancaran
e. Migunakake bahasane dhewe
Dhuh..... Gelandangan

( dening: Harnum}

Ing dawaning dalan panase srengenge kaya mlethekake mbun-mbunan

Bocah cilik-cilik padha golek panganan

Lampu abang dadi ndheg-ndhegan

Ngamen, ngemis, njaluk kanthi nadhahake tangan

Dhuh, papacintrakane pengemis

Atiku keiris-iris, ndeleng urip mu

Sing kudune nggolek ilmu ing sekolahan

Malah dadi gelandangan

Awake dhewe kudu syukur marang Gusti

Kang akarya Jagad

Kang wis paring kanugrahan

Bisa nyecep ilmu, ora ngangti kesrakat

(PS. No 48- ! Desember 2007)

PENJELASAN TP 3

Tatacara Maca Geguritan5


Sajroning maca geguritan iku ora kena sakarepe dhewe, nanging kudu mawa wewaton tartamtu kang
tundhone (akhirnya) bisa ngasilake kaendahan.Geguritan minangka salah sawijining (salah satu) karya sastra
kudu tansah nengenake kaendahan kang sipate khas. Mangka saka iku, pamacane geguritan saora-orane kudu
ngelingi 4 prakara (4 W), yaiku:
1) Wicara, yaiku tatacara anggone ngucapake (pelafalan) tembungtembunge kudu genah, cetha, lan
bener.
2) Wirama, yaiku tatacara anggone ngatur wiramaning (irama/lagu) sajroning pamacane tembung-
tembung lan ukarane kudu trep miturut tema lan swasana (suasana) kang kinandhut (terkandung)
sajroning geguritan.
3) Wiraga, yaiku tatacara anggone ngolah solah bawane (gerak) badan utawa obahing badan kudu pas
sarta kasengkuyung (didukung) olah pasemoning pasuryan (mimik/gerak raut wajah) nalika maca
geguritan kudu luwes tur ora kaku.
4) Wirasa, yaiku tatacara anggone ngresepi (meresapi/menjiwai) isi sajroning geguritan kang cundhuk
(mengacu) karo tema lan swasana, kadidene susah, nesu, seneng, wibawa, semangat, lan
sapanunggalane.
5. PENJEDAAN
Kanggo luwih nggampangake anggoni mahami lan ngrasakake isine geguritan, yaiku kanthi cara
menehi tanda mandheg :
- Tanda (../..) kanggo gantine tanda koma, karepe mendheg sedhela.
- Tanda (..//..) kanggo gantine tandha titik, karepe mandheg.
- Tanda (..=..) karepe larik siji lan larik sijine isih ana sesambungane utawa ora mandheg

Gambar 1: Maca Geguritan


(Sumber: Dhokumen Pribadi)

Tuladha geguritan:
(1)
Alamku Rusak
Dening: Icha Kristin

Biyen beninge banyu tansah mili ing kali


Saiki wus ora katon maneh
Biyen ijo royom wit-witan ku
Saiki wus sirna kabeh
Biyen endahe karang ing lautan
Saiki wus padha amoh

Rusake alamku
Merga tangane manungsa
Kanggo nafkah
Njur lali marang alam

Kepriye anak putu besoke?


Yen alam murka marang awake

Ya allah paringana sepura


Alam endah titipanmu saiki wus akeh ora arupa

Tulungagung, 5 April 2020

Gancaran geguritan ing nduwur: (menceritakan kembali dengan bahasa sendiri)


Biyen beninge banyu sing mili ing kali
Saiki wis ora ketara maneh
Biyen wit sing ijo-ijo
Saiki wis ilang kabeh
Biyen endahe karang ing lautan
Saiki wis padha amoh
Rusake alam
Merga perbuatane manungsa
Kanggo nyukupi nafkah
Banjur nganti ngrusak alam

Kepriye anak putu besoke


Yen alam ngamuk marang awake dhewe kabeh

Ya allah wenehana ngapura


Alam sing endah sing ko titipne saiki wis padha rusak

Tuladha geguritan tumrap kahanan saiki


(2)
Pacoban
Dening: Icha Kristin

Dunya kang lagi nampa pacoba


Pancoba saka sing kuasa
Mring sakabehe jalma
Kang ana ing alam dunya

Sejatine sekabehe iki minangka pepeling


Supaya awake dhewe eling

Dhuh Gusti ku....


Nggrantes rasane kalbu
Mangerteni kahanan iku
Kasuwun dongaku
Murah panggedhemu
Menehi sepura marang umatmu

Tulungagung, 5 April 2020

Prau

(dening: Widodo Basuki)

prau layar kang anggliyak ing ombak lumebak


iki prauku lan praumu kakang
layare ginelar saambane rasa kangen
lan pengkuh saking sisete tali katresnan
yen aku miris nyawang ombak mawalikan
mbokajak aku dolanan lintang-lintang
iki prauku lan praumu kakang
ginelak sindhungriwute angin panguripan
(Panakawan, no 031/01 – 15 Okt. 1991)

Anda mungkin juga menyukai