Anda di halaman 1dari 29

SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula


A. Uraian Materi
Serat Tripama.
Serat punika karya sastra. Tri tegesipun tiga. Dene pama ateges patuladhan
utama. Dados tripama dipuntegesaken tigang patuladhan ingkang utama. Serat
tripama punika nyariyosaken lelabetanipun Patih Suwanda (Bambang Sumantri),
Kumbakarna lan Suryaputra (Adipati Karna). Serat tripama satunggaling karya
sastra anggitanipun Ngarsa Dalem Ingkang Wicaksana Kanjeng Gusti
Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV (1809-1881) ing Surakarta,
ingkang kaserat awujud pupuh dhandhanggula cacah 7 ( pitung ) pada (bait
).

Wondene pada tembang dhandhanggula ing serat Tripama nggih punika:


1.
Yogyanira kang para
prajurit, lamun bisa samya
anuladha, kadya nguni
caritane, andelira sang
Prabu, Sasrabau ing
Maespati,
aran Patih
Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den
antepi, nuhoni trah utama
(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan
jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing
asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda
marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya,
purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.
2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng
karya, binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri
domas, katur
ratunipun, purune
sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka
aji, Suwanda mati ngrana.
(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya
1
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA
dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri
dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang
tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing
madyaning paprangan.)
3.
Wonten malih tuladhan
prayogi, satriya gung nagari
Ngalengka, sang Kumbakarna
namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur
yekti, de mung mungsuh wanara.
(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara
Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene
kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe
atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka
ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)
4.
Kumbakarna kinen mangsah
jurit, mring kang raka sira tan
lenggana, nglungguhi
kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh
nagari, lan nolih yayah
rena, myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala
kapi, punagi mati ngrana.
(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi)
watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak
ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala
kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)
5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur
kadange, len yayah
tunggil ibu, suwita mring
Sri Kurupati, aneng nagri
Ngastina, kinarya gul-
2
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA
agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.
(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara
Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra
suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning
(panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)
6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang
Dananjaya, Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-
sih, ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati
jinemparing, sumbaga wirotama.
(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna
seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu
Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane
Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).
7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra
prawira, amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang
palupi, manawa tibeng
nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming
dumadi, marsudi ing kotaman.
Tegese tembung angel :
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan

3
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

Gambar 1.1 Patih Suwanda, Kumbakarna, Adipati Karna

Tokoh pewayangan Bambang Sumantri utawi Patih Suwanda kacariosaken


wonten ing pada 1 lan 2 serat tripama pupuh dhandhanggula, kumbakarna
wonten ing pada 3 lan 4, dene Adipati Karna wonten ing pada 5 lan 6. Pada 7
nyariosaken dudutan saking 3 tokoh pewayangan kalawau.

Bambang Sumantri sasampunipun dipundadosaken patih salajengipun ajejuluk


“Patih Suwanda” punika satunggaling patih saking Raja Harjunasasrabahu ing
nagari Maespati nalika jaman saderengipun Sri Rama, paraga ing cariyos
Ramayana. Patih Suwanda misuwur lelabetanipun tumrap nagari, tatag tanggon
netepi sadaya kuwajibanipun minangka jejeripun patih, ngayahi sadaya tugas
ingkang dipundhawuhaken saking Prabu Harjunasasrabahu kanthi raos tanggel
jawab ngantos tumekaning pejah ing palagan mengsah Dasamuka.

Wondene Kumbakarna punika adhi saking Prabu Dasamuka raja Ngalengkadiraja


(Alengka), sinaosa arupi raksasa nanging mboten purun ngleresaken tumindak
kakangipun kang asifat angkara murka kanthi nyulik Dewi Shinta. Sanadyan
makaten nalika kaprajan Ngalengkadiraja dipunserang dening mengsah, inggih
punika Sri Rama sawadya balanipun, Kumbakarna nglungguhi sipat ksatrianipun,
nglabeti tumrap nagari ngantos dumugining gugur ing palagan. Kumbakarna
gugur tumrap nagari, mboten ambela kakangipun. Kumbakarna ugisalah
satunggaling paraga cariyos Ramayana.

Adipati Karna punika satunggaling paraga ing cariyos Mahabharata. Adipati


Karna ugi mboten ambela Pandawa minangka kadang tunggal ibu, ananging
mbela

4
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

Prabu Suyudana (Kurupati) raja Hastina saperlu males sih katresnan sang raja
Suyudana ingkang sampun nginggilaken drajatipun. Adipati Karna nalika lair
dipunbucal kanthi dipun larung ing lepen dipun panggihi lajeng dipun angkat
putra dening kusir Adirata, dipundadosaken adipati dening Prabu Suyudana.
Pramila ing prang Bharatayuda Adipati Karna wonten pihak Kurawa sinaosa
mangertos Kurawa punika pihak ingkang angkara murka. Sang Suryaputra gugur
ing prang tandhing mengsah Harjuna, adhinipun tunggal ibu.

B. Rangkuman

1. Serat tripama dipuntegesaken tigang patuladhan ingkang utama. Serat


tripama punika nyariyosaken lelabetanipun Patih Suwanda (Bambang
Sumantri), Kumbakarna lan Suryaputra (Adipati Karna).
2. Serat tripama anggitanipun Ngarsa Dalem Ingkang Wicaksana Kanjeng
Gusti Pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara IV (1809-1881) ing
Surakarta, ingkang kaserat awujud pupuh dhandhanggula cacah 7
(pitung) pada (bait ).
3. Tokoh pewayangan Bambang Sumantri utawi Patih Suwanda kacariosaken
wonten ing pada 1 lan 2 serat tripama pupuh dhandhanggula, kumbakarna
wonten ing pada 3 lan 4, dene Adipati Karna wonten ing pada 5 lan 6. Pada
7 nyariosaken dudutan saking 3 tokoh pewayangan kalawau.

C. Latihan Soal
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping ( X ) a, b, c, d,
utawa e tumrap wangsulan kang kok anggep bener !
1. Karya sastra kang kawentar Serat Tripama kangge tuladha kang becik
anggitanipun….
A. Ing Ngarsa Dalem kang Wicaksana Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
Harya Sri Mangkunegara IV
B. Ngarsa Dalem Ingkang Wicaksana Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Arya Sri Mangkunegara IV
C. Ing Ngarsa Dalem kang Wasesa Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Harya
Sri Mangkunegara IV
D. Ing Ngarsa Dalem kang Wasesa Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Sri
Mangkunegara IV
E. Ngarsa Dalem Ingkang Wicaksana Kanjeng Gustine Pangeran Adipati
Harya Sri Mangkunegara IV
2. Tokoh wayang kang dicritakake ana ing serat Tripama yaiku….
A. Patih Suwanda, Kumbakarna, Adipati Karna
B. Bambang Sumantri, Dasamuka, Arjuna
C. Suryaputra Karna, Dasamuka, Bima

5
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA
D. Arjuna, Nakula, Sadewa
E. Patih Suwanda, Dasamuka, Suryaputra Karna
3. Serat Tripama dumadi saking......pupuh.
A. 1 D. 7
B. 3 E. 9
C. 5
4. Serat Tripama pupuh dhandhanggula dumadi saking......pada.
A. 1 D. 7
B. 3 E. 9
C. 5
5. Serat Tripama kuwi awujud sekar
macapat....
A. Kinanthi
B. Dhandhanggula, kinanthi, gambuh
C. Dhandhanggula
D. Megatruh, kinanthi, pocung
E. dhandhanggula Kinanthi
6. Wondene cacah sekar ing serat Tripama wonten.. .pada.
A. 6
B. 7
C. 8
D. 9
E. 10

6
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

7. Pada 1 lan 2 sekar macapat ing serat Tripama nyariosaken….


A. Kumbakarna
B. Dasamuka
C. Adipati Karna
D. Basudewa
E. Patih Suwanda
8. Pada 3 lan 4 sekar macapat ing serat Tripama nyariosaken….
A. Kumbakarna
B. Dasamuka
C. Adipati Karna
D. Basudewa
E. Patih Suwanda
9. Pada 5 lan 6 sekar macapat ing serat Tripama nyariosaken….
A. Kumbakarna
B. Dasamuka
C. Adipati Karna
D. Basudewa
E. Patih Suwanda
10. Watak utama Patih Suwanda kawentar kanthi sesebatan triprakara yaiku....
A. bela nagara, bangsa, kulawarga
B. setya , loyal, komit
C. bela nagara, karya, purun
D. guna, kaya, purun
E. miguna, karya, setya
11. Watak utama kang bisa dijupuk saka Kumbakarna yaiku....
A. Tansah nengenake kapinteran lan kaprigelan perang
B. Tansah nengenake bandha donya kanggo kacukupane perang
C. Tansah nengenake politik
D. Tansah nengenake lelabuhane belani nagara
E. Nengenake kendele lan tatag tanggon
12. Paraga wayang iki arane yaiku….

7
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

A. Kumbakarna
B. Dasamuka
C. Patih Suwanda
D. Kresna
E. Adipati Karna
13. Paraga wayang iki arane yaiku….

A. Kumbakarna
B. Dasamuka
C. Patih Suwanda
D. Kresna
E. Adipati Karna
14. Paraga wayang iki arane yaiku….

A. Patih Suwanda
B. Setyaki
C. Arjuna
D. Kresna
E. Nakula

8
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

15. Gatosaken tembang punika!

Tembung “yogyanira” saking tembang ing nginggil tegesipun....


A. saenipun
B. sedaya
C. netepi
D. utama
E. sedherek
16. Gatosaken tembang punika!

“Sang Dananjaya” saking gatra aprang tandhing lan Sang Dananjaya


nggih punika....

A. Patih Suwanda
B. Setyaki
C. Arjuna
D. Kresna
E. Nakula

14
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

17. Gatosaken tembang punika!

Miturut tembang ing nginggil, ukara ingkang nedahaken tepa tuladha saking
Kumbakarna nggih punika....
A. Basukarna didhawuhi majeng perang
B. Boten manut kaliyan kangmasipun
C. Piyambake sakjatosipun boten kersa
D. Kumbakarna mbela negarinipun
E. Negarane badhe dipun rusak bala kethek
18. Gatosaken tembang punika!

Wonten ing tembang Dhandhanggula punika dipunsebataken bilih Patih


Suwanda dados patuladhan awit...

A. Lelabuhan ingkang ageng kagem negari Maespati


B. Jasanipun ageng kagem negari Ngalengka
C. Anggadahi watak ingkang remen tetulung
D. Wani mati bela negari Maespati
E. Mboten kesupen dhumateng ingkang ngangkat drajatipun

15
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

19. Gatosaken tembang punika!

Miturut tembang Dhandhanggula wonten ing nginggil ukara ingkang jumbuh


kaliyan Kumbakarna nggih punika....

A. Sinaosa wujudipun buta ananging nindakaken dhawuhipun keng raka


Dasamuka
B. Satriya ingkang nindakaken dhawuhipun pimpinan
C. Nindakaken pakarti becik remen tetulung dhumateng tiyang sanes
D. Mboten kesupen dhumateng ingkang sampun ngangkat drajatipun
E. Sinaosa wujudipun buta ananging anggadhahi watak satriya
20. Gatosaken tembang punika!

Saking tembang Dhandhanggula wonten ing nginggil ukara ingkang jumbuh


kaliyan Suryaputra Karna nggih punika....
A. Suryaputra Karna punika satriya ingkang wantun pejah bela negarinipun.
B. Suryaputra Karna punika tunggilipun para Kurawa.
C. Suryaputra Karna mboten ngakeni ibu Kunthi minangka ibunipun.
D. Suryaputra Karna punika sedherek tunggal Ibu para Pandhawa.
E. Suryaputra Karna majeng perang mungsuh para Kurawa.

16
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

Dhandhanggula punika salah satunggaling tembang macapat ingkang wosipun


pangajeng-ajeng utawi pangajab ingkang sae/ becik. Tembung dhangdhanggula
dipunpendet saking nami raja Kediri, Prabu Dhandhanggendis ingkang misuwur
sasampunipun prabu Jayabaya. Ing Serat Purwaukara, Dhandhanggula
nggadhahi teges ngajeng-ajeng kasaenan. Pramila saking punika, tembang
ingkang ngginakaken metrum Dhandhanggula ugi nggadhahi suraos ingkang
manis utawi legi kados dene gendis utawi gula. Kathah pitutur kina ingkang
ngangge tembang jinis punika.
Wonten ugi ingkang negesaken dhandhanggula punika saking tembung
dhandhang lan gula. Dhandhang punika jinising peksi menawi menclok
swantenipun ngaok-ngaok, padatan peksi gagak. Dhandhang puntegesaken
remen ngendikan wonten pundi kemawon. Dene gula punika manis, suraosipun
pitutur ingkang becik. Dados dhandhanggula saged ugi dipuntegesaken remen
ngendikan wonten ing pundi kemawon babagan pitutur ingkang becik/kesaenan.

Tembang Dhandhanggula nggadhahi watak luwes, ngresepaken. Mathuk


kangge bebuka/pambuka medharaken piwulang, rasa kasmaran/gandrung,
ngandharaken raos napa kemawon. Wondene, sasmitaning tembang
Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa, gendhis.

A. Latihan Soal
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping ( X ) a, b, c, d,
utawa e tumrap wangsulan kang kok anggep bener !
1. Dhandhanggula punika salah satunggaling tembang macapat ingkang
wosipun pangajeng-ajeng utawi pangajab ingkang sae. Tembung
dhangdhanggula dipunpendet saking nami raja Kediri nggih punika....
A. Prabu Dhandhanggendis
B. Prabu Rama Wijaya
C. Adipati Karna
D. Prabu Dasamuka
E. Prabu Jayabaya
2. Dhandhanggula nggadhahi teges ngajeng-ajeng kasaenan kados
ingkang kaserat wonten ing....
A. Serat Tripama
B. Serat Wedhatama
C. Serat Purwaukara
D. Serat Wulangreh
E. Serat Wulangsunu
3. Pupuh ing serat Tripama awujud sekar macapat….
A. Kinanthi

17
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

B. Pocung
C. Pangkur
D. Dhandhanggula
E. Sinom
4. Tembang Dhandhanggula kuwi asale saka tembung dhandhang lan gula,
dhandhang ngemu surasa seneng omong ing ngendi paran dene gula
surasane….
A. tumindak sae
B. swanten ingkang sae
C. pitutur kang becik
D. legi rasane
E. samubarang kang manis
5. Macapat kang cacah 11 kuwi duweni paugeran utawa pathokan sing ora bisa
dilanggar. Salah siji paugerane guru wilangan, tegese ….
A. cacahing wanda saben sagatra
B. tibaning swara saben gatra
C. swara saben pungkasaning wanda
D. cacahing gatra saben pada
E. tibaning swara ing pungkasaning gatra
6. Tembang macapat dhandhanggula iku uga kaiket paugeran yaiku cacahing
wanda/kecapan saben sagatra tembang. Paugeran kuwi arane.…
A. guru wilangan
B. guru lagu
C. guru gatra
D. guru sastra
E. guru swara
7. Kempalaning tembang-tembang macapat sajinis rong lagu utawa luwih kang
ana sajroning crita utawa andharan diarani ….
A. pada
B. pupuh
C. wanda
D. dhong-dhing
E. guru gatra
8. Tembang dhandhanggula cacahipun gatra wonten....
A. 4
B. 6
C. 8
D. 10
E. 12

18
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

9. Tembang macapat kuwi nduweni watak lan sipat dhewe-dhewe. Watake


tembang macapat dhandhanggula yaiku….
A. Sedih nrenyuhake
B. Luwes, bisa ngandharake rasa apa bae
C. Seneng, ngandharake rasa tresna
D. Teges, ngandharake pitutur luhur
E. Seneng, ngandharake piwulang becik
10. Nulis utawa nganggit cakepan/syair tembang macapat kuwi kudu jumbuh
jumlah gatrane. Tembung gatra duweni teges....
A. bait
B. baris
C. teks
D. tembung Jawa
E. suku kata

19
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

KEGIATAN PEMBELAJARAN 3
Aksara Jawa

A. Uraian Materi
Aksara legena lan Pasangan
… … … … …

ha na ca ra ka
… … … … …

da ta sa wa la
… … … … …

pa dha ja ya nya
… … … … …

ma ga ba tha nga

Aksara murda
Aksara Jawa Murda yaiku aksara Jawa kang dinggo nulis tembung-tembung
khusus. Aksara iki digunakake kanggo nulis jeneng kutha, papan panggonan, lan
jeneng uwong, lembaga pamarentahan, gelar. Aksara murda iki ora bisa dienggo
minangka panutup aksara legena (sigeg). Aksara Murda cacahe ana 8, yaiku Pa,
Ba, Ga, Na, Ka, Sa, Ta, Nya, uga bisa disingkat dadi “Nyah, Pak BaGong
NuKu SaTe”. Fungsi saking aksara Murda inggih menika :
Aksara
No Pasangan Latin Tuladha Latin
Murda

Nampireja
1. Na
...............
Raden Nakula

2. .............. Ka Kandhawaprasta

20
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

Kraton Kediri

Temanggung
3. Ta
............... Kabupaten
Temanggung

Senopati
4. Sa
..............
Raden Sadewa

Puntadewa
5. ......... Pa
Kraton Pajajaran

Nyai Rara Kidul


6. Nya
............. Kraton Nyai
Blorong

Dewi Gandhari
7. Ga
.............
Gaman Gandiwa

Basudewa Krisna
8. Ba
.............
Dusun Bagusan

Gunane Aksara Jawa Murda lan cara panulisane:


Tuladha
No Fungsi
Latin Leres Kleru

1. Nulis Jeneng Nakula

2. Nulis Gelar Prabu

21
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

3. Nulis Papan Panggonan Temanggung

4. Nulis Lembaga Pemerintah KPK

Tuladha
Cara Panulisane
Latin Leres Kleru
Ora kena dadi pungkasane
1. Samirana
tembung

Prabu Karna
Ditulis ana ngarep tembung
2.
mawon
Pagutan

Aksara Swara
Aksara swara jaman dhisik kanggo nulis tembung saka basa manca. Nanging
suwe-suwene banjur kanggo nulis jeneng wong, kutha, Negara, lan liya-liyane.
Kajupuk saka kawitane wae. Aksara swara ora kena kanggo pasangan.

Aksara swara

A E I O U

Gunane aksara swara;


1. Aksara swara iku aksara swatantra sing nglambangake vocal bebas. Ing
sajroning Basa Jawa, aksara swara iku ana 5 (lima) yaiku a, i, u, e, lan o.
Aksara swara ora bisa dadi pasangan, menawa dumunung ana ing saburine
wanda sigeg, aksara sesigege wanda kudu dipangku.
2. Gunane aksara swara dienggo nulisi tembung manca kang dicethakake,
kayata; Agustus, Ibrahim, Oktober, Usman, Inggris, Indonesia, lsp
3. Aksara swara ora kena dadi pasangan. Menawa dumunung ing saburine
wanda sigeg, aksara sesigeging wanda iku kudu dipangku.
4. Aksara swara iku ora kena ditrapi sandhangan swara.
5. Tembung manca kang ora dicethakake, luwih-luwih tembung manca kang
wis rumasuk basa Jawa nganti arang kang sumurup yen iku tembung
manca,
22
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

lumrahe katulis tanpa aksara swara. Tuladhane kayata tembung Sansekerta


“aksara” lumrahe mung katulis.
Tuladha;

a. : Erika

b. : Anita

c. : Sasi Oktober

d. : Wulan April

e. : Jenenge Indah Kartikasari

Aksara Rekan
Aksara Rekan yaiku aksara kang direka kanggo nandhani aksara sing asale saka
basa manca, utamane basa Arab. Wujude aksara rekan yaiku rupa aksara Jawa,
nanging ing ndhuwure diwenehi tandha cecak telu. Aksara rekan direka amarga
aksara kang asale saka basa manca kasebut ora tinemu ing aksara Jawa legena
(sing cacah 20). Aksara rekan bisa dadi pasangan uga bisa diwenehi
sandhangan. Aksara rekan iku cacahe ana 5 yaiku:

No Wujude Tuladhane Aksara Latin

1 : kha Khatib

2 : dza Adzan

3 : va / fa Favorit

4 : gha Ghamidan

5 : za Zakat

23
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

Aksara Angka
Perlu dimangerteni, aksara angka Jawa kuwi dumadi saka 1-0. Ana saperangan
aksara angka kang wujude padha karo akasara Jawa, ing antarane yaiku :
a. Angka 1 padha karo aksara ga
b. Angka 2 padha karo aksara nga lelet
c. Angka 6 padha karo aksara swara E
d. Angka 7 padha karo aksara la
e. Angka 8 padha karo aksara pa murda
f. Angka 9 padha karo aksara ya

Supaya ora mbingungi anatarane aksara angka karo aksara legena, mula
panulisane aksara angka kaapit pada pangkat ( ). Dene nalika nulis aksara angka

sing luwih saka 9, panulisane kanthi ndadekake siji angka cacahe loro utawa luwih,
kaya dene panulisane angka Arab. Tladhane angka 12 sing dumadi saka angka
)
(1= lan angka (2= ) banjur didadekake siji dadi ( ).

Tuladha :
a. “umurku 17 tahun” ditulis :

Supaya ora diwaca “umurku gala taun”.

b. “ing taun 1971” ditulis :

Supaya ora diwaca “ing taun gayalaga”.


c. “regane 525.000 rupiah” :

24
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

B. Rangkuman
1. Aksara Legena lan Pasangan

2. Aksara Murda

Aksara
No Pasangan Latin
Murda

...............
1. Na

2. Ka
..............

...............
3. Ta

..............
4. Sa

.........
5. Pa

.............
6. Nya

.............
7. Ga

8. Ba
.............

25
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

3. Aksara Swara

Aksara swara

A E I O U

4. Aksara Rekan

Aksara rèkan

Kha Dza Fa / Va Za Gha

5. Angka Angka

C. Penugasan Mandiri
Ukara ing ngisor iki tulisen nganggo aksara Jawa !
1. Fajar arep kerja ana ing Amerika mulane tanggal 9 sasi 2 wingi ngurus surate
neng Semarang.
2. Kancaku sik jenenge Verdi wingi oleh kiriman dhuwit 3.750.000 saka kakange
sik kerja neng Kediri.
3. Saka lulusan sekolahku cacah 416 sik wis nyambut gawe enek 387.
4. Sik nembang wis dibaleni kaping 13 nanging swarane durung pas karo titi
larase.
5. Zaki wis tau urip 20 taun ana Arab mulane sik maca tulisan lancar banget.

26
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

D. Latihan Soal
1.

Ukara ing dhuwur menawa ditulis nganggo aksara latin, yaiku....


A. umure 66 tahun
B. umure 66 taun
C. umure 56 tahun
D. umure 55 taun
E. umure 46 tahun
2.

unine ing tulisan biasa....


A. sungune 5 wae
B. suwene 5 jam
C. sengrenge 5 jam
D. srawunge 5 maneh
E. suwene 5 dina
3.

A. Nomer teleponku 081228333371


B. Nomer teleponku 08222833391
C. Nomer teleponku 08522833391
D. Nomer teleponku 08112833391
E. Nomer teleponku 08122822271
4. karepe....

A. sikile 2
B. sikile lara
C. sukune 2
D. sukuneloro
E. sikile 1
5. wujude aksara Angka kababar ing ngisor iki,kajaba....

A.

B.

C.

27
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

D.

E.

6. Panulisan angka 1987 sing bener yaiku....


A.

B.

C.

D.

E. ’

7. Aksara kang direka kanggo nandhani aksara sing asale saka basa manca,
utamane basa Arab diarani….
A. Aksara Murda
B. Aksara Legena
C. Aksara Rekan
D. Aksara Swara
E. Aksara Jawa
8. Nguri-uri kabudayan Jawa. Yen ditulis kanthi aksara Jawa yaiku….

A.

B.

C.

D.

E.
9. Khasanah karo Fauzan menyang sekolah. Yen ditulis kanthi aksara Jawa
yaiku….

28
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA
A.

29
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

B.

C.

D.

E.

10. yen ditulis kanthi aksara

latin yaiku….
A. Nalika sasi pasa aku mbayar zakat pitrah.
B. Nalika wulan pasa aku mbayar zakat fitrah.
C. Nalika wulan pasa padha mbayar zakat fitrah.
D. Nalika wulan siyam ibuku mbayar zakat fitrah.
E. Nalika sasi ramadhan bapakku mbayar zakat pitrah.
11.Panulise aksara Jawa kang ora bener yaiku….
A. Khamim =

B. Zamali =

C. Khalifah =

D. Ghamiran=

E. Fatimah =
12.Sesuk dina Minggu aku lan kancaku melu final Voli. Yen ditulis kanthi aksara
Jawa yaiku….
A.

B.

C.

30
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

D.

E.

13.Ana ing ngisor iki kang ora perlu ditulis nganggo aksara murda yaiku cara nulis?
A. Nulis Jeneng
B. Nulis Papan Panggonan
C. Nulis Tanggal
D. Nulis Lembaga
E. Nulis Gelar
14.Seratan aksara Murda kang salah ana ing ngisor iki yaiku?

A.

B.

C.

D.

E.
15.Ana ing ngisor iki seratan Temanggung kang bener yaiku?

A.

B.

C.

D.

E.
16.Anita lair ing kutha Sala sasi Oktober.
Ukara ing dhuwur menawa ditulis kanthi aksara Jawa dadi….
A.

31
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

B.

C.

D.

E.

17.

Ukara ing dhuwur diwaca….


A. Bambang Gunawan iku putrane Raden Arjuna
B. Bambang Irawan ksatriya saka Alengka
C. Bambang Irawan ksatriya saka Astina
D. Bambang Susanto iku putrane Raden Jana
E. Bambang Irawan iku putrane Raden Arjuna
18.Ibu kaliyan bapak tindak dhateng Ambarawa.
Menawa ditulis nganggo aksara Jawa dadi….
A.

B.

C.

D.

E.

19.
Ukara ing dhuwur menawa diowahi dadi basa ngoko yaiku….
A. Ibu Guru tumbas buku lan bolpen ing Koperasi Andi Jaya
B. Ibu Guru tuku buku lan bolpen ing Koperasi Edi Jaya
C. Ibu Guru tuku buku lan bolpen ing Koperasi Adi Jaya
D. Ibu Guru tumbas buku lan bolpen ing Koperasi Adi Jaya
E. Ibu Guru tumbas buku lan bolpen ing Koperasi Edi Jaya

32
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

20. Kalawingi bapak nembe kemawon …. dhateng Semarang.


Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur menawa ditulis ing
aksara Jawa yaiku….
A.

B.

C.

D.

E.

Kunci Jawaban

NO JAWABAN NO JAWABAN
1. B 11. D
2. B 12. A
3. E 13. C
4. A 14. D
5. D 15. E
6. A 16. A
7. C 17. E
8. B 18. B
9 A 19. C
10. B 20. D

33
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap
SERAT TRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA & AKSARA JAWA

34
Bahasa Jawa Kelas XII Semester Genap

Anda mungkin juga menyukai