Anda di halaman 1dari 1

PIDATO BASA JAWA

NARKOBA

1. Salam Pembuka

Assalamualaikum Wr. Wb

2. Purwaka Basa (Pambuka )

Kang terhormat bu Dini selaku guru Basa Jawa sarta kanca kancaku sing aku sayangi. pertama-
tama mangga awake dhewe panjatake puji syukur kehadirat Allah Swt kang wis ngelimpahake
rahmat saengga awake dhewe iso makumpul ing kelas iki. Ing kesempatan iki, aku arep ngaturi
sesorah ngenani bebaya narkoba.

3. Suarasa Basa ( Isi Pidato )

Kanca-kanca ngerti ora, apa bebaya narkoba kang lagi mengintai generasi awake dhewe,
utamane remaja? umur remaja ya iku umur kang rentan amarga kapinginerone kang dhuwur,
saengga sering dimanfaatake dening ngedarake narkoba kanggo dikonsumsi. Dheweke kabeh
mangaribawani remaja kanggo ngonsumsi narkoba karo alesan arep katon keren menawa
migunakake narkoba. Nanging, narkoba malah mung nggawa pengaruh ala ing remaja, kaya
ngrusak organ awak, nggawe kelangan kemampuan mikir, lan konsentrasi keganggu.

4. Dudutan ( Kesimpulan )

Amarga akeh banget pengaruh ala saka narkoba, alangkah apike menawa awake dhewe ngadohi
obat-obatan terlarang lan ngisi wayah lodhang awake dhewe karo bab-bab kang manfaat .

5. Pangarep Ngarep

Muga-muga awake dhewe tansah dijaga lan tansah jero lindungan allah sarta kehindar saka
bebaya narkoba kang ngintai.

6. Wasana Basa ( Panutup )

Mangkono sesorah ngenani narkoba kang oleh aku aturake. Menawa ana kaluputan jroning
nyaturake tembung aku nyuwun pangapurane. Dhuwur kawigatene, aku ucapake matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Jeneng : Abidatul Chanifah

Kelas/No : XI MIPA F/ 02

Anda mungkin juga menyukai