Anda di halaman 1dari 2

Innal hamdalillah

[Sesungguhnya, segala puji bagi Allah]


Nahmaduhu wanasta'inuhu wa nastaghfiruhu
[kami memuji-Nya dan kami memohon pertolongan dan ampunan-Nya]
Wana'udzubillahi min syururi anfusinaa
[Kami berlindung kepada Allah dari kejahatan diri-diri kami]
Wamin sayyi-ati a'malinaa
[dan dari kejahatan amal perbuatan kami]
Man yahdihillahu falaa mudhillalah
[Barangsiapa yang Allah berikan petunjuk, maka tidak ada yang dapat menyesatkannya]
Waman yudhlil falaa haadiyalah
[dan barangsiapa yang Allah sesatkan, maka tidak ada yang dapat memberikan petunjuk kepadanya]
Wa asyhadu alla ilaha illallah
[Dan aku bersaksi bahwa tidak ada tuhan yang berhak disembah kecuali Allah]
Wahdahulaa syariikalah
[Maha Esa Dia dan tidak ada sekutu bagi-Nya]
Wa asyhadu anna muhammadan abduhu wa rasuluh
[dan aku bersaksi bahwa Muhammad adalah hamba dan Rasul-Nya]
Assalamualaikum wr. Wb

Innal hamdalillah, Nahmaduhu wanasta'inuhu wa nastaghfiruhu

Wana'udzubillahi min syururi anfusinaa, Wamin sayyi-ati a'malinaa

Man yahdihillahu falaa mudhillalah, Waman yudhlil falaa haadiyalah

Wa asyhadu alla ilaha illallah, Wahdahulaa syariikalah

Wa asyhadu anna muhammadan abduhu wa rasuluh

Puji syukur konjuk dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun paring sih kadarmanipun. Sholawat
saha salam mugi tansah katetepna dhateng ngarsanipun kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW, sumrambah dhateng
garwa putra saha para sohabatipun, lan mugi-mugi safaatipun lumeber dhateng kula panjenengan sami. aamiin ya robbal
alamin.

Para sesepuh, pepundhen ingkang kinabekten, bapak-bapak, linangkung panjenenganipun Ibu Dukuh, pangarsa
LPMD, bapak ketua RT wonten ing Gatak ingkang kinurmatan. Sedaya kadang wiranem kakung miwah putri ingkang
kula tresnani.

Sakderengipun kula nyuwun pangapunten anggempil kamardikan panjenengan, awit kula piniji mratitisaken adicara
malem tirakatan ing dalu punika, saperlu amengeti dinten Kamardilan RI ingkang sampun jangkep kaping 77. Sak
derengipun kapurwakani keparenga kula badhe maosaken menggah urut reroncening adicara.

1. Ingkang angka sepisan pambuka


2. Ingkang angka Kaping kalih inggih menika menyanyikan lagu kebangsaan Indonesia raya, kasambet lagu hari
merdeka
3. Ingkang angka tiga atur pangandikan saking pangarsa LPMD
4. Ingkang angka sekawan sambutan bupati
5. Ingkang angka gangsal tahlil puji dzikir
6. Ingkang angka enem adicara kasigeg sawatawes
7. Ingkang angka pitu malam renungan kairing lagu nasional, syukur
8. Dene ingkang pungkasan panutup

Panjenenganipun sagung tamu ingkang kinurmatan, gegandhengan sampun dungkap titi-wanci, pramila adicara
malam tirakatan tumunten kapurwakani, kanthi adicara pambuka. Ingkang kanthi menika sumangga kapurwakani kanthi
waosan Basmalah. Sumangga kula derekaken, Bismillahirrohmanirrohim……

Matur nuwun, mugi mugi lumampahing adicara widada kalis ing sambikala

Dhateng ngarsanipun bapak-bapak lan sedaya kadang wiranem, wiwit purwa madya wasana adicara ing dalu
punika sampun lumampah kanthi rancak, ingkang kanthi menika adicara malam tirakatan mengeti dinten Kamardikan
Republik Indonesia ingkang kaping 77, tumunten kapungkasi kanthi waosan Hamdalah. Alhamdullillahirobilalamin……

Kula ingkang tinanggenah ndhereaken lampahing adicara mbokbilih pinanggih lepat, kula nyuwun lumunturing
sih samudra pangaksami

Wassalamualaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai