Anda di halaman 1dari 1

NAMA : WAKHID MAULANA A

NPM : 21.0305.0048
KELAS : 4B PGSD

LINK VIDEO : https://youtu.be/pWvBj39dCkk

Assalamualaikum Wr. WB.

Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.

Bapak, Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi.

Ugi mboten kesupen rencang-rencang ingkang kaula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Mahakwasa ingkang
kepareng paring rahmat lan hidayahipun sahingga kita sadaya taksih saged kempal ing acara
punika kanthi mboten wonten alangan setunggal punopo.

Sholawat saha salam senantiasa kita haturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad saw. ingkang kita tengga-tengga syafaatipun benjang ing dinten akhir, kanthi ucapan
"Allahhumma sholli ala syaidina muhammad wa ala ali syaidina Muhammad".

Kula jumeneng ten ngriki ajeng medaraken babagan Karesikan lingkungan. karesikan
lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. Kedah kita emut bilih lingkungan
inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, sahingga kita kedah nguri-nguri lingkungan
niki supaya dados pagesangan ingkang ayem, tentrem ugi sejahtera. Njagi karesikan lingkungan
punika salah sijining upaya ingkang utama kangge nyegah aneka penyakit.

Selaku kita warga sekolah, karesikan lingkungan saget kita tumrapaken ing lingkungan sekolah
ingkang kita tresnani puniko. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik kita ugi ingkang angsal
dampak positifipun inggih punika KBM dados aman lan nyaman.

Karesikan lingkungan sekolah saget ditindakaken kanthi cara buwang larahan/sampah ing
panggenan ingkang sampon disediaken, numindakaken piket kelas kanthi teratur.

Cekap Semanten atur kaula, mbok bilih wonten kekurangan ugi kekhilafanipun kaula nyuwun
agunging samudro pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai