Anda di halaman 1dari 2

TEKS IKALN

Meh saben dina kita menomi iklan sing nawarake barang utawa jasa saka pirang-pirang media
kayaha televise, radhio, internet,koran uga media liya. Kabeh mau kanthi ancas/tujuan supaya wong liya
tuku utawa nganggo barang uga jasa , mula kuwi teks iklan kudu nduweni struktur lan kaidah
kebahasaan sing bener.

A. PANGERTEN IKLAN UTAWA PARIWARA

Secara umum, iklan yaiku sawijining media komunikasi kanggo nglantarake informasi marang
masyarakat kanthi tujuan aweh pengaruh,promosi, ngelingake, mbujuk supaya masyarakat
nggunakake produk utawa jasa kasebut.

Iklan nduweni fungsi yaiku

1. Minangka persuasi (ngajak-ajak/ngarahake konsumen supaya nganggo/tuku barang utawa jasa


sing ditawarake)
2. Minangka informasi (nyampekake anane produk utawa jasa anyar)
3. Minangka reminder (ngelingake konsumen marang produk/jasa tartamtu supaya mesti
nggunakake produk /jasa kasebut)

B. STRUKTUR TEKS IKLAN


1. Irah-irahan/judul : Judul iklan ana dhuwur dhewe, bisa diisi kanthi jeneng merk produk/jasa sing
arep diiklanake.
2. Tubuh iklan : bagian iki isine teks inti saka iklan kasebut. Biasane isine tetembungan slogan.
3. Deskripsi/penjelas : bagian iki isine ukara-ukara panjelas utawa deskripsi saka produk/jasa sing
dipromosikake lan kepriye carane mikolehi produk/jasa kasebut.

C. KAIDAH KEBAHASAAN
Kaidah kebahasan teks iklan yaiku aturan bahasa sing digunakake sawijining teks iklan.
1. Nggunakake Slogan
Slogan yaiku tetembungan utawa ukara sing gawe kawigaten (menarik) lan gampang kanggo
dieling-eling masyarakat.
2. Kalimat Persuasif
Kalimat persuasif yaiku kalimat sing nduweni tujuan ngyakinake lan mbujuk wong liya supaya
nglakoni lan nampa gagasane panulis marang sawijining prakara.
3. Sudut Pandang Wong Kapisan
Teks iklan biasane nggunakake sudut pandang wong kapisan kanggo ngganti pihak utawa
instansi pemasang iklan.
D. SYARAT TEKS IKLAN
Saka segi isine :
1. Objektif lan jujur
2. Cekak, cetha lan gampang dipahami
3. Ora nyinggung pihak liya
4. Narik kawigaten wong akeh
Saka segi basane :
1. Migunakake diksi/pilihaning tembung sing pas, menarik,logis lan sopan
2. Ungkapan sing digunakake bisa narik lan nduweni daya sugesti marang khalayak
3. Basa sing kasusun nudhuhake informasi sing dipentingake
4. Teks iklan kudu jumbuh sasarane

E. TULADHA TEKS IKLAN

warung sarwa jahe

kopi jahe, susu jahe,


wedang jahe, ronde
Wangi jahene,
nikmat aromane
Imun kuat, awak sehat

Ora perlu metu-metu


Tetep ning omah wae
Bisa dipesen saka WA / SMS 0857 3000 2157
Siap ngeterke takan ngarep omah

Anda mungkin juga menyukai