Anda di halaman 1dari 12

Lembar Kerja Peserta Didik

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh


Kangge Kelas VII Fase D

Anis Dwi Astuti, S.Pd


Mahasiswa PPG Daljab UNY 2023
Identitas lkpd
Satuan Pendidikan : SMP Negeri 6 Magelang
Tahun Disusun : 2023
Fase / Kelas : D / VII
Alokasi Waktu ; 4 x 40 menit (2 x pertemuan)

CAPAIAN PEMBELAJARAN

Elemen Menyimak
Peserta didik mampu menganalisis dan mengevaluasi informasi
berupa gagasan, pikiran, perasaan, pandangan, arahan atau pesan
yang akurat dari teks sastra (misalnya: tembang macapat/ parikan/
wangsalan/ cangkriman/ dongeng/ monolog/ geguritan/ cerita pendek/
cerita rakyat/ cerita wayang epos Ramayana atau lainnya) dalam
bentuk audiovisual dan aural.

Elemen Membaca
Peserta didik mampu membaca teks sastra (tembang macapat/
parikan/ dongeng/ geguritan/ cerita pendek/ cerita rakyat/ cerita
wayang ekspos Ramayana/ lainnya) dari teks visual dan audio visual.

TUJUAN PEMBELAJARAN ALUR TUJUAN PEMBELAJARAN


Peserta didik dapat menelaah
Menelaah paugeran
paugeran tembang macapat
tembang macapat
Gambuh dengan tepat.
Peserta didik dapat memahami Gambuh.
arti kata-kata sulit dalam teks Memahami arti kata-kata
piwulang Serat Wulangreh sulit dalam teks Piwulang
Pupuh Gambuh. Serat Wulangreh Pupuh
Peserta didik dapat menelaah Gambuh.
teks piwulang Serat Wulangreh Menelaah teks Piwulang
Pupuh Gambuh dengan benar.
Serat Wulangreh Pupuh
Peserta didik mampu
Gambuh.
memberikan tanggapan atau
komentar mengenai isi nilai- Menanggapi isi teks
nilai luhur teks piwulang Serat Piwulang Serat Wulangreh
Wulangreh Pupuh Gambuh Pupuh Gambuh.
dengan baik.
Peta Konsep Pembelajaran

Paugeran
Pangertosan
Tembang

Serat
Wulangreh
Watak
Piwulang
Pupuh
Tembang
Luhur
Gambuh

Negesi
Parafrase Tembung
Angel
AKTIVITAS
PASINAON
Orientasi Peserta Didik Pada Masalah
Para siswa nyemak video ingkang dipunsetelaken dening guru utawi
saged ningali video wonten ing youtube kanthi klik link:
https://www.youtube.com/watch?v=AbJ1H9FPD8k

Anggenipun ningali video, para siswa ugi saged kaliyan maos cakepan
tembang ingkang dipunjangkepi kaliyan titi larasipun.

Tembang Gambuh
Laras Pelog Pathet Nem

Kangge ngukur kasiyapan para siswa saderengipun sinau Serat Wulangreh


Pupuh Gambuh, sumangga para siswa saged nggarap asesmen diagnostik
wonten ing https://magelang.geschool.net
Mengorganisasikan Peserta Didik untuk Belajar

Pitedah Pasinaon
Saderengipun para siswa nggarap tugas, kawaosa pitedah wonten ing
ngandhap punika!

1. Sumangga para siswa damel kelompok ingkang cacahipun 4 - 5


siswa.
2. Saben kelompok pikantuk setunggal pada tembang Gambuh
ingkang kapundhut saking Serat Wulangreh.
3. Salajengipun, para siswa gatosaken andharan anggenipun damel
gancaran tembang macapat utawi saged maos materi cara
gancaraken tembang macapat ingkang sampun
dipunsamektakaken wonten ing bahan ajar kanthi link:
https://anyflip.com/buapl/oohp/
4. Para siswa kapurih nyepakaken piranti ingkang badhe
dipunginakaken kangge damel mading "Gancaran Serat Wulangreh
Pupuh Gambuh".

Pambagenipun tugas gancaraken pada tembang Gambuh ingkang


wonten ing salebetipun Serat Wulangreh.

Kelompok 1 pada 2

Kelompok 2 Pada 3

Kelompok 3 Pada 4

Kelompok 4 Pada 5

Kelompok 5 Pada 6

Kelompok 6 Pada 7
SERAT WULANGREH
PUPUH GAMBUH

Pada 2

Aja nganti kabanjur,


baarang polah ingkang nora jujur,
yen kabanjur kojur sayekti tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.

Pada 3

Pitutur bener iku,


sayktine apantes tiniru,
nadyan metu saking wong sudra papeki,
lamun becik nggone muruk
iku pantes sira anggo

Pada 4

Ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pan esthi,
adiguna ula iku,
telu pisan mati sampyoh
Pada 5

Sikidang ambegipun,
angandelken kebat lumpatipun,
pan si gajah angendelaken gung inggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot

Pada 6

Iku umpamanipun,
aja ngandelaken sira iku,
suteng nata iya sapa kumawani,
iku ambeke wong digung,
ing wasana dadi asor

Pada 7

Adiguna puniku,
ngandelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipundheweki,
sapa bisa kaya ingsun,
togging prana nora enjoh
Mengorganisasikan Peserta Didik untuk Belajar
Pitedah Pasinaon

Sapunika para siswa badhe gladi damel gancaran Serat Wulangreh Pupuh Gambuh. Anggenipun damel
gancaran, para siswa saged nindakaken pitedah ingkang kaserat wonten ing ngandhap punika.
1. Ngudhari tembung wewaton baliswara.
2. Jarwakaken utawi negeri tembung-tembung Kawi.
3. Ngudhari tembung garba utawi tembung sandi.
4. Nglarasaken ukara supados boten dados ukara ingkang sarwa wagu.
5. Nyerat gancaran migunakaken ejaan ingkang dipunsampurnakaken.

Gladhen

Identitas Kelompok
Kelompok :

Nama Anggota :1
2
3
4
5

Sasampunipun para siswa pikantuk setunggal pada tembang Gambuh,


sumangga para siswa sesarengan kaliyan kelompokipun madosi tegesipun
tetembungan ingkang wonten ing salebetipun tembang!

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Pada ...

Tembung Angel Tembung Lingga Tegesipun Tembung


Mengembangkan dan Menyajikan Hasil Karya

Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Pada ...

Cakepan Tembang Tegesipun Saben Gatra

Sasampunipun para siswa negesi saben gatra Serat Wulangreh Pupuh Gambu,
para siswa kapurih nindakaken:
1. Damel/nyerat gancaran Serat Wulangreh Pupuh Gambuh.
2. Nemtokaken dudutan utawi wosipun Serat Wulangreh Pupuh Gambuh.
3. Asilipun pirembangan dipunserat wonten LKPD saha wonten ing kertas karton
ingkang sampun dipunsamektakaken saha dipuntempel wonten papan
4. Salajengipun, para siswa kapurih mlampah dhateng kelompok sanesipun
saperlu nyuwun pirsa asilipun garapan kelompok sanes.

Gancaran Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Pada ...

Gancaran Dudutan
Menganalisis dan Mengevaluasi Proses Pemecahan Masalah

Wonten ing perangan punika para siswa , para siswa kapurih:


1. Nggatosaken kelompok sanes anggenipun ngandharaken asilipun
pirembagan ngengingi gancaran Serat Wulangreh Pupuh Gambuh.
2. Para siswa atur pamrayogi ngengingi andharan asilipun pirembagan
ngengingi gancaran Serat Wulangreh Pupuh Gambuh.
3. Para siswa ngempalaken asilipun pirembagan ingkang dipunserat
wonten LKPD dhateng guru.

Sasampunipun para siswa sinau ngengingi


gancaran saha wosipun Serat Wulangreh
Puuh Gambuh, sumangga para siswa
nggarap sola wonten ing
https://magelang.geschool.net
Nama Kelas:

Lembar Refleksi
Dinten punika kula sinau

Sadangunipun sinau kula rumaos

Ingkang kula remeni saking Ingkang boten kula remeni saking


pasinaon punika: pasinaon dinten punika:

Miturut kula, pasinaon salajengipun langkung sae bilih:


Remedi saha Pengayaan

Remedi Pengayaan

Para siswa ingkang bijinipun kirang Wondene siswa ingkang pikantuk biji
saking 70, kapurih garap soal remedi langkung saking 70, kapurih madosi
wonten ing: piwulang-piwulang luhur ingkang
https://magelang.geschool.net wonten ing salebetipun tembang
Gambuh.

Kapustakan
Hadiningrat, Kanjeng Susuhunan Pakubuana IV. 1991. Serat
Wulangreh. Semarang: Dahara Prize.
Said, Dewi Pangestu. 2022. Sastra Klasik lan Modern. Surakarta:
Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi.
Tukijo, dkk. 2022. Mardika Basa lan Sastra Jawa Kelas VII.
Semarang: Erlangga.
Veronika, P., Setiawan, B., & Wardani, N. E. (2017). Implementasi
Pembelajaran Bahasa Jawa (Materi Tembang Dolanan)
Berbasis Pendidikan Karakter Religius Dalam Kurikulum
2013. El Harakah, 19(1), 53.

Anda mungkin juga menyukai