Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alaikum Warahmatullohi Wabarokatuh

ُ‫ َا َّما ب َ ْعد‬. َ ‫ َوعَىَل ٰاهِل ِ َوحَص ْ ِب ِه َامْج َ ِعنْي‬. َ ‫الساَل ُم عَىَل ااْل َنْ ِب َيا ِء َوالْ ُم ْر َس ِلنْي‬َّ ‫الصاَل ُة َو‬ َّ ‫ َو‬. َ ‫َالْ َح ْمدُ هّٰلِل ِ َر ِ ّب الْ َعال َ ِمنْي‬
. َ ‫هللا الْ َعيِل ِ ّ الْ َع ِظمْي‬
ِ ‫فَاَل َح ْو َل َواَل قُ َّو َة ِااَّل اِب‬
‫ َحرْض َ َة ْال َك َر َما ْء َوالْ ُفضَ اَل‬Poro Bapak Alim Ulama’ ingkang tansah kawulo hormati, Bapak Mubaligh ingkang
tansah kawulo hormati, ugi dumateng ibu-ibu pengaosan Mulimat Nahdlatul Ulama’ Rating Gondang baik
pengurus maupun anggota ingkang berbahagia.

Sepindah, sumonggo kito sareng-sareng muji syukur dumateng Allah SWT biqoulina alhamdulillahirobbil
‘alamin. Dene menopo, kito tansah pinaringan rohmat, taufiq serto hidayahipun. Sehinggo kito saget
bermuwajahah wonten meniko majlis kanti keadaan sehat wal'afiat.

Kaping kalihipun, sholawat serto salam biqoulina Allahhuma sholli 'ala sayyidina Muhammad, mugi
tetep katur kunjuk dumateng junjungan kito, Nabi Agung Muhammad SAW. Dene menopo, beliaulah Nabi
ingkang tansah maringi syafaat dumateng umatipun. Mugi-mugi kito sedoyo dipun akui sebagai umatipun,
ingkang akhiripun kito saget pikantuk syafaatipun, benjang wonten dinten kiamat. Amin... 3X Ya robbal
‘alamin.

Kaping tiganipun matursuwun sanget dumateng shohibul baith ingkang sampun kerso nyedia aken
panggenan kedamel rutinan wonten wekdal dalu meniko. Ugi matur suwun sanget dumateng poro rawuh
sedoyo, ingkang sampun angrawuhi jami'yah meniko. Mugi-mugi amal kekalih ipun dipun tampi dening
Allah SWT, dados amal ingkang manfaat, maslahah, fiddini waddun yaa khattal akhiroh.

Ibu-ibu poro rawuh sedoyo, ing mriki kawulo sebagai pembagi wekdal mboten matur ingkang katah,
anamung badhe mahosaken susunan acoro wonten wekdal dalu meniko :

 Sepindah pembukaan

 Kaping kalih waosan Yasin soho Tahlil / Tahlil soho Manaqib

 Kaping tigo pengaosan saking Bpk. Mubaligh

 Kaping sekawan penutup

Keranten wekdal sak antawis dalu, sumonggo acoro sepindah kito bikak sesarengan kanti waosan ummul
kitab. Mugi- mugi acoro mcniko saget barokah lan pikantuk ridho nipun Allah SWT. ‘Ala hadzihinniyah al
fatihah.

Kangge acoro selajengipun, inggih puniko waosan Yasin soho tahlil. Dumateng ibu ingkang ngimami,
kawulo aturaken.

Mekaten Kolowau, waosan Yasin soho tahlil sampun cekap, mugi estu saget manfaat dumateng kito sedoyo.
Amin… 3X

Kangge acoro selajengipun, inggih puniko pengaosan saking Bapak Mubaligh. Dumateng panjenenganipun,
Bapak ………………. kawulo sumanggaaken.

Mekaten kolowau, pengaosan saking Bapak …………………. sampun cekap, mugi-mugi kito sedoyo saget
ngamalaken punopo dawuhipun. Amin... 3X

Ibu-ibu poro rawuh sedoyo, kangge acoro ingkang terakhir inggih puniko penutup. Sumonggo sesarengan
acoro meniko kito tutup sesarengan kanti waosan hamdallah. ‫َالْ َح ْمدُ هَّلل ِ َر ِّب الْعالَ ِم َني‬
Lan kawulo ing mriki sebagai pembagi wekdal, mbok bilih wonten klentunipun matur, kawulo nyuwun
agungipun sih samudro pangaksami.
Wallahul muwaffiq ila aqwamit thariiq
Wassalamu'alaikum Warahmatullah Wabarokatuh.

Anda mungkin juga menyukai