Anda di halaman 1dari 9

Cerita "Keong Mas"

Pemeran :
1. Nadia (Narator)
2. Farrel (Raja Daha)
3. Natasyah (Candra Kirana)
4. Kinanti (Dewi Galuh)
5. Annas (Raden Benu/Inu)
6. Dhani (Raja Kahuripan)
7. Syafiul (Penyihir )
8. Putri (Mbok Rondo)
9. Rayhan (Pengawal 2)
10. Indra (Kakek Tua/Mbah Kung)
11. Noval (Pengawal Raden Inu)
12. Aufar (Pengawal 1)

Naskah

Nadia (Narator) Babak 1


Ing keraton Daha ana raja kang duweni asma Raja Daha lan duwe anak 2 kang ayu rupane,
putri Candrakirana lan Putri Galuh Ajeng. Putri Candrakirana yaiku putri kang ramah lan
ayu. Dheweke arep dinikahno karo pangeran saka keraton Kahuripan kang asma Raden Inu
Kertapati.

Farrel (Raja Daha)


Pengawal !!!

Aufar (Pengawal)
Siap tuan raja, wonten nopo panjenengan nyeluk kula

Reyhan (Pengawal)
Nggih Raja, wonten nopo?

Farrel (Raja Daha)


Celukno Candra karo Galuh konkon nang aku saiki

Aufar (Pengawal)
Siap tuan raja, kula celukaken Putri Candra
Reyhan (Pengawal)
Siap Raja, Kulo padosaken Putri Galuh

Nadia (Narator) Babak 1.1


Pengawal nyeluk Putri Candra Kirana dikonkon ngadep nang Raja Daha.

Aufar (Pengawal)
Putri Candra panjenengan diceluk tuan raja

Natasyah (Candra Kirana)


Wonten menapa romo?

Kinanti (Dewi Galuh)


Menapa rama inggih nimbali kula ?

Farrel (Raja Daha)


Iyo anakku, ana seng arep tak sampekno marang kowe kabeh. Sesuk raden Inu Kertapati saka
keraton Kahuripan arep teko mrene.

Kinanti (Dewi Galuh)


Lajeng wonten menopo romo ? Wonten hubunganipun menopo kaleh kulo lan mbakyu,
Romo
Farrel (Raja Daha)
Romo wes nggawe perjanjian karo romone, yen romo arep nikahno salah sijine saka anakku
karo Raden Inu Kertapati.

Kinanti (Dewi Galuh)


Sinten engkang badhe dipun nikahken kaleh Raden Inu, Romo ?

Farrel (Raja Daha)


Aku lan romone Raden Inu wes sepakat yen Raden Inu Kertapati arep dinikahno karo Candra
Kirana.

Natasyah (Candra Kirana)


Matur suwun sanget romo, kulo bungah banget, nggeh niki seng kulo impi-impi aken wiwit
tasik alit.

Farrel (Raja Daha)


Temen ta iku ? yen ngunu pancen ora salah milih awakmu kanggo calon bojone Raden Inu.
Ayo nggek ndang disipano kanggo nyambut tekane Raden Inu

Nadia (Narator) Babak 1.1


Candra Kirana lan romone ninggalno ruangan karo perasaan bungah. Ananging Galuh Ajeng
nduweni roso liyo, yaiku mangkel lan kuciwo.
Kinanti (Dewi Galuh)
Aku ora setuju karo pernikahan iki. Opo’o koq Candra Kirana sing dipilih, koq duduk aku ?
padahal aku jelas luwih ayu. Iki ora adil, saiki opo seng mesti tak lakoni ? Aha…

Nadia (Narator) Babak 2


Galuh Ajeng kang duweni niat ala marang Candra Kirana cepet-cepet budal nang alas.

Kinanti (Dewi Galuh


Kula nuwun, sopo wonten tiang teng mriki ?

Syafiul (Penyihir)
Oh nggeh, monggo mlebet cah ayu, mreneo

Kinanti (Dewi Galuh)


Nggeh

Syafiul (Penyihir)
Awakmu pingin aku nglakoni opo ?

Kinanti (Dewi Galuh


Kula pingin pernikahan Candra Kirana kaleh Raden Inu Kertapati diwurungaken.

Syafiul (Penyihir)
Aku ngerti maksudmu. Terus kowe pingin Candra Kirana tak apakno ?

Kinanti (Dewi Galuh


Sedanten kula serahaken sampean, seng jelas kula pingin Candra Kirana susah.

Syafiul (Penyihir)
Yo wes, aku bakal ngutuk Candra Kirana, sehinggo deweke ora iso nikah ambek Raden Inu.

Kinanti (Dewi Galuh


Matur suwun nggeh, niki dene mengko yen kutukane pon hasil kulo tambahi seng katah.

Syafiul (Penyihir)
Wes saiki aku tak nyepakno kutukan kanggo deweke. Ha...ha...haa...

Nadia (Narator) Babak 3


Sawise njaluk tulung nang penyihir. Galuh Ajeng mulih menyang keraton, kepingin ketemu
romone.

Kinanti (Dewi Galuh


Romo..........romo....romo wonten pundi ? Wonten ingkang badhe kula aturaken.

Farrel (Raja Daha)


Ono opo ankku ?
Kinanti (Dewi Galuh)
Niki masalah Candra Kirana romo....

Farrel (Raja Daha)


Ono opo ambek Candra Kirana ?

Kinanti (Dewi Galuh)


Niki kula nemokaken layang kang ditulis kaleh Candra teng kamare kangge pengawal.

Farrel (Raja Daha)


Opo ? !!! dasar bocah nakal, wes arep dinikahno koq malah hubungan karo pengawal, kurang
ajar iku !!! Kirana...............kirana..............

Natasyah (Candra Kirana)


Wonten menopo romo ?

Farrel (Raja Daha)


Iki wocoen !!! kok wani awakmu.

Natasyah (Candra Kirana)


Niki fitnah romo. Kula mboten nate nglampahi niki, saestu romo. (sujud nang sikile romone)

Farrel (Raja Daha)


wes, Kirana. Metuo awakmu saka kene..metu karo pengawal kurang ajar iku !!!

Natasyah (Candra Kirana)


Namung romo (mohon-mohon)

Farrel (Raja Daha)


Metu..........!!!

Nadia (Narator) Babak 4


Candra Kirana atine sedih banget lan deweke terus lungo ninggalno keraton. Deweke lungo
menyang pantai, lan ing pantai ketemu penyihir.

Syafiul (Penyihir)
Hahaha.......hee Candra Kirana yo opo kabarmu nak ?.....
Ketoke awakmu sedih banget..ha...ha..ha....

Natasyah (Candra Kirana)


Sinten sampean ? Nopo’o wajah sampean kok olo sanget ?...

Syafiul (Penyihir)
Menengo !!! Aku mrene kanggo ngutuk awakmu. Dulur macem opo dulurmu iku kok
kepingin aku ngutuk awakmu. Awakmu eroh ta deweke ora setuju ambek pernikahanmu..?
ha....ha...ha.....

Natasyah (Candra Kirana)


Opo ? Galuh ajeng arep ngutuk aku !

Syafiul (Penyihir)
Yo iyo dasar wong wadon pekok, rasakno iki !!!! ha..ha...ha...

Natasya (Candra Kirana)


Aaaaaa....................................!!!!!!

Syafiul (Penyihir)
Ha...ha...ha...... Awakmu dadi menungsa yen awan, nanging yen bengi mbalek dadi keong
maneh. Kutukan iki bakal ilang yen awakmu ketemu Raden Inu lan deweke gelem ngambung
kowe rupo keong..ha....ha...ha...

Nadia (Narator) Babak 5


Candra kirana wes dikutuk dadi keong mas lan gemletak nang pantai desa Dadapan. Salah
sawijine dino ono wong wadon kang lagi golek iwak ing pantai. Deweke nemokno keong
mas iku, terus digowo moleh.

Putri (Mbok Rondo)


Oh.....keong kang apik aku arep nggowo keong iki moleh.

Nadia (Narator) Babak 5.1


Sak tekane ing Omah, mbok rondo nyimpen keong mas ing wadah banjur deweke ngaso,
lungguh ing kursi lan keturon.

Natasyah (Keong/Candra Kirana)


Lho lalopo aku kok iso enek kene ? Oh iyo mau lak enek mbah sing nggowo aku. Saknoe rek
mbah iki durung mangan.

Nadia (Naratot) Babak 5.2


Ujug-ujug keong mas berubah dadi menungsa maneh. Candra kirana masak nang pawon
kanggo mbok rondo. Panganan ditoto rapi nang nduwur mejo. Ujug-ujug mbok rondo tangi
lan kaget ana putri.

Putri (Mbok Rondo)


Ha...sopo awakmu ? (Kaget )

Natasyah (Candra Kirana)


Kulo Candra Kirana

Putri (Mbok Rondo)


Opo ? Candra Kirana ? sing temen ?
Natasyah (Candra Kirana)
Inggih, kulo Candra Kirana Putri Raja Daha.

Putri (Mbok Rondo)


Yen ngunu lha opo wakmu kok iso ono kene ?

Natasyah (Candra Kirana)


Panjejengan sing mbeto kulo mriki, kulo niki keong sing jenengan tumokaken kolo wau...

Putri (Mbok Rondo)


Opo ? keong ? lho kok iso kowe dadi keong ?

Natasyah (Candra Kirana)


Kula dikutuk penyihir mbah. Dikengken dulur kula (anangis )

Putri (Mbok Rondo)


Sakno temen awakmu ndok. Dolor macem opo iku kok tego. Yo wes sementara wakmu
manggon kene

Natasyah (Candra Kirana)


Matur suwun mbah

Nadia (Narator) Babak 6


Sementara iku ing keraton Kahuripan, Raden Inu Kertapati krungu kabar soal Candra Kirana
deweke nyuwun restu romone lan ibune kanggo ndoleki Candra Kirana.

Annas (Raden Inu)


Romo kulo nyuwun restu badhe madosi Candra Kirana.

Dhani (Raja Kahuripan)


Yo anakku budalo mugo-mugo Candra Kirana ndang moleh..

Annas (Raden Inu)


Inggih romo... (salam nang romo lan ibune )

Nadia (Narator) Babak 6.1


Sawise iku Raden Inu ninggalake keraton Kahuripan deweke ngunem ing jero ati

Annas (Raden Inu)


Ora mungkin Candra Kirana nglakoni kabeh iki, deweke mesti ono seng mitnah. Aku
kudunggolek weruh sopo wong iku.

Nadia (Narator) Babak 7


Raden Inu budal menyang keraton Daha karo salah siji pengawale nanging thuthuk panggone
lan arep marani raja, deweke dicegat Galuh ajeng.
Noval (Pengawal Raden Inu)
Hormat ratu, Raden Inu arep ketemu Raja

Kinanti (Dewi Galuh


Raden wonten menopo mriki ?

Annas (Raden Inu)


Aku arep marani raja

Kinanti (Dewi Galuh


Aku ngerti..raden arep takok Candra Kirana

Annas (Raden Inu)


Minggiro

Kinanti (Dewi Galuh


Candra Kirana wes adoh. Ora mungkin mbalek, aku wis ngongkon tukang sihir supaya
nguthuk Candra Kirana lan aku seneng karo awakmu raden....aku yo nggae crito yen Candra
kirana lan pengawal ana hubungan asmara..

Annas (Raden Inu)


Opo ? awakmu sing nglakoni iku kabeh. Tegone awakmu karo deweke...

Kinanti (Dewi Galuh


Yo..iku kabeh mergo aku tresno awakmu....

Annas (Raden Inu)


Saiki neng ndi Candra Kirana ?

Kinanti (Dewi Galuh


Deweke wes adoh..ora bakal ketemu ......Karo aku wae

Nadia (Narator) Babak 8


Raden Inu ngaleh ninggalno kraton Daha. Sawise iku Raden Inu ngemboro ngoleki Candra
Kirana, sampek deweke mlebu nang salah sawijine deso yaiku deso Dadapan. nang
perjalanan Raden Inu ketemu mbah kung sing keluwen, Raden Inu ngekeki panganan nang
mbah kung iku. nyatane mbah kung iku wong sakti apikan sing gelem nulungi Raden Inu
tekan penyihir. sawise iku Raden Inu dipesani mbah kung ben melbu nang Deso Dadapan.

Indra (Mbah Kung)


Tolong le, wis pirang dina durung mangan

Annas (Raden Inu)


Niki mbah wonten panganan sitik
Indra (Mbah Kung)
Le awakmu arep ndoleki wong ta?

Annas (Raden Inu)


Nggeh mbah sampeyan kok ngertos?

Indra (Mbah Kung)


melaku o melok kali iki le, awakmu enkok ketemu desa cilik

Annas (Raden Inu)


Matur suwun mbah

Nadia (Narator) Babak 8.1


Ws melaku pirang – pirang dina Raden inu sampek nang desa Dadapan. Raden Inu marani
gubuk sing didelok, arep njaluk ngombe polane persediaan panganan e kosong. Sakwise nang
gubuk iku Raden Inu kaget, amerga ketemu karo Candra Kirana. sak marine iku sihir sing
nang awak e Candra Kirana ilang lan lenyap.

Annas (Raden Inu)


Iku gubuk ya, akhir e isok istirahat. ….kula nuwun……, wonten panganan sekedik nggih

Natasyah (Candra Kirana)


Sekedap,,,,!

Annas (Raden Inu)


Loh iki Kirana kan ?

Natasyah (Candra Kirana)


Raden Inu (kaget)….. Kok iso sampek meriki?

Annas (Raden Inu)


Ceritane dowo Kirana, aku wes ndolek I awamu pirang pirang dina. Wes saiki ayo balek
ayahmu uwis ngenteni

Natasyah (Candra Kirana)


Matur suwun Raden Inu uwis nyelametno aku

Putri (Mbok Rondo)


Sopo iku Kirana?

Natasyah (Candra Kirana)


Raden Inu mbok sing kula ceritaaken,niat e kula arep pamit Mbok

Putri (Mbok Rondo)


Iyo Kirana mbalik o pasti keluargamu ndolek I, Mbok tetep nang kene wae
Annas (Raden Inu)
Ngene wae, Mbok Rondo melu awakdewe nang istana lan urip bareng

Nadia (Narator) Babak 8.2


Akhire Raden Inu karo Candra Kirana lan Mbok Rondo budhal nang istana, sakwise iku
Candra Kirana nyeritakno kelakuan e Dewi Galuh nang Raja Daha, maringunu Dewi Galuh
dewek e kenek hukuman. Maringunu pernikahane Candra Kirana karo Raden Inu akhir e
mulai lan dewek e urip saklawase.

Anda mungkin juga menyukai